SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 01-10
SEJARAH TAPEL ADAM
pupuh 01-10
۩۩۩
Pupuh 01 ۩۩۩
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
- Giyuh hing tyas dennya mrih manising, wasita
[1] leng-lenge kang kahungan, tang tumunggu pangikete, pan saking
karsanipun, Kanjeng Pangran Harya Mantawis, terang hingkang timbalan
Kanjeng kang Sibuhun Susuhunan Pakubuwana, Senapati Ngalaga Ngabdurrahman,
Sayit Panatagama.
- Ingkang kaping saptarsa ngwasani, babaddira
nagri tanah Jawa, winangung hing sajarahe, haluraning laluwur, hingkang
luhur linuri-luri, linalat salirrira, laluwur kang luhur, haluran kang
saking Jawi, jinarwakker sadaya.
- Wijang-wijangira kara para ji, miwah para Nabi
Sadayannya, hawit duk tapel hadamme, tinurut hurutipun, saputrane Kanjeng
Nabi Sis, kang marang panengennya, myang pangiwanipun, pinurwa duk
purwanira, para ratu sadaya hing tanah Jawi, wawinih saking dewa.
- Trahing Nabi campur trahing ngejim, mangkya
winaone sajarahira, mugyantuka sapangate, mawantuwa ring wahyu, yuwanane
dennya ngayumi, ring wadya sadayanya, sinunga rahayu, haywana
sangsayanira, yuwanane tumerah hatrusa wuri, manggiha suka harja.
- Myang harjane wadya sanagari, Surakarta hing
karatonira, luhura lir laluwure, kang sami sinung luhur, hing Hyang luhur
luhuring nguni, kedep hing ngrat kadeppan, rat Jawa sumuyud, rerep ri pusa
hanannya, salaganing bumi pada lulut hasih, pilih tan ngastu pada.
- Kang piniji maharjeng gitadi, raden hangabehi
[2] Sibdusasatra, kaliwone raja Niten, mangun langening tembung, myang
nging tembang titaning dongding, sedeng hingkang kinondang, hamedar
kondagung, kaliwoning Kadipatyan, nenggih Raden Ranggawarsita ngabehi,
trahing pujangga praja.
- Taruna wus wignya sakaliring, kapujanggan miwah
kasujanan, halim kiwa panengene, kitab gung ngagung putus, myang nging
basa kawi winasis, muhtamak pabettira, hing carita kasus sagung para
bijaksana, Surakarta kang ahli carita sami, tuwin para pujangga.
- Miwah para ngulama kang sami, halim kitab raseh
saking para, Musannib Arab hanggite, ngajawa katampan wus, mring Susuhunan
Giri mredenni, winulangken sakabat, myang warga tinuntun, Jeng Sunan Giri
widagdya, basa Arab myang basa Kawi winasisi, winarna basa Jawa.
- Hamrih dangan kang sami miyarsi, marma
sinawungan lawan tembang, nira siku sasingkelle, rehning darmi tinuduh,
dening Gusti pinardyeng budi, muda punggung pinninda, pujanggeng
prajagung, dahad gung ring kang Pamudya, ring Hyang Ngagung kaping genging
puji, marang Sang Nayakengrat.
- Hiya Kanjeng Nabi kang sinelir, Muhammaddinnil
mustapa lawan, para sakabate kabeh, ping tri pamujinipun, marang sagunging
para Nabi, ping pat pamuji marang, para ratu-ratu, ping lima pamujinira,
marang sagung para Wali para Mukmin, tuwin para Pandita.
- Sadayane hingkang kecap sami, jroning serat
sa-[3]jarah punika, mugi genga haksamane, myang paringa panjurung, ring
panganggit wenganing budi, pamedaring tyas muda, pambukanning punggung,
pangapusireng pustaka, pinadangna dening Hyang denira hamrih, runtutute
kang carita.
- Para Pujangga hing nguni-huni, dennya sami
hamarma carita, tanah Jawa sejarahe, Ki Hageng hing Matarum, sempalane
datan winnilis, pangiwa-panengennya, pangetan winuwus, hamung bakune
binuka, panning mangkya karsanya Sri Narapati, winedar sadayanya.
- Pinurwa ring pannitra nujwari, somamanis
tanggal ping nembelas, Dulkangidah Dal tahune, sancaya windunipun,
siyang wanci hing pukul kalih, mangsa surya kasapta, sangattipun Yusub,
wuku telu kang lumampah, Brama wugu Sri tumurun nuju dadi, mangsa wuku
kalima.
- Sinenkelan yenning tahun sasi, gunung hobah
hing pitun nagara, lamun hing tahun srengenge, sangkalannya penettung,
patang rupa Panditeng nagri, hijrah jeng Nabi duta, hing tahun sitangsu,
Pandawa lilima manembah, hing jeng Nabi tahun surya pitung bumi, nembah
hing nayakengrat.
- Sangkalaning jagad hetang hawit, Nabi Adam
tumurun mring dunya, Lan Babu Kawa toyane, samodra warna pitu, hiku lamun
hing tahun sasi, lamuning tahun surya, sangkalanira wus, sirna guna
trussing rasa, kunneng kitab Bahrul Butun kang winarni, rinacul
lapallira.
- Myang maknane sampun den muraddi, kusus lawan
[4] Ijemmak kiyasira, trussing dalil lan kadisse, duk masih awang-uwung,
myang ngilmunning maksih ginaib, ran Allah durung ngana, miwah ranning
rasul, halamipun Akadiyat, nulya kitab Bahrun Ngalam hingkang muni,
halamipun Wahdat.
- Maksih rancanganing gaib, nuli Bahrul
layud-layud ranning kitab, Waakidiyat halamane, ya misih gaib iku, Arwah
halammira winnarni, ran Allah lan Muhamat, katelune rasul, laku tri Insan
Kamil, sapta wajib kababar.
- Sadurunge gumelar bumi langit, maksih wang wung
Akadiyat kocap, ghaibing ghaib tegese, yaila iyanajul, dadi dhingin kang
sajaratil, muntaha nuli hana, kang haran cahya nur, Gusti Allah
hangandika, marang hing nur heh nur sujudda hing kami, nur sujud kaping
lima.
- Mring Pangeran hingkang Maha Suci, marma wonten
limang wektu solat, wit saking henur sujudde, kang smi sedya ngrungu,
mituhuwa hyaiing dalil, kang maca jinabdda, haja gumantung junut, kang
henur dadi kamulyan, nur malumah kukuse mandhuwur sami, dadi langit
kasapta.
- Saisine hing nginggil pra sami. Haran kursi
miwah dhindhing jalal, lukkil mahpul satulise, kukus dadi gni sumyur,
kamulane Malaekat sami, miwah [5] jan lanhitnujan, lan widada rya gung,
surya lintang lan rembulan, lan sadaya isine nginggil prasami, saking nur
lumahira.
- Kaebing nur jroning kitab muni, Barul Lahud he
nur kurebira, dadi bumi kapitue, lawan saisinipun, hingkang wonten
sajroning bumi, jro kali jro samodra, jroning rong jro watu, miwah kang
nyangga pratala, sadayane saking kurebing nur sami, gya nur miring
sujudnya.
- Marma dadi bumu handhap hinggil, legak-legok
papereng jajurang, saking hing nur pamirenge, hanuli henur lungguh, dadi
kamulane kang hardi, saking nur lungguhira, mdal krengetipun, dadya kamulane
toya umbul sumber kali pancuran jaladri, kringeting nur asalnya.
- Reregeting henur hingkang mijil, dadi kamulane
isining rat, jro bumi dharat toyane, kekedhepe hingkang nur, kamulane
gurnita sami, caleret thathit kilat, lalidhah galudhug, hangsal saking nur
kedhepnya, misih gaib hangsal karsaning Hyang Widhi wahdat lan wakadiyat.
- Hantaraning pitung leksa warsi, Gusti Allah pan
[6] harsa hanglirna, halam Arwah pannabanne, ngandika Kun Payakun, gimelar
kang bumi langit, lan saisine pisan, kang pepak Asnapun, bumi langit gya
gumelar, lapal Kuran Sitikatyi yayamin, semastana ngaras.
- Kursi maknanipun pan dadining, langit
kasapta saisenira, kalawan pitung bumine, hiya saisinipun, hing dalem nem
dinna mepaki lalampahan, sewu warsa sawiji-wijining langit, denning
lalongkangira.
- Hing sawiji-wiji kang langit, nglimang ngatus
tahun hibrerira, hing peksi tanpa hareren, dhindhing jalal punika,
tegesipun halam Swargadi, hapan petak-petakan, lir tala tawon gung
satunggal-tunggaling swarga, wiyaripun tanpa wangenan sayekti, widadari
kang tengga.
- Warna sakawan kang widadari, putih ireng kuning
lawan abang, kang putih semu jenarre, lan hireng abang tungtung, hingkang
hireng tungtunge abrit, semu pethak lan jenar, hingkang abang tungtung,
kuning tungtung tungtung pethak, sorot hireng sadaya sulake wilis, kang
widadari jenar.
- Sorot hireng abang tungtung putih, tejanya
muyek hingkang pasariran, rebut gon sungsun sorotte, hujwalanira banung,
sasolahe hangresapeni, haruruh rurus wijang, tan kena winuwus, hendah
hendahe kang warna, pan sadaya kakuwunge hanelahi, saben swatga satunggal.
- Hingkang tengga ten kena winilis, widadarine
[7] kathen wendran, sadayeku hing badhene, nenggih gadhanganipun, jalma
hingkang sami hantuk sih, hing Hyang manjing sawarga, ginanjar sadarum,
hing sapetak petakira, warna-warna kaswargan sawiji-wiji, hana rupa
mutyara.
- Rikittanne pan mutyara sami, kembang-kembang
pethettanning taman, hawarna mutyara kabeh, hapraba ting palancur, kang
kasawarganipun sawiji, sami hinten sadaya, pepethettannipun, godhong woh
sekar pradapa, pang wit hinten sararenggannira sami , sara wedinne kodrat.
- Ngebarliyan ngujwala nelahi, hing sawarga
jumerud mangkana, pra sami jumerud kabeh, pethetan kembangipun, kumala mas
luru, suwasa miwah salaka, sakalire kadya kang wus kocap nguni, namane ya
warnanannya.
- Marma hujwalannira nelahi, ting pancorot mancur
ting palancur, tan nana siyang dalune, halam sawarga punika, tetep
halambang kang nglanggengi, tan kenna winarnaha, pasang rakitipun,
satunggal tunggaling swarga, kodrating Hynag pan sarwa ngebat tebatti,
pepucakking sawarga.
- Lapal laila hailalahi, lan lapal mukamad
rasullulah, kang haran [8] ngisor swargane, kang haran lohkilmahpul,
maknanipun lapal kakalih, loh punika pan kalam, mahpul papanipun, kang
kalam nurat piyambak, haneng papan nora lawan den cekelli, tan wonten
kendellira.
- Kuwasane Hyang kang Maha Suci, lepas saking
watara duduga, tinggal prayoga majadde, kalangkung helokkipun, pangandika
sapisan dadi, Kun Payakun samana, sajege tumanduk, tanpa wali wali Allah,
sipat baka tanpa obah tanpa gingsir, hingkang kayu sajarah.
- Til muntaha hageng hang nguwit, pitung jagad
gagodhongannira, pan monca warna rupane, kunning bang hireng biru,
kapuranto dadu lan wilis, wungu kalawan seta, sami mawi kuwung, rebut
sorot ting galebyar, ting pancorot haciri tulisan sami,haranne kang
manungsa.
- Lamun godhong alum salah siji, pasthi lamun
manungsa lara, yen godhong aking huwonge, wus tuwa repot ciklu, lamun
godhong rentah saking wit, tinadhahan malekat, gya tumurun malekat ngambil
nyawaning, jalma kang mungal surat.
- Yen wus kababar halamming jalmi. Lohkil mahpul
[9] dadi panengeran, manungsa dawa cendhake, lamun godhong nom runtuh,
pupus miwah tengah kang pethil, rentah saking wittira, hana pethil sepuh,
hobahe kang gagodhongan, lir gamellan hunine pating carengkling,
hiramanira raras.
- Hanyumrahi sarira kapyarsi, ngegarakenning tyas
hungallira, jajalangan gendhingngane, sangandhping wreksagung, kang
rumeksa malekat sami, yutan baran hawendran, tan kenna hingetung, saking
kathahing malekat, karyanipun pinatah sawiji-wiji, sapangkat pangakattira.
- Kang kinarya hutusan Hyang Widdhi, pan sakawan
malekat Mukarab, Janarail, Mingkaille, Ngisrapil, Ngijraillu, denning
kannang sakawan sami, Ijajil gangsallira, hapan kinaryagung, hangreh
malekat sadaya, kang minangka kalipahira Hyang Widdhi, dadya ratuning
suwarga.
- Denne hingkang pitung lapis bumi, jembarripun
lawan langit samya, pan kinarya kebarrane, hing ngandhap lan ning luhur,
miwah lapis-lapissing bumi, lan langit tan prabeda, hing sap-sapannipun,
sinengga denning Malekat, warni Naga hing Mesrik tekeng Mahribbi, sirah
buntutting Naga.
- Lantan mindhuwur hing pitung langit,
buntut ma-[10]lengkung gathuk lan sirah, hamangan buntutte dhewe,
wengkuning bumi pitu, hiya warna Naga nglekeri, buntut gathuk lan sirah,
hiya buntuttipun, kang minangsa salaminnya, takdirring Hyang nora lara
hangreh matti, hingkang Naga sinongga.
- Denning lembu gumarang sawiji, sungu sewu
kupenge kang singat, maksrik tekeng mahribbinne, lembu sinonggong watu,
kumalasa hageng nglangkungi, wiyare pitung jagad, denning selannipun,
hapan sinongga hing minna, hulam henun singga dening jaladri, hamongsa
sami hulam.
- Minna littatalit prapta pribadi, takdiring
Hyang tannana kendhatnya, dene saluhur bumine, cinatur hisennipun, kang
dumadi sawiji-wiji, redi lebak jurang, sami medal banyu, sendhang kali lan
pancuran, hasri tinon pasangan surya lan sasi, lintang habra hing tawang.
- Kuwung malengkung punggirring langit, sirah
manjangan ngobe sagara, kilat thathit lan caleret, glar sato kewanipun,
wana wukir jurang ringring, warnane beda-beda, miwah jroning banyu, hisine
pan warna-warna, hising rong jro bumi datanpa wilis, warnane beda-beda.
- Wus mangkana Hyang Maha Suci, nitaheken kang
peksi satunggal, geng luhur hijo warnane, gilapnya kang lar mancur, pakanane
wus den cawisi, tumuwuhan ngalam dunya, pira-pira thukul, lir wiji sawi
warnanya, satelase thuthukulan den thotholi, kang peksi nuli ejah.
- Nulya Allah ngandikeng Ngijrail, kinen manjing
[11] sajroning mutyara, sawiji sami gedhene, Ngijrail haturipun, lebet
hamba saking ing pundi, tan wontenten marganira, kang kumala buntu, lan
hinggih mongsa dedhenga, kang kumala namung sawijining sawi, lamun hamba
beber lar.
- Saking Masrik meh tekeng Mahribi, punika mba
dereng tiwikrama, maksih warni malekat, ngalam dunya meh jujul, lamun
tiwikrama sayekti, hing ngalam dunya sesak, hing pundi pukulun, marmamba
saged manjinga, hing sosotya Allah hangandika haris, hora teka manjinga.
- hajrih mopo Ngijrail gya manjing hing sasotya
langkung wiyarira, sigra hambeber elare, miber kalangan nglangut, nora
montra gepok hing pinggir, dedel meksa tan montra, gepoka hing luhur,
Ngijroil sayah hibernya, nulya kendel sujud tobat hing Hyang Widdhi, nuwun
hapurasmara.
۩۩۩
Pupuh 02 ۩۩۩
HASMARADANA
HASMARADANA
- Hyang Suksma ngandika aris, heh Ngijrail
awasna, ngarsanira apa katon, Ngijrail sigra humiyat, wonten peksi
satunggal, warnanya ijem kalangkung, hujwalanira sumunar.
- Tungtung abang sorot kuning, tungtung biru
so-[12]rot pethak, muncar ngunguwung prabane, gilaping larnya tumeja, Sang
Hyang Suksma ngandika, Ngijrail den enggal mangsuk, marang guwa garba.
- Hiya ingkang manuk wilis, Ngijrail saksama,
hing sajroning paksi hijo, hanglangkungi wiyarira, hupami bebera lar,
mibera den kadi wau, gepok pinggire tan bisa.
- Hosiking tyasnya Ngijrail, Gusti
Rabilngalaminna, luwih saking kuwasane, tan kena kinaya ngapa, marang
hingkang kawula, lan iki hana wismagung, haneng jroning guwa garba.
- Warnane kaliwat wilis, Ngijrail harsa parekka,
larutsadaya bayune, kang Maha Suci ngandika, Ngijrail malebuwa, jroning
wisma hijo iku, Ngijroil matur nglenggana.
- Hamba tan seged mrepeki, lesu lupa tanpa
krekat, tadhah dadaku maklukke, Allah Tangala ngandika, hiya Ingsun
tarima, Ngijrail haturireki, dhadhasar mangkono uga.
- Miyarsa swara Ngijrail, dumateng kalingan hira,
neng sajroning wisma hijo, humatur swara punapa, Gusti kang kapiyarsa,
ngandika kang Maha Luhur, heh Ngijrail wruhanira.
- Yeku swaraning Sankamil, Ngijrail lon turira,
[13] wonten pundi panggenanne, kang Maha Suci ngandika, tan ing jro tan
ing jaba, nora ngisor nora dhuwur, hadohe tan wangenan.
- Luwih parek lan sireki, ananging nora gepokan,
Ngijrail halon hature, saderengipun gemelar, bumi langit kasapta, wonten
ing pundi genipun, kang Maha Suci ngandika.
- Lah hiya hiku Ngijrail, bablase Inwaakada,
bakda soinlasonene, sadurungira ginelar, tan kena ingaranan, hiya yen
sawiji iku, gemlare bumi akasa.
- Tan kena ingaranan kalih, kang nurat ngusuli
sabda, kados pundi terbukane, lapal kakalih punika, sami dipun galiha, duk
maksihe awang uwung, Sankamil panggenanira.
- Hantaranira Ngijrail, dennya lumebu sasotya,
pan sewu warsa lamine, mangkana kang murbeng jagad, hangresakken anitah,
neng dunya jin naminipun, kinarya sisining jagad.
- Neng alam dunya alami, salaki rabi satata,
branahan anak putune, ejan kang minangka raja, tamejut kadi jalma, maksih
sami badan alus, awit angsal dadining brama.
- Lakune duraka sami, datan mukir ring Pangeran,
lali mring hingkang nitahake, lamine antaranira, jan dadi ratu dunya, apan
pitung keksa tahun, mumah mumuh ambeganira.
- Dadi kadukaning widdhi, jan sira sinamber
gelap, [14] anak putu kadhatone, Hyang Sukma nuli hakarsa, nitahaken
banujan, neng dunya kinatya ratu, sami angsal saking brama.
- Bala pirang-pirang kathi, slaki rabi satata,
branahan anak putune, maksih badan alus samya, banujan dadi raja,
puwa-puwa hambegipun, namak mumah aneng dunya.
- Lakune duraka sami, bajunan sanak putunya, lali
marang Pangeran, lamine antaranira, dadi ratu neng dunya, hapan wolung
leksa tahun, hanulya tampa duduka.
- Sanak putune sirnanting, banujan kinelem toya,
yata hingkang winiraos, kang kinarsakken dening Hyang, Sang Ijajil
Malekat, dadi ratuning swarga gung, langkung mukti hawibawa.
- Duka samana sang Ngijrail, wus dilalah
tyasirarsa, huninga ngisor langite, tan antara gya tumedhak, ginrebeg pra
Malekat, pitung kathi kang tut pungkur, prapta sor langit kapisan.
- Hangabekti sewu warsi, Ijajil marang Pangeran,
tangine saking sujude, saha bala gya tumedhak, mring langit ping kalihnya,
sapraptane lajeng sujud, Ijajil marang Pangeran.
- Hing sawuse sewu warsi, saha bala gya tumedhak,
[15] pan cinaturaken bae, saben langit pan mangkana, Ijajil udhunira,
jangkep pitung lapisipun, hiya pitung ewu warsa.
- Wus prapteng dunya Ngijajil, langkung denira
kacaryan, lali karaton swargane, mider hangideri jagad, Ijajil takdiring
Hyang, karasan minggah gunung, jinang kali myang sagara.
- Glar sato kewan marpeki, miwah isining samodra,
akeh warnane katongtong, kali sumber myang bagawan, sendhang miwah
pancuran, suruping surya handulu, kemyare wulan lanlintang.
- Pating karethap neng langit, abra sajagad
kawratan, Ijajil karem ing tyas, neng dungya ngideri jagad, masrik mahrib
jinajah, hingiring malekat gung, pitung kathi datan pisah.
- Pra malekat matur sami, sadaya ngajak wangsula,
kundur minggah sawargane, dennya wus lami neng dunya, bikmanawi paduka,
manggih dukaning Hyang Ngagung, Ijajil alon sahurnya.
