ANCALA JARWA
Anggitanipun Pujangganom
ing Surakarta
Raden Supardi
Raden Supardi

………. M I J I L ……….
01. Wijiling kang bebuka ginurit, rinipta
ing criyos, yekti among minongko rerangken, kang ngrangkeni denyarsa anggupit,
pinrih amantesi, sinawung ing kidung.
02. Dedalale anggubah paredin, ya gunungan
kayon, kawiwitan ing mula bukane, ananging kang ringgit purwa nguni, manut
etang neki, duk ing surya taun.
03. Wolung atus lan sawidak siji,
sangkalane kamot, rupi wayang pinetang luhuru, kanti gambar munggweng rontal
becik, sing arcaning candi, mongka babonipun.
04. De kang nganggit juga Narapati,
Jayabaya kalok, ing Mamenang kang mongka prajane, lan nalika maju warsa rawi,
juga-juga tuwin, catur ponca wau.
05. Gambar ringgit wiwit den gameli,
dening gongsa slendro, sinulukan kanti tembang gede, aneng kotak wayang den
wadahi, kotak kayu jati, kandaga ranipun.
06. De kang nganggit lan asring
angringgit, yeku prabu katong, Suryahamisesa peparabe, duk nemipun nami Raden
Panji, Kasatriyan wasis, praja Jenggala gung.
07. Sareng taun sewu satus tuwin, swidak
nem dumados, gambar wayang kajujud dedege, panggambare mung-gweng dlancang
Jawi, dening Sribupati, Suryahamiluhur.
08. Pajajaran prajaning Sang Aji, akirira
gantos, Sang Maesatandreman asmane, ing nalika taun sewu kalih, atus wolung
desi, wewah ekan catur.
09. Gambar ringgit munggweng dlancang
keni, ginulung lir semprong, lamun ngringgit kagelar jinereng, marma ringgit
beber den wastani, kanggo ngruwat becik, wong ketaman ing dur.
10. Tabuhane rebab wus mantesi, ngrenggani
cariyos, dene dlancang pinatok adege, dening kayu kinarya nyagaki, aneng kanan
kering, gumlar ngadeg bakuh.
11. Ingkang nganggit Ratu Majapait, Sri
Bratana kalok, Raden Jaka Sesuruh timure, gegambaran wujuding kang ringgit,
sing dlancang ginanti, neng wacucal mungguh.
12. Pulas ireng lan kadapur miring, durung
katatah plong, taksih tetep irasan tangane, pra danawa sinung mripat kalih,
dene sanesneki, mripat tunggal patut.
13. Kabeh iku kang mbakoni nganggit, Raden
Patah kaot, Sunan Giri muwuhi cacahe, kanti ketek kang amripat kali, Sunan
Benang ugi, tumut urun wuwuh.
14. Jaran gajah prampogan paredin, Sri
Sultan kapindo, amuwuhi wayang pamanggunge, Sunan Kalijaga anambahi, kelir
blencong tuwin, gadebog puniku.
15. Tinengeran ing tauning sasi,
sangkalane kamot, wignya karya martani tunggale, etanging kang warsa sewu
luwih, kawan atus tuwin, patang puluh telu.
16. Wayang kulit wiwit den tatahi, mripat
kuping bolong, uga lesan nalika taune, manut condra ongka sewu luwih, kawan
atus tuwin, pitung dasa pitu.
17. Kang ngadani Sultan Demak matri, duk
nalika anom, Raden Tranggana wau asmane, panganggone wiwit den tambahi, gelang
anting-anting, kalung kelat-bau.
18. Mawa cawet rambut gelung tuwin, jamang
miwah kroncong, ana maneh kang rambut kaore, pakem uga kinarya muwuhi, mring
watoning ringgit, dening Ratu Runggul.
19. Saking Giri nalika makili, Sultan
Demak dados, gon-anggone kaprada mrih sae, kidang kancana namaning ringgit, duk
ing sasi, sewu kawan atus.
20. Tuwin pitung dasa wolu nguni, dene
wayang gedog, Sunan Giri iku penganggite, kanti gongsa pelok angrenggani, mawa
den suluki, mijil nyang megatruh.
21. Garjitawatang mongka nyuluki,
lelakoning gedog, an manggala gita apa dene, duk samana nuju taun sasi, juga
catur asti, ponca jangkepipun.
22. Ringgit purwa miwah gedog sami,
katatah cumromplong, kanti wangun gayaman arane, gen-anggening ringgit purwa
ugi, taksih den tambahi, dening clana kampuh.
23. Ingkang estri ugi den wewahi, ing
rambut ginendong, alu-gora tambahing gamane, uga gada lawan bindi nanging,
tanganira taksih, irasan lestantun.
24. Kang kadyeku jroning condra warsi,
angkanya kacriyos, eka ponca das ponca jangkepe, de wiwite ana wayang klitik,
iku pan sayekti, yasan Sunan Kudus.
25. Ing nalika taun condra nguri,
sinangkalan cocog, kayu sirna tinata rupane, dene topeng wiwite kaanggit,
dening Sunan Kali, ing nalika taun.
26. Sewu gangsal atus wolu tuwin, topeng
katon abyor, wit mung abang lan ireng ecete, miwah dereng prasamya kaukir,
cacah sangang iji, neng rupa pinetung.
27. Panji Kasatriyan Gunungsari, Klana
miwah raton, Condrakirana Andaga Bence, ugi Temben limrah den wastani, danawa
njangkepi, Turas kanan Pentul.
28. Kang kaajar nopeng dalang kalih, asli
saking dukoh, Palar bawah Sala ran-arane, Widiguna Widiyana tuwin, topeng
akirneki, den tambah rong-puluh.
29. Yeku Wirun patihan kekalih, Kartala
Panjinom, Sinjanglaga punggawan Klananem, Brajanata parekan kekalih, Sang Ragil
Kuning, miwah Sembunglangu.
30. Myang danawa emban Tatag tuwin, emban
Gimeng Togog, emban Wilajomba sangalase, emban Wilacrema anjangkepi, kalih dasa
iji, duk jaman Mataram.
31. Wiwit topeng-topeng wau sami, kaprada
mancorong, nging uga durung kaukir kabeh, dening ki dalang Anjangmas nuli,
cacahing kang ringgit, purwa sinung wuwuh.
32. Kanti bebujenganing wanadri, dening
sang kinaot, Panembahan Senopati biyen, kanti sangkalan memet mantesi, wus
awujud dadi, Sang Batara Guru.
33. Sang Hyang Guru manawa winardi, estu
mawa raos, dewa dadi angecis bumine, warsa sewu gangsal atus taksih, tambah
kawan desi, juga angkanipun.
34. bau lengening kang ringgit wiwit,
kasopak pinedot, tambah panah keris gegamane, dening Sang Prabu Anyakrawati,
Sinuwun seda ing, krapyak kalokipun.
35. Duk ing wau kanti den tengeri, mawa
wujud dados, buta Cakil kang ngandut artine, tangan yaksa tataning sujanmi,
angkanya kawilis, leres condra taun.
36. Sewu gangsal atus seket kalih, ewadene
popog, Sang Hyang Guru irasan tangane, paksa panggah tumapak ing siti, tamat
tembang mijil, sinome sumambung.
………. S I N O M ……….
01. Nalika ing condra warsa, sewu gangsal
atus tuwin, sawidak tiga ringgit purwa, cacahe dipun wewahi, danawa rambut
geni, dening Sinuwun sultan Agung, kanti condra sangkala, memet ungelnya
winardi, urubing kang wayang gumuling bantala.
02. Ing sajroning condra warsa, sewu
gangsal atus tuwin, pitung dasa wolu nulya, ringgit purwawewah malih, Hyang
Guru angenciki, lembu andani puniku, dening Sinuwun Mangkurat, kapisan dipun
sangkali, estining kang pandita marganing dewa.
03. Para dewa arasukan, miwah asepatu
nanging, Hyang Guru Batari Durga, tetep datan nganggo klambi, mawa sepatu
nanging, pandita tanpa sepatu, amung manawa rasukan, dene pasitening ringgit,
lamun kresna tonda darbeking Narendra.
04. Wayang kang alemah abang, darbeking
kawula alit, para dalang linarangan, datan kenging lamun kardi, Arjuna sepuh
kanti, wonda jimat kanyut mangu, pramila nuli karya, Arjuna wonda kinanti,
pepiridang saking wonda tetiga.
05. Dening Sinuwun Mangkurat, kaping kalih
ugi, kaloka Mangkurat Amral, kawewahan amujudi, danawa Endog ugi, limrah kasbut
wil Galiyuk, yeku condra sangkala, marga sirna wayanganing, janma taun sewu lan
nem atus gangsal.
06. Sinuwun Mangkurat Emas, mewahi Durga
Batari, ngasta lelayu punika, sangkala memet mujudi, rupaning kang nyepengi,
banderaning dewa iku, sajroning condra warsa, sewu lan nem atus tuwin, slikur
nuli Sinuwun Paku Buwana.
07. Kapisan kesbut Pangeran, Puger amewahi
malih, kenya wandu wujudira, sangkala memet mantesi, wil nembah wayanganing,
satriya utawi taun, sewu nem atus lawan, slangkung tuwin Sri Bupati, Paku
Buwana kang kadwi sung tambahan.
08. Buta Terong wujudira, ngemu
sangkalaning warsi, buta lima mongsa janma, angkaning taun mbeneri, sewu nem
atus tuwin, seket gangsal lajengipun, Sinuwun Paku Buwana, kaping pat kang
kalok ugi, Sinuwun Bagus nalika ing condra warsa.
09. Sewy pitung atus lawan, slikur dawuh
angayahi, yasa ringgit purwa nama, Kyai Kadung babon saking, Kyai Kanyut
sekedik, kajujud ing dedegipun, dene kang dinawuhan, abdi dalem dalang nami, Ki
Sadongsa asli saking dusun Palar.
10. Wayang gedog Kyai Dewa, Katong ugi,
yasaneki, Sinuwun Bagus duk ing warsa, sewu pitung atus tuwin, kawanlikur
kapirid, saking baku baonipun, yasan Giri kalawan, para dalang den wiwiti,
kaprenata manawa nuju andalang.
11. Aneng sajroning kadatyan, tan mawa
talu rumiyin, terus jejer lamun mayang, aneng sajawining puri, kedah talu
rumiyin, lajeng jejer wiwitipun, malah lumrahing desa, dadak nganggo den
pucuki, banjur talu nembe jejering adegan.
12. Cacahing ringgit purwa, kang aneng
kraton nagari, Surakarta Adiningrat, kari para Kyai Kyai, Jimat lan Kanyut
tuwin, Mangu miwah Kyai Kadung, de kang kanggo padinan, rama Pramukanya
ngawikani, marang wujud citraning kang ringgit purwa.
13. Kumbakarna mawa wonda, macan mawa
mripat kalih, mendung amripat satunggal, wonda barong mripat kalih, Rawana
wonda bugis, kanti kalih mripatipun, belis mripat satunggal, dene Boma
wandaneki, alus, alus gusen Duryudana wandanira.
14. Jaka jangkung Baladewa, mawa wonda
geger tuwin, awonda kaget sembada, miwah paripaksa nanging, Kakrasana winarni,
mawa wonda kilatipun, uga wonda sembada, dene wandanya Setyaki, mimis kakik
miwah awonda wisunan.
15. Somba amung mawa wonda, sembada banjet
myang buntit, Kresna wonda gendreh krena, rondon mangu bedru nanging, Narayana
winarni, mawa wonda geblagipun, uga wanda sembada, Abimayu rangkung buntit,
para bamabang pada sih miling wandanya.
16. Bima iku wandanira, lindu ponan
lintang tuwien, wonda mimis miwah gurnat, Gatutkaca wandaneki, kilat kalawan
tatit, wonda gelap miwah guntur, Yudistira awonda, panukma lan putut tuwin,
Dananjaya wonda kadung mangu jimat.
17. Uga wonda pramukanya, kanyut kinanti
malat sih, Premadi amawa wonda, pangawe miwah pangasih, uga wonda kinanti, Banowati
wandanipun, berok goleng kalawan, Sumbadra wandanireki, lanceng miwah rangkung
akirira.
18. Dene Srikandi, goleng patrem
wandaneki, Batara Guru awonda, krena miwah arca tuwin, Semar kang mawa kanti,
Bagong wonda brebes mendung, nanging Semar kang mawa, Petruk Gareng wandaneki,
ginuk dukun kalamun Bagong wandanya.
19. Gilut uga gembor miwah, wonda ngengkel
lawan roti, dene Petruk wandanira, jamblang jlegong mesem tuwin,
wandaningtopeng sami, Klana sepuh gusen alus, dene Klana nem jaka, lan jangkung
wandanireki, dene Panji sepuh pan mangu wandanya.
20. Kalamun Panji taruna, mung pangawe
wandaneki, de Gunungsari awonda, banjet kalangkung respati, wandanya Ragil
kuning, lanceng Codrakironeki, amung lentreng wandanya, Kumudaningrat winarni,
wonda goleng tregal-tregal solahira.
21. Telas panjerenging wonda, miturut srat
Pustakaji, minongka purwakanira, nihan gantya kang winarni, nenggih gunungan
ringgit, rigen panggustine gatuk, tuk-tukane pan katah, matuke den otak-atik,
tukuling tyas tumanduk mardikeng krida.
………. DANDANGGULA ……….
01. Dandanggendis manis butrawali, luwih
nyetek lumengketing cetak, ceta eca rasane, tikta atuntung langu, nglandeng
maranggrana nanduki, kenceng angancing waja, gurungira minggkup, yen pineksa
cinecepa, nora wurung belaeran ngolang-ngaling, mumet amutah-mutah.
02. Gatining kang tan tahan pepait,
kipa-kipa kepati tan suka, katemah agebres-gebres, malengos mites irung,
sanggyaning kang pra maos sami, miyat gubahan ingkang, banger langu prengus,
boya tan oncat sanmendang, raosing rasa sanepakna butrawali, jrongrap soring
paitnya.
03. Puruning kang tuna pangreti, tida-tida
tan wruh tateng basa, kuma lancang paksa ngronce, kumecer nging tan pecus,
ngyut cipta mangulir budi, ndupara kawidadan, pandadaring kayun, yekti mung
dadya geguywan, muda punggung ugungan kirang dedugi, dinayan cublukira.
04. Parlu dahad paminteng penganggit, pra
nupiksa dipun tyas samodra, angluberken aksamane, dateng pun muda punggung, de
kang ayun rinipteng tulis, tapak tilasing kuna, nenggih yasanipun, Sunan Benang
jaman Demak, kang winangun kayon tumrapireng ringgit, suraseng kang gunungan.
05. Denya manjer anjejer ing kelir, aneng
tengah antareng sipingan, kanan tan api keringe, ngajeng balencong mungguh,
nanging yekti tan yun anggusti, ananing padalangan, lan lelakonipun, tuwin
sapituturira, amung metik pepetaning kang den anggit, rasaning bab gunungan.
06. Ningkasake sinawung wigati, pasemoning
kang samya sinamar, ing sajroning gunungan, aneng kono kecakup, nitik saking
gambaraneki, pangrakiting pepetan, konta gatranipun, winangun mawarna-warna,
ananangi raseng tyas pangotak-atik, de matuking pepetan.
07. Tamtu wonten katranganireki, bab
gunungan kayon wayang purwa, yen ing nguni iyasane, Sunan Benang pinunjul,
amuwuhi ananing ringgit, purwa mangka sangkalan, memet ungelipun, geni dadi
sucining rat, yeku taun condra angkanya ngleresi, pinanggih etangira.
08. Nuju sewu kawan atus tuwis, kawan dasa
tiga prapteng mangkya, durung ana wedaran, narbuka wardinipun, nganti prapteng
mangkin pan maksih, peteng dedet limengan, rinubut pepedut, pedot tan antuk
wewengan, wenganing kang wardaya derarsa nganggit, ginaning kang himawan.
09. Bahnining kang karedeging kapti, yen
nitiha sakehing carita, tan jajah mring srat wacane, yun sinangkang sing
kawruh, durung weruh warahing ngilmi, pama metani babad, kabotan tyas ribut,
kagubeding kabutuhan, wantunira muda punggung sru kapengin, mulad pra nawung
krida.
10. Ginagasa tangeh angenani, pinda mbedag
kang tanpa sanjata, mokal kelakon karepe, kerot datanpa untu, temah pantog
puntoning ati, tita tantuk sarana, enering penggayuh, ingkang yogya linaksanan,
nawung gito mung waton pangotak-atik, nganti kepeksa nyerat.
11. Nunggal kayun tok-tele den angit,
nadyan gabug ginuyweng ngakatah, begja yen mung sinaruwe, wosing pangiketipun,
pepatokan pangreti cilik, calak mring bab gunungan, mirid kanggenipun,
kalampahing padalangan, miwah mirid saking pepetanireki, gumantung gatranira.
12. Wruh kang carita pan wujuding ardi,
ing jro meksi gambar rupa-rupa, awig ngrawit pakartyane, pinrada sungging
mungguh, weh sengseme para mriksani, ngisor tengah pineta, gapureng kedatung,
payoning pura sinartan, ing lar panjang neng kanan kering respati, kawarneng
kang wiwara.
13. Pang ingapit gupala kekalih, ngemba
Cingkarabalaupata, sikep pedang lan tamenge, lungguh ajengkeng mungguh, aneng
tludag sarwa mantesi, sangingiling gapura, pineteng wreksa gung njenggarang
pinulet sarpa, pan sembada rinenggweng pang tiga sisih, ambapang ngering
nganan.
14. Antaraning pang ngandap pribadi, madya
sinung mukaning kemamang, mrengenges maweh semune, de ngandaping pangipun,
kanan sinung banteng mantesi, kering sardula kroda, jeng-ajengan patut, istane
lir poncakara, weneh sinung gambar blegdaba kekalih, ugi ayun-ayunan.
15. Sangisoring pang kang ongka kalih, isi
keték metangkrong nggedangkrang, sisihan lawan lutungé, asung srining pandulu,
saselaning kang paksi-paksi, soring pang ongka tiga, katon manuk cohung,
angajengken satawana, de kang pucuk pineta kuduping sari, antaraning puspita.
16. Saselaning pra kukila paksi, buron
wana sanggyaning pinatra, tinrancang seling srunine, dedompol kinumpulan,
pinantesing parada sungging, kuning bang biru seta, cinawi sinawut, deleg dalah
panging gurda, pinrada byur dinulu amabalerengi, weh sangseming paningal.
17. Lumprahira kayon wayang kulit, kang
pinrada simungging wewarnan, datan trus jaba jerone, amung sasisih mungguh,
suwalike pinulas abrit, mawa lat-ulat kresna, petan agni murub, manut ananing
carita, lamun kanggo jejer adegan narpati, kayon mongka kadatyan.
18. De yen kanggo crita narapati, sedeng
kondur arsa ngenya pura, kayon mongka gapurane, dene manawa nuju, anyritaken
srining wedari, ingkang kinarya taman, ya gununganipun, lamun ngocapaken wana,
uga kayon kang kinarya wana werit, lamun pocapan arga.
19. Himawaning kang kinarya giri, de
manawa nyritaken samodra, ancala kang minangko we, krodaning jaladri gung,
lamun nuju ngocapken angin, prahara gara-gara, bajra sindung riwut, nora liya
mung aldaka, pinolahken mobat-mabit aneng kelir, yen pocapan dahana.
20. Kroda murub yayah mbrasta bumi, kang
minongka latu ya gunungan, winalik abang sungginge, nadyan ginawe guntur,
guntur wedang lan guntur geni, tuwin guntur wisesa, gelap ngampar gludug,
bola-bali mung gunungan, nadyan swarga loka lan kawah yumani, nora liya
gunungan.
21. Kang kinarya padaning pangringgit,
kayata yen arsa salin konda, seje praja upamane, lan salin alamipun, gunungane
sumelang kelir, lan wiwit tata wayang, sadurunge talu, lan yen bubar byar
raina, kang pinanjer aneng satengahing kelir, mestine mung gunungan.
22. Duk gunungan pinasang neng kelir,
kalanira kekayon kinarya, panyigeging caritane, gantos pocapanipun, salin konda
seje negari, pamasanging gunungan, doyong adegipun, beda lawan duk kawitan,
sadurunge jejer lan wanci byar enjing, tancep kayon bubaran.
23. Tumanceping gununganireki, ngadeg
jejeg jinejer neng tengah, dadya gunungan adege, ingkang jejeg puniku,
katrangane mung kaping kalih, kawitan lan pungkasan, de kang wungsal-wangsul,
mongka padaning carita, tumanceping gunungan ginawe miring, mangkono lumrahira.
24. Mula dadi sekar lati, pasemone kang
nonton wayang, gone teka wiwit sore, mbarengi lagi talu, nuli turu nglipus
sawengi, nglilire wus bubaran, dadi nora weruh, duk ratri lakone apa, weruhe
mung sore incip esuk lincip, saksat kanti gunungan.
………. K I N A N T I ……….
01. Kencenging tyas tanpa kancuh,
kacipuhan paksa ngincih, kemecer nging tak truwaca, wigatine kang kinunci,
citraning kang neka warna, jroning gununganing ringgit.
02. Anggitaning pra linangkung, kongas
tumekeng samangkin, durung ana kang anggubah, bakune ingkang sinandi, dene
wigati ginita, goteking kang pra winasis.
03. Mokal yen tan mawa parlu, lukita
anggitan ringgit, rigening kang nawung krida, ndudahi kaanan ringgit, kanggo
pangglaring krawitan, winor lelakoning ringgit.
04. Kang supadya datan pugut, mongka
sudarsaneng wuri, lstari tumekeng mangkya, sumiyar sanuswa Jawi, winatareng
laminira, sewu taun para luwih.
05. Wiwiting ringgit maujud, sinangkalan
taun rawi, rupaning wayang pineta, nadyan kalangenan kuni, ewadene durung
kemba, pan maksih kauri-uri.
06. Rarase kawuryan terus, weweh winantu
mrih luwih, saya weh sengseming driya, nihan kang arsa jinarwi, pepetan jroning
ancala, nanging panlusurireki.
07. Amung sakaconggahipun, agahan mung
dugi-dugi, wose watone tan ana, turutan ingkang kapirid, paripaksa angrumpaka,
katarik adrenging kapti.
08. Mung ingotak-atik matuk, tuk-tukane
datan matis, tok-tele mung ngayawara, yayah nglindur tanpa guling, lali linglung
kangenglengan, lingak-linguk tanpa olih.
09. Wewengganing manah buntu, toging driya
mung kapirid, rarasing pepetanira, kang aneng jroning paredin, sinung gambaring
gapura, ingapit lar kanan kering.
10. Ngregancang mimbuhi semu, sakiwa
tengening kori, rinekseng gupala kembar, ngemba Hyang Cingkara tuwin, Balaupata
pan samya, sikep gada lawan tamsir.
11. Weneh pedang tamengipun, petaning
pasemoneki, kareping gapura ika, gapura tembunge Jawi, ateges manunggal rasa,
surasaning asma Widi.
12. Dene lar pangapitipun, puniku ateges
urip, uriping para manungsa, dumunung ing donya iki, ywa katungkul ulah suka,
kasukan tan wruh ing gati.
13. Tansah nguja awanapsu, napsu kuning
gung nenarik, dereng marang pepinginan, nengeken kaanan lair, kang anjog mring
kaluputan, mepeti dedalan eling.
14. Milalah meleng kapilut, kapuled
panggawe lali, malah amilih kang ala, lali mring panggawe becik, begjane wong
kang mangkana, kena kinala ing eblis.
15. Dene pangajaking napsu, kang rekta
rosa anarik, muruk mring panggawe mungkar, mubal angkaraning pikir, korup ing
reh para cidra, dora durjana drengki.
16. Kiyeng dukane amatuh, botoh anjelak
tur julig, srei tegel tegan manggan, gung ngrerusak mring sesami, misesa tanpa
wilasa, kongsi kolu mamrih lalis.
17. Saksat setan dadi rau, tedas
pambujuking jajil, janma kang sipat mangkana, mungkur mring pakarti yukti,
tetep praptaning antaka, kalelep klebeng yumani.
18. Napsu kang awarna biru, baute amung
nuruti, kanikmating memangsan, mangan minum lan madadi, tinurut sakatogira,
kang dadya karemaneki.
19. Mung njaluk kebaking waduk, den uja
jinujweng gajih, jinejelan ing badogan, wineleg nganti mandelik, kaulu meh
sundul telak, teleke sawaluh telik.
20. Yen nginum ping nem samenut, tinut
karemanireki, nadyan wus wuru waragang, kaduga ngogok barendi, badeg alkohol
lan arak, suwara rak cerik-cerik.
21. Madade prasasat udud, bedudan anggung
pinundi, pinda pandu tunggu aba, kumanda muni mak jeblis, jebles eblis
kalekaran, kemlakaren merem melik.
22. Meleke yen arep muluk, yen angop
nyambi ngangapi, karemane kang sinukan, madad minum lawan bukti, tindake mung
kalamongsa, kalane titik mring wuri.
23. Mangkoneku karyanipun, si napsu tigang
prekawis, wasis tansah ngajak-ajak, ngajak kang sarwa tan yukti, temah tumiba
tan arja, njarang mring panggawe sisip.
24. Karana si napsu telu, yen wis amulet
mring janmi, misesa sakarsa-karsa, temah janma kang kadyeki, wus dadya
bebaturira, ing napsu tigang prakawis.
25. awis kang manggih rahayu, mung
ngangsah budi tan yukti, kencokan ati serakah, kebanjur jubriya kibir, ambabar
tindak duraka, kelantur kerep amungkir.
26. Nista nistip letek ngutuh, ngatahi
tindak kang juti, bandrek gemblung gegemblengan, ngalantur nganti tan eling,
lamun tinitah manungsa, tembe mesti bakal mati.
27. Tibaning antakanipun, ing kono pasti
nglakoni, angunduh siksa pineksa, susah winasuh kaswasih, nggresah tansah gung
sesambat, sinambut naraka pasti.
28. Tanarapken agni, murub malarap-larap
ngajrihi, neng jro juranging naraka, kejet-kejet kejer anjrit, kekejot tan bisa
oncat, kebacut cilaka mencit.
29. Mangkono temahanipun, tinemu wong
nuruti, mring ardaning napsu tiga, kamawawa wanuh wani, mampang ngremehken
Pangeran, kang sipat kuwasa ngadil.
30. Mongka kwasaning Hyang Agung, manungsa
supadya darmi, darma ateges dedana, dana pakartining diri, rila eklas jati
dana, ninggal uwal mungkur kapti.
………. P A N G K U R ……….
01. Doraning darma karana, karosaning
karsanireng ngaurip, uripe kawasa mengku, kuma aku rumongsa, samubarang rasane
paksa dinaku, kasrimpet polahing karsa, kisruh sanggyaning dumadi.
02. Dumadining pramanungsa, sayektining
atas kwasaning Widi, dumawahing nyatanipun, penceng enering darma, malah malik
lali jatining Hyang Agung, kuwasane wus karayah, dinakweng diri pribadi.