- Hiya sun tarima sami, malekat kabeh turira, sru
marma ing jeneng ingong, hanana kang walang diya, mungguh dukaning Suksma,
hing tyasingsun durung tutug, miyat lalengening dunya.
- Deningta gen ingsun bali, mulih marang nging
[16] sawarga, lamun wus padha lawase, lan endhuningsun mring dunya, saking
langit kasapta, hiya pitung ewu tahun, ngabekti marang Pangeran.
- Malekat kendel samyajrih, nyerang atur mring
ratunya, dadi anut sakarsane, iku caritaning kitab, Bahrul butun kalawan,
Bahrul ngalam nahrul lahud, hananing jan lan banujan.
- Lawan malekat Ngijajil, anannya kinarya wijang,
tinithahken dewe-dewe, wonten kaol kang satengah, mungal sajroning kitab,
nenggih salsilatul guyub, min ansabil jinatiwas.
- Sayasin tegesereki, sajarahing jin lan setan,
kang bangsa siluman kabeh, nalika jeng Rasulullah, siniwi aneng kakbah, hing
para sakabet agung, nimbali ratuning setan.
- Kalawan ratuning Ngejin, nama Prabu Tamimasar,
ratune setan namane, nenggih sang raja Saraban, dinangu kalihira, ananing
jin purwanipun, kalawan ananing setan.
- Nembah sujud ratuning jin, miwah ratuning kang
setan, Saraban Tamimasane, ngaturken sajarahira, sageng bangsa siluman,
ananing jin purwanipun, miwah ananing kang setan.
- Hingkang tinitah rumiyin, Marijan lawan
Marijah, [17] dereng sipat, dereng sipat jin kalihe, sajodo warni bun
upas, sami kadadosannya, hulate kang latu samun, hapan upasing dahana.
- Hinggih sami mijil saking, cahya Nur
kamulanira, kang Maha Suci karsane, kinarya isining jagad, Maeijo susutan
Jan, hajan punika sasunu, hejan paparab Banujan.
- Punika kawit sipat jin, Banujan yoga tetiga,
Ijajil kang sepuh dhewe, kinarya ratuning Swarga, sasampuning kadukan,
hakathah jajulukipun, Ajumarah sayatina.
- Paparab malekat Karis, hajajuluk Iblis laknat,
hanurunken setan kabeh, sutaning banujan hingkang, panengah namanira,
Ngajalijin turunipun, kang wuragil sutanira.
- Hapaparab Handajali, nurunken dewa lan ditya,
kathah asalah kadaden, handajali turunira, wahuta kang winarna, Ijajil
sutanipun, pinucung sang kathahnya.
۩۩۩
Pupuh 03 ۩۩۩
P U C U N G
P U C U N G
- Hingkang sepuh sutane nama yalabur, Pasin
panggulunya, nulya Akwari nireki, apan nuli lakaos nulestri marah.
- Nuli sahet nuli dasim srinipun, hanuli welahan,
sadaya suteng Ngijajil, sanga pisan pan dadi ratuning setan.
- Tan winuwus kang wawolu turunipun, namung
tu-[18]runira, Jalabur hingkang winarni, saurute praptaning raja Saraban.
- Pan sakawan nenggih sutaning jalabur, kang
sepuh hanama, dajal paparabireki, Dajal lannat hamargantuk lannattulah.
- Kinunjara haneng langit ping catur, wit badhe
mamongsa, nglebur saisining bumi, linuwaran benjang yen dina kiyamat.
- Haprang lawan Nabi Ngisa mengsahipun, Mukamat
ngapiyah, Humarmaya Nabi Kilir pejahipun Dajal saking Nabi Ngisa.
- Rining Dajallannat Dajil naminipun, Senut
arinira, nama Nun hingkang wuragil, Dajil wau nama Dulilsutanira.
- Nuli dubil nuli dit blas sutanipun, hasusuta
Lallal, ingkang gadha jeng Nabi Dris, cinolok dom netranira hingkang kiwa.
- Dalah mangke picak siji netranipun, Lallah
asasuta, suta satunggil hanama Lalim, hasasuta Jalarat susuta Buldet.
- Hingkang katul minggah ing palwa Nabi Nuh,
Buldat hasasuta, Sarhas nuli hasasiwi, Mihsat suta Hamarah suta Hawiyan.
- Hasasuta nama Langin hasasunu, Biktab suta
Distar Distar, sauta Balal sasiwi, Hambal suta Kibrat nuli sutanira.
- Nama Iprid kang ngrencana Nabi Ayub, kala
ka-[19]sengsara, Iprid punika sasiwi, nama Ngiprus hasuta Karisiyan.
- Hasasuta nama Swino hasasunu, Dipil hasasuta,
Milasar suta Asijasin, nuli hasasuta nama Karis sarah.
- Karissarah wahu puputra Ngastarus, sasuta
Buldyat, Buldyat wahu sasiwi, Dulya larat susuta nama Duwanar.
- Hasasuta Buwanarjas hasasunu, Salahat sasuta,
nama Bangan hasasiwi, nama Bangal jebul hasasuta Yayal.
- Hasasuta Jahil hasasuta Sarbun, suta
Sarbudanar, suta Mungajal sasiwi, Maksum suta Malrat suta Mallarabad.
- Hasasuta raja Sarabad puniku, turun kawandasa,
tatiga saking Ngijajil, sutanipun sanga kathah pencarira.
- Lawan turun Handajali hapancarut, sami lap
ingalap, miwah turuning Ngajali, hapan dadi isen-isen ngalam dunya.
- Hingkang nurunaken jim Ngajali wau,
Ngajali sasuta, nama Ngaljus hasasiwi, nama Ngajrak kayanganira karanan.
- Hing Ngajurak sasuta Damras ranipun, hasasuta
haswat, sasuta Amman sasiwi, ran Maheran punika pan kawit Islam.
- Hanut marang agamanira Nabi Nuh, Maheran
sasu-[20]ta, Sabah hasasuta Sahlil, hasasuta Sajab Katlabat.
- Hawit kapir hamargi kawon perangipun, lan
ratuning setan, nama Wujan trah Ngijajil, sutaning Katlabat ngatis
namanira.
- Hasasuta Kadngan hanuli sasunu, Latbiyan
sasuta, nama Sarsar hasasiwi, nama Aswas hasasuta nama Dadjah.
- Hasasuta Hajali namanireku, kang sareng sadina
lahire lan Kanjeng Nabi, Yusub lajeng dados pawong mitranira.
- Kawit Islam malih Gajali milyanut, hing
ngagamanira, sarengat Nabi Ibrahim, jin Gajali sasuta nama Alidat.
- Hasasuta Janabar kawon prangipun, lan ratuning
setan, raja Iprid trah Ngijajil, kapir malih Janabar manut ingsetan.
- Hasasuta Salmun hanuli sasunu, Salmusil
namanya, sasuta nama Aswasil, hasasuta Karmus suta Salmunasar.
- Hasasuta Sarngam sasuta Jabarjus, kapir lajeng
Islam, teluk marang Kanjeng Nabi, Sulaeman wus sare sarengat jeng nabi
Musa.
- Raja Barjus pan kinarya ratunipun, jim setan
sadaya, dening jeng Suleman nabi, suteng Barjus Asngasar sasuta Bastam.
- Nuli hasasuta Kasras hasasunu, hejin tir
sasuta, nama Inrus hasasiwi, nama Kanam kapir malih kawon aprang.
- Lan ratuning setan nama Bangaljetul, kanam
ha-[21]nama Bal, Kanam sasuta Sarkasi, hasasuta Girkasi suta
Kabiras.
- Hasasuta Giraji nuli sasunu, hanama Dam riyat,
lajeng Islam manut maring, agamane jeng Nabi Ngisa reh kulah.
- Jin Damriyat wau hasasuta Memum, memum
hasasuta, nama Mursad hasasiwi, hanama jin Sangkan sasuta Marikan.
- Hasasuta Karissatir namanipun, kakalih sutanya
kang sepuh namanireki, hejin Kalbal kang anem jim Kaskani jan.
- Hasasuta Aswasil nuli sasunu, Sanasil apatya,
jim Kalbat wau sasiwi, Dawisatir hasasuta Tiyruyasar.
- Tiyruyasar punik nuli sasunu, Prabu Tamimasar,
hapeputra Rodosatir, hapan seket turunan saking Marijan.
- Kang wus kecap sadaya wau jim ratu, lan
ratuning setan, mung ginanjar hingkang maring, Prabu Tamimasar lan raja
Sarabad.
- Gurunipn Handajali kang cinatur, sutannya
satunggal, nenggih peparabireki, Prabu Winus jajuluk Sri Handakara.
- Handakara sutanira wolulikur, hingkang sepuh
nama, Prabu Paliya warni jim, panggulune hanama Prabu Jampina.
- Warni ditya sungu nuli harinipun, ran Patih
Parwata, harinira nama Jahwi, awak sarpa nuli rinira hanama.
- Jin Jaminah jin diyu jajulukipun, nulya
harinira, hanama [22] raja Parangin, harinipun nama Min warni kukila.
- Harinipun nama Kup hawarni manuk, nuli
harinira, warni yuyu nama Dahri, harinira ran Maranis warni ditya.
- Harinipun hanama ejim Wakitu, hinggih warni
ditya, nulya rinira hanami, Sang Balidhuh warni jim jajuluk Baljwak.
- Harinipun hanama Ejim Balituk, hanama waraka,
nuli Malituk warnesthi, nuli Prabu Ngamunkeling jajuluk Am.
- Nuli Prabu Nuradi nuli rinipun, hanama
Wellahan, harinya ran Patih Hamir, harinipun jim Kaliku namanira.
- Warni Kucing nulya Kalilat rinipun, Ejim warni
Sima, nuli Wenu rinireki, harinira nama Limpak warni gajah.
- Nuli Lapuk warni ditya harinipun, Suhas warni
kapal, nuli Buraham, warni wil, harinira ran Palapat warni sona.
- Harinipun nama Malak warni tikus, nuli
harinira, hanama Ejim Allapid, jangkep wolulikur, kathah pencarira, sami
nurunken pribadi, turunipun kathah hingkang salah rupa.
- Turun Handajali lan Ngajali carub, miwah lan
[23] turunnya, malekat karisngijajil, carub besan binesan alap ingalap.
- Nak kumanak tanpa wilis kathahipun, bangsaning
lalembut, jim setan prayangan peri, purwa saking Marijan pungkuranira.
۩۩۩
Pupuh 04 ۩۩۩
P A N G K U R
P A N G K U R
- Kuneng jin sajarahira, hamangsuli caritanireng
nguni, nenggih kitab Bahrul butun, Bahrul ngalami lawan, Bahrul lahud
Ngijajil sasampunipun, tumurun mring ngalam donya, samana Hyang Maha Suci.
- Karsa karya tapel adam,
hingkang dadi Kalipah neng swargi, Jabarail gya ingutus, tumurun marang
donya, kinen ngambil hing siti warna pipitu, kang kinarya tapel adam,
Jabarail tumurun aglis.
- Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh
siti dhingini hangling, heh Jabarail sira hiku, dinuta hing Hyang Suksma,
kinen ngambil maring sun warna papitu, yun kinarya tapel adam, matura
marang Hyang Widdhi.
- Yen ingsun banget lenggana, dene nora wurung
adam hing benjing, nemu dukaning Hyang Ngagung, marma ingsun nglenggana,
heh Jabarail yen pari paksa sireku, ngambil ingsun warna sapta sayakti sun
upatani.
- Nemuwa bendhuning Suksma, Jabarail miyarsa
ling-[24]ing bumi, hajrih hing ngupatanipun, Jabarail wangsul sigra,
prapteng ngarsaning Hyang Suksma sujud matur, lamun siti sru nglenggana,
hing karsa Hyang Maha Suci.
- Kinarya tapeling Adam, dene boten wande adam
hing benjing, manggih dukaning Hyang Ngagung, lamun kawula paksa, nepatani
sanget ing papacuhipun, hamba tinedha manggiha, kang sanget beduning
Widdhi.
- wusnya telas haturira, Jabarail gantya hingkang
tinuding, Mingkail sigra tumurun, maring nging ngalam donya, saparptane
bumi dhingin sru muwus, tan pae pangucapira, kadya nguni mring Jarail.
- Yen kinarya tapel Adam, sru nglenggana sartane
nepatani, Mingkail dupi hangrungu, linge bumi mangkana, sigra matur
prapteng sujud matur, lamun datan hantuk karya, ajrih sapataning bumi.
- Ngijrail tumuruna, marang ngalam dunya ngambila
bumi, pitung rupa abang biru, hijo lan kapuranta, putih ireng wungu kuning
den agupuh, ingsun karya tapel Adam, Ngijrail tumurun aglis.
- Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh
[25] bumi dhingin hangling, heh Ngijrail sira iku, dinuta ing Hyang
Suksma, kinen ngambil marang sun warna papitu, kinarya tapeling Ngadam,
baliya matura haglis.
- Yen ingsun banget lenggana, dene nora
wurung Adam hing benjing, nemu dukane Hyang Ngagung, den dhunaken mring
dunya, lah matura marang Hyang kang Maha Luhur, yen mangkono haturing
wang, aja mungguh kang sirambil.
- Rupa sapta yen gelema, mung arupa siji
nglenggana mami, yen sira dreng kudu berung, maksa ngambil maring wang,
sayakti yen sun hupatani sireku, nemuwa bebenduning Hyang, marma baliya
den aglis.
- Ngijrail duk amiyarsa, lingling bumi sarya sru
nepatani, kudha sru denira muwus, heh ta apa lingira, lakuningsun hapan
dinuta Hyang Ngagung, mangsata dadak mundura, dening upatanireki.
- Gelema nora gelema, hingsun ambil rupa sapta
sireki, bantala angles tyasipun, dening Ngijrail maksa, datan mundur
sangking hing upananipun, bantala lara karuna, kathah sasambatireki.
- Hananging tan piniarsa, sasambate Ngijrail
si-[26]gra ngambil, hing bumi warna pitu, abang ireng lan seta, ijo kuning
wungu dadu lawan biru, wusnya jangkep pitung rupa, mesat Ngijrail gya
prapti.
- Hing ngarsanira Hyang Suksma, wusing sujud
ngaturaken Ngijrail, hing siti warna pipitu, heh Ngijrail kayapa,
duksirambil bumi pitung rupa hiku, sasambate lawan apa, nora nganggo
nepatani.
- Myang kalane sira gawa, sujud matur Ngjrail
mring Hyang Widdhi, hinggih Gusti sakalangkung, sasambating bantala miwah
denya nepatani hamamacuh, kawula paksa kewala, karuna sambat mlas asih.
- Hananging tan hamba pirsa, nunten kendel
bantala tan angling, telas Ngijrail turipun, Hyang Suksma hangandika, yen
mangkono Ngijrail sira hing besuk, kang Ingsun sinung karya, yen Sun wus
babar alaming.
- Manungsa neng ngalam donya, pasthi sira ingkang
Ingsun sedhahi, angambila nyanipun, hing nganak putu Adam, yen wus padha
kababar neng dunya, besuk, sira kang hanglurahana, malekat kang tunggu
sami.
- Gedhonge kayu sajarah, tilmuntahalohkil
mahpulling janmi, hawendran malekatipun, hiku sira rehna, hiya dadi
Malakulmaut sadarum, lemah hingkang pitung rupa, wijekken dadi sawiji.
- Putih ireng lawan abang, ijo dadu biru wungu
lan [27] kuning, saksana nuli cinaruh, wujude hingkang lemah, ana kasap
sedheng ana alus, wus carub winejak sigra, lembut lir endhut kang siti.
- Wusnya nuli cinaruban, kang bangsangin kalawan
bangsagni, sakawane bangsa banyu, kalawan roh Mukamad, kang ambekta
pepake, kang roh sedarum, sakahing titipaning Hyang , kawengku roh
Mukamadi.
- Lawan Ngijrail warana, papesthene kang wong
sawiji-wiji, yen wus babar alamipun, manungsa aneng dunya, lah padhnen lan
unine lhkilmahpul, pan wus ana tulisira, kang ala lawan kang becik.
- Dawa cendhak meskin begja, pinter busuk
sor ungguling kang jalmi, lan sahwat ing ngestri jalu, sawusnya carub
samya, gya rineka manungsa wau kang endhut, lamine antaranira, tapel
patang puluh warsi.
- Dadine dina Jumungah, sakalangkung bagusira
kang warsi, tan wonten sasaminipun, sadaya kang rerupan, sawidasta
panjange pan sarwa patut, Allah tangala ngandika, garangen iku Ngijrail.
- Ana ing bumi lalongkang, tanah mekah lawan
tanah [28] ing taib, sandika nuli sinambut, mring malekat sakawan,
Jabarail, Mingkail, Ngisrapil, tumut, prapta ing bumi lalongkang, sineleh
rineksa sami.
- Tapel kasonganing surya, kawarnawa wau malekat
Jajil, kang maksih kacaryan dulu, asrining ngalam dunya, pan meh lali
karatoning swargagung, mubeng angubengi jagad, lan malekat pitung kethi.
- Duk samana cinarita, sang Ngijajil sampun
miyarsi, hing karsa Hyang Maha Luhur, hakarya tapel Adam, apan lagya
ginarang samangkenipun, aneng nging bumi lalongkang, tanah Arab lan ing
taib.
- Ngijajil sampun rumangsa, lamun badhe angsal
dukaning Widdhi, kalamon dennya tumurun, marang ing ngalam dunya, kongsi
lali karatonireng swarga gung, Ijajil osiking driya, yen mangkono Maha
Suci.
- Karsa nyalini wangunan, neng sawarga kalungsur
awak mami, Adam kang kinarya ratu, melekat jajil sigra, saha bala mesat
harsa handadulu, marang tapelira Adam, prapteng longkang ngarab taib.
- Ijajil dupi ngumiyat, ing warnane tapel Adam
nglangkungi, paukiran bagusipun, tanana isiningrat, kang rarupan kadi Adam
tapelipun, tapel nuli linebetan, mider jro garba Ijajil.
- Sawusira temu gelang, langkung hebat Ijajil ani-[29]ngali,
sen isening Adam wau, sajroning guwa garba, hapan wonten kadi wisma mekar
nanjung, Ijajil harsa manjinga, ing wisma dheprok tan bangkit.
- Ijajil hanuli medal, saking hing jro
saprptanireng jawi, wawarti hing wadyanipun, pitung kethi malekat, wruhanira
jroning tapel Adam iku, nora nana sesamanya, kabeh maklukking Hyang
Widdhi.
- Isen isening badanya, pan kinarya luwih adi
kang warni, duweni alam pamengku, Abir sahire pepak, saisening swarga ing
langit kapitu, aras kursi dhidhing jalal, lohkilmahpul ana sami.
- Myang lintang surya rembulan, sawarnane pepak
tan kurang siji, lan ing jro ana kadalu, lir wisma tanpa lawang, duk
lagyarsa ingsun leboni sumaput, lesu lupa raganing wang, dheprok tan bisa
mrepeki.
- Tanpa bayu tan karkat, sun pisahken saya lesah tan
sipi, iku kira kiraningsun, nggene Iman Kamulyan, dene ingsun prepeki bae
sumaput, heh sagung para malekat, sira kang kereh ing mami.
- Upama ana parentahe ing Hyang Suksma apa gelem
sireki, hanut marang Adam hiku, ya ture para malekat, pitung kethi sayektu
kula manut, paranta yen lengganawa, yen wus karsaning Hyang Widdhi.
- Sayekti manut kewala, saparentahipun ingkang
[30] akardi, Ijajil mangsuli wuwus, yen mungguh isngun ora, lamun hana
parentahira Hyang Ngagung, kinen hanuta ing Ngadam, yekti yen lenggana
mami.
- Sun kadadehaning brama, kinen manut mring
kadadehan bumi, kedekken sakehing tuwuh, amis bacin najisan, tibeng lemah
yen jenes arus, apa gawene, kadukan ingsun lakoni.
- Yata wau karsaning Hyang, mring malekat sekawan
pan tinuding, Jabrail Mikailipun, Ngisrapil Ngjrailnya, pada sira tiyubna
mring nyawanipun, mring kakasih ingsung Adam, ananging talam rinukmi.
- Lah sira iku gawas, sigra mangkat para malekat
ngiring, anggarebeg munggwing pungkur, sapraptaning lalongkang, tiniyubken
nyawa marang grananipun, kang tapel Adam sakala, kodrating Hyang bisa
osik.
- Dupi harsa pinanjingana, ingkang nyawa marang
nging tapel nuli, hanglangkungi awratipun, jinunjung datan kangkat,
kinaliyan tiniganan tan kajunjung, kang nyawa sangsaya awrat, tan purun
manjing piranti.
- Dening jroning tapel Adam, peteng rupak
kalangkung saking rempit, gya sinereng ing Hyang Ngagung, heh teka
malebuwa, dyan tunmanduk nyawa pan narsa malebu, saking grana marginira,
lagya tumempel ing ngarsi.
- Nulya wahing tapel Adam, sirahira pecat saking [31]
ing jisim, bahu epek-epek sikut, dhengkul bokong dlamakan, Hyang kang
Murbeng Jagad pan ngandikanipun, marang malekat sakawan, padha patrapna
sami.
- Kang buyar pating palesat, wus kinumpul dening
malekat sami, tinatrap tutup lir wau, Hyang Suksma misik Adam, lamun
wahing den age sira anebut, ngucapa Alahamdulillah, gya Allah ngandika
maring.
- Malekat papat den enggal, tiyupna nyawane adam
nuli, tiniyupken nyawa mangsuk, hing tapel saking grana lumaksana prapteng
jro wus manggen wau, kang tapel wahing sakala, nebut Alhamdulillahi.
- Rabilngalamina agya, hanauri mring Allah dennya
wahing, Iyam Iya kanak budu, wa iya kanas tangyan, ingkang tapel
sadayane sampun kukuh, darbeni ros thik enthikan, ingkang napas manjing
mijil.
- Hingaranan iku ambegan, pan minangka tatalining
bfahurip, kabir sahire kawengku, wus dadya Nabi Adam, pan ingayap dening
malekat sadarum, kanan keringira aglar, miwah ngarsa lan ing wuri.
- Kalangkung ing resepira, pra malekat mring Adam
hingkang wreni, ngucap labarakullahu, tegese ingkang lapal, mupangati
tapel Adam singsun dulu, Nur mukamdira ngucap, paken pangandikaning
Widdhi.
- Sun dadekken dhingin Adam, mangka wiji haneng
[32] dunya miwiti, kang dadi ing yayahipun, sagunge kang manungsa, yen
erohe pan roh Mukamad sadarum, tur ingaken tandhaning Hyang, Allah
hangandika malih.
- Heh Jabarail den inggal, hamunduta busana
mring swargadi, hiya kang sarwa di luhung, Jabrail sigra mesat, tan antara
Jabrail ing wangsulipun bekta busana di nulya, wus inganggekaken sami.
- Nenggih ,marang Nabi Adam, makuthane nama
retnadi, sangkebbing sariranipun, busana saking swarga, pan sadaya wau
hujwala nganguwung, tan kena yen winuwusa, Nabi Adam ingkang warni.
- Saking takdiring Pangeran, sakathahing ngujud
tanana sami, saisining sawarga gung, miwah isining dunya, Sang Hyang
Suksma ngandikeng malekat catur, padha sira kalumpukna, sinome malekat
sami.
۩۩۩
Pupuh 05 ۩۩۩
S I N O M
S I N O M
- Kabeh padha hangiringna, mring Adam munggah
swargadi, sakancanira malekat, kang ana ing pitung langit, hiya lan pitung
bumi, mung kariya kang atunggu, gilira hing rareksan, sawusira ngumpul
sami, gya bidhalan Adam minggah mring sawarga.
- Sapraptanireng sawarga, kinen Palongka [33]
linggih, sinasotya nawaretna, jumerut nila widuri, prabanira nelahi,
muncar-muncar hangunguwung, tan kena winuwusa, takdinnira Hyang Widdhi,
prabanira madhangi langit kasapta.
- Pangandikaning Hyang Suksma, mring sagung
malekat sami, kabeh padha hasujuda, mring Adam kalipah mami, yeku sun
karya sulih, neng swarga humadeg ratu, mongka kalipah ingwang, pra malekat
sujud aglis, pan sadaya hamrekungkung sujudira.
- Sujud marang kahurmatan, antarane satus warsi,
mung sang Ijajil malekat, kang nora sujud pribadi, kadi hujare nguni,
tinetepan datan purun, anut ing Nabi Adam, nulya malekat Ijajil, pan
sakala kena benduning Hyang Suksma.
- Ijajil salin warnanya, rai perot mata ngelik,
liyap linyip lamun mulat, kedhepe sungsun narithil, biru putih ireki,
seret sasuluhanipun, sacanthing sitahira, bathuk lengar pundhak kepis,
kuping ciut gulune gedhe adawa.
- Dhadha greng ndringkus ingannya, weteng cempluk
bokong canthik, rambute ngaruis abang, jenggot mulyak janggut lincip, bau
sagagang aking, drijinya sadedhang gabu, sikile sahububan, dedege cendhak
acilik, ambekukul lakune miring lan oyag.
- Hyang Suksma handikanira, heh Jajil sandhangen
[34] ugi, sira mopo ing reh ingwang, mangkono warnanireki, pan sira dadi
isi, besuk neng nraka waelul, Ijajil aturira, sumangga ing karsa Gusti,
tan nglenggana dados sisining naraka.
- Nanging panuwun kawula, ing salami hamba
maksih, tinitah dereng kiyamat, lumebeng jroning yamani, kalilana nutugi,
lawan kalilana benjing, hanggagodha dhateng hing nak putu Adam.
- Wontena rencang kawula, lumebeng dhateng yomani,
Hyang Maha Suci ngandika, hiya sakarepireki, kang karencana gingsir, kang
tan gingsir ngong tanasung, lawan wong kang krana Allah, iya aja kok
pareki, lawan aja omah awor lan manungsa.
- Omaha lebak jurang, embel umbul siluk sungil,
kayu watu omahana, saanak putinireki, ing besuk kabeh kapir, Iblis lanat
ranireku, Ijajil gya kaplesat, tiba sajabaning langit, redi dhasar tutupe
naraka jahnam.
- Apan lajeng kayangan, neng redi dhasar Ijajil,
ngadhaton jroning dahana, ing saciptanira dadi, hapan dadining geni, lawan
wus sinung pinunjul, pangwasa ing Hyang Suksma, Ijajil saktinereki,
linuwihken saking malekat sadaya.
- Benjang maksih dadi raja, Ijajil kang den
ratoni, [35] setan dhemit brekasakan, iya yohanya pribadi,
tangkar-tumangkar sami, setan aglis kathahipun, manak-kumanak samya,
branahan datanpa wilis, sami mencar kayangan neng ngalam dunya.
- Linantur dening Hyang Suksma, Ijajil
sasarireki, kuneng wau kang winanrna, malekat kang sujud sami, duk
mulating Ngijajil, nalikanya nandhang bendu, malih warnaniraga, ratuning
ala sabumi, ngumpul dadi rupaning Ijajil lanat.
- Sujuding para malekat, rangkep sujud sukur
sami, tan kapire rahmatollah, ing sawuse satus warsi, liwar sadaya tangi,
saking denira asujud, marang pakaryanira, henggene sawiji-wiji, ingkang
kantun amung kang sami hangayap.
- Marang sira Nabi Adam, tanana towangireki,
malekat kang sami ngayap, miwah ingkang widadari, Nabi osiking galih,
linaden ,malekat ingsun, rumasa dudu bangsa, myang linaden widadari, gya
maladi rem-rem ayam denya lenggah.
- Sarwi nglalar lambung kiwa, parmaning Hyang
ingkang prapti, myat wonten wanudya endah, mijil saking lambung kering,
ngiga wekasan linggih, neng iringan sarwa patut, sakala Nabi Adam, medal
birainireki, sakalangkung kasmaran ing galihira.
- Haranipun Siti Kawa, kasor hapsari swargadi,
[36] pamulesmu wilis jenar, bomjo pasariran lungit, sakala kangjeng Nabi,
nolih astanya tumelung, pan arsa gayuh jangga, sigra Jabarail prapti,
hangalangi pamanglunge astanira.
- heh tuan dereng aningkah, tan wajib dadosa
rabi, mundur astanira Adam, nulya ningkah kangjeng Nabi, malekat Jabarail,
kang ningkahken kaumipun, walinya Gusti Allah, Hyang Suksma ngandika aris,
marang Adam lawan marang Siti Kawa.
- Heh wruhanta sira padha, karo ratuning
swargadi, sun jurung sakarsanira, mung siji kang sun larangi, karan
woh-wohan kuldi, haywa wani-wani jupuk, lan ing kawruhana satrunira si
Ngijajil, kawruhana panggodhane marang sira.
- Jeng Nabi lawan kang garwa, sujud sandika tur
neki, mangkana sang Ngijajil, neng ngardi dhasar genipun, miyarsa lamun
Adam, ing mangkya wus darbe rabi, Siti Kawa wastane ingkang wanodya.
- Paparingira Hyang Suksma, mangkana wau
Ngijajil, tan wus raose tyasira, yen Adam maksih neng swargi. Gya mesat
sang Ngijajil, minggah marang swarga gung, prapta mider ing jaba, temu
gelang tanpa margi, mung sawiji kinunci tinunggu ing mrak.
- Paksi mrak nang luhur lawang, sirahe mangklung
[37] mring jawi, buntut aneng jro lapisan, pikiring tyas sang Ngijajil,
nuli hamalih warni, pan arupa uler tahun, gumremet ngarsaning mrak, mulat
ing mangsanireki, gya cinucuk kalebu wetengnya.
- Nuli mising paksi merak, Ijajil tibeng jro
lapis, mubeng jro lapis kapisan, temu gelang tanpa margi, korine mung
sawiji, kinunci sarta tinunggu, dening kang ula naga, sirah mangklung
luhur kori, ilat melet lir daludag kulabetan.
- Nyrengangas siyunging naga, hagdhing liman
ngajrihi, ilunya dres kadi upas, tumiba upase mandi, netrane balerengi,
lir surya kembar duk bedhug, Ijajil ajrih nyelak, gya matak limunan ing
jim, pan sakala Ijajil dutan katingal.
- Wus nyelak ngarsaning naga, netrane kalih
sinilir, cangkemira dinamonan, merem angep langkung arip, Ijajil sigra
manjing, ing cangkem dukangopipun, prapteng jro cangkem naga, buntutira
neng jro lapis, sigra mising kang naga Ijajil medal.
- Tumiba jroning swarga, Ijajil gya malih warni,
hamindha malekat jaga, neng pinggir pethak anangis, klesedan melas asih,
kagyat widadari ngrungu, iki swaraning ngapa, kapyarsa amelas asih,
ganti-ganti widadari samya ngucap.
- Kaya swaraning karuna, dening ta sawarga iki,
larangan lamun karuna, iki teka wani nangis, sakehing widadari, kang celak
sami dudulu, celuken Siti Kawa, aningali kang anangis, tinakenan sireku
malekat apa.
- Klesetan wani karuna, kang nangis humatur
aris, milamba asru karuna, myarsa rakanta jeng Nabi, lawan paduka Gusti,
manggih serenging Hyang Ngagung, inggih badhe binical, saking sajroning
swargadi, den dhunaken inggih dhateng ngalam dunya.
- Gusti yen kalampahana, paduka lan raka Nabi,
binucal saking sawarga, dene tanpa dosa yekti, mung dumeh Nabi osik,
salebeting galihipun, linadosan malekat, rumaos yen dede jenis, mresing
driya satemah dados paduka.
- Miyos saking ngiga wekas, lambunge Nabi kang
kering, Siti Kawa keter ing tyas, watak wantuning pawestri, gugon tuwoning
galih, rumangsa lamun satuku, wasana angandika, apa temen tirireki, kang
amindha karuna matur sapata.
- Yen amba matura dora, dhatenging paduka Gusti,
kenya babenduning Hyang, badan kawula puniki, sampun limrah lan jinis,
malekat sadayanipun, Siti Kawa ngandika, iya wus ngandel wak mami, lah ing
ngendi gon sun arsa suminggaha.
- Kang malih warna turira, sarwi luhira dres
mijil, [39] dhuh Gusti saking tresnamba, darbe ratu Kangjeng Nabi, miwah
paduka Gusti, apan wonten syaratipun, paduka lan rakanta, hadahara wohing
kuldi, pasthi lamun boten amanggih daduka.
- Siti Kawa lon ngandika, iku laranganing Hyang
Widdhi, wedi yen ingsun mangana, lawan durung wruh kang warni, ingsun lan
Kangjeng Nabi, miwah malekat sadarum, tan ana kang mangana, liyan
paringing Hyang Widdhi, subkannallah kanikmataning sawarga.
- Tan liya mung subkannallah, kaya iku turireki,
mangan kuldi wohira, linarangan ing Hyang Widdhi, malekat kang anangis,
ngusapi luh sengrak senggruk, milane linarangan, wit dados sesarat Gusti,
lamun dhahar mandekken dedukaning Hyang.
- Apa temen aturira, kang nagis supata malih,
dreweli sasumpahira, temah Siti Kawa gingsir, ing tyas langkung kapengin,
nanging tan wruh prenahipun gennira woh larangan, ngandika marang kang
nangis, lah ta iya gene ingsun tuduhana.
- Siti Kawa sigra mangkat, lawan malekat kang
nangis, sapraptanireng ngunjwara, humatur paduka Gusti, pan sarwi
anudingi, wohing kuldi prenahipun, Siti Kawa duk mulat, marang wohing kayu
kuldi, sru kacaryan kumecer kedah dahara.
- Sapraptaning sor tumenga, aningali wohing
kuldi, [40] asta kalih gayuh nyandhak, woh kuldi pinethik kalih, sirah
mbun-mbunanereki, Siti Kawa pan kasundhul, sadedeg inggilira, woh kuldi
wusnya ingambil, gya dhinahar mring Siti Kawa satunggal.
- Langkung nikmate kang rasa, lagya tekeng jaja
nuli, niba kantu Siti Kawa, sahengetira ningali, kang jaja amendhisil,
mentar-mentar dadi susu, lir woh kuldi kang warna, maya-maya ngrespateni,
marmanipun wonten wulu lan jinabat.
- Kalanpun Siti Kawa, tumenga mulat woh kuldi,
marma rinaupan, kaping tri lananta kalih, kinosokan pra sami, denira
kinarya gayuh, milane kang mbun mbunan, kaping tri dipun usapi, pan
kasundhul woh kuldi kala tumenga.
- Mila kuping ingusapan, kaping tri dennya
miyarsi, ing tuduhe iblis lanat, kang mindha malekat nangis, sakng dennya
tumindak, mring saandhap wohing kuldi, saderenge wulu apan kang jinabad.
- Dene sayah riwe medal, Kawa denira lumaris,
milanipun yen wanudya, saben sasi metu getih, kadadehan woh kuldi, miwah
ingkang banyu susu, wohing kuldi toyanya, yen salat Adam ngamati, sak dina
tulhikram jakat pitrah siyam.
- Marga saking Siti Kawa, dennira mot wohing
kul-[41]di, ri sampunira mangkana, Siti Kawa kundur nuli, bekta woh kuldi
siji, karsa ingaturken wau, mring raka Nabi Adam, Ijajil kang malih warni,
sampun musna mantuk mring kayanganira.
- Yata wau Siti Kawa, kang bekta woh kuldi siji,
wus katur marang kang raka, jeng Nabi adam lingnya ris, pagene sira yayi,
wani-wani ngambil iku, kuldi laranganing Hyang, apa sira yayi lali, kala
dhawuh pacuh marang sun lan sira.
- Kang garwa lon aturira, boten kasupen wak mami,
marmane purun kawula, pan wonten malekat nangis, sareng kawula titi, margi
saking tresnanipun, ing paduka lan amba, kathah-kathah turireki, malah
sumpah yen boten temen-temena.
- manggiha babenduning Hyang, wus katur sadaya
sami, wiwitan prapteng wekasan, solahe ngambil woh kuldi, milanipun
suwawi, punika dhaharen gupuh, woh kuldi kang satunggal, hamba wus nedha
satunggal dados sarat sampun kongsi manggih duka.
- Jeng Nabi wus kangsaning Hyang, myat ing woh
kul-42]di kapangin, yen mangkono karsanira, iya yayi sun turuti,
tinampan wohing kuldi, anuli dinahar sampun, raose langkung nikmat, duk
ingeleg wohing kuldi, tekeng jongga jeng Nabi niba kantaka.
- Dadya mandhekel kang jongga, ingaranan kala
menjing, duduh kuldi dadya kama, tan antara Kangjeng Nabi, sawungunya
amanggih, dudukanira Hyang Ngagung, kalawan Siti Kawa, kang busana mesat
sami, saking badan kalih pindha maskumambang.
۩۩۩
Pupuh 06 ۩۩۩
MASKUMAMBANG
MASKUMAMBANG
- Nabi Adam lan kang garwa kawlas asih, busanane
sirna, kalih ting baringkung sami, saparan-paran kesoddan.
- Harsa ngaub tan ana kang den aubi, miwah
angambila, godhonge kang kayu sami, kinarya tutuping ngurat.
- Kayu-kayu pra sami ngujar-ujari, lah ta Adam
kawa, sampun parek-parek mami, pan andika wong duraka.
- Keneng gudha saking rencananing ngeblis, temah
antuk duka, lah lampahana pribadi, sampun ngembeti maring lyan.
- Bokmanawi kalih sami nanulari, miharsa gya
kesah, kesoddan tambuh den nungseni, sadaya lumuh pinaran.
- Wonten kayu satunggal ran kayu ajir, langkung
welasira, mring Adam Kawa lingnyaris, lah ngambila godhong ingwang.
- Sigra mara Adam Kawa mring sor anjir, kang kayu
anulya, godhonge ngalinthing sami, hingaran kayu cemara.
- wonten malih kayu kang welas ningali, marang
[43] Adam Kawa, kayu garu nguwuh aris, ing ngriki sami ngauba.
- Sigra mara sapraptaning ngisor wit, godhongipun
sirna, mangkeret dalasan mangkin, garu baluju kewala.
- Wus mangkana karsaning Hyang Maha Suci, Adam
lawan Kawa, tinudhung saking swarga di, tinurunaken mring dunya.
- Lawan naga merak kayu garu ajir, Jabrail
dinuta, hanurunnaken tumuli, Nabi Adam Tibanira.
- Neng wukit baot gunung ing sarandhil, apan
tanah Selan, Siti Kawa tibaneki, neng tanah Siyem punika.
- Dening naga tibeng tanah Aspahami, merak tibeng
Yahman, kayu garu lawan ajir, tibeng wana lan ing ngarga.
- Sadayeku tibane saking ing langit, tanggal
kapng tiga, ing wulan mukaram nenggih, mangkana jeng Nabi Adam.
- Siyang dalu anangis tibat ing Widdhi, kagagas
ing driya, pisahe garwanireki, tan karuhan tibanira.
- Nabi Adam luhira dres tibeng siti, hanglir
pendah jawah, kang luh dadya mirah sami, tanah Selan kawretanan.
- Cinarita jeng Nabi sawusnya nangis, tumenga ing
tawang, sinung Ulham ing Hyang Widdhi, langit kasapta narawang.
- Kayu saratil muntaha kaeksi, myang lohmahpul-[44]ira,
wela-wela ana tulis, muni lelampahanira.
- Papesthene sarirane sampun muni, anglampahi
papa, kangelan sarta prihatin, myang harja sakesanira.
- Saderenge dumadi praptaning pati, wus nunggal
sadaya, wujud ing wong siji-siji, wusnya tan dennya tumingal.
- Nabi Adam tobat sujud ing Hyang Widdhi, nulya
wonten ayat, timbalaning Hyang kapiyarsi, kinen mujaya mangkana.
- Rabanala lam na an pusa nawain, lam tak
pirlan nawa, tarkam nala na kunani, minal kasirin tegesnya.
- Duh Pangeran badan kawula pribadi, ingkang
nganiaya, lamun tuan tan paring sih, yektyanden papa druhaka.
- Nabi Adam mituhu sigra amuji, eklas wardaya,
pamuji ya siyang latri, dungkap antuk satus warsa.
- Nabi Adam dennira neng pucak wukir, wanci wektu
pajar, asalat subuh jeng nabi, mung kalih rekangat salam.
- Jabarail prapta dinuteng Hyang Widdhi,
maringken apura, kang garwa kinen ngulati, saenggene den kapanggya.
- Nulya tedhak Nabi Adam saking wukir, jog ing
[45] ngandhap selan, lajeng angelaya bumi, Jabarail musna wus pisah.
- Marang Siyem Siti Kawa kawlas asih, tangise tan
pegat, luhira dres tibeng siti, saparane dadi mirah.
- Hamethukken sira malekat Jabrail, dhawuh ken
apura, lah Kawa dika hulati, rakanta Adam neng Mekah.
- Sigra mangkat Jabrail atut wuri, kalane samana,
Jagad masih dadi siji, saparan tanpa sagara.
- Jroning mahsrik mahrib tan wonten jaladri,
maksih neng pinggiran, pisahe jaman Nuh benjing, kinelem topan lan toya.
- Dadya pisah bumi pulo-pulo benjing, anaa ciut
jembar, pinasthi karseng Hyang Widdhi, mangkana ingkang ngelaya.
- Nabi Adam lan Siti Kawa nenggih, wus antuk
sawaesa, dennira hanjajah bumi, praptent tanah bumi Mekah.
- Papranggulan neng ra-araatarwiyahi, suku ngardi
ngarpat, rerangkulan sami nangis, tangise syokur ing Suksma.
- Sampun musna wau malebet Jabrail, wau Adam
Kawa, laminira gangsal warsi, neng sukuning ngardi Ngarpat.
- Tan sakeca raosing galih jeng Nabi, aneng tanah
ngarab, sawusira gangsal warsi, sigra mangkat lan kang garwa.
- Mider-mider areruntungan samargi, angupaya
papan, kang dadya senenging galih, pan hanjajah tanah ngarab.
- Hing rum ngindi ngidul ngulon ngaler nuli,
marang bukit barjah, anjog kusni male bari, neng kono kendel lampahnya.
- Manggih papan wana wiyar tur aradin, lepennya
[46] tumumpang, kyeh kayu geng buron sring, jeng nabi seneng ing driya.