03. Pribadining napsu seta, tansah nuntun
marang panggawe becik, mestuti mring reh rahayu, kayungyun mring kotaman, temen
tuman ngrungkebi agnyeng pra luhur, netepi atering sarak, rumaket keket
akingkin.
04. Tekat kyat tan bangkit rungkat, kuwat
awrat prasasat gunung wesi, katempuh ing prahara gung, tangeh lamun mingketa,
milanipun napsu kang putih puniku, kalokweng lumahing jagad, karan si napsu
kang suci.
05. Dadya genep napsu papat, abang ireng
kuning kalawan putih, yeku napsuning pra manus, amung patang prakara, rina
wengi rame tansah rebut unggul, agul-agul gal-ugalan, galake kepati-pati.
06. Gelis gatuking duraka, kadursilan
ladak dora dur bengis, rame ruhara tanpa wus, genti unggul kasoran, napsu seta
kabotan kinrubut telu, sinesek sing kering kanan, pinupuh ngarsa myang wuri.
07. Riwut wuru ing ngayuda, napsu katri
rikat mangruket wani, kang seta panggah apuguh, katri pareng mangrupak, kroda
mangkrak anggelut gulet gumulung, gegot ulet let-uletan, keket keket ruket
kungkih.
08. Nanging katemahira, ingayuda seta
kerep katitih, kekes riningkes ing mungsuh, winasuh winisesa, kesi-esi kapepet
denya prang pupuh, mangkana pepindanira, poncakara jroning ati.
09. Mulane para manungsa, sewu begja kang
bisa nanggulangi, mring ardaning awanapsu, kang ngajak mring maksiyat, prapteng
ngriki sinambetan petanipun, gambar gapureng gunungan, sakiwa tengening kori.
10. Rinekseng Cingkarabala, miwah ingkang
sami, nyepeng pedang tameng mungguh, tamsir tanapi gada, kang pepetan rarase
wus weh pituduh, saparsa manjing gapura, yogya nyembeleha dingin.
11. Ardaning kang napsuawa, aywa manjing
manawa durung bangkit, baut ngalahaken napsu, mumpung wiwareng pura, maksih
menga manganti durung tinutup, katutupan lawang tobat, enggal tobata mring
Widi.
12. Teranging pasemon ika, sung sasmita
yen manungsa kang bangkit, manjing mring kori pangumpul, tan liya janma
ingkang, wus anyirep mring ubaling awanapsu, sumarah kwaseng wisesa, sumungkem
konjem mbekteni.
13. Suci lair batinira, wong mangkana
trang wus arasa tunggil, gelis malbeng gapurestu, nanging ta kadiparan, sapa
kuwat kanggonan tindak kadyeku, tumraping jaman samangkya, sajagad tan antuk
kalih.
14. Gobyagen satanah Jawa, wiwit Banten
tumekeng Banyuwangi, wus pasti yen datan mangguh, manungsa kang mangkana, wit
puniku wus angancik drajadipun, Sang Maha Yugi sanyata, angel bisane mrangguli.
15. Bali ngrebug napsu papat, pama jaran
bandol anggegirisi, keras tan kena dinumuk, galak nujah anyepak, nyakot mbrakot
gila kasenggol ing pecut, nendang mbandang nunjang-nunjang, numbuk bentus
neniwasi.
16. Sing anunggang kajengkelang,
galimpangan kacemplung jurang curi, tan wun ajur kumur-kumur, pinekak malah
nabrak yen sinengkrak kras kroda nglumba anubruk, bebas abahane rantas, pedot
amamah kendali.
17. Mulane bab napsuawa, mung si budi kang
minongka kendali, supaya napsune manut, nurut karsaning budya, mongka pranti
anggayuh panggawe ayu, rahayu ing donya kerat, begja geng ingkang pinanggih.
18. Mangkono mungguhing janma, nanging
lamun budine kang kuwalik, dadi jarananing napsu, tan wurung katiwasan, temah
nasar kesasar banjur laku dur, andadra tindak duraka, tan wun kalebeng yumani.
19. Gambaraning napsuawa, lawan budi pan
wus dadi sawiji, wujude ingaran kalbu, kumpul kempel tan pisah, kaya dene
jenang dodol paminipun, kadadyan sing don-adonan, glepung bumbu santen gendis.
20. Yen kakeyan glepung sepa, lawan kaduk
santene dadi gurih, adakan tengik lan jamur, yen kaduk gendisira, pan kalegen
cumekot keraseng untu, menawa kakeyan uyah, kasinan datan prayogi.
21. Rehning jenang dodol ika, don-adonan
wus campur dadi siji, sipating kerentegipun, becik tanapi ala, krenteg ala lan
becik obahing napsu, binarengan dening budya, dadya ywa kirang teliti.
22. Marma disugih weweka, waspadakna
krenteg ala lan becik, cateten aywa tunpang suh, mbaleni bab gunungan,
sangisoring gapura rineka mungguh, kabatur undak-undakan, pinda
sasami-tanireki.
23. Unda-usiking derajad, ingkang janma
manungsa wiku yogi, nggenya met margining ayu, prapteng drajad punapa,
parlunira undak-undakan kabatur, batur tegese kawula, iya kawulaning Gusti.
24. Gustining gesang samoha, amung siji
tan ana kang madani, Allah ingkang sipat Agung, ingkang Maha Kuwasa, nguwasani
marang kaanan sawegung, kang tanpa purwa wasana, ngratani donya myang akir.
25. Nanging sakehing manungsa, tan
kelingan duk maksih neng duryati, ngayahi pakarya luhur, nalikarsa tumitah,
maring alam donya sanggyaning temuwuh, wus nggaduh pranti engetan, yen benjang
bade tan lali.
26. Marang ananing pangwasa, pra manungsa
mula pada linair, mawa piranti kang cukup, tumraping alam donya, sinartan ing
poncaindriya linuhung, undagi makaryeng ndonya, ewadene kerep lali.
27. Kancane si poncadriya, malah dadi
dedalan prapteng lali, saya lawas saya limut, mumet mamang mek-mekan, krep
kesasar-sasar susur numbuk bentus, betah ngrungkebi piala, labed lali mring
Hyang Widi.
28. Tanapi para manungsa, wus winajib
kaduga mung nglakoni, ginaduhan kwaseng Agung, garan kanggo mranata, mata
marang pamotahing napsu catur, tur yen tetep kwasanira, bisa nulung nunggal
Gusti.
29. Yen kwalik kang kwasa, nora aring
malah kabanjur baring, motah mbluntah ketuh ngutuh, dadi leteking jagad,
jinagakna kwasane bakal kajegur, marang naraka jahanam, nompa pidaneng Hyang
Widi.
………. ASMARADANA ……….
01. Kasmaran moh angoncati, tibaning
pasiksan paksa, kasangsara salawase, minongsa agni naraka, kemripik lir
keringan, ngenteni mangantu-antu, tekaning waktu luwaran.
02. Nihan gantya kang winarni, wangsul
mring rembag gunungan, perangan nginggil petane, prenah payoning gapura, mawa
wreksa goraya, ngadeg anjejer manduwur, mawi kapulet ing sarpa.
03. Pucuking wit sinung sari, rineka
kuduping sekar, mawa pang tiga sisihe, dene satengahing wreksa, sinung sirah
kemamang, mrengenges mimbuhi semu, weh seseming kang tumingal.
04. Wau witing gurda tuwin, epange nenem
ambapang, nganan tanapi ngeringe, pinradabyur gebyar-gebyar, mancorong lir
kancana, kang mangkana ananipun, ing ngriki yun kapraceka.
05. Winulat den olak-alik, tinlusur mamrih
tan sasar, ingotak-atik matuke, tinemuning panyurasa, ananing kang gunungan,
sinung pepetan gurdagung, anjejer tumekeng pucuk.
06. Gambaring kang gurdaning wit, wardine
mawa pralambang, delenging kawruh jatine, kawruh warah kasampurnan, sampurna
teges tunggal, temunggal lan jinisipun, jinis asaling gumelar.
07. Pinrada byur tegesneki, mancorong
madangi jagad, sumarot ing salamine, madangi tanpa wasana, nyrambahi mring
ngagesang, kang asor miwah kang luhur, ala becik wus kawratan.
08. Katon ing sunaring rai, lamun praupane
padang, mancorong wening sorote, pratonda padang kang budya, dene kang
praupanya, katon geseng tur nyrengungus, tonda geng urubing brama.
09. Matuh peteng ing pangeksi, seseg
suk-sukan kemerap, mawarna-warna tingkahe, nrajang nunjang pincang jonjang,
dengkling miringambrangkang, mekeh-mekeh amrekungkung, keseser kesod deyogan.
10. Nyeret semper impur njungkir,
njengking ngonja-onja nungsang, nlosor nggremet sasamine, giniring manjing
naraka, krana arsa kinisas, ing kono sagunging manus, angunduh wohing tumindak.
11. Kang ala miwah kang becik, wus
cinawisaken sadiya, tinompa wajib ing tembe, samene yogya jinugag, mbacutken
rembag ngarsa, sasamaraning gurdagung, deleg dedalan tumindak.
12. Naga anggubet marang wit, terange mawa
pitedah, pra manungsa dumadine, tansah kapulet ing ala, mula aran santosa, sing
sapa ajeg apuguh, gelem anyirik piala.
13. Ing pucuk kuduping sari, cetane nawung
wewarah, angluhurna kadarmane, andarmaken kwasanira, kuwasaning ngagesang, dene
pang kang nenem iku, kabeh kadayan delegnya.
14. Nyagaki adeging pranti, tetep pang
kang nenem kalah, kawasa lawan delege, genep dadya sapta wara, pang nenem lan
gurda juga, gatining pipindanipun, badan kang pitu prakara.
15. Eka atma delegneki, kadwi budi
gregedira, katri engetan arane, catur prananing manungsa, ponca napsu dumadya,
sa linggasariranipun, karan si mayangga-kresna.
16. Kasapta wadag puniki, kawruhana
tegesing kang, deleg pinrada sungginge, karana atma minulya, abyor tanpa
karana, kasebut gesang kang agung, angung geng tanpa pepadan.
17. Kang Maha Kwasa Hyang Widi, Maha Suci
Maha Murah, kang Maha Adil kaloke, langgeng datanpa wasana, urip tanpa
palastra, Gusti Allah sipat Agung, uga kasebut Pangeran.
18. Hynag Manon Hyang Udipati, datan
kakung tan wanodya, datan putra pinutrake, tan mawa purwa wasana, tan darbe
jaman makam, nanging wajib ananipun, mikalo lamun tan anaa.
19. Uga deleg nyasmitani, dadya deleging
gumelar, karana sing pangwasane, dadi ananing dumadya, krana kwasaning atma,
Gusti Allah Maha Agung, nenggih Pangeran priyongga.
20. De ngaurip mratandani, marang ananing
Pangeran, nanging ywa kisruh, awit krana ananing wang, Pangeran nuli ana, marga
ingsun kang nyebut, ngarani si Maha Kwasa.
21. Iku wong kang lara baring, rumongsa
wasis angucap, ceta miring pikirane, nekat ngaku wicaksana, kwasa nganaken
Allah, mranata kalawan ngatur, tibake mung wong keparat.
22. Iku pangerti kaplesit, Pangeran
databpa asma, asmeku aran tegese, aran iku ingkang karya, kang nganaken wong
lumrah, bisa ngarani lan nyebut, yen isih kanggonan nyawa.
23. Wruhanira atma jati, tan kadayan
dening aran, tan mreduli mring asmane, nadyan kang samya sung aran, durung lan
wus tan ana, atma langgeng ananipun, anane tanpa karana.
24. Nahen kang winarneng tulis, kuduping
sari ing pucak, ceta nawung sesandine, nutupi ananing atma, mong warananira,
mrih atma gesang kang agung, datan kuwadehen ngegla.
25. Sari wus amawa jarwi, sarining anasir
papat, bantala angin geni we, wus ngempel dadya sajuga, wujud sarira kasar,
badan wadaging pramanus, kang dadya wadahing atma.
26. Pang tiga kang sisih kering,
peprincening rila eklas, juga wani ngeklasake, sakehing barang kadonyan, kadwi
rila mring sanak, para waris lan sadulur, katri rila mring sarira.
27. Eklas kang tigang prakawis, kalangkung
geng dayanira, tumraping wanci angkate, atma amisahi raga, genah sepen rubeda,
tanpa sakit raosipun, sing dayaning rila eklas.
28. Sisih kanan pang kang katri, terang
yen mawa pitedah, tuduh mring pepecahane, eling kang telung prakara, eling
mring kabecikan, eling raga obahipun, lan eling sakehing ala.
29. Wangsul cacah pitu dadi, araning ari
kasapta, wiwiting ngetang sing Dite, Soma Anggara lan Buda, Respati Sukra
Tumpak, kabeh iku aranipun, surya condra lan kartika.
30. Yen Dite ywa dahar sari, Soma anyirika
iwak, Anggara cegaha ngombe, Buda nglowong nora mangan, Respati sirik uyah,
Sukra nora kena turu, Tumpak sirik dahar brama.
31. Manungsa wajib nglakoni, cecegah manut
arinya, lan aywa nganggep sepele, kaya dongeng ngaya-wara, wewarahe wong
kumpra, mongka bulpus apus-apus, ngangapusi mamrih arta.
32. Tegese ngupaya pokil, pokal
kol-okolan, lir werek warah wuruke, sing anggugu tek-entekan, balindis nganti
kandas, wekasane nompa getun, tinuntun mring panasaran.
33. Nanging aywa muring-muring, sesambat
angaru-ara, nguman-uman Pangerane, nora adil marang titah, poma aywa mangkana,
iku lekasing wong kumprung, delarung dimadung setan.