- lan kang garwa agung dennira ngabekti, sartane
dedonga, ngatas karsaning Hyang Widdhi, dennya kendel neng kusniya.
- Cinarita apan sanga likur warsi, Nabi lan kang
garwa, dedonga ing siyang ratri, nuli Jabarail prapta.
- Pan dinuta dening Hyang kang Murbeng Bumi,
sartanira bekta, palangkan lan busana di, badhong kalawan makutha.
- jamang binggel kelat bau anting-angting,
sabusananira, Siti Kawa pepak sami, Jabrail alon lingira.
- Heh jeng nabi timbalanira Hyang Widdhi, paduka
tetepa, mukim wonten malebari, lawan jumeneng Nata.
- Alenggaha palenggahan nira nguni, palangkan
mutyara, miwah sagung busanadi, pinaringaken sadaya.
- Busananta duk masih aneng swargadi,
sabusananira, Siti Kawa pepak sami, paduka angratonana.
- sagung ingkang sato kewan ing wanadri, lawan
ngratonana, anak putunira benjing, marma jeng nabi paduka.
- Lan garwanta karsaning Hyang Maha Suci,
tinurunken samya, apanta kinarya wiji, inggih wonten ngalam dunya.
- Lawan malih paduka dipun paringi, nugrahaning
Suksma, kitab sadasa puniki, ing benjang tuan wulangna.
- Dhateng anak putu kang tuan ratoni, lan tuan
siyama, siyam abel saben sasi, sampun kantos nawa.
۩۩۩
Pupuh 07 ۩۩۩
MEGATRUH
MEGATRUH
- Duk miyarsa Nabi Adam nulya sujud, lan kang gar-[47]wa
aneng siti, satangine saking sujud, junjung astanira kalih, donga sokur
ing Hyang manon.
- Tigang dina sampurna sadhawuhipun, Jabarail
mring jeng Nabi, satimbalaning Hyang Ngagung, sato kewan ing wanadri,
miwah ingkang manuk-manuk, sadaya wus ngratu sami, marang Nabi Adam saos.
- Siyang dalu datan wonten towangipun, saking
parmaning Hyang Widdhi, basane kang manuk-manuk, myang sato kewan wanadri,
jeng Nabi pan sampun mangertos.
- Duk samana Nabi adam yuswanipun, pinetang kala
duk kawit, mring dunya tumurunipun, praptanira ing samangkin, dennira
jumeneng katong.
- Hangratoni sato kewan ing wanagung, dening
tahun surya lagi, satus sanga likur tahun, dening yen ing tahun sasi,
yuswanipun apan kaot.
- Sampun satus tingang dasa tingang tahun,
mangkana wahu jeng nabi, dhatengken ning galihipun, dennyarsa babarken
wiji, lan kang garwa gung karongron.
- Reroncene ing tingkah datan cinatur,
pamangunireng saresmi, jeng Nabi mring garwanipun, samana sampun garbini,
babar putra jajodhon.
- Dadya inggal kathahira putranipun, saben babar
[48] kalih-kalih, kembar estri lawan jalu, longkangira datan lami, lamun
nuju ingkang miyos.
- Jalu pekik kembaranirestri ayu, lamun ala
ingkang mijil, lanange datan bagus, estrine kembarneki, warnanipun inggih
awon.
- Cinarita kawan dasa putranipun, kembaran
langkung kakalih, Siti Unuk langkungipun, timbanganira Nabi Sis, semi ijen
tanpa jodho.
- Siti Unuk geng pangawak satus gunung, lenjang
yen patopan nenggih, jamanira jeng Nabi Nuh, jagad kinelem ing warih,
gunung-gunung datan katon.
- Paran dene Unuk namung waked jengku, marma Unuk
tanpa laki, ya saking geng luhuripun, Unuk namung laki angin, wus tinakdir
ing Hyang Manon.
- Namung laki angin dadya wawratipun, suteng Unuk
lahir neki, edalira saking banyu, pan kongsi kawan dasa ari, wedalira
datan alon.
- Lir lampahing jemparing ing rikatipun, iku
lagya genging bayi, diwasa pira gengipun, kaelokanning Hyang Widdhi, tan
montra kena ginayoh.
- Suteng Unung sang Ngiwad paparabipun, wus
pinanthi ing Hyang Widdhi, Ngiwad dadya mengsahipun, jeng Nabi Musa ing
benjing, ingkang wus kocap cariyosipun.
- Kangjeng Nabi Musa nenggih dedegipun, pitung
pu-[49]luh gas pan sami, lan panjanging ecisipun, paran dene
denniira mrih, ing prang pejahe pakewoh.
- Hiya saking Sang Ngiwat geng luhuripun, jeng
Nabi Musa pan mawi, minggah ing tursina gunung, panumbakira ing ecis,
namung dugi ngisor polok.
- Winagsulan nenggih wahu urutipun, putranira
Kangjeng Nabi, ingkang anem kang asepuh, miwah ing namanireki, putra jalu
lan kang wadon.
- Pambajenge putra Adam ingkang jalu, sinung nama
Sayid Kabil, langkung pekik warnanipun, estrinya kembaraneki, Siti Aklimah
yu kaot.
- Wawrat malih Siti Kawa babaripun, inggih kembar
jalu estri, Sayid Abil jaleripun, Siti Damimah kang estri, warnanipun sami
awin.
- Babar malih sami kembar putranipun, kang jalu
Sayid israil, Ngabdolah bosorabipun, pekik kembarannya nami, Siti Sarirah
yu kaot.
- Babar malih mijil kembar ingkang jalu, Sayid
Iearawan nameki, Ngabdur Rahman Arabipun, Siti Onah ingkang istri,
warnanipun sami awon.
- Babar malih Abukaris ingkang jalu, warnanipun
langkung pekik, kembarannya yu pinunjul, Siti Dayunah raneki, wusnya putra
gangsal jodho.
- Anatarane sampun tigang dasa tahun, yuswanipun
[50] Sayid Kabil, sedhengnya birahinipun, jeng Nabi Adam anggalih, kang
putra sami jinodho.
- Putra jalu ingkang awon warnanipun, dhinaupaken
putrestri, ingkang warnanipun ayu, putranya jalu kang pekik, jodho lan
estri kang awon.
- Nging salaya lan kang garwa karsanipun, ayu
dhaupa kang pekik, awon sami awonipun, kang garwa dreng turireki, jeng
Nabi karsanya bakoh.
- Dangu dennya pra samya padudon kayun, dennyarsa
jodhokken siwi, kang garwa ature swndhu, paduka tumut punapi, mung ngaken
lamun wus dados.
- Boten tumut paduka ing sakitipun, apan kawula
pribadi, miwahta kangelanipun, kang ngandhut ing rina wengi, kongsi sangang
pancorong.
- Kongsi lahir dadah dulah momongipun,
ngemban gendhong rina wengi, sayekti wajib katengsun, darbe purba
marang siwi, sakarsamba angreh dados.
- Nabi Adam miyarsa mesem lingnyarum, yen
mangkono kayo kardi, pratondha sira lan ingsun, kang nora katrimeng
Widdhi, anuta aja padudon.
- Sigra sami medalken ing rahsanipun, winadhahan
cupu manik astagina pinuja wus, muga Allah anandhani, mring dosiye kang
padudon.
- Wusnya nangkep ing samaya sangang tengsu, buka
[51] cupunira sami, Nabi Adam kamanipun, agatra wujud bebayi, nanging mung
balung lan otot.
- Warni jalu gantya buka cupunipun, Siti Kawa
tanpa dadi, maksih getih anglempuruk, nulya Jabarail prapti, bekta
kodrating Hyang manon.
- Dene kamanira Siti Kawa wau, maksih tulus rupa
getih, limpreg-limpreg anglempuruk, nulya ana angin geng prapti, kamaning
Kawa tinempoh.
- Ing prahara pan kumitir solahipun, kama
kabuncang ing angin, sumyur saking cupu mawur, asebawa tanpa warni,
ngumandhang rame gumuroh.
- Datan manggen lamun munya lingsir dalu,
tankadhangan celak tebih, ingaranan rijal iku, tan dangu nulya nututi,
cupu kakalih tinempoh.
- Dening angin mesat nuting rijal wau, cupunira
Kawa dadi, jati ngarang raning kayu, cupuninh jeng Nabi dadi nagageng
kedah hambadhog.
- Marang rijal saparanira binujung, gaib karsaning
[52] Hyang Widdhi, maksih sami badan alus, yeku kaol kang sawiji, dene
kaol kang kapindho.
- Rijallolah golongane wali kutub, sinungan karya
nganglangi, jagad amaringaken wahyu, marang manungsa kang sami, nebut
asmaning Hyang manon.
- Wong kang alul melek laku bangun esuk,
temen-temen ing Hyang Widdhi, rijallolah kang ingutus, maringaken
wahyunireki, dening swara kang gumuruh.
- Prabawaning rijalollah yen ing dalu,
ngumandhang kapyarsa sami, emya-enya swaranipun, sengga sasmita nawani,
wahyuning Hyang kang ginadhoh.
- Cupu Nabi ing sasampunipun, kothong dadya
Bagendha Sis, Siti Kawa cupunipun, tanpa dadi maksih getih, nulya nagin
geng tumempoh.
- Cupu kalih katut kabuncang ing lesus, tiba
sajawining langit, tibane tinampan sampun, cupu kalih mring Ijajil, kang
satunggal cupu kothong.
- Kang satunggal maksih isi mani wau, Ijajil suka
tan sipi, wruh yen na gung sawabipun, cupu kakalih pinetri, mring Ijajil
tan keneng doh.
- Pan sumongga karsaning wong ngagung-ngagung,
[53] pundi kang dipun karsani, kaol kakalih puniku, ingkang anganggit pan
darmi, wala hu alam kang yektos.
- Dene kang wus mutamading kitabipun, cupu
tinanpen Ngijajil, kuneng wau kang winuwus, Siti Kawa duk ningali,
kamanira tanpa dados.
- maksih rupa getih neng cupu nglempuruk, kamane
kang raka nabi, dadi bebayi tur jalu, bagus cahyanya nelahi, ruruh wingit
ing pasemon.
- Cupu kalih sirna kabuncang ing lesus, Siti Kawa
tobat aglis, matur pasrah manutipun, mring kang raka dennira mrih, marang
ing putra hanjodho.
- Sawusira Siti Kawa nut ing kakung, pamit musna
Jabarail, jeng Nabi amatah gupuh, jodhoning putra sineling, ingkang bagus
angsal awon.
- Kembarane Kabil Aklimah warna ayu, pinaringaken
mring Abil, Israil kembaranipun, pinaringaken Israil, putra tiga pra samya
nuting karsanira jeng Nabi, bagus jinodho lan awon.
- Namung Kabil ingkang murtat ing tyasipun,
ji-[54]nodho kembaraneki, Abil dahat awonipun, kembaranira pribadi,
Siti Aklimah yu kaot.
- Eman-eman jinodho lan Abil iku, kembaraningsun
pribadi, luwih salah karsanipun, jeng rama dennira kardi, dana mring putra
hanjodho.
۩۩۩
Pupuh 08 ۩۩۩
ASMARADANA
ASMARADANA
- Keneng panuntuning Iblis, Kabil tan wus ing
tyasira, temah ing muring-muringe, marang Abil tibanira, dennya jinodho lawan,
Aklimah kembaranipun, dadya Abil pinejahan.
- Ingapusan mring wanadri, sirahe kinepruk sela,
ngartining tingkah mangkana saking Iblis kang amulang, sawusnya Abil pejah
Kabil lajeng kesahipun Siti Aklimah binekta.
- Kembaranipun pribadi, tan kantun saparanira,
kendel tanah nut lampahe, Siti Damimiah tinilar, ingkang awon warnanya,
Damimah awon kalangkung, dening tinampik mring priya.
- Lajeng kesahireng latri, sapurug datanpa sedya,
sarta pratignya ing tyase, sajeg datan arsa krama, lamun tan antuk priya,
kang ngluwihi pekikipun, saking Kabil warnanira.
- Israwan lawan Israil, samya nut datan suwala,
den-[55]ira linintu jodho, saking karsaning kang rama, pekik dhaup lan
ala, putra ingkang dereng antuk, lintu jodho ala rupa.
- Abukaris langkung pekik kenengg panggodaning
setan, maksih kembarane dhewe, Iblis lanat mindha rupa, kadya jeng Nabi
Adam, Abukaris kinen gupuh, kesah lan kembaranira.
- Kendela babat wanadri, Bungas ing tanah Astina,
ingkang wekas wetan dhewe, sartane kinen gambara, ing warnane kang rama,
kinen nembah ingkang suhud, wajib mangeran ing bapa.
- Cinatur babarireki, bagenda Sis duk samana, ing
tahun Adam etangane, pan satus sawidak warsa, yen ing tahun rembulan,
Begendha Sis babaripun, pan satus sawidak gangsal.
- Yata wau kang winanrni, putradam sayanira,
baginda esis arine, cinaturaken kewala, baru lampahing kondha, Siti Kawa
putranipun, saben babar sakembaran.
- Kang Rumiyin Sayid Yasis, Siti Ngawis
kembarannya, Sayidin Sesan arine, Siti Ngais kembarannya, nulya Sayid
Yasmujan, Siti Ramsah kembaripun, nunten Sayidin Yasmijan.
- Lan Siti Garusah nenggih, nunten babar Sayid
[56] Suryan, Siti Sirujad sarenge, nunten babar Sayid Asman, kembaran Siti
Ma’as, nunten Kayu Mutu, iya Sayid Kayumarad.
- Kang dadya kembaranereki, nama Siti Indumaras,
nulya Yakjuja arine, lawan Siti Wamakjuja, pan dadining supena, Nabi Adam
duk ing dalu, supena nyaremi garwa.
- Siti Kawa inggih ngimpi, sinareman mring kang
raka, enjang wungunira sare, rare kakalih wus samya, munggwing ing
ngarsanira, lajeng bisa cacelathu, lawan dapurira beda.
- Untune landhep tan sipi, kupinge omba adawa,
keploh dumugi sukune, tinakenan sahurira, yen putra Nabi Adam, lahiripun
wau dalu, mijil saking Siti Kawa.
- Jeng Nabi garjiteng galih, miwah garwa Siti
Kawa, samya enget supenane, jeng Nabi tan ora samar, lamun iki maksiya,
tunggil lawan kadangipun, yekti yen lebur minongsa.
- Gya tinudhung kesah aglis, Yakjuja lan
Wamakjuja, kaliye pra samya manggen, jawining tanah Aprika, nulya malih
putraya, Sayid Loto ingkang jalu kembarannya Siti Ngujwa.
- Keneng panuntuning Iblis, kesah murtat mring
kang rama, ambanter kasutapane, neng Kusna tanah Aprika, anunten arinira,
sayid kata ran Sayid Rup, kalawan Siti Rupiyah.
- Arinipun nama Sayid, Arad lan Siti Artiyah,
Sa-[57]yid Kuwakil arine, lawan Siti Awakiyah, anulya arinira, sayid
Asmail ranipun, lawan Siti Asmakiyah.
- Anulya Sayid Asmangil, lawan Siti Amangiyah,
Sayid Makail arine, kembaran Siti Malkiyah, arinipun anama Sayid Tamkail
kang jalu, kembaran Siti Tamkiyah.
- Anunten Sayid Yahmail, kembaran Siti Yaniyah,
Sayid Arnail arine, kembaran Siti Harniyah, anunten arinira, sayid Samail
kang jalu, kembaran Siti Samiyah.
- Anulya Sayid Ngawail, kembaran Siti Ngawiyah,
Sayid Astail arine, kembaran Siti Astiyah, arinipun anama, Sayid Nurail
kang jalu, kembaran Siti Nuriyah.
- Anunten Sayid Nuhkail, kembaran Siti Nukiyah,
Sayid Nurkail arine, kembaran Siti Nurkiyah, anulya arinira, Sayid
Sarkail kang jalu, kembaran Siti Siti Sarkiyah.
- Anulya Sayid Karail, kembaran Siti Kariyah,
Sayid Mihkail arine, kembaran Siti Mihkrimah, anunten arinira, Sayid Adail
ranipun, kembaran Siti Adiyah.
- Anulya Sayid Panail, kembaran Siti Paniyah,
Sa-[58]yid Pujail arine, kembaran Siti Pujiyah, anulya arinira, Sayid
Sasail ranipun, kembaran Siti Salsiyah.
- Anunten Sayid saknail, kembaran Siti Sakniyah,
nulya arinira wadon, sajuga tanpa kembaran, Unuk langkung gengira, rare
agengnya sagunung, diwasa pira gengira.
- Kaelokaning Hyang Widdhi, nulya arinya anama,
Sahanail warujune, lawan Siti Sahalniyah, sawusnya kawandasa, kembaran
putranireku, nenggih langkung akembaran.
- Yata wau kang winarni, bangenda Sis diwasanya,
kalangkung pekik warnane, sarira rurus ajenar, mawa cahya nugraha, tejanya
wenes sumunu, pindha banguning kartika.
- Kukuwunge nelahi, saksat wimbahning basanta,
luwih saking kadang kabeh, ruruh ing semu jatmika, sabar lila ing dunya,
marteng tyas legaweng lampus, pasang limpating grahita.
- Kitab paringing Hyang Widdhi, sadasa maring
kang rama, Sayid Sis wus putus kabeh, sring kinarya wakil mulang, marang
kadang sadaya, tuhu yen peputra piturun, saking kang murbeng bawana.
- Apanta kinarya suci, bengenda Sis dening
suksma, [59] datanpa babudadine, wus sasat putra pupujan, mangkana Nabi
Adam, mring kang putra ngandika rum, kuplup sira ingsun duta.
- Nunuwuna ing Hyang Widdhi, wiji woh-wohan
sawarga, kang yoga dadi panganane, marang anak putu benjang, kang putra
sandika, sigra dennya munggah gunung, sujud nanedha ing Suksma.
- Katrima panuwuneki, nulya Jabarail prapta,
dinuta mring Hyang Manon, lan Widadari ambekta, wiji saking sawarga, neng
talam mutyara mancur, pepak kang wiji sadaya.
- Uluk salam Jabarail, nahuri ngalekum salam, wus
sami tata lungguhe, dhawuhken timbalaning Hyang, lamun sampun katrima,
kang dadya panuwunipun, lah dawek mantuk kewala.
- Kularsa panggih pribadi, inggih lan rama
handika, saksana sareng angkate, mudhun saking ing ngaldaka, Esis lan
jabarail, Hapsari katiganingsun, nampanen nampan mutyara.
- Isi sawarnaning wiji, ing marga datan winarna,
katri wus prapta lampahe, ngarsane Nabi Adam, Jabarail uluk salam,
assalamu ngalaekum, jeng Nabi kagyat tumingal.
- Kurmat dekungira sarwi, anauri ngalekum salam.
Sawusnya tata lungguhe, Jabrail alon lingira, tuan Nabi handuta, marang
Sis putranireku, dadonga nanedheng Suksma.
- Nuwun sawarnaning wiji, pandongane tinarima,
[60] inggih pinaringan kabeh, wiji wowohan sawarga, tanaman ngalam dunya,
wiji weratakna besuk, marang anak putunira.
- Lan malih putranira Sis, pinaringan ing Hyang
Suksma, inggih kang dados jodhone, Widadari Dewi Mulat, jeng Nabi duk
miyarsa, lan kang putra nulya sujud, dangu nunungkem bantala.
- Wungu saking sujud kalih, dedonga ayukur ing
Suksma, anulya den ningkahaken bagendha Esis kalawan, hapsari Dewi Mulat,
Jabarail kaumipun, wusing peragat ningkahnya.
- Anulya kang rayi-rayi, kang sampun samya
diwasa, den ningkahken sadayane, sineling-seling jodhonya, pekik dhaup lan
ala, putra sadaya samya nut, sakarsanira kang rama.
- Tan ana sawaleng kapti, Jabrail kala samana,
sartanira maringaken, nenggih wesi lawan waja, marang ing Nabi Adam, sarta
sabekakasipun, ing pandhe wesi sadaya.
- Jeng nabi kinen akardi, gagamane karya wisma,
myang nenandur pirantine, sasawah miwah tategal, perapen wus pinacak,
paron myang ububipun, kikir palu myang gurinda.
- Lekas pandhe kangjeng Nabi, Jabarail kang
nga-[61]mulang, dahana pinendhetake, geni saking ing naraka, adheme pan
tinawa, toyeng samodra ping pitu, saderengipun tinawa.
- Tan ana bisa mrepeki, kang ngladosi para putra,
pan tikel satus panase, lawan geni ngalam dunya, jeng Nabi wus akarya,
pecok kejen linggis, pacul, tatah wadung pethel gobang.
- Pangot kudhi ladhing arit, prantine wong karya
wisma, lan nenandur pepak kabeh, pinaringken para putra, samya hambubak
wana, ing pacul gari waluku, sawusnya dadya gadhangan.
- Lajeng sinebaran wiji, sanggone tuwuh merajak,
sangsaya wiyar tebane, kang tegal bubakan anyar, wiji pala kasimpar,
kapendhem miwah gumantung, kanthi woh handadi samya.
۩۩۩
Pupuh 09 ۩۩۩
KINANTHI
KINANTHI
- Kuneng gantya kang winuwus, nenggih malekat
Ijajil, kang kayangan nardi dhasar, ngadhaton sajroning geni, wus kathah
gyanira yoga, beranahan mencar sami.
- Wismeng wana gunung-gunung, jurang pereng
kali-kali, pan wus kodrating Hyang Suksma, jin sinung badan rokhani,
bineda lawan manungsa, saciptanira pan dadi.
- Wismaha jro kayu watu, jro toya dahana bangkit,
satata wus kadya jalma, sadaya angratu sami, mring Ijajil kang ayoga, lyan
tedhaking pribadi.
- handajali turunipun, miwah turuning Ngajali,
bra-[62]nahan pan sampun kathah, ingkang ngratu mring Ijajil, duk samana
amiyarsa, yen Nabi Adam samangkin.
- Haneng ngalam dunya sampun, antuk apureng Hyang
Widdhi, wus inggadegaken nata, neng Kusniya malebari, ngratoni sadayanira,
sato isining wanadri.
- Buron alas manuk-manuk, sadaya mangratu sami,
marang sira Nabi Adam, wus kathah putranireki, sadaya pan kawan dasa,
kembaranlangkung kakalih.
- Pamumulaning Hyang Agung, tan pae kaladuk
maksih, kinarya ratuning swarga, dening putra Dam samangkin, samya kinen
bubak wana, tategalan den tanemi.
- Wiji-wiji samya tumuwuh, wiji paringan Hyang
Widdhi, saking Sis panuwunira, sartanipun den paringi, ingkang dadya
jodhonira, Hapsari dening swargadi.
- Langkung sungkawaning kalbu, tambuh solahing
Ijajil, ing siyang dalu tan eca, tyasira hanggung hanggeni, marang sira
Nabi Adam, kalamun godhawa malih.
- Kadya duk aneng swarga gung, wus rumasa ora
olih, dene mangke Nabi Adam, wus sinung paningal sidik, nora kena
kasamaran, obah osiking dumadi.
- Ginodhawa yekti weruh, mangkana wau Ijajil,
binalik belah tyasira, angur ngemorana mami, marang [63] anak putu Adam, kang
dadya kasihing Widdhi.
- Ijajil anulya sujud, nanedha sarya sru nangis,
Hyang Suksma asipat rahman, Ijajil kaliwat musrik, saking sruning panedha,
ciptane den sembadani.
- Wus kabuka ing tyasipun, wonten putuning
Ijajil, panengeran Dewi Dlajah, sigra sinalinan warni, kadya retna Dewi
Mulat, Ijajil sampun udani.
- Yen cahya nur buwah sampun, ngalih marang
bagindha Sis, mesat saking ngardi dhasar, saputrinira tan kari, sakedhap
lampahe prapta, ing Kusniya malebari.
- Ijajil lajeng jumujug, ing tilame bagindha Sis,
Dewi Mulat duk samana, pan lagya ngandheg tri sasi, wus pinasangan werana,
kasektenira Ijajil.
- Dewi Mulat tan kadulu, mung kang mindha kang
kaeksi, bagindha Esis tyasira, keneng pangasihan Iblis, umiyat kang mindha
garwa, oneng tyasira tan sipi.
- Kang mindha sinaren sampun, tumurun rahsanira
Sis, mring telanakaning Dlajah, Ijajil suka tan sipi, wruh lamun Sis
rahsanira, wus tibeng putranireki.
- Dewi Dlajah wus sinambut, mring Ijajil binekta
glis, mantuk mring kahyanganira, hardi dhasar sampun prapti, ilang
aling-alingira, Dewi Mulat wus kaeksi.
- Bagindha Sis nora weruh, lamun denira nyareni,
[64] ing garwa liniru setan, nyana garwanya pribadi, ingkang nora
kasamaran, mung kang rama Kangjeng Nabi.
- wauta ingkang winuwus, nenggih dennira garbini,
Dewi Mulat wusing prapta, ing semaya sangang sasi, nulya babar
wawratannya, anuju wijiling rawi.
- Miyos jalu putranipun, pekik cahyanya nelahi,
ananging sang retnaning Dyah, maksih kandhutanireki, dereng wus dennya
bebada, prapteng suruping Hyang Rawi.
- Babar malih sang Dyah Ayu, nanging tan wujud
bebayi, putranira wujud cahya, kuneng wau kang winarni, apanta sadina,
putranira sang Ijajil.
- Dewi Dlajah babar sampun, nenggih denira
garbini, samya nuju surup surya, iya tan wujud bebayi, apan maksih wujud
rahsa, gilar-gilar den tingali.
- Lir bun munggeng lumbu, gya sinambut mring
Ijajil, mesat sakedhap wus prapta, ing Kusniya Malebari, rahsa
pinanjingken cahya, anulya wujud bebayi.
- Jalu pekik warnanipun, mawa cahya anelahi,
Ijajil kalangkung suka, katekan sedyanireki, wus mantuk kahyanganira,
bagindha Sis kang winarni.
- Sukeng tyas miyat ing sunu, de sampun wujud
be-[65]bayi, katur marang ingkang eyang, jeng Nabi gupuh nedhaki, sukeng
tyas mulat ing wayah, wus samya sinung kakasih.
- Sayid Anwas ingkang sepuh, nama basane Arabi,
yen ing jitabsara Nasa, kang anem anamnireki, yen ing jitabsara Nara,
Anwar basa rabireki.
- Nama Anwar tegeseipun, cahya kwoh sorotireki,
murub abang tungtung pita, biru sorotipun wilis, ireng sulak kapuronta,
dadu wungu gangsal warsi, lamun ing tahun sasongka, satus langkung wolung
warsi.
- Yata wau kang winuwus, nenggih raden wayah
kalih, ingkang anem cahyanira, sorotipun warni-warni, galak ulate kang
cahya, dinulu ambalerengi.
- Kang raka cahyanya ruruh, dennya meh tan mawi
runtik, yayah wimbaning basonta, kukuwunge hanelahi, myang sabarang
budinira, beda kalawan kang rayi.
- Kang raka hambegira, karem marang ing agami,
kang rayi geng budinira, tiru ibune hapsari, kacampuran Dewi Dlajah,
putrinira sang Ijajil.
- Wus prasasat badan alus, ibu hapsari lan Ejim,
[66] duk bisa rumangkang bisa, sacangkang benggang lan siti, wus kedah
mabur kewala, sabisanira lumaris.
- Apan lajeng bisa mabur, cinarita raden kalih,
diwasanira sangsaya, katingal pekikireki, miwah kukuwunging cahya, kadya
tan samining janmi.
- Prasasatputra piturun, kaliye saking swargadi,
kitabira ingkang eyang, sadasa paringing Widdhi, raden wayah kalihira, wus
putus sadaya sami.
- Kang raka bekti Hyang Agung, karem marang
ingngulami, rasaning kitab sadasa, kaesthi ing siyang ratri, dening Raden
Sayid Anwar, dahat karem matiragi.
- Gung jajah guwa myang gunung, amrih ing guna
kasekten, cinatur pansampun kathah, wauhira Kanjeng Nabi, sangsaya wiyar
tebanya, denya hambukak wanadri.
- Ana kang babakal dhukuh, myang tategal nanem
wiji, sak gen-gen tuwuh sadaya, namung wayang kang sawiji, nenggih Raden
Sayid Anwar, budine nganeh-anehi.
- Lan sadaya kadangipun, ragi tebih ingagami,
jengNabi Adam tan samar, kalamun wauahireki, ingkang aneng Sayid Anwar,
kacmpuran trah pamijil.
۩۩۩
Pupuh 10 ۩۩۩
M I J I L
M I J I L
- Miwah badhe ingsasarireki, marang agama doh,
pi-[67]nisahken lan kadang wargane, tyase kena panuntuning Iblis, jeng
Nabi wus uning, ing saderengipun.
- Sinung ilham marang ing Hyang Widhi, tumingal
ing kayon, sajaratil muntaha tulise, lohkil mahpulira sampun muni, ingkang
wayah kalih, lelampahanipun.
- Wayahira kang sepuh kinardi, karsanya Hyang
Manon, nurunaken marang panengene, sagunge kang para Nabi-Nabi, miwah kang
para ji, kang samya gung-agung.
- Tanah Arab Ngindhi Rum Ngabesi, sagung para
katong samya tedhak Anas sadayane, tanah besar kang Islam myang kapir,
Sayid Anwas sami, ingkang darbe turun.
- Wus pinanthi denira Hyang Widdhi, de wayah kang
anom, anurunaken marang pangiwane, dewa-dewa miwah para Resi, hing dewata
benjing, Maldewa pra ratu.
- Tanah Banggala Keling myang Bali, Jawa
sapangulon, pulo ing Palembang saurute, turun saking Sayid Anwas sami,
ananging jengNabi, langkung wingitipun.
- Yen nglahirna karsaning Hyang ajrih, kang
dereng kalakon, namung kang wus tumibeng wektune, sabarang reh kang dipun
lampahi, samana nimbali, wayah kalihipun.
- Sampun munggeng ing ngarsa jeng Nabi, angandika
[68] alon, heh ta wayah ingsun sakarone, pada dandana sira sun tuding, munggah
marang langit, hanggambar swargagung.
- Den kapetha sakontha-kanthaning, swargadi den
utoh, wawangunan rajitane kabeh, haywa na kang kekurangan siji, swargagung
pribadi, ing nguni gon ingsun.
- Duk kinarya ratuning swargadi, lawas-lawas
ingong nemu duka keneng panggodhane, Iblis lanat wani-wani ngambil,
larangan Hyang Widdhi, lah eyang ireku.
- Gya tinundhung saking ing swargadi, tinurunken
ingong, marangdunya pinisah tibane, lawan eyangira kawlas asih, panujune
kaki, nulya na pitulung.
- Kaya sinung wenang sira kaki, denira Hyang
Manon, munggah maranging swarga dene, ibunira pan iku hapsari, prasasat
sireki, ya wis badan alus.
- Dene margane maring swargadi, kaliwat pakewoh,
kali papat hiya dalane, ingkang diji kali begawan Nil, kapindhane kali
purak aranipun.
- Bengawan Daljah ingkang kaping tri, papat kali
jakon, kali papat iku padha bae, hiya sirahe saking swargadi, ndi sira
senengi, turuten mandhuwur.
- Sira nuruta gisiking kali, menggok tuten
menggok, [69] yen wus prapta ing kali judhege, sayektine katon ing swargadi,
ingkang wayah kalih, sandika turipun.
- Langkun sami sukanireng galih, sinungan karya
bot, mring kang eyang piniji lakune, nora ketang kalih prapteng pati,
sinung boting kardi, anggambar swargagung.
- Ingkang eyang angandika malih, poma wekas
ingong, den tumemen tyasiraywa mengeng, mung melongo maranging sawiji,
tingalireng Widdhi, hawya sala dulu.
- Yen tumemen pasthi bisa prapti, yen tyasira
menggok, nora bisa prapta sawargane, nuli, mangkata ingsung jurungi,
ingpuji lan dhikir, raharjaning laku.
- Ingkang wayah sigra ngabekti, ngraup pada karo,
wusnya gantya mring rama ibune, marang uwa paman sadayeki, ngrangkuk
ganti-ganti, raden kalih sampun.
- Lajeng saking ngarsanya jeng Nabi, kang kantun
wirangrong, yayah kadya nutaken tungale, marang lampahira raden kalih,
dene ta tinuding, hanggambar swargagung.
- Langkung gaib karsanya jeng Nabi, tan kena
ginayoh, dennya ngutus ing wayah kalihe, para putra yen matura ajrih,
sadaya nut sami, marang karsanipun.
- Namung sami nanedha Hyang Widdhi, rahayune
karo, dennya tinuduh marang eyange, yata wau lampahira kalih, rembugan
samargi, kang raka lingnya rum.
- Lah ta yayi endi kang pinilih, kali papat
me-[70]ngko, dene kangjeng eyang timbalane, kali papat sirahe pan
sami, ya saking swargadi, endi kang panuju.
- Ingkang rayi sahurira aris, yen sira nut
ingong, becik milih ingkang perak bae, kang kinarya pangandika dingin,
kali bagawan Nil, hiyeku tinurut.
- Kali telu pan kinarya, karilan maringe adoh,
becik milih ingkang perak bae, ingkang raka angandika aris, iya bener
rayi, pikirira iku.
- Sigra wau lajeng raden kalih, lampahira nyerot,
tan winarna ing marga lamine, sampun prapta kali bagawan Nil, tinurut
manginggil, kali lampahipun.
- Hanut ingkang tikunge kang kali, datan arsa
menggoh, hanrang baya raden ing lampahe, datan etang pringgane kang
margi, nurut pinggir kali, tentengan ruruntung.
- Datan kendel lampah siyang ratri, sruning karsa
karo, bangawan Nil angel gigisike, angerakal karikil maringkil,
siluk-siluk sungil, mangab singu-singub.
- Nginggil bandhot bundhet ri penjalin, pring ori
gumeret, mrenging ori-ori peperenge, sela miring tumaming hanggawing,
lamat-lamat limit, lelumuten lunyu.
- Datan kewran raden wayah kalih, angambah
margewoh, [71] tan winarna neng marga lamine, pan cinendhak samana wus
prapti, kali bengawan Nil, tatenputanipun.
- Mangu ing tyas samya kendel dening, sirah kali
loro, ingkang kanan iline saking lor, mili saking kiddul ingkang kering,
wiyaripun sami, myang pipinggiripun.
- Miwah lebet weninge kang warih, sami kali loro,
langkung kewran dyan kalih ing tyase, yen nuruta kanan bokmenawi, kali
ingkang kering, kang saking swargagung.
- Yen nuruta kidul bokmenawi, kali kang saking
lor ingkang saking swarga sirahe, dahat ginayuh tyasnya raden kalih, samya
dhodhok munggwing, pinggir kali jetung.
- Yata wonten putra Adam nguni, kang kesah
sajodho, Sayid Lata kang jalu, wastane, Siti Ngujwa namane kang estri,
murtat ing jeng Nabi, jalwestri tinudhung.
- Nulya kesah saking Malbari, neng Kusna
tapandon, langkung saking genture tapane, pan wus dadya nyiluman
jalwestri, ing reh sadurunging winarah wus weruh.
- Antuk saking wulange Ijajil, pan kinaruh karo,
mring Ijajil myang guna sektine, linuwihken saking saktining jim, marma
tyase keni, mring Ijajil anut.
- Hapan dadya pasebutan benjing, mring wong kapir
[72] karo, Latawal Ngujwa apan ginawe, wrana lingling ira Ijajil, sahingga
pepatih, marmanira sinung.
- Kaluwihan kang luwih saking jim, wauta duk
anon, Latawal Ngujwa ing pulunane, sungkaweng tyas kendel satepining,
tempuran kali Nil, dhodhok mangu jetung.
- Kepyaning tyas kang tinurut dening, sirah kali
loro, pan ing nguni nalika angkate, ingkang eyang ora hanjarwani, lamun
bengawan Nil, loro sirahipun.
- Latawal Ngujwa sigra marpeki, mring wong
dhodhok loro, wus katingal ngadeg neng ngarsane, mesem sarwi pamuwusira
ris, heh bageya sami, pupulunaningsun.
- Wayah Adam sutengbagendha Sis, Anwar ingkang
anom Sayid Anwas kang tuwa arane, padha dinuta ngiyang ireki, kinon gambar
sami, warnaning swarga gung.
- Dedalane munggah mring swargadi, karo sirah
kinon, milih bengawan papat arane, ingkang dingin kali bengawan Nil,
sirahe pan sami, saking ing swarga gung.
- Sirah kali bengawan Nil, kang parek nora doh,
iya saka ing malebarine, prapteng tempuran kepyan sireki, dene bengawan
Nil, loro sirahipun.
- Yen nuruta bengawan kang kering, manawa ingkang
[73] lor, ingkang saking swarga sirahe, kang saking swargadi, manawa kang
kidul.
- Eyangira nguni tan jarwani, yen sirahe loro,
lah wis aja sungkawa karone, iya kulup ingsung kang jurungi, mring
lakunireki, kang tuwa nak ingsun.
- Anuruta sirah Bengawan Nil, kang mili saking
lor, dene sutaningsun ingkang anom, anuruta ingkang saking kering,
babaraning kali, mili saking kidul.
- Iya padha saking ing swargadi, sirah kali loro,
marma nora jinarwan maune, iyang marang eyangira Nabi, lamun bengawan Nil,
loro sirahipun.
- Eyangira jeng Nabi wus sidik, yen bakal saking
ngong, ingkang asung tuduh ing sirangger, raden wayah kalih duk miyarsi,
wuwuse kang prapti, anggambuh tyasipun.
SEJARAH TAPEL ADAM
pupuh 11-17
۩۩۩
Pupuh 11 ۩۩۩
GAMBUH
GAMBUH
- Lamunsur lungguhipun, langkung ajrih kalihira
dekung, mring kang prapta, dene ta kalangkung sidik, saderengipun tinutur,
sasedyanira wus weroh.
- Dadya lon dennya matur, lan ta sinten paduka
pukulun, dennira wruh sangkan kawula duk alit, eyang miwah rama ibu,
dereng winarah wus weroh.
- Miwah sasedya ulun, saosiking manah sampun
we-[74]ruh, ingkang sarta dahat asih mring kaswasih, mring kawula asung tuduh,
kang tinanya saurnya lon.
- Heh kulup wruhanamu, sun putra Adam ya
ariningsun, let sasanga lan ramanira Sayid Sis, Latawal Ngujwa raningsun,
marmane murtat wak ingong.
- Marang eyangira, dennyarsa liniru jodho ingsun,
dadya lunga sako Kusni Malebari, katula-tula kalahut, aneng ing Kusna
tapandon.
- katrima tapaningsun, dening Hyang Suksma
sinungan weruh, ing sadurung winarah lan awak mami, wus kinarya badan
alus, myang ing guna sekti ingong.
- linuwihken ingsun, lan sagunging bangsa
lalembut, wis kariya ingsun kulup pamit mulih, nutugna karepireku, kang
tuwa nuta kali lor.
- Ingkang nom kali kidul, wusnya telas ing
wawelingipun, nulya musna Latawal Ngujwa tan keksi, ingkang kantun
langkung ngungun, Sayid Anwas lingira lon.
- Yayi paran sireku, pituture wong kang musna
mau, apa tinut apa ora tinut yayi, dene kinen misah laku, sira ngidul
ingsun ngalor.
- Kang rayi sauripun, lamun sira kakangtari
mring-[75]sun, becik tinut apa sapakonireki, de wus nyata sidikipun,
sadurung winarah weroh.
- Kapindhone angaku, Latawal Ngujwa yen saenipun,
let sasanga lawan jeng rama Sayid Sis, mokal yen amriha dudu, mring sira
miwah maring ngong.
- Lan maninge nut ingsun, kinen misah laku lan
sireku, salah siji kakang pasthi antuk kardi, luputa ingkang mangidul,
benera ingkang saking lor.
- Lamun kang ngalor luput, dudu kali kang saking
swargagung, yekti ingsung kang mangidul antuk kardi, bisa prapta ing
swargagung, aja kongsi tiwas karo.
- Sokur lamun satuhu, wuwuse Latawal Ngujwa mau,
kali loro ing babar bengawan Nil, sirahe saking swarga gung, dadi antuk
karya karo.
- Kang raka mesem muwus, iya bener pikirira iku,
salah siji kang prapti antuka kardi, bisa anggambar swarga gung, nanging
yayi jangji ningong.
- Sapa ingkang rumuhun, milih teka swarga haywa
banjur, mandheg aneng tempuran kene ngenteni, becik rerenteng ruruntung,
sawusira jangji karo.
- Sareng ing angkatipun, sesawangan angalor myang
[76] ngidul, Sayid Anwas ngalor nurut bangawan Nil, Sayid Anwar kang
mangidul, nut kali babar tan menggok.
- Lumampah siyang dalu, samya sruning karsa
kalihipun, maksih manut tikang-tikung kang kali, pan sami pakewuhipun,
pipinggire kali loro.
- Pepereng jurang trejung, tanpa gisik parang
suri parung, sela miring tumawing landhep anggawing, gagampeng mayung
tumiyung, ereng-ereng jurang sigrong.
- Geger gurda gungagung, grenging eri-eri
anggreng-guyung, pinggir-pinggir geger pager anggaligir, inginggil
sumingeb, ingandap bubdet bebondot.
- Tan wus lamun winuwus , pringganing marga liwih
ingkang wus, liya saking raden wayah Adam kalih, wus prasasat badan alus,
tan bisa ngambah ing kono.
- Kang bisa ngambah amung, sagung bangsa siluman
lalembut, ejim setan parayangan lawan peri, kuneng ta datan winuwus, kang
nurut kali mangalor.
- Raden wayah kang sepuh, kang winarna amung kang
mangidul, kang anurut bangawan babar manginggil, anut ingkang
tikang-tikung, ing kali tang arsa menggok.
- Yen ambenera laku, miwah nyimpangana ing
pakewuh, [77] datan kewran Sayaid Anwar wus sinekti, timur mila bisa
mabur, kang maksih kesthi ing batos.
- Kang eyang welingipun, kinen nurut kali Nil
mandhuwur, marma maksih nut tikang-tikunging kali, kalunta sangsaya
nglangut, wus lepas lampahira jog.