34. Malah disabar sayekti, yen lagi
ketaman coba, kudu betah ngrasakake, giliraning badanira, miwah tansah ihtiyar,
kang supaya gelis antuk, parmaning kang Maha Kwasa.
35. Dene yen ginilir sugih, arta waras
badanira, tuwin pangkat kapriyayen, aja mbanjur sumangkeyan, adi-gung adi-guna,
sapa sira sapa ingsun, ngendelken drajad kadonyan.
36. Semuni wani ngakoni, madani Maha
Kawasa, kinacek ing sesamine, sasat Allah ngejawantah, tansah enak-enakan, rina
wengi jibat-jibur, anguja mring napsuhawa.
37. Ingkang mangkono tan yukti, malah
wajibira kedah, saya geng ing panuwune, marang kang Maha Kawasa, sinartan suka
bagya, gepakna saka bebendu, dimen tetep darmanira.
………. G A M B U H ……….
01. Gambuhing darmanipun, amung sapecating
atmanipun, aran mokal yen kenging dipun tambuhi, atma pasti oncatipun, paran
bae nora lidok.
02. Saweneh janma muwus, bab wong mati wus
kerep dirembug, dening bapa biyung embah kaki nini, buyut canggah gantung
siwur, misuwur ginawe ngobrol.
03. Ngomongi anak putu, uga ingkang durung
pupak untu, pada eram krunggu kojahe si kaki, kakek mung kakeyan umuk, mamerken
omong nyalemong.
04. Yen wong kaya aku, nora gumun miwah
nora ngunggun, den obroli wong klelet wus nora, pait, tiwas umuke ngetupruk,
dak sambi ngantuk kemawon.
05. Awit iyong wis weruh, pati iku kiyamat
wosipun, sajatine wus kelakon saben ari, dening ngagesang sadarum, ngalor
ngidul ngetan ngulon.
06. Ngulati kyafeng butuh, warna-warna
kang ingaran butuh, kang kaluwen nora liya butuh bukti, kang kasatan butuh
banyu, kang kawudan butuh prabot.
07. Yen wong kang lagi nganggur, angupaya
pegaweyanipun, ingkang lara njaluk waras butuh jampi, tuwin sapiturutipun,
grebane kang den upados.
08. Pantoge kang tinamtu, butuh duwit iku
kang den luru, kanyatane kabeh butuh nganggo duwit, awit yen tan mawa fulus,
adakan tan kelakon.
09. Ramening wong met butuh, kang tan
antuk sesambat angruntuh, kontrang-kantring awak sayah ati sedih, iku tonda
saksinipun, dina kiyamat kang melok.
10. Beda wosing kang rembug, rembug gabug
kandane si Bawuk, nora bisa nuduhake tonda saksi, upama den anggep tuhu, tibake
mung omong kosong.
11. Sinambung rembag ngayun, janma muda
durung kambon kawruh, weruhe mung kasunyataning kang lair, tan wruh gaibing Hyang
Agung, Gusti Allah kang kuwaos.
12. Aywa maido Manu, iku tetep pangreti
kaliru, tyas kabuntel akal budine meh mati, dadya maksih kumprung pengung,
pengpengane kajelomprong.
13. Duh-duh aywa kadyeku, Sang Hyang Manu
kang murbeng temuwuh, den oraken mung landesan tonda saksi, paseksening wong
tarwilun, lumaku ginugu ing wong.
14. Wong kang mangkono iku, tetep datan
katitipan ngelmu, mangan ngimel yen wus wareg nuli ngising, sing-sing nlengseng
adol gurung, rumangsane dadi jempol.
15. Tan eling lamun manus, panemune pada
lan wong cingklik, lah rungokna sun tuduhi tonda saksi, bab gaibing Maha
Hagung, kang tan kena ginayuh wong.
16. Dera kang Maha Agung, anganaken
manungsa sawegung, tan pilih sih Jawa Cina Mlayu Bugis, Keling Kodya Jepang
Hindu, rupa-rupa bangsaning wong.
17. Wit saking kwaseng Agung, kabeh titah
samya gesangipun, wekasane pinanjengken marang pati, ngendi ingkang ana manus,
bisa luput saking layon.
18. Aywa kasusu umuk, anggambarken
kaananing butuh, grebanira wong urip mung butuh duwit, wit tanpa redananipun,
samubarang tan kelakon.
19. Nging pama duwe butuh, butuh urip aja
nganti lampus, apa ana kang kaduga gawe urip, njaluk opah pirang ewu, mesti yen
kabayar kropyok.
20. Mring ngendi nggonmu ngluru, apa minta
sraya mring pra wiku, ingkang samya nggentur ngasrameng ngasepi, apa marang
duku-dukun, kang nggadebus sugih omong.
21. Ngiming-iming wong pengung,
lingak-linguk amunjung pisungsung, abon=abon pitik putih mori putih, duwit
putih tnpa petung, den rewangi utang lebon.
22. Mangsuli rembag ngayun, bab ananing
kiyamat ywa gumun, ngengetana gunging kuwasaning Widi, tan ana watesanipun,
kwasa nganani dumados.
23. Krama kwasanipun, pan sakala wus mesti
awujud, gumelaring jagad isine mepeki, tutukulan kayu watu, gede cilik wus
carup wor.
24. Tur pirang-pirang ewu, manungsa lan
kewan manuk-manuk, kutu walang ataga lan buron warih, ageng alit wstri jalu,
pinanci pangane manggon.
25. Lamun raina sinung, pepadang sing
soroting surya nung, prapteng ratri ginantyan sunaring sasi, lan lintang
maewu-ewu, anjrah neng ngawiyat abyor.
26. Panjang lamun winuwus, yen anggusti
kwasaning Hyang Agung, krana obah kwasa ngowahaken sekalir, yeku witing
gesangipun, pepuntone rusak bobrok.
27. Bobrok sirnane tamtu, kelakone yen wus
prapteng waktu, mung tamtune besuk kapan dereng uning, jer kwasanireng Hyang
Agung, datan gaduk kinireng wong.
28. Gunging gesang temuwuh, datan wande
prapteng wancinipun, luluh lebur sirna ilang tanpa dadi, yeku kiyamat wosipun,
basaning kang lumrahing wong.
29. Samene bae cukup, jerengane mrih tan
seling surup, karya anyetaken kiyamat lan pati, samangko mbaleni rembug, bakune
ingkang kacariyos.
30. Gunungan ringgitipun, bab pepetan
gurda lan pangimpun, weneh wonten kang epang sekawan sisih, sanga pokokipun,
wardine yun kacariyos.
31. Cacah sanga sung tuduh, dalan hawa
babahaning manus, weneh wonten ingkang epang kalih sisih, dadya epange catur,
gangsal lan deleging pokok.
………. P U C U N G ……….
01. Tateng pucung, gunungan ringgit kang
sinung, gurda pang sekawan, gangsal dalah deleging wit, kang kadyeku yen rinasa
boya liya.
02. Karsanipun, kang marneng gita rumuhun,
mongka pralampita, cacah lima nyasmitani, marang poncaindriyaning pra manungsa.
03. Rasanipun, rosing wewarahe gatuh, lan
kaanan donya, matuk lawan ngakal budi, poncadriya napsu keblat lan pasaran.
04. Sumilak trus, tataraning njereng
kawruh, weruh mring pepadang, dumawah maweh basuki, kawruh nyata, tamtu
tumekeng sampurna.
05. Tan kasluru, rerungkudan wus sirna
wuk, winiwir binuwang, kawangwang wosing kajatin, tanpa tuduh denya mrih
sidining budya.
06. Ngracik urut, uruting peprincenipun,
bab ponca-indriya, yeku paningal pamyarsi, pamicara panggonda miwah pangrasa.
07. Ningkas kawruh, wewijanganing kang
napsu, ingkang wismeng tingal, napsu kang awarni abrit, karnanira den dumugi
napsu seta.
08. Dipun emut, mat-matan aneng, pamuwus,
wara napsu jenar, jenak angusiri karsi, munggweng grana napsu krena
sesenggoran.
09. Yasa cakruk, kinarya klumpukan kumpul,
pun napsu sekawan, pakuwonira rinakit, katon pelak selehe aneng pangrasa.
10. Jatinipun, keblat mongka jangkepipun,
penering warna, kidul abang wetan putih, kulon kuning ing lor ireng tengah
samar.
11. Ingkang kantun, tumonjo mongka panutup,
titining katrangan, angancing kenceng kinunci, kekancingan kuncine mawa
cecegah.
12. Nom lan sepuh, pancen becik ulah laku,
lakuning wong Jawa, wateke ayu basuki, kukuh bakuh bakuning kawruh kejawan.
13. Gandeng kacuh, pasaran lan hawanapsu,
Paingnya tinengga, dening si napsu kang abrit, lamun manis Tinengga napsu sta.
14. Jangkepipun, pon napsu kuning kang
tunggu, Wagene jinaga, dening si napsu umani, lamun Kasih rineksa ing warna
samar.
15. Putus estu, titi mring peprincenipun,
bab dina pasaran, rakitan poncadriyani, marmanira ywa gumugah gegendungan.
16. Didumunung, naluri kawruh kang luhur,
ujar kang sanyata, tumrap kang maksih memetri, mretandani bektine marang
Pangeran.
17. Parlu laku, nglakoni kanti tawajuh,
ceta pacaking Hyang, umate den antepi, pirambara nggumateni mring gaduhan.
18. Sukur lamun, mantep mring pangulah
laku, kang sinartan sabar, sabar budi nyrmbadani, nugrahane tinemu neng
uripira.
19. Den kyat teguh, cobanen ngayahi laku,
lakuning pasaran, sarana wani sesirik, sumbang surung rumeksa mring poncadriya.
20. Raosipun, ponca prabawa kacakupo,
kaanggar liniga, ginawe nggayuh utami, temahane tumerah sajagad raya.
21. Kadaripun, yen Legi siraka turu, dimen
tan ndaleya, wibawa tansah netepi, marang sangkan paraning gesang minulya.
22. Dipun urut, yen Paing ywa duka nesu,
mrih tan kesamaran, pramana nrawang pangeksi, sarta tansah tetep sanggyaning
dumadya.
23. Marmanipun, yen Pon asirika muwus,
sirna panastenya, waskita wuwusnya dadi, tumanjane netepi lungguhing gesang.
24. Haywa kisruh, yen Wage cegaha ngunjuk,
mrih tan kebrabeyan, dadya jatmika sayekti, trus sampurna uripireng ngalam
donya.
25. Kasih petuk, sirik sarem mesti matuk,
ceta tan bingungan, angkere katingal wingit, marma tansah nyatani gesang
dumadya.
26. Harjeng laku, lakuning dina pitu, lan
laku pasaran, dayane nyata nyuceni, badan batin kalawan ponca-indriya.
27. Aywa bingung, sanadyan durung
dumunung, mring enering tindak, kang jumbuh lair lan batin, babarane karasa
kongsi ketara.
28. Ajar ngadu, angudi kang nganti manuh,
winantu wewarah, wasitane ngelmu jati, wit manungsa abadan kalih prekara.
29. Wadag alus, kabeh pada nandang rapuh,
mula kekalihnya, kudu rineksa kang becik, kang supaya awet kanggone ing donya.
30. Selehipun, kang alus aneng wadagipun,
lir pendah narendra, jumeneng neng prajaneki, solah tingkah muna-muni
sadayanya.
31. Wadag tamtu, kereh dening alusipun,
iku kawruhana, nanging ywa nganti kuwalik, yen kuwalik sasat marani sengsara.
32. Rasa kojur, kerep judeg keneng apus,
paksa ngaya-aya, yen kepleset neniwasi, sinangsaya siya-siya, melasarsa.
33. Saya dangu, dengap-dengap gesangipun,
nglampahi kanistan, ceta uripe nyerantil, nyatanira kasangsaran ndonya kerat.
34. Weneh wuwus, wus terang padang dumunung,
kang aran sampurna, sampurneku warni kalih, kasampurnaning kang alam donya
kerat.
35. kang rumuhun, ngudiya sampurnanipun,
uripe neng donya, kang supaya sugih duwit, sandang pangan mubra-mubru
samubarang.
36. Aywa banjur, kasusu wani anyingkur,
nyingkiri kadonyan, awit tumindak kadyeki, kudu keplok munggweng lair batinira.
37. Tamtunipun, kalamun wis bisa antuk,
kasampurnan donya, benjing estu bade manggih, kasampurnan ananing alam akerat.
38. Janma iku, kuma lancang njereng
kawruh, weruh nora tamat, marma maksih mamang mamring, semang semang sarwa
sinemu sinamar.
39. Sampurneku, sanyata datan gumantung,
mring barang kadonyan, yektine malah ngribedi, dadya korup mangrapuh mring
rasanira.
40. Estunipun, sampurneng donya puniku,
mung tumraping darma, darmane sajroning urip, kawruhana darmeku awrat kaliwat.
41. Lugunipun, kuwasaning Maha Agung,
nganani dumadya, manungsa mung wajib darmi, anglakoni kabeh ayahaning sukma.
42. Ananipun, ngagesang kwaseng Hyang
agung, dudu kwaseng titah, marma tetep aran sisip, yen manungsa rumongsa darbe
pangwasa.
43. Gatinipun, gumelaring jagad agung, uga
sing pangwasa, kuwasaning Maha Suci, ceta kabeh kawengku dening kwaseng Hyang.
44. Dene lamun, sampurna neng keratipun,
ateges manunggal, temanunggal momor sajinis, jinis gesang angempal gunging kang
atma.
45. Atma iku, dumunung ing alam suwung,
aran sonya-pringga, uga kasebut sonya-ruri, kabeh gumlar kauban katut
maskentar.
………. MASKUMAMBANG ……….
01. Pan karingkes denira medar palupi,
andaring konda, kajugag arsa mangsuli, kang dadya witing carita.
02. Bola-bali tan liya gunungan ringgit,
purwapurwa kang rinembag, leres tengah pokoking wit, pineta sirah kemamang.
03. De kamamang amung amung wonten warni
kalih, wenehmripat juga, wonten ingkang mripat kali, kadi paran wardinira.
04. Teka beda mripat juga mripat kalih,
lih-ulihanira, rarasing pangotak-atik, bab kemamang mripat juga.
05. Bomanawi karsane ingkang nganggit,
kanggo pralampita, tuduh mring tekad sawiji, mligi datan mangro tingal.
06. Nyawijeken mring Allah kang Maha Suci,
kang sipat sajuga, gumolong meleng mangesti, marang katentremaning tyas.
07. Kang katingal ana mripating ati,
tarlen Hyang kang murba. Misesa ngalam sekalir, lir tuhu wus kasat mata.
08. Marma tyase nityasaenget mring Widi,
yen unyat kaanan, kang gumelar ing donya iki, kinikis pan saking atma.
09. Umeksi kang agal alus gede cilik,
cedak tuwin dawa, aneh elo sarta gaib, lan kang remeh-remeh pisan.
10. Kabeh iku pan saking atma upami,
umiyat mring sinjang, sinjang batik asal mori, mori mono saking bolah.
11. Dene bolah iku saka kapas kang den
antih, asale si kapas, iku tukulaning bumi, kelakone dadi sinjang.
12. Nganggo pulas saka nila soga tingi,
tegeran lan tawas, malam den cap myang den batik, cap canting asal tembaga.
13. Panggarape nganggo kayu banyu geni,
ginarap manungsa, mongka sadayeku saking, tetukulaning bantala.
14. Dene bumi iku asale saking pundi, tan
lyan kang murweng rat, dalah manungsane yekti, samya titahing Pangeran.
15. Marmani wong kang wus tekad sawiji,
yen wruh samubarang, nadyan akeh elok gaib, andoke prapteng Pangeran.
16. Datan amung kandeg aneng alam iki,
kaananing kodrat, dene kodrat saka ngendi, tan liya saka pangeran.
17. Tekeng Pangeran kapriye panemuneki,
apa maksih ana, Pangeran den kuwasani, yen ana sewu nglengkara.
18. Sartanira wong kang wus tekad sawiji,
kyating tyas tan nedya, kengguh mangeran, lyaneki, ngemungaken Maha Kawasa.
19. Tan arsa mangeran marang surya sasi,
lan lintang kartika, suwung wang-wung lan pribadi, cahya tonda maksih sasar.
20. Mangeran marang ingsun uga aran sisip,
tan wun katiwasan, sasat tanpa akal budi, tan wruh jatining Pangeran.
21. Nihan gantya ingkang kawursiteng
tulis, mangkya kang winarna, kemamang kang mripat kalih, kadi paran karepira.
22. Yen rinasa karsane ingkang anggupit,
kinarya pralambang, manungsa neng donya urip, anggaduh kalih prekara.
23. Wit manungsa satuhu yen rangkep kalih,
raga lawan suksma, sipate ya warni kalih, jalu tanapi wanita.
24. Tindakira neng donya ya warni kalih,
alus sarta kasar, bodo pinter ala becik, asor luhur sesaminya.
25. Tinemuning tindak ugi warni kalih,
suka lan sungkawa, bener luput sugih miskin, mulya tanapi sangsara.
26. Wekasane urip pacangane pati, ora lan
sampurna, ora sampurneku mesti, manggih swarga lan naraka.
27. Pan mangkono ringkesing omongan iki,
pama tinerangna, udalane siji-siji, ngelawer angandar-andar.
28. Rehning mengko pan wus genah warni
kalih, paran kang kinarsan, yogyane milih kang endi, kari ngupadi dedalan.
29. Marga ingkang bisa anjog kang kinapti,
wit sabarang sedya, pasti ora tinggal awit, kadi ta upaminira.
30. Witing pinter kudu sregep amarsudi,
witing kuwarasan, jejampi lan ngati-ati, witing sugih manggaota.
31. Nadyan swarga uga maksih mawa awit,
wenang ginayuha, dening wong ing donya iki, kanti tumindak utama.
32. Nglakonana ingkang sarwa bener becik,
mawa tata-krama, kasusilan trap prayogi, anggayuh basuki arja.
33. Kanti eklas miwah suci lair batin,
manut rehing sarak, kacakup bangkit netepi, pasti kalilan manjing swarga.
34. Beda karo naraka kang gegirisi, sasat
tan sinedya, ing benjang wus mesti prapti, pangayunaning Hyang Yama.
35. Jer margane kang naraka yekti, pepak
warna-warna, tur sarwa nenarik ati, kebak gunging pepenginan.
36. Kanikmatan kasenengan edi peni, kebak
kabungahan, kalarasan tanpa wilis, mula arang kang nglegewa.
37. Yen tan awas korup kasengsem tanpa
wis, tan wun katiwasan, lir sato klebeng piranti, temahane kasangsara.
38. Kosok bali lan dalaning suwargadi,
angele kalintang, jurang cerung parang curi, tur gawat kaliwat-liwat.
39. Ciyut singup ewuh pakewuh tur rungsit,
kinepung bebaya, kebak gunging mutawatir, weh giris mring tyas kang mamang.
40. marmanira mangsuli kemamang malih,
tegesing kemamang, aywa mamang jroning ati, turuten tekad srinata.
………. S I N O M ……….
01. Cinekak dera amarna, dayaning tekad
sawiji, kinarya mongka tulada, dateng putra wayah wuri, rinawat kanggo peling,
neng jroning nala ginelung, baleni rembag ngarsa, wose bab gunungan ringgit,
kang ginita gatining petan wit gurda.
02. Kadya kang wus kawursita, tinrap ing
sekar gambuhi, nerangken deleging gurda, dalah pang lan kudupneki, mangkya
ingkang winarni, maksih witing kang gurda gung, kanti sen-isenira, buron wana
geng alit, banteng singa kidang randing lan palguna.
03. Keték lutung satawana, mayura lan
paksi-paksi, saselaning pang ambapang, pantes pinatra angrawit, sineling
sari-sari, pinrada sinungging mungguh, cinawi tan kuciwa, citrane sawiji-wiji,
wujud wijang pepetane esmu gesang.
04. Tengah sirahing kemamang, lir simbar
timbul aneng wit, winulat weh sengseming tyas, gapura sinirap sari, lar ngapit
kanan kering, numpang ambapang weh semu, pasemon semu gesang, tetep tumutup
kang kori, kering kanan pan gipala sekembaran.
05. Samya asikep gegaman, tumuju
ngajengken kori, alungguh jengkeng nggedangkrang, neng dak-undakan mantesi,
mangkya arsa winarni, pepetane sadayeku, linaras rinumpaka, kapilih ingkang
pakolih, candranira kaananing buron wana.
06. Ingkang ngandap sisih kiwa, mawa
gambaring kiswari, tetungguling sato galak, kaloka prawireng jurit, rosa cukat
trampil, keh kewan keni binekuk, galak kagila-gila, kidang sangsam kekes miris,
giris giras kaplesit ngungsi jejurang.
07. Sisihan ajeng-ajengan, lan prajuriting
wanadri, andaka gagah prakosa, teguh timbul pilih tanding, tate ngentasi kardi,
mungsuh sinaruduk mawut, tan kuwawa lumawan, keh sato galak kalindih, temah
kondang banteng bentung prawireng prang.
08. Petane yen poncakara, Pragalba galak
ngajrihi, krodarsa nubruk mring mengsah, banteng tadah nanggulangi, manteleng
pasang taji, ngandelken kuwating sungu, sardula mangah-mangah, siyung rangah
mingis-mingis, rebut jaya sing akasor kawisesa.
09. Tengahing pang kering kanan, katon
keték lan anjani, risedenge pencolotan, tandange cukat terampil, mlebar genti
nututi, tarkadang nuntung manduwur, kuwat duwur-duwuran, ramening keték anjani,
pating cruwet ting bleker rebut memangsan.
10. Duwur kiwa satawana, warnane bagus
mranani, nlecer lancure kawuryan, mencok aneng pang metangkring, ringas rongeh
kekaring, mawantu-wantu kaluruk, mintoken swaranira, sing akrungu katetarik,
tyase ngurung lelancuring wana.
11. Kanan manyura kirap lar, rupane bagus
respati, katon adining busana, warnane wenes amanis, meles lir pulas wilis,
enggar angegarken buntut, buweng mekar lir sekar, keder katiyup ing angin,
ngeca-eca si kuncung mamrih asmara.
12. Mungguh angigel aneng pang, ngrasa tan
ana tumanding, raras remining manyura, mung kala-kala kapyarsi, nyuwara sru
dumeling, ngumandang sing doh kaprungu, kabarung ramening kang pangocehing
paksi-paksi, maweh asri mimbuhi langening wana.
13. Mangkono kaanira, candraning buron
wnadri, kaya dadi pralampita, gumlaring alam donyeki, rame riwut tanpa wis,
suk-sukan rebu-rinebut, ributing wong met betah, kabutuh wani toh pati,
angendelken piyandele sowang-sowang.
14. Ana ngendelaken karosan, weneh
ngendelaken kewanen, ana ngendelaken krukunan, kapinteran lan pangreti, kagunan
weneh warni, angendelaken gede duwur, bonda miwah pangwaa, ngendelaken bener
lan becik, neka warna kang mongka del-andelira.
15. Ingkang perlu kinarya, mburu butuhe
pribadi, ngalor ngidul ngulon ngetan, sinangkan warni-warni, ana kang among
tani, ana nukang maklar buruh, kriya sarta mbebedag, weneh anyudagar gegrami,
ana ingkang dadya punggawa negara.
16. Pra punggawa nara praja, pangkat gede
sarta cilik, ingaran pamonging praja, kena sinebut priyayi, wose sadaya sami,
kinarya ngupaya butuh, wetuning sandang teda, nyukupi mring anak rabi,
pirambara dadi marganing kamulyan.
17. Dene kang aran kamulyan, trange ana
warni kalih, siji kamulyaning gesang, loro kamulyaning pati, dene mulyaning
pati, wong kang antuk suwarga yu, yen kamulyaning gesang, unda-usuk de kamulyan
kang gede iku narendra.
18. Kamulyan kang cilik ika, wong antuk
kabegjan pami, kasugihan kadrajadan, ingkang lestari basuki, de kamulyaning
budi, yeku kang ngambah rahayu, ngayahi kautaman, tebih sing pakarti sisip,
nadyan miskin kena sinebut wus mulya.
19. Kaananing kang mangkana, manawa ora
lestari, aran mulya nora lana, mulya lan lana tan sami, awit nadyan narpati,
uga ana kang lingsur, sugih tumibeng mlarat, priyayi cinopot cepling, datan
urmat tur tan antuk pensyunan.
20. Sumela lana winarna, lana langgeng
tegesneki, langgeng tan mawa wasana, uga nora den purwani, tanpa sabab lestari,
langgeng ananing Hyang Agung, angaubi gumelar, langgeng mungweng sonya-ruri,
sipat juga nanging kabeh kaweratan.
21. Nadyan budi datan lana, jugag lamun
tan lestari, luntur kapuntir duraka, satemah papa pinanggih, wigar gagar
nggregeli, lir dongeng pandita Balhum, nalika jaman kuna, nuruti tangising
rabi, kang ngrubeda darbe melik bonda donya.
22. Temahan kamulyanira, lonorot liron lan
kirik, mangkono lupiyanira, dene yen critaning ringgit, kocap lampahaneki,
Kumbayana sang awiku, kepencut mring kamulyan, suwarga margane olih, srananira
neng madyaning bratayuda.
23. Pranging Pandawa Kurawa, sapa ingkang
anglabuhi, mring Pandawa karyanira, yekti antuk suwarga di, Drona duk mireng
warti, tyase kumecer kepencut, cipta labuh Pandawa, kuwasa tilar nagari,
Ngatasangin numpalkeli angejawa.
24. Wusnya prapteng tanah Jawa, sedyane
dadya kuwalik, melik ngiloni Kurawa, sing kroban kamulyan luwih, mula wekasaneki,
Drona dupi prapteng lampus, kasasar marang jaran, mangkono caritaneki,
lelakoning sang awiku Kumbayana.
25. Pantes mongka sudarsana, pamilihing
bener sisip, aywa kesusupan hawa, wawasen ingkang pratitis, totokna jroning
ati, titinen kang nganti jumbuh, jumbuhna jro jajanya, babasan lair lan batin,
prapteng ngriki keplantrang menggok mring durma.
………. D U R M A ……….
01. Pan mangkana culikaning kang pineta,
gambaring wanadri, dene gatukira, lanpepetan gapura, iku minongka upami, kawruh
kang nyata, gandengira lan janmi.
02. Kasunyatan dadya watoning pranatan,
tataning ngaurip, nganti prapteng lena, nora tinggal pranatan, yen girenjah
siji-siji, murih wijangnya, pranataning wong urip.
03. Pan wus mengku marang sakehing
dedalan, kang tumuju mrih becik, beciking ngagesang, kayata pamanira, tataning
praja negari, ingkang mranata, panggede lan wong cilik.
04. Kabeh kudu tumindak manut pranatan,
mrih tentreming negari, sakehing tumindak, panerak pelanggaran, prekara gede
lan cilik, kerampunganya, kanti prenatan nagri.
05. Nambut karya dagang layar manggaota,
lakuning utang silih, kempit dol-tinumbas, kabeh mawa prenatan, satowan
salaki-rabi, ningkah lan pegat, manut prenatan nagri.
06. Bab pamardi panggulawentahing anak,
tataning bale panti, prapteng pesrawungan, tamu sanak tetanggan, nyandang
mangan turu ngising, prapteng palastra, tataning ngrukti mayit.