- Rawa geng kendel mangu, dene kali samodra
anakan mawalun, toyaning kang rawa wening anglangkungi, Sayid Anwar
dangu-dangu, mawas mangidul was paos.
- Kidul rawa kadulu, wonten kali mili saking
kidul, anjog ngrawa muncar toyanipun wening, Sayid Anwar mesat gupuh,
sakiduling rawa rawoh.
- Lajeng nurut mandhuwur, datan kendel lampah
siyang dalu, maksih manut tikang-tikunge kang kali, marginya sangsaya
ewuh, pakewuhe muwoh-muwoh.
- Lawan ingkang wus wau, miwah lamine ing
lampahipun, denira nut tikung-tikunge kang kali, lan kala panurutipun,
bengawan kang wus kalakon.
- Pan sami laminipun, lampahira samana prapta
wus, rawa jas lan lepenipun judheg malih, saking rawa ilenipun, wiyaring
rawa tan katon.
- Wekasane kang kidul, pinggir kulon wetan tan
kadu-[78]lu, luwar saking rawa jamiri-jahiri, rawa jas lan wiyaripun, rawa
lun lir samodra rob.
- Sayid Anwar tyas mangu, dangu ngadeg tepining
rawa gung, mangu-mangu nunguneng tyasnya pan dening, wus nora nana
tinurut, ngeningaken tingalnya katon.
- Sakiduling rawa gung, wonten malih kali saking
kidul, jog ing rawa jas lan toya kras tan sipi, Sayid Anwar mesat gupuh,
sakedhap niyub wus anjog.
- Sakiduling rawa gung, Sayid Anwar langkung
denya ngungun, tumingal ing kali toyanipun wening, iline pan wus
kalangkung, anglir pendah wedang umob.
- Sayid Anwar gya laju, toya panas tinurut
mandhuwur, iya maksih tikang-tikunging kali, wit ning ta pakewuhipun, ing
marga wuwoh mawuwoh.
- Saking kali ingkang wus, ingkang peteng
sumingeb asingub, ingkang padhang ngenthang-enthang parang curi,
siluk-siluk sungil lunyu, embes-embes embel jeblog.
- Yen tan sarta lan wahyu, nora bisa ngambah
marga iku, pan meh prapta tanah sajabaning langit, sajatining kono iku,
wus tan kena kambah ing wong.
- Wauta lampahipun, Sayid Anwar sangsaya
angla-[79]ngut, pan meh dungkap prapta sajabaning langit, kendel
lampahira dulu, kidul lamat-lamat katon.
- Parbata geng kalangkung, meh ngayuh wiyati
luhuripun, tanpa jurang beluju lurus kang wukir, saking doh gilap dinulu,
gunung sela waja wutoh.
- Wukir drasah ranipun, tutuping neraka jahnam
iku, pucak wukir mrengangah tinon ngajrihi, saking doh katingal murub,
kadi bagaskara duk miyos.
- Wukir Drasah ya gunung, wukir dasar marma nama
iku, dene suku nrus dhasaring kang bumi, sapangisor sapandhuwur, panas tan
kena ginepok.
- Medal karingetipun, dadya kali babar sirahipun,
sapangandhap toyanya panas tan sipi, marine ing panasipun, yen wus anjog
rawa loro.
- Ya rawa jas lan wau, jamiri jahiri kalihipun,
Sayid Anwar langkung ngerame ningali, tebihe kalawan gunung, kantun sadina
lelakon.
- Prandene panasipun, wus karasa ing sariranipun,
Sayid Anwar pratignya sajroning galih, ing lampah lamun tan antuk, saking
parmaning Hyang Manon.
- Bisa prapteng swarga gung, sarta lawan ing
panggambaripun, lawan malih yen tan bisa tawa saking, panas sumuking kang
gunung, suka yen matiya gosong.
- Wusnya pratigyeng kalbu, sigra lajeng wau
lam-[80]pahipun, saya perak sangsaya panas tan sipi, pineksa tyasnya
nempuh, ing panas kadya den obong.
- Neng sangandhaping gunung, jungkel ing siti
panon sumaput, yayah kadya antaka risang Ibnu Sis, tur iku kala rumuhun,
neng Kusniya wus kinaot.
- Ing guna sektinipun, wus bisa manjinging geni
murub, paran dene ing mangke datan kuwawi, kasumukan panasipun, ing naraka
kantakeng gon.
- Tuhu yen tikel satus, lan geni dunya ing
panasipun, Sayid Anwar sawusnya samdya sasi, denira satengahkantu, panase
wus tan karaos.
- Mring sarira arep sampun, wungu dennira
satengah kantu, nanging netra pan dereng saged ningali, dahana pucaking
gunung, pucunging netra lir coplok.
۩۩۩
Pupuh 12 ۩۩۩
P U C U N G
P U C U N G
- Sayid Anwar tumungkul lajengmanekung,
ngeningaken cipta, nanedha marang Hyang Widdhi, bisanira tawa panasing
dahana.
- Lan bisane lajeng minggah ing swarga gung,
kuneng ingkang lagya, manekung nanadhong Widdhi, kawuwusa kang aneng
pucaking arga.
- Sang Ijajil nasar sasare linantur, denireng
Hyang Suksma, kayangan pucaking wukir, pan anyipta kadhaton jroning
dahana.
- Pan kinentha-kentha kanthaning swarga gung,
ki-[81]nembar sadaya, kang kinarya widadari, putraning jin setan peri
parayangan.
- Dene ingkang kinarya malekatipun, jin setan
sadaya, pinilih kang guna sekti, mukarabe belis kang wignya gogodha.
- Sang Ijajil tumingal ing wayahipun, Sayiddina
Anwar manekung nedheng Hyang Widdhi, bisanira ningali pucaking arga.
- Lan bisane lajeng minggah sawarga gung,
langkung sukanira, nanging karsanya Ijajil, tan sajarwa mung nedya ngaku
Hyang Suksma.
- Sila tumpang lunggweng palongka jumerud, rupa
kaki tuwa, jenggote panjang wus putih, cahyanira gumilang kadya sasongka.
- Nguwuh-uwuh saking sapucaking gunung,
cumengkling swaranya, kadya tumempel ing kuping, heh ta Sayid Anwar putu
Adam sira.
- Sutaning Sis kang Anom ibunireku, hapsari
sawarga, Dewi Mulat paring nami, heh wruhanta iyeng sun Pangeranira.
- Ingkang Murbeng buwana Hyang Maha luhur, Hyang
kang Maha Mulya, kang satuhu Maha Suci, kang dadekken ing bumi langit
kasapta.
- Saisine kang nora samar ing dulu, obah osiking
rat, asung bongga ing sakalir, sangkan alit genira kapati tapa.
- Prapteng mangke tyasira durung montra wus, tan
[82] lyan sira cipta, mung amrih guna kasektin, ngungkulana ing sakadang
warganira.
- Nadyan ejim setan sagunging lalembut, haywa na
memadha, ing guna sekti nireki, malah-malah sira anduweni cipta.
- Haywa kongsi keneng lara miwah lampus, kapengin
kang padha, sun karya badan rokhani, prapteng jaman akir langgeng uripira.
- Dene lakunira iyapan tinuduh, marang eyangira
barenglan kakangireki, kinen gambar kagungan ingsun sawarga.
- Den kacithak kabeh ingsarakitipun, pantes
mangkenea, ujarta Adam ing uni, karya ingsun wakil ngratoni sawarga.
- Kaya heneng marang langening swarga gung, marma
kinengambar, wekase eyengireki, dedalane munggah maring ing sawarga.
- Kinen nurut kali papat sirahipun, padha teka
swarga, endi ta kang sira pilih, bengawan Nil purakje kon kali dlajah.
- Silih milih kang den ucapken rumuhun, kali nil
kang perak, lakunira kandheg sami, neng tempuran bengawan kewran ing tyas.
- Kang tinurut dene loro sirahipun, siji saking
kanan, kang sawiji saking kering, nuli ana kang prapta jleg tanpa sangkan.
- Anak Adam sajodho ingkang sun pundhut, ran
Lata-[83]wal Ngujwa, sun karya werana mami, iku ingkang asung tuduh
marang sira.
- Kakangira si Anwas kang kinen nurut, kali
ingkang kanan, sira nurut kali kering, nanging bener kakangira ingkang
kanan.
- Bengawan Nil kang sirah teka swarga gung, sirah
kali babar, kang teka ing kene iki, banyu metu teka karingeting ngarga.
- Gunung dhasar iki watu waja wutuh, apanta sun
karya, tutupe kang nerakagni, marma mili banyu panas anglir wedang.
- Luwih banget kasasare inglakumu, nora
kira-kira, wong nedya marang swargai, wekasane jebul marang ing neraka.
- Sayid Anwar wau kalane angrungu, wuwuse kang
mindha, cemengkling parek dumeling, kadi-kadi tumempel talinganira.
- Langkung saking sungkawanira ing kalbu, dening
sawuwusnya, ingkang angaku Hyang Widdhi, langkung sidik Sayid Anwar wus
angrasa.
- Den sasarken mring kang tuduh lakunipun,
nanging dereng obah, saking denira semedi, matur namung osiking diya
kewala.
- Yen tan wonten sihing Hyang kang Maha Luhur,
saged prapteng swarga, antuk sawelinging kaki, suka lebur pinangana pi
neraka.
- Kang mindha Hyang Suksma wruh sungkawanipun,
Sayid Anwar sarta, pratignya ing dalem batin, suka lebur yun tan bisa
prapteng swarga.
- Ingkang mindha wor suka ing wuwusipun, lah wis
[84] babo aja kuwatir ing tyasireki, dumeh banget kasasare lakunira.
- Luwih adoh ingnraka sireku, yen Latawal Ngujwa,
nasarken amrih tan yukti, kinen nurut kali babar jog naraka.
- Pan kinarya nyepuhi tapanireku, saking wus tan
samar, yen bakal ingsun turuni, iya saking bangete panuwunira.
- Jro semedi nora menging ing pandulu, temen
mantepira, nglakoni pakone kaki, apan ingsun satuhu kang sipat rahman.
- Nyembadani sabarang panuwunipun, sagung titah
ingwang, kang mantep tetep tyas neki, ingkang temen-temen tingale marang
wong.
- Lah age sira tumenga ing luhur, mulata sawarga,
sarta lan wawenang mami, Sayid Anwar tumenga non pucak arga.
- Ngungun dening dahana wau kadulu, kutha nawa
retna, murup prabanya nelahi, yayah kadya amadhangi sabuwana.
- Ting Pancurat ting pancorong ting palancur,
abra ting galebyar, ting parelok ting parelik, kang pinindha rakiting
swarga sadaya.
- pan pinetha ing sakontha-kanthanipun,
panthaning [85] pethetan myang warnaning sarwa sari, sarwa retna sosetya
diadi samya.
- Wus Kapindha sawarganira Hyang Agung, ing
swarga pepindhan tan ana kang kurang siji, sektinira sang Ijajil iblis
lanat.
- Luwih saking malekat sadayanipun, saciptanya
dadya, panglanturira Hyang Widdhi, pan ginadhang dadya dhasaring naraka.
- Ingkang mindha lunggweng palongka jumerut,
jibeg kang hangayap, pinindhanira hapsari, putri jin peri miwah
perayangan.
- Sayid Anwar wusnya anon nulya sujud, sumungkem
bantala, ciptaning batin wus pasthi, yen satuhu Sang Hyang kang murbeng
bawana.
- Ingkang mindha sukeng tyas ngandika rum, iya
sun tarima, sujudira maring mami, heh ta Sayid Anwar ingsun pundhut sira.
- Silatawal Ngujwa inguni sun pundhut, ngong
karya werana, dene ta mengko sireki, ingsun pundhut darah ingsun karya
wayah.
- Iya saking sukane tyas ingsun dulu, ing
tumomonira, maring sun madhep sayekti, sun paringi gambaraning naraka
pisan.
- Apan iku wus dadya kembaranipun, swarga lan
ne-[86]raka, lamun takon yangireki, ya matura yen paring ingsun
Hyang Suksma.
- Lawan sira wus sun karya badan alus, tan keneng
antaka, badan rokhani kadya jim, prapteng jaman akir langgeng uripira.
- Miwah guna sekti prawiranireki, iyawus karya,
luwih saking sektining jim, lan maninge maksih sun gantungi sira.
- Kanugrahaningsung ingkang luwih agung, marmane
tutugna, genira mati geni, yen wis tutug ing Malebari Kusniya.
- Haywa suka andon neng praja sireku, tumuli
jaluka idin mring eyangireki, genira mring nutugake mati raga.
- Jajah alas jurang guwa gunung-gunung, ingkang
durung kambah, jurang pereng kali-kali, delajahen aywana kang kaliwatan.
- Yen wus tutug enggonnya andon anglangut, jajah
ing wanarga, mayeng ngubengi pasisir, sarupane tapa kabeh lakonana.
- Luwihena lan tapanira ingkang wus, lan jaluka
prenah, genira amati ragi, satuduhe eyangira Nabi Adam.
- Lakonana aja sumelang ing kalbu, karana
yangira, Adam wus sun karya sidik, nora samar marang ing sakarepira.
- Ingkang durung kalakon kabeh wus weruh, nanging
[87] yen nglahirna, kang durung wektune wedi, eyangira luwih wingiting
sarkara.
۩۩۩
Pupuh 13 ۩۩۩
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
- Sapakone besuk mring sireki, apan wus sah
saking karsaningwang, marma lakonana bae, deneta lakunipun, kakangira kang
nurut Nil, wus lilani prapta, iya mring swargagung, miwah ing
panggambarira, nanging gambar naraka tansun paringi, namung sira kewala.
- Pan sun karya timbangan sireki, kakangira Sayid
Anwas kang nganan, sira marang pangiwane, pan canggahira besuk, iya
ingkang ingsun lilani, anglahiraken kodrat, lah wis den gupuh, munggaha
mring swarganing wang, sun lilani pareka parek lan mami, iya anampanana.
- Gambar swarga lan naraka iki, lan maninge sun
paringi sira, iya kanugrahan maneh, ngelmu kang luwih punjul, saking kabeh
ya titah mami, kakangirasi Anwas, lakunirawus mudhun, iya teka ing swarga,
nanging praptaning tempuran bengawan Nil, yekti yen dhisik sira.
- Sayid Anwar miyarsa nulya glis, medal manjing
sawarga pipindhan, tumundhuk munggeng ngarsane, ingkang mindha Hyang
Agung, sarwi sujud denira nampani, ing gambar kalihira, kalawan winuruk,
rajsaning ngelmu pangiwa, nora nana wujuding Allah sayekti, namung
piyambakira.
- Miwah panjing surupe ing pati, laku ingkang
nya-[88]kra panggilingan, panuksman panitisane, Sayid Anwar wus
putus, myang bisane amalih warni, sakutu walang taga, lan kasaktenipun,
Sayid Anwar wus winulang, kang pamungkas kang luwih saking saktining, ejim
setan sadaya.
- Sawusira palesta wulanging, kang amindha Hyang
Suksma gya musna, sarta lawan sawargane, Sayid Anwar sru ngungun, saya
mantep ciptaning batin, maring kang mindha wus nyata, satuhu Hyang Agung,
Sayid Anwar gya umesat, pan sakedhap kewala lampahnya prapti, tempuraning
bengawan.
- Ingkang raka estu dereng prapti, sigra matek limunan
pamungkas, nganti kang raka praptane, wau ta kang winuwus, ingkang nganan
lampahireki, wus antuk parmaning Hyang, prapa ing swarga gung, Jabarail
kang ambekta, mring swarga miwah panggambarireki, marmanya glis sampurna.
- Rinewangan malekat Jabarail, wusnya sampurna
penggambarira, saking swarga glis udhune, wus prapta kampahipun, ing
tempuran bengawan Nil, kang rayi tan katingal, kendel lampahipun,
angantosi karsanira, mring kang rayi anulya sinapa glis, lah ta kakang
bageya.
- Sayid Anwas kagyat duk miyarsi, swaraning kang
[89] rayi tan katingal, nulya ngaton neng ngarsane, kang rayi gya
rinangkul, lah ta yayi oleh kasekten, bisa nora katingal, sapa kang
amuruk, kang rayi lon saur ira, kang amulang pan iya Hyang Maha Suci, lah
sira kang anganon.
- Kaya paran ing lakunireki, apa bisa prapta ing
sawarga, kang raka saure, iya yayi pan antuk, pangestune jeng eyang Nabi,
saking parmaning Suksma, warnaning swarga gung, wus ingsun gambar sadaya,
nora nana ingkang kaliwatan siji, wawangunaning sawarga.
- Ingkang rayi mesem tatanya ris, sira lan Hyang
kang murbeng buwana, apa ta katemu dhewe kang raka sauripun, mung katemu
lan Jabarail, dinuta ing Hyang Suksma, maringi pitulungan, ngrewangi
gambar sawarga, lah ta sira yayi kang lumaku ngering, kaya pawartanira.
- Ingkang rayi alon anauri, lakuningsun kakang
pan kasasar, kali ingkang ngiwa kiye, sirahe teka gunung, dhasar tutuping
nerakagni, gunung dhasar kang waja, mrengangah kumutug, metu kringete,
kang ngarga, dadya sirah bengawan mili kang warih, panas lir banyu wedang.
- Ingsun ora kuwasa nanggemi, kasumukan panasing
neraka, kantaka neng ngenggon bae, kongsi samadya tengsu, nuli ana
pitulung Widdhi, nedhaki maksih lenggah, jroning swarga gung, munggeng
pucaking prabata, amaringi gambar swarga lan malih gambare kang naraka.
- Lan amisik ngelmi pratingkahing, panitisan
pa-[90]nuksma kang sarta, saliring guna kasekten, mring ingsun iya dhawuh,
lamun lakunira wus prapti, ing swarga mung linilan anggambar swarga gung,
lan ingsun pinundhut wayah, Sayid Anwas miyarsa aturing ari, langkung
pangungunira.
- Sayid Anwar mring raka lingnya ris, lah ta
kakang payo nuli mangkat, sun gawe gegana bae, lan maksiya lumaku, dharat
kaya angkate nguni, yekti lawas neng ngarga, yen sun gawe luhur, lan
mengko wus winuwuhan, dibyaningsun sayekti yen gelis prapti Malebari
Kusniya.
- Ingkang raka nut aturing ari, gya cinandhak
binekta umesat, pan amung sakedhap bae, prapta ing lampahipun, nenggih
nagri ing Malebari, marengi ingkang eyang, Nabi Adam nuju, animbali para
putra, para wayah andher ngarsanira sami, tan dangu antaranya.
- Kagyat mulat praptanira kalih, lajeng tumameng
byantareng eyang, sareng angraup padane, kang wayah gya rinangkul,
sawusira kineng alinggih, munggeng ing ngarsa jajar, jeng Nabi lingnya
rum, heh wayah ingsun bageyo, karo pisan iya ing praptanireki, kalih nuhun
turira.
- Kaya ngapa ing laku nireki, ingsun duta gambar
[91] ing sawarga, apa baya oleh gawe, wayah kalih turipun, yen lampahnya
samya tuk kardi, gambaripun titiga, mring eyang wus katur, ananging dereng
binuka, Nabi Adam mesem angandika aris, wayah ingsun kang tuwa.
- Sira ingkang sun takoni dhingin, umatura solah
tingkahira, ing laku apa mulane, dennyantuk gambar telu, siralawan
arinireki, Sayid Anwas tur sembah, eyang mila antuk, lan pun adhi gambar
tiga, purwa saking ingkang nginggil bengawan Nil, kakalih sirahira.
- Dados kewran tyas kawula sami, yen nuruta
ingkang saking kanan, manawi dede sirahe, ingkang saking swarga gung, yen
nurutakang saking kering, manawi estu ingkang, saking kanan wau, sirahe
kang saking swarga, nunten wonten tyang satunggal kang prapti, saking jleg
tanpa sangkan.
- Pan angaken yen arinireki, putra tuwan jeng
rama let sanga, Latawal Ngujwa namane, purwane tuwan tundhung, murtatipun
kesah jalwestri, martapa wonten Kusna, punika pukulun, inggih ingkang
asung tedah, yen kang kali saking kanan Nil, kang kering lepenbabar.
- Lepen babar lawan bengawan Nil, sirahipun sami
[92] saking swarga, Latawal Ngujwa sanjange, kawula kinen nurut, kang
saking ler bengawan Nil, pun adi nurut babar, lepen saking kidul,
sasampunipun sung tedah, nunten musna Latawal Ngujwa tab keksi, amba
mituhu samya.
- Ulun nganan pun adhi angering, estu lepen
ingkang saking kanan, yen saking swarga sirahe, lampahnya kawula antuk,
parmaning Hyang enggaling prapti, Jabrail kang ambekta, myang panggambar
ulun, ing swarga gung inggih lawan, rinewangan dhateng malekat Jabarail,
marma glis sampunira.
- antuk ulun saking ing swargi, inggih angsal
parmaning Pangeran, enggal prapteng tempurane, pun adhi tan kadulu, ulun
cipta yen dereng prapti, temahanipun nyapa, jawil saking pungkur, nunten
ngatingal neng ngarsa, amba taken dennya saged tan kaeksi, wulanging Gusti
Allah.
- Miwah denya angsal gambar kalih, inggih saking
paringing Hyang Suksma, jeng Nabi mesem delinge, lah sira wayah ingsun,
ingkang anom matura kaki, sasolah tingkahira, tetamu Hyang Agung, kang
wayah umatur manembah, ing nalika panyimpangira ing nguni, saking lepen
tempuran.
- Amiwiti malah amekasi, kasasarira neng redi
dha-[93]sar, nalika kasangsayane, sasolah tingkahipun, denya panggih lawan
Hyang Widdhi, pamulang pawelingnya, sadaya wus katur, tan wonten kang
kelangkungan, langkung ngungun sadaya ingkang miyarsi, ature Sayid anwar.
- Dennya ngaken panggih Hyang Widdhi, langkung
saking gaibing pratingkah, wulang miwah wawelinge, myang kasangsayanipun, kantakane
samdaya sasi, pinundhut mulyanira, wayah mring Hyang Agung, mung jeng Nabi
kang tan samar, yen Ijajil kang ngaku Hyang Maha Suci, nanging datan
winedhar.
- Nabi Adam ngawe praputra glis, miwah sagung
ingkang para wayah, nangebdha Sis pangiride, kang wayah Sayid Anwas, para
putra gupuh, majeng tuwin para wayah, kapang tepung munggeng ngarsanya
jeng Nabi, gambar nulya binuka.
- Samya eram sadaya ningali, putra wayah
lam-lamen ing driya, non gambar swarga asrine, luhur pisan kadulu, mawa
cahya murub nelahi, dhindhing jalal katingal, gumawang ngunguwung, wonten
tulis jroning cahya lapal muni Laila Hailallahi, Muhammad
Rasulullah.
- Nulya sujud wau kangjeng Nabi, saputra wayahira
[94] sadaya, nebut ing lapal kaliye Laila Illahu Muhammadarasulullahi, wus
tangi sadaya, saking sujudipun, jeng Nabi ngandikeng wayah, heh ta Anwas
sun paringaken sira malih, gambar swarga lehira.
- Apan iki nugraheng Hyang Widdhi, lapal loro
ingkang munggeng gambar, temen-temenira nglakoni, iya mring tuduh ingwang,
tan mengeng ing kalbu, ing besuksira turune, marang anak putunira
ingkang kari, kinarya pusaka.
- Sayid Anwas sandika turneki, gambarira sampun
tinampanan, jeng Nabi gantya ambeber, gambar swarga tukipun, Sayid Anwar
kang den tingali, putra wayah sadaya, pra samya andulu, eram ngungun ing
wardaya daya, dening warnaning gambar wus datan kalih, lan gambar saking
Anwas.
- Namung kaot ing nginggil tan mawi, tulis lapal
Allah lan Muhammad, mung tulis dhawuhe, tan mawi cahyya suwung, gantya
ingkang dipun tingali, gambare kang naraka, ngajrihi dinulu, para putra
para wayah, mulat gambaring neraka keter sami, jeng Nabi anandika.
- Heh tan Anwar olehira iki, gambar swarga lan
gambar neraka, sun paringaken sira maneh, pusakakna ing besuk, marang anak
putunereki, yeku nugrahanira, paringe Hyang Agung, kang ngambil ing putu
sira, lakonana apa sapakonireki, aja sumelang driya.
- Lamun temen-temen tyasireki, marang Allah kang
[95] nemoni sira, anglakoni satuduhe, tan mengeng ing pandulu, sayektine
kabeh pinanggih, wuwuse Allahira, kang angambil putu, neng pucaking gunung
dhasar, pituhunen satuduhe pan sayekti,pan wus karsaning Suksma.
- Deni sira kinen jaluk idi, lawan ingsun tuwin
jaluk prenah, genira anutugake, maring tan panireku, iya kulup ingsun
ngidini, dening ta prenah ingwang, tapaa sireku, gunung baod tanah sela,
aneng pucaking gunung den banget mamrih, subrangta mati raga.
۩۩۩
Pupuh 14 ۩۩۩
ASMARADANA
ASMARADANA
- Pan iku tilasan mami, duk dinukan ing Hyang
Suksma, saking swarga den dhunake, mring dunya lan eyangira, Siti Kawa
pinisah, tanah Siyem tibanipun, ingsun tinibaken ngarga.
- Pucaking gunung serandhil, satus tahun
ingapura, ingsun kinumpulken maneh, iya lawan eyangira, aneng ing tanah
Arab, sukuning tarwiyah gunung, banget panalangsaningwang.
- Begendha Sis duk miyarsi, pangandikane kang
rama, [96] cinatet jroning galihe, wruh sasare ingkang putra, tumungkul
sru sungkawa, jeng Nabi Adam anduku, bagendha sis sungkawanya.
- Pangandikanira aris, heh ta Esis putraningwang,
sutanira lelakone, wus tinakdir ing Hyang Suksma, kawula yen nampika, ing
titah pan duraka gung, malah malah ing tyasira.
- Den banget sokur Hyang Widdhi, lah ta iya
pira-pira, sutanira sakarone, kinarsakken dening Suksma, dadi bebaku
padha, pangiwa panengenipun, angapa yen sak sireka.
- Sutanta kang tuwa dadi, babakuning panengennya,
bebakune pangiwane, ingkang anom sutanira, apa dudu nugraha, Karseng Hyang
kang mangkoneku, kawula iki pan darma.
- Nglakoni karseng Hyang Widdhi, mangsa ta dadak
bisawa, ngowahi Hyang Manon, bagendha Sis miyarsa, andikane kang rama,
sukeng tyas anulya sujud, dedonga sokuring Suksma.
- Miwah ingkang putra kalih, sukeng tyas mituhu
samya, mring kang eyang sadhawuhe, gambar kalih wus tinampa, marang
Sayidin Anwar, sarwi matur lamun sampun, trang timbalanipun eyang.
- Linilan ulun pamit, ing lampah lajeng kewala,
[97] mring wukir kaod samangke, kang eyang mesem ngandika, iya sokur
tyasira, mengkono kencengireki, ingsun rewangi dedonga.
- Manedha Hyang Widdhi, muga-muga tinekana, ing
saciptanira kabeh, gonira mrih mati raga, lah wis nuli mangkata, aywa
tumulih ing pungkur, kadang miwah yayah rena.
- Sayid Anwar gya ngabekti, mring eyang miwah
mring rama, sawusira mundur age, saking ngarsane kang eyang, mesat
sakedhap prapta, sapucaking bapt gunung patilasan Nabi Adam.
- Lajeng dennya mati ragi, aneng sapucaking
ngarga, kuneng malih winiraos, Nabi Adam cinarita, dennya ngratoni marang,
sagunging sato wana gung, wus pinundhut ing Hyang Suksma.
- Mung tetep denya ngratoni, marang putra wayahira,
pan sampun karya kadaton, neng Malebari Kusniya, pra wayah kang wus
samya, diwasa jinodhon sampun, dhaup nak sanak sadaya.
- Ingkang kathah tan winarna jodhone, dhaup lan
putri paman, Sayidin Kayumarat, warnanira yu pinunjul, Siti Kayati
namanya.
- Runtut dennya palakrami, tanan suwaleng karsa,
Sang Dyah bekti mring kakunge, kakung asih maring garwa, cinatur wus
puputra, jalu pekik warnanipun, sinung nama Sayid Kinan.
- Lahiripun amarengi, yuswanipun ingkang eyang,
[98] ingetang tahun srengenge, tugang atus seket gangsal, tan lami
antaranya, babar malih ingkang ibu, sinung nama Sayid Pinat.
- Tan alami wawrat malih, babar putrane wanodya,
kalangkung endah warnane, wus tan kalih lan ibunya, anama Dewi Sekan,
cahyane sumunar mancur, kadya baguning kartika.
- Yuswane panjang nglangkungi, kadya datan keneng
tuwa, ing benjang sang Dyah kramane, dhaup prenah warengira, wus tinakdir
Hyang Suksma, dadya ibunya Nabi Nuh, kagarwa Sayid Lamah.
- Yeku carita megati, winangsulan Sayid Kinan,
cinatur cendhake bae, reroncene tan winarna, buru lampahing kandha, miwah
pangetanging tahun, mung tahun surya kinarya.
- Tahun wulan tan winarni, cinatur Sayidin Kinan,
wus kramantuk misanane, panengeean Siti Amah, putreng Sayid Tumarah, sayid
tumarah puniku, putreng Sayid Katumarat.
- Siti Amah wus garbini, babar jalu putranira,
Sayid Mahlail namane, wus tan kali lan kang rama, anuju babarira, tahun
Adam kawan atus, salawe ing tahun surya.
- Diwasanipun akrami, dhaup lan Siti Matusah,
pu-[99]trining Sayid Makyayel sutaning Ngeran, Ngeran ingkang susuta,
Sayid Kanuh kang susunu, putra Dam Kabil kang murtat.
- Sayid Mahlail sisiwi, jalu pekik warnaira,
Sayidin Majid namane, Sayid Baril paparabnya, jujuluk Sayid Barat,
tegesipun Sultan Agung, Sayid majid lahirira.
- Tahun Adam amarengi, kawan atus sangang dasa,
Sayid Barat diwasane, kramantuk misananira, Siti Asup namanya, warnanya yu
pinunjul, Siti Asup kang susuta.
- Anama Sayid Mukalil, putraning bendha Pinad,
Pinad iku arine, dening Sayidina Kinan, sami putraning Anwas, mangkana
ingkang winuwus, Nabi Adam sawusira.
- Yuswa gangsal atus warsi, lan sawidak
lakungira, jeng Nabi arsa seseleh, ing kukumah nubuah, tegesipun nubuah,
seleh kanabeyanipun, kukumah karatonira.
- Putra kalih kang pinilih, gantyani karatonira,
miwah ing kanabeyane, kang sinerenan kukumah, Sayidin Kayumarad, juluk
Prabu Kayumutu, mengku nagari Kusniya.
- Ajeg tindaking nagari, jejeg sapraja sukarja,
[100] tanna malangking kang pangreh, para kadang para putra, wayah buyut
myang canggah, sadaya suka sumuyud, mring sang Prabu Kayumarad.
- Pangreh ing rad narcayani, pamengkuhira ing
bala, ananging kadang wargane, berbudi tur bijaksana, legawa palamarta,
ulahing wiweka putus, sembada prakosweng yuda.
- Dene kang gumantya Nabi maksih, Maha Raha
Pinandhita, pindha-pindha pupundhen, mring anak putu sadaya,
tinuwa-tuwagana, sinembah sinuhun-suhun, tinut ing satuduhira.
- Anggung nanedheng Hyang Widdhi, lestarinireng
agama, putra wayah ing manute, mring putra kang sinerenan, kukumah lan
nubuah, ya ta wau kang wus nenggih Sayidin Barad.
- Sasampunira akrami, dhaup lan misananira, Sri
Mutalil ing putrine, nulya Sayidina Barad, karsanira eyang, myang rama
sadayanipun, jinunjung umadeg nata.
- Jujuluk Sri Sultan Majid, mengku nagari
Kusniya, Sultan Agung peparabe, sujud sakula gotrahnya, ingkang rama
megawan, saking bumintara kasup, Sang Sri Prabu Barad.
- Punjul samaning para ji, karatone binathara,
[101] kang garwa lajeng wawrate, prapteng mangsanira babar, jalu pekik
warnanya, sinung nama Sayid Unuh, amawa cahya nugraha.
- Ajejuluk Nabi Idris, diwasanira akrama, Siti
Ngarban paparabe, putrining Sayid Balingah, Balingah
- Ngamura putreng Pamuri, putreng Sesan Ibnu
Adam, Nabi Idris sasampune, akrama nulya gumantya, karatone kang rama,
Narapati Maha Wiku, jujulukireng karajan.
- Jeng Sultan Armasul Kakim, ingkang garwa lajeng
wawrat, prapteng mangsaning wulane, babar jalu putranira, langkung pekik
warnanya, cahyanya wenes sumunu, sinung nama Sayid Malkan.
- Kangjeng Nabi Adam maksih, duk lahire Sayid
Malkan, pan meningi gerpak male, turun wolu tegesira, wusnya jangkep kang
yuswa, sangang atus warsa langkung, suwidak prapteng sedanya.
- Para putra kumpul sami, wayah buyut miwah
canggah, kang wus mencar yen eyang seda, mesat saking baod gunung,
sakedhap prapteng Kusniya.
- Myang malekat Jabarail, prapta dinuteng Hyang
[102] Suksma, bekta saupa renggane, ing layon sampunira, siniraman
kinapan, sinareken guwa kunus, tanah Arabi ing Jedah.
- Prenah sakilening wukir, Abikubes let sawarsa
kang garwa nusul sedase, babu Kawa layonira, sawusnya Siniraman,
sinarekken daganipun, ingkang raka nabi Adam.
- Wauta ingkang winarni, Sayid Malkan diwasanya,
dhaup prenah warenge, nenggih retna Dewi Sekan, arining Sultan Kinan,
denira akrama runtut, tan ana suwalang karsa.
- Sih sinihan jalu estri, Nabi Idris duk samana,
lagya sengsem ing galihe, lan Ngijrail pawong mitra, sampun saengga
kadang, pananggung patemonipun, Nabi Idris cinarita.
- Kapencut uning swargadi, mring Ngijrail
pamothahnya, tinurutan mring Hyang Manon, Nabi Idris wus binakta, minggah
sawarga, mring Ngijrail sampun rawuh, Nabi Idris duk tumingal.
- Lelangen srining swargadi, langkung sengseming
wardaya, supe marang nagarane, binekta wangsul lenggana, marang ing ngalam
dunya, wus karasan neng swargagung, katur ing Hyang tinurutan.
- Panuwunnya Nabi Idris, tetep ngadhaton sawarga,
[103] sarta kalawan wadhage, ingkang kantun neng nagara, wus lami
antaranya, ingkang rama datan kondur, mangkana Sayidin Malkan.
- Apan wus gumantya aji, mengku nagari Kusniya,
binathara karatone, gagah prakosa ngayuda, sumbaga memondraguna,
peparabireng kaprabun, jeng Sultan Mutawasalka.
- Sujud sapraja samya jrih, sagotra kulawarganya,
tanana malang ing pangreh, miwah kang ngamanca praja, kekes ajrih sadaya,
wus supe ngagaminipun, jeng Sultan Mutawasalka.
- Keneng panuntuning Iblis, kalimputing
kawibawan, lali maring Pangerane, saking gunge kang kagungan,
puwa-puwambek harda, nutuge sabudinipun, Sri Nata Sultan Malkan.
۩۩۩
Pupuh 15 ۩۩۩
S I N O M
S I N O M
- Mangkana ingkang winarna, prameswarining
Narpati, nenggih retna Dewi Sekan, semana sampun gerbini, prapta
ngantareng sasi, babar jalu putranipun, langkung pekik warnanya, amawa
cahya nelahi, nenggih cahya nubuwahing kanabeyan.
- Dumunung munggeng larapan, lir trenggana ngikis
ratri, kesisan ing ima-manda, muncar-muncar anelahi, anama Sayid Sakib,
apeparab jeng Nabi Nuh, tan lami antaranya, Dewi Sekan wawrat malih, babar
jalu langkung pekik.
- Sinung nama Sayid Bulya, apaparab Nabi Kilir,
pan [104] dadya rijallolah, gaib karsaning Hyang Widdhi, mangkana kang
winarni, Nabi Nuh diwasanipun, apan sampun akrama, dhaup lan misananneki,
putrinipun kang paman rajeng Malaka.
- Anama Siti Anikah, warnanira yu linuwih, dene
sang rajeng Malaka, Sayid Salkan kang sisiwi Salkan arinereki, ingkang
rama sanga Prabu Sultan Mutawasalka, sawusnya Nabi Nuh karami, Sultan
Agung Malkan prapteng sedanira.
- Kalajeng kapir sadaya, karatone kang gumanti,
Nabi Nuh Kalipattolah, Nabi angiras Narpati, mengku kalih prakawis,
nubuwah kukumahipun, Nabi mengku sarengat, agama Adam ing nguni, sampun
masuh mring Nabi Nuh agamanya.
- Tulus panjenenganira, denira ngrata agami,
cinatur sampun peputra, lan Dewi Anikah nenggih nenem kathahineki,
putranira ingkang jalu, pekik-pekik sadaya, putrestri datan winarni,
pembajenge anama Sayid Kanangan.
- Sayid Sakin penenggaknya, ajejuluk Sultan
Bahur, kang rayi nama Sayid Sam, anulya Sayidin Kawid, Sayid Kam ingkang
rayi, Sayid Yapis kang waruju, putra nenem punika, kang tiga murtat agami,
kang titiga anut agamaning rama.
- Kang murtad Sayid Kanangan, Sultan
Bahwi lawan [105] Kawid, kang manut Sayid Sam, Sayid Kam lan
Sayid Yapis, anak putu jeng Nabi, Adam Nalika puniku, kang somahan kewala,
cinarita lagya dadi, kawan dasa ewu nenggih katahira.
- Ingkang rare miwah ingkang, lalegan datan
winarni, kathahe walahu aklam, mung Allah kang ngudaneni, Nabi Nuh umat
neki, nalikanira puniku, kathah kang sami murtat, manut ingkang putra
katri, Sultan Bahwi Sayid Kawid lan Kanangan.
- Tan lama antaranira, nulya na dukaning Widdhi,
kinelem ing toya topan, saisen-isening bumi, tumpes tapis mung kari, putra
katri kang samya nut, lan sabat kawan dasa, kembaran gesangireki, binekta
mring jeng Nabi minggah ing palwa.
- Dene kutu walang taga, mung bekta nyajodho
sami, kutu kang gumeremet samya, tegesing taga kang sami, rumangkang
lampah neki, walang kang bisa mabur, sapakanira samya, sadaya wus den
panceni, miwah tedha sangu-sangu kinathahan.
- Utawi sawarnanira wiji-wiji den pepaki,
sabak-[106]danira patopan, waluya sadaya sami, putra kang manut katri,
myang para sakabatipun, lan kutu walang taga, tan ana kang kalong siji,
sampun menstas sadaya saking ing palwa.
- Putra tri lajeng pinatah, pencara miliya sami,
papan ing sasenengira, kang badhe den bebakali, tinaneman ing wiji, myang
para sakabatipun, kawan dasa kembaran, sadaya wus dinum sami, putra tiga
mendhet ngenem kekembaran.
- Kang kathah pinatah pisah, ngrong jodho miliya
sami, siti ingkang binakalan tinaneman wiji-wiji, wus lumaksana sami, ana
ngaler ana ngidul, ngulon miwah ngetan, jeng Nabi ingkang umiring, namung
milih sabate kalih kembaran.
- Bebakali dhepokira, sinambi ananem wiji, sarta
gung ennya dedonga, rahayune putra katri, kang mencaraken wiji, bubak siti
karya dhukuh, miwah sakabatira, aywana sangsayaneki, lestariya ing
saturun-turunira.
- Wau kang ngupaya papan, sawusira samya manggih,
siti kang dados senengnya, pan lajeng den bebakali, wus dadya den tanemi,
wiji-wiji samya thukul, miwah ingkang bebakal, sadaya samsa sisiwi, apan
lajeng samya besan-binesanan.
- Lami-lami pang sangsaya, kathah wewahe kang
jal-[107]mi, sangsaya wiyar tebanya, denira bebakal sami, wiji sangsaya
dadi, kathah kang wus dadya dhukuh, ingkang wus gemah mencar, bebakal
ananem wiji, lami-lami sangsaya kathah wewahnya.
- Miwah kutu walang taga, beranahan manak sami,
lami-lami pun sangsaya, wuwuh mawuwuh kang jalmi, wiji sangsaya dadi,
myang dhukuh sasngsaya wuwuh, wus kathah dadya desa, cinarita putra katri,
minggal dadya desa geng langkung gemahnya.
- Lami-lami pan sangsaya, harja wus dadya nagari,
namaning nagari kadya, namaning bebakali, Sayid Sam iya nagari, Ngesam
nenggih naminipun, Sayid Yapis namanya, iya nagari ing Yapis, Sayid Kam
iya nama nagari Kam.
- Miwah sakabat kang samya, bebakal sawise dadi,
desa arane ya kadya, namane kang bebakali, miwah bebakalneki, duk putra
Adam rumuhun, wayah buyut kang samya, babakal babad wanadri, ingkang
sadaya dhukuh desa myang nagara.
- Namanipun iya kadya, namane kang bebakali,
miwah kang samya martapa, putra wayah Adam nguni, neng jurang kali-kali,
alam guwa gunung-gunung, tilasane keh kadya, namane kang mati ragi, miwah
tanah kathah kang samya karanan.
- Namane ingkang tutruka, kuneng wau kang
winarni, [108] putra tri kang wus samya, tulus madeg Narapati, harja
nagrine sami, candhake bae cinatur, buru lampahing kandha, reroncene tan
winarni, kang ginancar garwanira Sultan ing Sam.
- Siti Iskajis namanya, putrinipun Raja Malik,
Raja Malik kang puputra, anenggih sang Rahja Sakir, Sakir ingkang sesiwi,
Sayid Salkan putranipun, Nabi Idris punika, Sultan Sam lawan sang putri,
putranira kang ajalu apan sangalas.