07. Pangiringing layon lan ngubure pisan,
manut tataning ngaurip, uga kang manembah, kang bener lan kang lepat, tan cekap
winedar ngriki, cekaking rembag, lamun arsa udani.
08. Upayanen aneng kawruh Sastra Ceta,
tanapi wirid-wirid, jer iku kang mongka, prenataning ngagesang, kang runtut
kwaseng Hyang Widi, wiwit tumitah, nganti tumekeng pati.
09. Jroning kawruh mawa wulang
warna-warna, mepeki tan ngurangi, kang alus lan agal, jembar pida samodra, yen
ginelar ngebeki bumi, pigunanira, asung padanging urip.
10. Wit ngagesang lamun tan mawa pranatan,
mesti yen neniwasi, krana tandangira, tan wruh mring bener lepat, nurut karepe
pribadi, akal budinya, pan dadya wuta tuli.
11. Numbuk bentus rebut rosa rebut menang,
sawenang-wenang wani, mrakosa misesa, daksiya nganiyaya, mentala nguntal
sesami, kamamah renyah, nglenyer anyunyur anyir.
12. Kaya dene satokewan wong alasan, kang
maksih muda blindis, amung cecawetan, lulanging satokewan, awake kusi besisik,
tan ingopenan, rambut rengket njerginggis.
13. Panganira bongsa daging iwak mentah,
cukup pinanggang geni, omahe ting krembyah, pinda sudung andapan, gegamanira
jemparing, bandil lan tumbak, saking tulang lan patil.
14. Kelakuwan miwah wewatekanira, tegel
mentalan bengis, kaya sato galak, bebudene tan beda, tri prakawis mangan
guling, lawan cumbana, kaote datan tebih.
15. Lawan kewan kang tan wruh mring tata
praja, mula uripe sami, mung panggah kewala, tan mawa kemajuwan, durung ngreti
ngupa bukti, ingkang prayoga, kadi lumrahing janmi.
16. Rerukunan genti liru kabutuhan, daya
dinayan ngilmi, met pigunanira, temah ing alam donya, gumelar saya prayogi,
akeh wewarnan, kang sarwa edi peni.
17. Manungsa kang neg praja dadi tumata,
akal budine urip, kekarepanira, akeh mawarna-warna, marsudi tambahing budi,
saka srawungan, lawan samining janmi.
18. Saya akeh undaking kemajuwanya, pan
dadya tonda saksi, uriping budinya, contone ngengetana, carita ing jaman kuni,
uriping janma, denira ngupaya bukti.
19. Genya nyandang sarta traping bale
griya, tuwin praboting panti, pranti pagulingan, gegamane prasaja, lawas-lawas
mundak becik, timbal tumimbal, nganti prapteng samangkin.
20. Tan petungan undaking kaanan donya,
saya maju kaeksi, beda lawan kewan, kang kurang budi ngakal, wiwit kuna
prapteng mangkin, panggah kewala, tonda saksine sami.
21. Kemlandingan bisa gawe jaring sutra,
alus angrawit remit, nanging yasanira, kina prapteng samangkya, wujud lan
wagune sami, modele pada, panggah kadya kariyin.
22. Marmanira ngagesang ing alam donya,
almun maksih netepi, pranatan kang kuna, tan mawa kemajuwan, wiwit sewu taun
nguni, kena ingaran, pada lan kinjengtangis.
23. Pan wus ceta beda-bedaning manungsa,
lawan sato wanadri, tan lyan mung karana, ajuning budi akal, ingkang bangkit
mahanani, begja sangsara, tanapi ala becik.
24. Tindakira yen lincat sing laksitarja,
limut tyase kalempit, pepet temah tuna, tan pae satokewan, witing manungsa
udani, becik lan ala, lantaran saking ngilmi.
25. Ngilmu iku gumelar ngebaki bawana,
kamot kawahyeng tulis, munggweng serat weda, dinapuk mongka wulang, marang
sakehing ngaurip, ingkang kajibah, ngrataken ugi janmi.
26. Tumindaking eneng sajroning praja
jaman, tatane tan sami, lete winatara, ana atusan warsa, solan-salin tataneki,
miturut marang, ingkang mulangken ngilmi.
27. Isinira weda uga warna-warna, kawruh
lair lan batin, wulanging manembah, wasita darma yoga, widi pada lan samadi,
piwulang tama, wulang reh tata becik.
28. Kasampurnan sastra darma sastra
jendra, wiwit hidayat jati, kawruh sastra ceta, kang dadya ugerira, para nata
tanah Jawi, wit sastra ceta, ceta kawruh mumpuni.
29. Pindanira upama uriping janma, duk
lair aran bayi, nuli dadi bocah, suwe-suwe jejaka, banjur diwasa tan lami, dadi
wong tuwa, wekasan kai-kaki.
30. Dadi terang sastra ceteku sampurna,
kadi wong kaki-kaki, tuwuk gesangira, akeh pengalamanya, beda duk maksih
bebayi, durung sampurna, genya tinitah janmi.
31. Sajatining wosing kawruh sastra ceta,
mobah mosiking urip, miwah solah tingkah, tandang tanduk sadaya, solah bawa
muna-muni, sesandinira, munggweng aksara Jawi.
32. Amangsuli bab kawruh tumraping janma,
marma kudu marsudi, wit mawa piguna, meruhi mring prenatan, sing urip tumekeng
pati, wit mawa piguna, meruhi mring prenatan, sing urip tumekeng pati, nuting
prenatan, tataning wong urip.
33. Milanipun pasemon gunungan wayang,
pepetaning wanadri, sinongga gapura, karepe datan liya, kawruh sastra ceta
jati, kuwat kamotan, dening gunging dumadi.
………. M E G A T R U H ……….
01. Rada pilah kalawan tembang megatruh,
ing mangke ingkang winarni, bab gunungan wayanganipun, manawa kinarya
ngringgit, kanggenira kang wus maton.
02. Kang kapisan kanggo petaning kadatun,
gapura lan taman sari, kekayon tuwin wanagung, gunung watu wadas curi, rago
pereng jurang sigrong.
03. Pan sadaya iku bumi tegesipun, dene
ingkang kaping kalih, kanggo barat sindung riwut, lesus dedet erawati, bajra
prahara gumerot.
04. Sadayeku pan maruta tegesipun, wondene
ingkang kaping tri, kangge jaladara mendung, udan tanapi jaladri, kroda
ambaking trita rob.
05. Lepen sendang ing tegesipun banyu,
kaping pat lamun winalik, dadya abrit, sungginipun, kinarya urubing geni,
ambulad-bulad angobong.
06. Tuwin kangge gelap ngampar guntur
gludug, ingkang tegesipun geni, dadya trang gunungan iku, kanggo petan bumi
angin, banyu lan geni wus maton.
07. Yen mangkono petane gunungan iku,
dadya pralampitaneki, ananing anasir catur, bumi angin banyu geni, papat dadi
adon-adonan.
08. Dadya witing anane sagunging ujud,
kadadyanira pan saking, sarining anasir catur, campur daya andayani, kadya kang
wus kacariyos.
09. Neng sajroning serat jitabsara kasbut,
nanging ngriki boya metik, cetaning cariyosipun, dene kang arsa ginusti,
gatining kang winiraos.
10. Nulad saking kawruh asta-brateku,
mirid poncapranaweki, kang nrangken ambeging latu, bantala tirta lan angin,
mongka njebarken pangretos.
11. Catur brata bumi banyu angin latu,
wewatekane tan sami, dingin bumi watekipun, amot mengku pangaksami, gung dananira
tanpa pot.
12. Tan sawala ginaru wluku pinacul,
linawet dipun tangani, malah meles maweh untung, wetuning tanemaneki, pun dadya
daharaning wong.
13. Wong kang mrusul met asil maculi
puntuk, dinudah dipun duduki, si bumu sung sukeng kalbu, yen kabeneran sok
manggih, pendeman kancana kaot.
14. Temah dadi kabegjaning kang anduduk,
de bumi tan nyulayani, den cak-icak rinten dalu, nadah sesukering janmi,
salaminira mung momot.
15. Marmanira bumi tumraping pra manus,
sinebut Ibu Pertiwi, krana urip prapteng lampus, wadaging manungsa iki, iya
neng pratala manggon.
16. Kapindone ambeging toya puniku, adil
tan kendat ngademi, ngapura paranmartestu, satata bisa ngenaki, marang
sagunging temuwoh.
17. Tan ngrengati nadyan cinawuk ciniduk,
tan cuwa ginawe cawik, tan kawuryan tabetipun, pinerang sakala pulih, weh marta
sagung dumados.
18. Mahanani tukuling kang tanem tuwuh,
seger weh longgoring wiji, wiji kang ngedalken untung, dadya rijekining janmi,
salaminira mangkono.
19. Uga kanggo ngresiki regeding manus,
winasuh sarana warih, murih waras raganipun, sing urip tumekeng pati, tan pisah
lan tirta yektos.
20. Kaping tiga ambeging maruta iku, temen
tan goroh salami, bisa nusup ing alembut, amiguna mikenani, mangintip-intip tan
katon.
21. Terang lamun tan winangenaning laku,
yen tinarik nora serik, yen tinulak datan mesgul, lakune alus lestari,
temen-temen nora goroh.
22. Upamane mentas nrajang taman santun,
pasti maweh gonda wangi, lamun mentas saking kakus, gandane kang katut angin,
tan liya tembeleking wong.
23. Sarta ugi dadi pirantining idup, napas
ingkang manjing mijil, terang angin ananipun, yen tan ambegan nem menit, dadya
petikan sayektos.
24. Gung anjani uriping kang tanem tuwuh,
sakehing teneman pami, rupak papane tan antuk, daya sumiliring angin, tamtu
kuru kurang longgor.
25. Kaping catur ambeging dahana iku,
kerase kalingan aris, sareh serenge sinerung, rapet datan ngetawisi,
tinular-tular tan kalong.
26. Amisesa ngelesa brasta sirna swuh,
lebur reregeding bumi, ambabadi mring rerungkud, kang peteng dipun obori,
rumeksa mrih karahayon.
27. Pancen nyata dadya pirantining idup,
ageng dayanira agni, mring janma luwih pakantuk, kanggo ngreratengi bukti, kang
arsa dinahar ing wong.
28. Lan paedah madangi ing wanci dalu, suda
suleking pangeksi, angangeti raga lamun, kumel kinemulan atis, kanggo bediyang
lan totor.
29. Rasa geter gonda apeg penguk langu,
arus amis rasa getir, pait nyetak wengur kecut, lamun wus pinanggang geni,
temah eca dinahar wong.
30. Jangkep catur bumi banyu angin latu,
ping lima ambeging rawi, sarwa sareh budi alus, nging santosa ing pangungkih,
kukuh laksitanya.
31. Yen gunagas elok lampahing suryeku,
katone alus tur rindik, ewadene nyatanipun, sing enjing sonten dumugi, amung
rolas jam kelakon.
32. Mongka ingkang misuwur rikating laku,
sepur kilat kapal api, roket satlit montor mabur, ewadene tan ngungkuli,
lampahing surya kang alon.
33. Iya iku pratonda alusing laku,
alon-alon yen dumugi, ing sedya ingkang kinayun, dene santosaning rawi, neng
wetan wiwit tumrontong.
34. Mungup-mungup angancik pucaking
gunung, yun mangulon lampahneki, tan kena ora wus tamtu, coba sapa kang kadugi,
nulak ywa nganti mangulon.
35. Kang kaping nem ambeging soma
sitengsu, dedasar alusing budi, anor-raga solahipun, tandang tanduke mrak-ati,
sumeh manis ing pasemon.
36. Semunira kadi rarasing rum-arum,
rumesep ngarem-aremi, memalat miluting kalbu, sumrambah maweh seneng sih, asih
mring sagung wirangrong.
37. Kang umiyat Hyang Condra ayem
kayungyun, duk sedeng madangi ratri, meleng nglela lir dyah ayu, mangkono
sengseming ati, miyat candrama mancorong.
38. Apa ana wong kang geting mya sitengsu,
duk wanci anggung mangliling, wonge nesu beca-becu, dupeh nuju sepen duwit,
kaya-kaya durung tumon.
39. Kaping pitu ambeging tranggana iku,
kukuh tan cidra ing janji, kena pinitaya estu, tanpa samudana lamis, nyingkiri
pangawe awon.
40. Tan keguhan datan ngelem tan nenutuh,
manteng pamustining pasti, tetep yen wus wancinipun, jumedul aneng wiyati,
marma nganti dadi pandom.
41. Pandume petunging kartika tamtu,
kalakweng pra among tani, denira arsa nenandur, yen arsa nyebloken wiji, ana
lintang kang den antos.
42. Kaping asta ambeging swasana mendung,
adil tanpa pilih kasih, untung ala untung ayu, kang ayu ayem riniris, aris
murih karahayon.
43. De kang ala kataman pidana tamtu, ing
guntur wisesa gusis, gebyaring kilat narawung, wang wang gung pariksa titi,
niti kang ayu kang awon.
44. Pan mangkana wasitadi kang kasebut,
ana ing astarateki, mongka sudarsaneng luhung, kalamun bangkit ngiribi, wewarah
kang wus kacariyos.
45. Sambung rembug njereng
ponca-pranaweku, kaperang kawan prekawis, dingin ponca-purwandeku, ambeg
ingkang gangsal warni, wewijangane gumatok.
46. Amot momot pradah kamot lawan mengku,
kadwi ponca dumadyeki, dumadining kang pra manus, pan amung gangsal warni,
winarneng gita kacariyos.
47. Tatas titis putus netesi lan tumus,
katri ponca-prabaweki, pra-bawanireng pra manus, kasuwur mung gangsal warni,
jinereng mongka wewaton.
48. Singit nglungit singer maladi lan
alus, kapat pencawasaneki, wasananireng tumuwuh, tamtu dumunung ing lalis, kang
mung gangsal warni maton.
49. Tama asor lumrah ala miwah bagus,
kawengku dening pangrakit, rakiting lelakonipun, pancen wus kadya pinasti,
dening labeding lelakon.
50. Amangsuli rembag bab anasir catur,
bumi banyu angin agni, gatuke kalawan kawruh, dadya don-adonaneki, badan wadag
raganing wong.
51. Uga kena kinarya pranti panglebur,
ngawigarken wadag puniki, kalamun wus tan kabutuh, betah amadahi urip, uripe
wus ngesahi los.
52. Grebanira rasaning anasir catur,
tegese asung pangreti, tonja tumanjaning kawruh, keniya kinarya peling, denira
bekti mring Manon.
53. Pan Riningkes samene durung kecakup,
pama ginlar aneng ngriki, yen arsa wrin wijangipun, takona para linuwih,
kareben bisa cumeplong.
………. M I J I L ……….
01. Wijining kang kawursiteng ngarsi,
yekti yen wigatos, kagatekna mongka tuladane, karben dadi tambahing pangreti,
temah tyase dadi, jembar sugih kawruh.
02. Warna-warna metik kanan kering,
rinawat pan kamot, momot mengku kawruh apa bae, cukup cakep kacatet ing ati,
nihan kang winarni, nerusake rembug.
03. Sambetira kang kawahyeng tulis, supaya
tan pedot, bola-bali mring gunungan maneh, kang ginusti kanggone menawi,
kinarya angringgit, sok kinarya guntur.
04. Guntur wedang tuwin guntur geni,
prabaw kinaot, gelap ngampar kawah yumanine, teja maya lan swarga lokadi, tan
lyan kang kinardi, ya gununganipun.
05. Tegesira glap guntur yumani,
ringkesing pasemon, semunira ngemu gamabarane, kaananing tindak ala becik, gede
sarta cilik, tan wande wus tamtu.
06. Tinemu lan labete pribadi, becik tuwin
awon, ingkang becik antuk ganjarane, ingkang ala mestine nampani, pidananireki,
kang awrat saestu.
07. Satuhune manungsa puniki, keh kang
kabesturon, lali marang ing kawekasane, yen ngaurip pacangane pati, mongka
jaman pati, maksih ala ayu.
08. Ala becik pangayuhe saking, duk maksih
dumados, aneng donya kono dedalane, awit donya pagaganing akir, panene ana ing,
kerat kari ngunduh.
09. Angunduhi tanduraning urip, de tindak
kang awon, duk nek donya sasat nanem rawe, cubung gadung kemaduh kecacil, ingas
brungah cungis, sabangsaning racun.
10. Wisa mandi ingkang neniwasi, nggateli
maring wong, nora wurung rinasaken dewe, yeku wohing panggawe tan becik, mulane
dieling, mring dalan rahayu.
11. Krana lamun tan ngupaya sisip, yen
sepen pangggayoh, gung kainan kapitunan dewe, de dumadi titah kang linuwih,
ngluwihi sesami, sing makluk sedarum.
12. Nora wikan wajibing ngaurip, mongka
kwaseng Manon, dera nganaken janma jatine, ginaduhan wajib mung mbekteni, mring
kang Maha Suci, iku gatinipun.
13. Temahane pra manungsa lali, milalah
malengos, angastuti nguswa pialane, tuwin mangra lintang surya sasi, kesasar
kaplesit, anyingkur Hyang Agung.
14. De gunungan pinanjer neng kelir,
sangajenging blencong, munggwing tengah leres antarane, simpinganing wayang
kanan kering, jinejer rong larik, kur-ungkuran mungguh.
15. Wayang tuwin gunungane sami, tumancep
gadebog, kabeh iku dadi pesemone, kang gunungan urip ing donyeki, saisine sami,
dene keliripun.
16. Kang minongka jagad swasaneki, wondene
balencong, yeku ingkang kinarya suryane, amadangi ing jagad puniki, gadeboge
bumi, ringgit kang pinanggung.
17. Ugi simpingan ing kanan kering, pan
dadya pasemon, pra manungsa kala maksih aneng, alam duryat durung mobah-mosih,
lir wayang cumawis, nengga kanggenipun.
18. Kinarsaken ing sawanci-wanci, kalane
yen kanggo, kari njupuk kang neng simpingane, nora beda kaananing janmi,
kelairireki, aneng donyanipun.
19. Pamanggunge ringgit kanan kering,
angungkurken kayon, duk kalane durung klakokake, kadi janmi kang durung linair,
gununganing diri, datansah siningkur.
20. Sepen raos panggunggunging diri,
rebutan kinaot, durung tukul pangrasa ingsune, uga durung darbe rasa melik, rumongsa
ngungkuli, rebut luwih unggul.
21. De saking wayang ingkang sami, kinarya
lelakon, pinolahken neng kelir jatine, kanggo menang kalah mati urip, wayange
mung darmi, nglakoni saestu.
22. Atas saking karsaning kang ngringgit,
ki dalang kuwaos, murba misesa wayang kabehe, nanging dalang dudu Maha Suci,
amarga mung darmi, amolahken runtut.
23. Ingkang nanggap pindaning Hyang Widi,
ki dalang pan kanggo, pindan gesang dalah pangwasane, padanging blencong
kencenging kelir, pamintaning gending, patet sulukipun.
24. Nganti prapteng bubaran byar enjing,
mulya tancep kayon, wayang blencong kelir saprantine, klir ginulung blenconge
den ambil, wayang den kukudi, nyemplung kotak rampung.
25. Kang kadyeku pralampitaneki, ananing
dumados, jagad iki kabeh saisine, swasana lan lintang surya sasi, cleret kilat
tatit, angin mega mendung.
26. Udan bumi alas arga tasik, padang
peteng yektos, rina wengi, miwah esok sore, ngisor duwur wetan kulon tuwin, lor
kidul utawi, tengah agal alus.
27. Ageng alit priya lawan estri, tuwa
tuwin anom, manungsa lan peri prayangane, sato kewan rumangkang sekalir, kabeh
kang kumelip, ing jagad sawegung.
28. Sadayeku titahing Hyang Widi, kang
Maha Kuwaos, kang ngratoni jagad kana kene, alam donya tuwin alam akir, kang
pinuji-puji, tan lyas mung Hyang Agung.
29. Gunungane nalika kardi, panjigeging
lakon, yun ngocapken seje negarane, salin crita gunungan rumiyin, sumela neng
kelir nanging miring tanggung.
30. Bola-bali gunungan yen dadi, padaning
cariyos, pasti yen miring tanggung adege, beda karo nalikane wiwit, sore
sadurunging, kawiwitan talu.
31. Tuwin tekeng bubaran byar enjing, yeku
tancep kayon, gunungane pan jejeg adege, dadi wus trang yen mung kaping kalih,
miwiti mungkasi, adege si gunung.
32. Ingkang jejeg boya mirang-miring,
rarasing pasemon, tumitahing manungsa kalane, lair ceprot sing kandutan maksih,
mulus sarwa suci, kamanungsanipun.
33. Kaananing kalbu maksih mligi, durung
pating blentong, mundak dina gya tukul akale, tambah sasi mundak taun dadi,
campuran manunggil, lawan napsu catur.
34. Suwe-suwe napsune mawerdi, angreda
reraton, nelukake mring budi kwasane, marmanira pra manungsa sami, akeh kang
nuruti, pangajaking napsu.
35. Datan emut duk maksih bebayi, kecaket
Hyang Manon, mundak dina benggang antarane, tambah umur saya tambah tebih,
diwasane lali, bareng tuwa limut.
36. Sababing kang kadadyan kadyeki, pantes
winiraos, mundak dina si bayi budine, akal karepe ya mundak wasis, wignya
angakali, dera ngluru urup.
37. Uruping kang numrapi pribadi,
pribadining uwong, wit sadaya sabarang karyane, nelakake kalamun ngoncati, tita
anebih anebihi, nggepak sing darmestu.
38. Tuman matuh mring tindak nebihi,
mbubrah darma tlatos, temah kisruh talering darmane, ning sok asrig angucap
sadarmi, kang kinarya lamis, minteri pus-apus.
39. Bareng pikun ragane wus ringkih, kekel
gerah cekoh, cekrah-cekreh mbribeni putune, napas cekak pijer kempas-kempis,
awak kari lung-lit, rina wengi nggruguh.
40. Ihtyare jampi warni-warni, mung
panggah kemawon, dupi perak oncating atmane, legi eling yen tidake kang wis,
linakon nalisir, nanging wus kabanjur.
41. Durung nganti barpisan nobati, wus
kaselak maot, kari getun kaduwung polahe, mangkya dadi pulih lir bebayi, boya
suwe bali, kinandut neng kubur.
42. Yeku lire miwiti mungkasi, prelambang
kayon, ngadeg jejeg kaping kalih dene, ingkang mring tanggung tegeneki,
pasemoning janmi, kalane tumuwuh.
43. Aneng donya wiwit duk taruni, nganti
kempong perot, tanpa kendat goyang panggayuhe, pepenginan kang maneka warni,
nenarik tyasneki, goyang miyar-myur.
44. Kageret ing awanapsu dadi, adegira
doyong, pan katarik tinuntun mring elek, lali marang pakarti kang yukti, sigeg
tembang mijil, wirangrong sumambung.
………. WIRANGRONG ……….
01. Wauta ingkang winarni, mangkya
nyambeti cariyos, limrah dadya sekar latinipun, pasemoning janmi, kang demen
nonton wayang, ing wayah sore wus prapta.
02. Ing kono lagya mbarengi, taluning
pradongga gobyog, nging mripate ngantuk siyat-siyut, tan bisa nayuti, gletak
kebanjur nendra, sawengi trus sesenggoran.
03. Nglilire sampun byar enjing, mbarengi
wus tancep kayon, dadi tan wruh wayang duk ing dalu, lakone tan uning, weruhe
datan liya, amung panjeran gunungan.
04. Ingkang minongka mungkasi, tonda
panutuping lakon, dadine wong iku weruhipun, esuk sore lincip, tegese mung
gunungan, wiwit tanapi pungkasan.
05. Ingkang mangkuneku dadi, pralampitaning
dumados, manungsa kang dumadya tumuwuh, aneng donya iki, kang bodo nging tan
arsa, meruhi marang prenatan.
06. Tan wrin yen uriping janmi, mawa
prenatan kang maton, tatananing gesang prapteng lampus, nging deweke sutik,
kalamun anggatekna, nora perlu ngawruhana.
07. Mung katungkul mamet pokil,
karingkelan ngadu okol, kasengsem tansah amburu untung, nganti montang-manting,
tan wruh sahing prekara, karem karames kewala.
08. Kebacut datan mreduli, marang wosing
wong dumados, wiwit anom nganti prapteng sepuh, tan niyat mangreti, wong kang
mangkono tuna, dera kasebut manungsa.
09. Tan beda kebo sapi, tan wruh
beda-bedaning wong, lawan sato isining wana gung, wit wong baut ngudi, ajuning
akal budya, kang anjog marang pepadang.
10. Anuduhken ala becik, aywa malah
kabesturon, lalu lali wus muput kalimput, terang uripneki, kena kasbut
palastra, wit mati budi akalnya.
11. Nyatane datan mangerti, marang
gatining dumados, aneng donya prapteng jaman besuk, mongka yen pinikir,
pasemonireng gunungan, dera sinungging wewarnan.
12. Amung kang katon ing jawi, dene jerone
tan cocok, sunggingira abrit agni murub, kang mangkono dadi, pasemonireng
donya, kang meksi maneka warna.
13. Saestu nenarik ati, dadya
pepenginaning wong, nora wikan yen mung kanggo tutup, anutupi agni, kang tansah
ngalad-alad, mulane donya punika.
14. Temen yen temumpang geni, nora wurung
bakal kobong, marma aywa anggung enak-enuk, nuruti kang sisip, sengsem pepaes
donya, kang tan awet enggal brasta.
15. Mula den awas lan eling, lamun nganti
kabesturon, prapteng benjing mung kari gegetun, ing mangkya winarni, nenggih
purwakanira, aneng sekar dandanggula.
16. Pait pinda butrawali, lugu tan eca
kang raos, tikta nyetek tur atuntung langu, kang nggonda anyunggir, minger
mangancing waja, upama kinen necepa.
17. Pasti ngelu ngolang-ngaling, blaeran
mutah galogok, tan wentala mring pait tur langu, beda yen ngicipi, marang
manising gula, batu dasar wus den kelang.
18. Kamangsak nganggo panili, legi arume
miraos, pami kinen nginum saglas tamtu, mundut tanduk ,alih, pan nyam-nyamen
kewala, kalamun katurutana.
19. Manawa ngunjuk sakopi, pepuntone tan
rinaos, adakane keneng lara watuk, kekelen angigil, nggeges nggograken raga,
tan dangu terenge prapta.
20. Beda lawan butrawali, sanadyan pait
kinaot, nanging maweh warasing ragestu, yen kulina menti, jingklong lan emut
gila, temah tebih malriyah.
21. Mangkana pepindaneki, warah becik
miwah awon, kaya dene pait karo madu, pasti milih manis, tan sotah milih tikta,
nanging janma kang waspada.
22. Tan gampang keneng memanis, nastiti
niti kang raos, nora banjur kasusu den inum, jer senadyan pait, yen geng
pigunanira, katemah milih kang tikta.
23. Pramila langkung prayogi, anak putu
tuwa anom, ageng alit wanita myang jalu, den sregep marsudi, mring kawruhing
ngagesang, sastra-ceta kalokengrat.
24. Nggegulanga pacak becik, basunyatan
mongka waton, ngadela mring kwasaning Hyang Agung, di kapara bekti, precaya
ana-nira, gustining gesang sadaya.
25. Poma aywa anambuhi, mring daya
kuwaseng Manon, mula pada di sengkut sinau, ajar nglari ngilmi, keneng kanggo
sarana panggrendaning manahira.
26. Karben landep mingis-mingis, empaning
budi waspaos, bangkit nggayuh mring sakehing ngelmu, kang rungsit kang werit,
tumraping uripira, nganti tumekeng pralaya.
27. Aywa lincat saking eling, datan limut
temah kamot, iku pan dadya prabot saestu, tumraping sireki, mrih yuning
gesangira, ing donya prapteng delahan.
28. Jaman kerat kedah ugi, weruh mring
kawruh kang maton, amatoni ngagesang sadarum, kang supadya keni, kinarya
pandoming kang, ngaurip sajagad raya.
29. Alam kerat yun winarni, mongka nambahi
pangretos, temah tembe nora bakal tambuh, babaring kajatin, tinut pinujweng
jiwa, wasana tan mawa was-was.
30. Ngakerat mung tigang warno, juga
sonya-ruri kalok, yeku kratoning kang atma agung, kadwi aran swargi, nggoning
sarwa utama, kang katri kasbut naraka.
31. Tegesing kang sonyaruri, sonya sepi
suwung kotong, mula kalok alam suwung wang-wung, ruri obah urip, urip gung
kasbut atma, atmeku urip tan nyawa.
32. Nyata atma langgeng urip, tanpa napas
senggar-senggor, tanpa kulit daging balung sungsum, tanpa samukawis, kantine
mung pangwasa, kwaseku obah jatinya.
33. De obah tandaning urip, urip tan arah
tan enggon, nanging wrata ngebeki ngasuwung, yeku atma jati, tanpa rupa tan
warna, uga tanpa wangun gatra.
34. Anane tanpa prekawis, datan dinamel
pan dados, tan kawruhan kapan sirnanipun, tan owah tan gingsir, satuhune mung
lana, lana ananing kang atma.
35. Wangsul malih sonyaruri, mulane asring
kacariyos, yen isia pan jatine suwung, suwung nanging isi, mangkono yetinira,
papan dununging kang atma.
36. Nyata atma kang ngiseni, nanging
kacariyos kotong blong, awit tanpa ujud atma iku, nging yen kasbut isi, isine
ya mung atma, atmeku Maha Kawasa.
37. Atma kang wus nora murni, pama
kecampuran blotong, pantese pan mung asma sinebut, nanging kang wigati, dudu
babagan aran, aran mono warna-warna.
38. Kang nyata perlu ginusti, dayaning
atma kinaot, apa bae kang gumelar tamtu, nadyan kang kumelip, tan kasat dening
netra, yekti kabeh wus kadayan.
39. Kawratan kuwasaneki, kwasaning atma
kinaot, obah sipating gesang sadarum, temah andayani, ngowahaken kaanan,
nanduki sekar sarkara.
………. DANDANGGULA ……….
01. Mring memanis atma andayani, marmanira
bangkit mobah molah, mosik tumekeng owahe, anjog mring risakipun, pepuntone
samya nemahi, punkasaning kaanan, tan ana kang luput, apa ana ingkang bisa,
nangkis marang dayaning atma linuwih, tetep tan nandang rusak.
02. Wruhanira iku tonda saksi, marang daya
kwasaning Pangeran, sinebut Allah lumrahe, ana saweneh muwus, wujud apa
Allahireki, aku nora precaya, barang tan kadulu, lumrahe jaman samangya, kudu
wikan nerangken kang mawa bukti, aywa anggere ngucap.
03. Pangucape mung tansah ngapusi,
supayane bisa kasil arta, sandang pangan sabadane, nemaha laku lumuh, mamrih
napkah srana makardi, dimen urip kapenak, nak kumanak tulus, katimbang tansah
nggedangkrang, sila tumpang mejangken warahing wirit, wuruke wong kang nasar.
04. Wruhanira janma kang kadyeki, kurang
kawruh nging seneng nenacad, ceta cacad engtane, nelad nemaha padu, durung pana
wani madoni, nasar pamuwusira, remeh nora urus, rumangsa sarjaneng budya,
sujaneng rat mumpuni mring samukawis, wicarane wor upas.
05. Paksa nekad tilar trap prayogi,
gage-gage ginungweng ngakatah, kedah mamerken wasise, sukur bisa pinunjul,
nadyan jubel bujel tyasneki, kaselak dadi kondang, kandungan gumendung, dasar
gandang swaranira, saru rusuhngremehken mring kanan kering, kanti tanpa
reringa.
06. Nora susuh ngrembug Maha Suci, ceta
cupet pikirira, rasanta keter pan kecer, kocar-kacir katrucut, kacandet ing
wicalan picis, cepaking kang carita, tumraping pra manus, ingkang anom miwah
tuwa, lanang wadon bodo pinter sugih miskin, bangkit mbatin sadaya.
07. Dadya nyata janma sinung batin, marma
lebda samya amiguna, makrdi kanti batine, nanging apa wus weruh, wujud apa
batinireki, mara gage jawaba, kang saleresipun, pamane durung uninga, kena apa
wus pracaya marang batin, nganggone saben dina.
08. Upayanen dikongsi kepanggih, ing
sajroning badane manungsa, boya nganggo leren-leren, sadurunge ketemu, bisa
weruh wujuding batin, yen wus bisa pariksa, kula nyuwun dawuh, mongka jatining
Pangeran, tikel sewu aluse katimbang batin, kadyeku kawruhana.
09. Nerusake andaraning ngarsi, alam
swarga iku terangira, dununging kang becik, sing ademen tetulung, ambeg ayu
basuki becik, nyata temen utama, tindak-tandukipun, tansah prayogi cablaka,
wewekane tansah sinartan dedugi, nggayuh mring karaharjan.
10. Mila swargi ugi den wastani, nganggo
tembung Jawa kadewatan, wit kono dadya dununge, para dewa linuhung, kang
bebadan kawan prakawis, yeku atma lan budya, eling prananipun, tinambahan napsu
seta, temen-temen kapenginira mring suci, yeku sipating dewa.
11. Dene alam naraka yumani, dununging
kang sarwa nista papa, sadayaning dur lan elek, tuwin sangsara luput, ngumbar
hawa napsu tan sipi, karem ulah maksiyat, remen apus-apus, dene kang mongka
paitan, drengki srei daregi julik mutakil, panasten penasaran.
12. Yen naraka ugi den wastani, alam napsu
sarta kamaloka, karana kona dununge, panangsayaning napsu, sudra ndadra
andedrawasi, sasat setan sesopyan, susukanya sutug, tineter tindak brangasan,
bungah-bungah angetog sakehing bengis, ngiras ngangsah kamurkan.
13. Kawruhana para setan sami, prabotira
amung gangsal warna, yeku sang atma urute, nuli budi lan emut, prana napsu
kawan prekawis, mung iku sipatira sakehing lelembut, betah manggon ing naraka,
kasenengen langen ing kawah yumani, geguyon gegojegan.
14. Wonten malih janma ngiwi-iwi, wignya
timen nerangken ngakerat, kaya wus meruhi dewe, apa nora kaliru, katrangane
marang prekawis, alam-alaman kerat, salebaring lampus, apa iya dewekira, wus
nglakoni tau mati dadi mayit, kapendem neng jaratan.
15. Lamun durung tau angemasi, mesti sasar
katrangane ika, tetela mung ngawur bae, ben diarani guru, guru gede pinda kyai,
kang nyowani sung bulu bekti, ruparta sandang pangan.
16. Coba-coba sun jawabe nuli, lah
rungokna kang tliti sampurna, karben tan kisruh nalare, de wosing kang winuwus,
bab wong lena nemahi pati, pati iku punapa, priye terangipun, wruhanira wong
taruna, kang den ucapake patyeku sayekti, mung tembunge manungsa.
17. Jati pati iku yen winarni, uwaling
kang atma saha raga, nyawa oncat sing wadage, raga kotong nggaluntung, batang
iku kang den tudingi, sinebut wus palastra, marga saksinipun, wus tan bangkit
mobah molah, kadi dene kalumrahaning ngaurip, mosik nduweni patrap.
18. Kang truwaca yen arsa ngawikani,
marang alam bakdaning antaka, tlusuren saka sababe, paran sababing layu, laya
iku saka ing urip, gesang saking palastra, malak-malikipun, witing pati saking
gesang, witing gesang sayekti saka ing pati, mokal tan klebu ngakal.
19. Lamun mati durung tau urip, yen uripa
pan dereng palastra, mangkono sapiturute, rasakna kang saestu, witing ilang
saka kepanggih, manggih saka ing ana, ana saking ingsun, witing ingsun saing
manungsa, manungsasing kwasanireng atma jati, atma tanpa sesangkan.
20. Nora susah nganggo icip pati, tamtu
bisa meruhi pralaya, saka ngawruhi awite, pramanakna uripmu, mesti terang
padang kaeksi, kaananing pralaya, tumraping sirestu, yen arsa wruh maring
gesang, marsudia kang pana marang si lalis, lulutna neng pangrasa.
21. Dadya ceta kabeh wong puniki, pasti
pada wus nate palastra, duk urung linairake, aneng ngendi dunungmu, lamun sira
durung linair, ana ing alam donya, ya durung kinandut, mula pada mangretiya,
kang kadyeku jatine sireku maksih, aneng alaming laya.
22. Ana maneh kang winasis ngilmi, ahli
laku ngulah kebatinan, dasar wus akeh umure, kaloka sugih kawruh, pra tetongga
ing kanan kering, wus anganggep wong tuwa, lir wiku satuhu, wuwuse ginawe
larang, yen ngandikan medarken saliring ngilmi, kinemeng reringkesan.
23. Adakane yen klempakan bengi,
bengak-bengok ngabani sadengah, ngambali mring pangunjuke, nekad nemaha wuru,
wurung bener anemu sisip, sasar saru lan resah, lekoh laduk lulut, mamerken
kagunan raga, gar-agare nggegeret ugering kibir, bar-barane njrebabah.
24. Anggedangkrang edeg gedag-gedig,
dengkulira kinarya kendangan, deng-denge metu gendenge, gegendingan angidung,
derenging kang angirup pamrih, amrih tuwuking karsa, karsaning wong imul,
angimel ngemel memangsan, semu dokoh kokoh angatahi bukti, glundang-glundung
gendaka.
25. Wdarane tansah tan angeblaki, marang
murid kang samya winejang, jaragan dadya watake, yen kasliringing tembung,
adakane duka tan sipi, angling anguman-uman, nyambi nyrempet ngelmu, ngelmu
kang maksih muk-mukan, mahanani wetuning tembung tan yukti, temah tuwane tuwas.
26. Peng-pengane pengunge kawijil,
jajal-jajal karya cecangkriman, cangkrimaning lare angen, sapa bisa sun tuduh,
tuwa endi endog lanpitik, kodrad lawan iradad, pasti tindakipun, iku dadya
tandanira, yen pranyata sira pratitis mring ngilmi, mesti putus sampurna.
27. Sun batange cangkrimaning kaki, kang
kawedar dadya tri prakara, nanging sajuga karepe, karana terangipun, pitik
kodrat kalawan pasti, iku lire satunggal, tonda dadosipun, witing dados sing
pakarya, nora nana ngadadi sajagad iki, datan kanti kinarya.
28. Witing karya saka kwasaneki, witing
kwasa saka obahira, witing obah sing urip, urip sing atma agung, marmanira
endog lan pitik, tita yen tuwa tigan, iradad kang sepuh, panggaweku luwih tuwa,
yen katimbang karo kang sinebut pasti, tumraping kawruh donya.
29. Jati pasti cuteling pakarti, nanging
mungguhing kang Maha Kwasa, syekti disik pitike, kang tuwa kodratipun, pasti
iku kang pirsa disik, tan liya mung Pangeran, ingkang sipat agung, mangkana
batanganira, tri cangkriman ingkang winedar si kaki, kakek kekel alatah.
30. Gya pinugel denira anggurit,
panglalaring prakawis gunungan, ya kayon wayang purwane, kang wus kawahyeng
ngayun, yen kapindeng winasis kanti, tesmak kawruh kejawan, winatara cunduk,
dumawahing wahyuning kang, nganggit datan mingsra sapele tur cilik, leres lepat
sumangga.
31. Pan jaragan penganggit taruni, maksih
sepen mring bab kasusatran, mbedagel mogol kawruhe, ginodoga setaun, nora dadi
empuk myang gempi, suprandene sumengka, kumaki amberung, ngrumpaka nggubah
karangan, kang rinipta sinawung sekar mantesi, sekar alit maca-pat.
32. Datan pegat pamiteng, penganggit,
dumateng pra kang solah nupiksa, lamun uninga lepate, panyerating kang tembung,
lan kitaling basanireki, murang parama-sastra, rinimbag tan gatuk, mugi para maos
suka, amirahna tyas karsa tansah ngluberi, samodraning aksama.
33. Itih tamat putusing penggangit,
angleresi ri Sukra Cemengan, ping wplulikur tanggale, Asura wulanipun,
tatananing mongsa nyarengi, mongsa kang kaping gangsal, Ehe warsanipun,
tngering condra sangkala, caturing kang nggusti basukining bumi, juga asta-asta
pat.
…………………………………………………………………………………………………………………..
Kapendet saking buku Antjala Djarwa Alang Alang Kumitir
Kapendet saking buku Antjala Djarwa Alang Alang Kumitir
Posting Komentar untuk "ANCALA JARWA"