- Kang Sepuh Sayidin Ibkas, nuli Sri Irpak
panenggih, anulya Sayidina Rab, ingkang rayi nama Sayid, Kustantusniya
nenggih, ingkang rayi namanipun, Sayid Kustantusniyah, anama Sayidin
Pirsi, nulya Sayid Parasi nulya rinira.
- Sayid Parasis anulya, Sayid Kuristam anuli,
Kijistam anulya Aram, anulya Sayid Harmani, ingkang rayi nama Sayid, Liwad
nulya arinipun, Sayid Ngajam, Sayid Kusistam anuli, Sayid Angad anulya
Sayidin Nasar.
- Anulya Sayidin Barab, kang rayi Sayid Bahuri,
songalas Sayid Sayam, ingkang gangsal welas nenggih, kinen mencarasami,
abebakal karya dhukuh, sarta binektan bala, marmenggal dadosireki, ana
ingkang dadya desa myang nagara.
- Ana kang jumeneng raja, ana kang dadya Bupati,
[109] namaning nagri ya kadya, namane bebakali, ana kang mati ragi, karem
dadya pandhita gung, ana dadya uliya, miwah putra kang kakalih, Sayid
Yapis lan kang raka Sayidin Kam.
- Samya kathah putranira, sadaya wus mencar sami,
babakal akarya desa, ya ta wau tanwinarni, putreng Sayid Kam nenggih,
mung pinendhet bakunipun, putra ingkang panenggak, kang nedhahaken
kangjeng Nabi Mukamaddinilmustapa niyakengrat.
- Anenggih Sultan Irpaksad, garwanira nama
Siti, Rikah langkung endahira, panggih naksanak sang putri, putreng Sayid
Kam nenggih, putranira jeng Nabi Nuh, dene Sultan Irpaksad, titiga
putranireki, ingkang sepuh Sayid Saleh namanira.
- Panenggake Sayid Kanan, Sayid Saruh kang
wuragil, Sultan Saleh garwanira, nama Siti Kandakistin, yeku putrinireki,
Sultan Tusniya rumuhun, putranira Sultan Sam, dene Sayid Sultan Salih,
putra kalih kang sepuh ran Sayid Ngabar.
- Sayidin Saruh taruna, jeng Sultan Ngabar
akrami, nama Retna Siti Barah, raja Bakar kang sisiwi, babar putreng
Sayidin, Arwani ingkang susunu, nenggih Sultan Sayid Sam, jeng sultan
Ngabar winarni putranira kang jalu sakawan.
- Sayid Kasim pambajengnya, panenggake Sayid
Pa[-110]lih, panenggahe Sayid Kahtan, Nabi Hud ingkang wuragil, dene
Sayidin Palih, ingkang dadya garwanipun, putrine Raja Salan, anama Siti
Ngabari, Raja Salan putranira Sultan Kanan.
- Sayid Kanan kang puputra, Sultan Irpaksad ing
nguni, putraning Sultan Sayid Sam, dene Sayid Sultan Palih, putranira
kakalih, Sayidin Rangu kang sepuh, Sayid Sarid arinya, Sayid Rangu kang
winarni, garwanira nama Dewi Siti Hudah.
- Nabi Hud ingkang puputra, Nabi Hud putranireki,
nenggih Sayid Sultan Ngabar, Sayid Rangu asisiwa, Sayid Suruh gumanti,
karatone eyangipun, Sayidin Sultan Ngabar, Sayidin Saruh akrami, Siti
Ngidah putrining raja Ngadashar.
- Dene Sang Raja Ngadashar, Raja Sadad kang
sisiwi, kang antuk benduning Allah, ayasa ngentha swargadi, Sadad ingkang
sisiwi, Ngad Akbar ingkang susunu, Raja Ngus namanira, Raja Ngus puteng
Armani, sang Armani putranira jeng Sultan Sam.
- Sultan Saruh kang winarna, putranya jalu
kakalih, [111] Sayid Nakur pambajengnya, kang rayi ran Sayid Jajir, tinanem
ing nagari, Jajirat kalidatipun, Sayid Nakur garwanya, Siti Mangikan
nameki, pan arine dening Sang dipati Mekah.
- Nama Sayid Manguniyah, Sayid Bakar kang sisiwi,
Bakar putrane Bubakar, Bubakar kang sisiwi, Sayid Ngabdullah nenggih,
Ngabdullah ingkang susunu, Sang Raja Ngisyunjabar, Raja Ngisyunjabar
nenggih, kang peputra nama Raja Ngamalika.
- Ngamalika kang puputra, Sayidina Liwad nguni,
putraning Sayid Sultan Sam, Sultan Nukur kang winarni, putranira kakalih,
Raja tarih ingkang sepuh, nulya Sultan ran Kobra, Raja Tarih kawon jurit,
marang raja Namrut pan lajeng kabala.
- Kinarya patih misesa, angreh para narpati,
sinung nama Patih Najar, Raja Namrud kang sisiwi, Raja Kaos raneki, Raja
Kaos kang sesunu, nenggih Sayidina Kam, putreng Nabi Nuh inguni, dene Raja
Patih Najar garwanira.
- Nama Dewi Siti Nonam, Raja Nuning kang sisiwi,
Raja Nun putraning Yunan, Raja Yunan kang sisiwi, Raja Yungas nameki, Raja
Yungas kang susunu, anama Raja Mangas, Raja Mangas kang sisiwi, nama Raja
Masisah ingkang susuta.
- Raja Yunan kang pisan, putranira Sayid Yapis,
Nabi Nuh ingkang puputra, Palih Najar kang winarni, tiga putranireki,
Nakur Ashar kang ngasepuh, panengah nama Ashar, wuragil Nabi Ibrahim,
garwanira jeng Nabi ran Dewi Sarah.
- Putinipun Sultan ing Sam, raja aran Kobra neng-[112]gih,
Sultan Nakur kang peputra, ingkang nom garwa jeng Nabi, putrining Sultan
Mesir, anenggih sang Raja Kumus, putri ran Siti Ajar, raja Kumus kang
sisiwi, sang raja Bus putranira raja Jabar.
- Putrining Ngamalud raja, putraning Sang Raja
Ngimlik, Raja Lawid kang puputra, Sayid Iram, kang sisiwi, Sayid Sultan
Sam nenggih, putranira jeng nabi Nuh, cinatur Siti Ajar, patutan jalu
satunggal, nama Nabi Ismangilladabikulah.
- Dene Retna Dewi Sarah, inggih patutan
satunggil, jalu nama Nabi Iskak, sedaning garwa kekalih, putri Ngesam lan
Mesir, tan lami antaranipun, jeng Nabi Brahim dennya, dhudha nulya krama
malih, antuk Dewi Putur putri ing kanangan.
- Paparab Siti Katurah, raja Yaktam kang sisiwi,
punika punggawanira, nenggih jeng Nabi Ibrahim, Siti Putur winarni, pan
akathah putranipun, nenem kang mijil priya, sakawan ing pawestri,
pambajenge anama Sayid Jimrana.
- Panenggak Sayid Yaksana, arinya ran Siti Manti,
anulya Sayid Madana, nulya Sayid Madyan nenggih, parab Sayid Madaid, Siti
Madinah rinipun, anuli Sayid Yasbak, Siti Sabikah kang rayi, Siti Sabkiyah
wuragil Sayid Sawah.
- Wau njeng Nabi putranya, mung kalih kang
winarni, [113] Nabi Ismangil kalawan, jeng Nabi Iskak kang rayi, Nabi
Iskak sisiwi, tetiga putra kang sepuh, nama Siti Kabirah, apan dadya Nabi estri
ingkang ingkang rayi Nabi Nges nulya rinira.
- Bagindha Yakup namaya, wau Nabi Nges winarni,
neng nagri Adum puputra, ing Ngerum Sultan Rakwail, Rakwail asisiwi,
Sultan Jarak asusunu, Raja Unus puputra, nama Ayub dadya Nabi, yata way
Bagendha Yakup putranya.
- Pan telulas kathahira, kang saking garwanireki,
Sti Lahya putra gangsal, kang sepuh namanireki, Yahuda rinireki, Bagendha
Rubil rinipun, Bagendha Buyamin, dene putra kang saking, Masnen iku
tegesipun, selir kalih namanya, Siti Balha kang satunggal, satunggale
selir nama Siti Julpa.
- Dene Masnen Siti Balha, titiga putranireki,
Ba-[114]gendha Yadun namanya, Bagendha Yasjar rineki, tiga Rutalun
nenggih, dene Masnen Julpa wau, iya putra titiga, lan jeng Nabi Yakup
nenggih, pan anama Namtali nulya rinira.
- Bagendha Dana anulya, Bagendha Asyar rineki,
jangkep telulas putranya, putra kang sepuh einarni, Yahuda asisiwi,
bagendha Paris ranipun, Paris wau peputra, nama Kisron asisiwi, pan anama
Bagendha Ras apuputra.
- Pan anama Ngamidahab, Bagendha Nahsan putreki,
Salimun nulya puputra, Bangaja puputra nuli, Ngubed putranireki, Bagendha
Esa susunu, Nabi Dawud namanya, dene Nabi Dawud nenggih, kang ginancar
putranya pan kalih dasa.
- Sayid Tamnun kang nguwata, panenggak ran Sayid
Kalib, Abisalum arinira, Sayid Dudniya rineki, Sayid Samanga, Sayid Askum
rinireki, Nabi Nasan nulya jeng Nabi Suleman.
- Arinya Sayid Yukapar, Sayid Alisamak nuli,
Sayid Alidanga nulya, Sayid Alingalab nenggih, Sayid Namah, Sayid Yamyak
rinireki, Sang Alisak Siti ramir manisira.
۩۩۩
Pupuh 16 ۩۩۩
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
- Wau bagendha Yakup putreki, Bagendha Lawe
ing-[115]kang winarna, bagendha Pais putrane, sakawan putranipun, Sayid
Ngimran kang sepuh nuli, Sayid Yas arinira, Sayid Jabil iku, wuragil Sayid
Kabrawan dene Sayid Ngiman wau kang winarni, sakawan putranira.
- Ingkang sepuh Nabi Harun nenggih, nulya Siti
Kaltum arinira, Siti Maryami arine, Nabi Musa puniku, kalamolahireng Hyang
Widdhi, Nabi Harun winarna, nenggih putranipun, nama sayid Ahlingajar,
putra Sayid punikas puputra nuli, Sayid Yasar puputra.
- Nabi Ilyas papa rabinireki, amangsuli wau kang
winarna, jeng Nabi Yakup putrane, Sayid Asraim iku, apuputra Sayid
nunenggih, puputra Nabi Yusak, kuneng kang winuwus, bagendha Pais
putranya, kang panenggak Sayid Yashar putraneki, Sangkarun namanya.
- Kang winulang Nabi Musa, Karun dennya bisa
karya emas, myang salaka sadayane, punika kang cinatur, amegati carita
nenggih, mangsuli sejarahnya, wau kang winuwus, jeng Nabi Brahim putranya,
ingkang sepuh nenggih jeng Nabi Ismangil, punika kang winarna.
- Nabi Ismangil garwanireki, Siti Rasmani ingkang
[116] puputra, raja Malal peparabe, Malal ingkang susunu, raja Ngumru
ingkang sisiwi, raja Jurham kang susuta, Sultan Jarah puniku putranireki,
nenggih Sang raja Kahtan.
- Putranira Sultan Ngabar nenggih, Ngabar Sultan
Salih kang puputra, Salih puniku putrane, Sultan Irpaksad iku, putranira
Sultan Sam nenggih, Nabi Ismangil winarna, kathah patutipun, lan garwa
putri Yurhama, nenggih Siti Rasmani putranireki, sadaya kawan welas.
- Pambajenge nama Sayid Sabid, panenggake ran
Siti Makilas, Siti Basimas parabe, Sang kusuma kramantuk, jeng Nabi Nges
putranireki, kang paman Nabi Iskak, ing sasedanipun, Sayid Sabid
putranira, jalu estri sadaya anama Sarib, tegesipun Pangeran.
- Sarta sami kaparingan nagri, sowang-sowang den
urutira, Siti Makilas arine, Nama Sarib Nibayus, nulya Sarib Kedar anuli,
Sarib Adabil nulya Adbail rinipun, anama Sarib Sam nulya Sarib Masmak
nulya Sarib Dum anuli Sarib Musa anulya.
- Sarib Kudan namane kang rayi, sarib Sima nulya
[117] Sarib Tima, nulya Sarib Natur rine, anama Sarib Yatur, arinira ran
Sarib Nipis, nulya Sarib Kidama, wau kang winuwus, nenggih sarib
Menakkedur, garwanipun putrinira Sayid sami, nama Siti Supiyah.
- Sayid putreng Nabi Salih, nenggih Raja Ngabid
kang susuta, Sang Raja Asap putrane, Raja Masah puniku, putranira Sang
Raja Ngabid, Ngabid ingkang sapisan, nenggih kang susunu, Raja Katir
putranira, Raja samud Raja Ngabar kang asisiwi, sayid Armani nama.
- Putreng Sayid Sultan Sam putraning, jeng Nabi
Nuh wau kang winarna Sang Menak Kedar putrane, sarib Les namanipun,
garwanira anama Siti, Ngariyah suteng Raja, Lutan namanipun, nabi Lut
ingkang puputra, nenggih Raja Ashar wau kang sisiwi, Sang Raja Patih
Najar.
- Sang Sarib Les wau kang winarni, sampun sepuh
denira puputra, meh ngajengaken sedane, satunggal putranipun, Sarib Jamal
ya Sarib Jamil, garwa ngran Siti Arah, putreng Nabi ayub, Sutan Humus kang
putra, Sultan jarah Sayid Rum ingkang sisiwi, Nabi Nges kang puputra.
- Nabi Iskak putreng Nabi Brahim, wau Sarib
Jamil, cinarita, kalangkung saking pekike, myang cahyanira mancur, lir
trenggana hangikis ratri, timbang lan garwanira, langkung endahipun,
kusuma Siti Ngarah, cahyanira ngasorken resmining sasi, pan wus dadya
utama.
- Dewi Nasrah lan Sarib Jamil, sengga sura
timbang [118] lan sasongka, Sayid Jamil lan garwane, nenggih
sapengkeripun, nabi Yusup Sultan ing Mesir, isining rat tan ana,
kabagusanipun kang nimbangi pekikira, sayid Jamil miwah sapengkerireki,
Retna Siti Jaleka.
- Putra putri tan ana ngiribi, mring endahira
Siti Naarah, ing cahya myang kukuwunge, mangkana kang winuwus, putranira
sang Sayid Jamil, nama Sayidin Imyak, dene garwanipun, putranira Nabi
Yusak, panengeran nenggih Siti Batusangi, dene jeng Nabi Yusak.
- Putreng Sayid Nun ingkang sisiwi, nabi Aprahim
iku putranya, jeng Nabi Yusup putrane, nenggih jeng Nabi yakub, Sayid
Imyak wau winarni, putranipun sakawan, nenggih kang ngasepuh, ajujuluk
Sultan Kahtan, pan tinanem neng Ngarab dening kang rayi, anama Sayid
Nakdam.
- Nulya Siti Arwa ingkang rayi, krama Sang Adadi
sutanira, nenggih Sang Makuh namane, putra ingkang waruju, Sayid Adu
peparabneki, nenggih Sayid Udawa, garwanya cinatur, anama Siti Kapriyah,
kang puputra pangagenging Banisrail, Sang Kinan namanira.
- Ri Sangkinan putrane Sang Sakin, Sakin sutanira
[119] risang Kubab, putraning jeng Nabi Sungeb, Nabi Sungeb puniku, Raja
Sobah ingkang sisiwi, Raja Mikeli nama, Sasjar kang susunu, anenggih
Sayidin Madyan, Sayid Madyan putraning Nabi Ibrahim, wau Sayid Udawa.
- Apuputra jalu mung sawiji, langkung pekik nama
Sayid Ngudnan, Siti Yajrabah garwane, kalangkung endahipun, Sultan Kahtan
ingkang sisiwi, nenggih Sayid Umisak, Misak kang susunu, Sayid Jamil kang
wus kocap, pekiki[un nglangkungi resmining bumi, miwah wenes ing cahya.
- Sayid Ngudnan wau asisiwi, mung satunggal nama
Sayid Mangad, ran Siti Ngidah garwane, Sang Dyah ing susunu, namanipun
Ngudnan sabiti, Adadi kang susuta, nenggih risang Makuh, sang Nakur
ingkang susuta, nama Tareh Sang Yakrab ingkang sisiwi, Saydi Yastaji lema.
- Sayid Sabid ingkang asisiwi, Nabi Ismangil wau
Sayid Mangad, namung satunggal putrane, sayid Najar ranipun, ingkang dadya
garwanireki, nama Siti Aliyah, apan aripun, Sang dyah Begendha Ilyas, nabi
Ilyas Sultan Yasar kang sisiwi, Sultan Punikas nama.
- Sultan Pinikas ingkang sisiwi, Imanalingajar
[120] kang puputra, jeng Nabi Arun putrane, Ngalingimram ranipun,
kang puputra begendha Pahis, Bagendha Lawe nama, putreng Nabi yakup,
mangkana Sayidin Najar, apuputra Sayid malar kang darbeni, swara langkung
saenya.
- Saderenge tumitah jeng Nabi, Dawud namung
Sayidina Malar, kalangkung sae swarane, kang dadya garwanipun, pan anama
Siti Ilyati, putraning Nabi Ilyas, Kalar kang susunu, kalar putraning
Ajar, Ajar iku Sangkalad ingkang sisiwi, Kalad sutaning Ngadad.
- Ngadad Mungawad ingkang sisiwi, Sang Kinanah
Pakuh kang susuta, Sayidin Jarah putrane, sayid Sabid, Sabid ingkang
susuta, Nabi Ismangil iku, mangkana Sayidin Malar, apuputra satunggal
kalangkung pekik, nama Sayidin Ilyas.
- Nenggih ingkang myarsa swara saking, jroning
guwa garbane piyambak, yen badhe anurunaken, nama Siti Yusapak, putreng
Nabi Yununs, jeng Nabi Yunus punika, kang puputra anama Raja Amari,
putreng Raja Yumaras.
- Raja Yumaras ingkang sisiwi, Sri Yumaras putreng
Raja Yunan, sang Raja Yunan putrane, Nabi Yusak kang sunu, Sang Sayid Nun
putraning Nabi, Abrahim kang puputra, kangjeng Nabi Yusup, mangkana
Sayidin Ilyas, putranira jalu kalih pekik-pekik, nama Sayid Madrikah.
[121]
- Sayid Abtal namane kang rayi, Sayid Madrikah
sampun akrama, Siti Salmas paparabe, putraning Raja Salu, miyat putreng
Raja Jykari, putraning Raja Kabiya, Bagendha Lingajar nenggih kang sisiwi,
nenggih jeng nabi Musa.
- Bagendha Lingin ran kang sisiwi, bagendha Pais
ingkang puputra, anenggih Bagendha Lawe, putraning Nabi Yakup, Sayidin
Madrikah winarni, kakalih putranira, Kajimah kang sepuh, kang anem Sayid
Ngajamah, wau Sayid Kajimah sampun akrami, Siti Batul namanya.
- Sayid Abtal ingkang sisiwi, Sayid Ilyas putreng
Sayid Malar, wuwusen wau putrane, Sayid Kajimah wau, ingkang sepuh
putranireki, nama Sayid Kinanah, nulya arinipun, nama Sayidina Lamrah,
Sayidina Kinanah sampun akrami, nama Siti Yusibah.
- Raja Ahriya ingkang sisiwi, Raja Yuram ingkang
asusuta, Raja Yusapad namane, Yusapad kang susunu, Raja Asab putranireki,
nenggih Raja Abiyam, yeku putranipun, dene Sultan Suruhbangan, yeku
putranira jeng Suleman Nabi, Dawud ingkang puputra.
- Dawud putreng Esap pan putraning, risang Ubed
[122] putraning Bangaja, Bangaja iku putrane, Salmun putraning Nuksud,
Ngaminabad ingkang sisiwi, anama Sayidin Ram, nenggih kang susunu, Sayid
Kisrawan namanya, kang puputra Bagendha Paris putraning, Sang Bagendha
Yahuda.
- Nenggih Nabi Yakup kang sisiwi, ya ta wau Sang
Sayid Kinanah, apan titiga putrane, Sayid Nalar kang sepuh, Sayid Kures
paparabneki, Sayid Nuler arinya, Malik tiganipun, Sayid Malar garwanira,
nama Siti Taptis warnanya yu luwih, putreng Sayid Adamah.
- Sang Umiyah nenggih kang sisiwi, risang Yasjar
sutane Sang Mangad, Mangad puniku putrane, Sang Kanan suteng Adu sutanira
Sang Adi, Adi ingkang susuta, Nukdadi ranipun, Nukdadi sutaneng Nukdam,
Nukdam Sayid Amisak ingkang sisiwi, anama Sayid Nalar.
- Sayid Nalar putreng Sayid Malik, garwanira nama
Siti Milkal, kalangkung endah warnane, Sayid Malik winarna, kalih
putranipun, ingkang sepuh Sayid Pahar, Sayid Kahar nenggih namane kang
rayi, Sayid Paku garwanya.
- Sati Ngasliyah namanireki, yeku Sayid Mahdus
[123] kang puputra, Nahdus suteng Sayid Nuler, Sayid Pahar winuwus,
apuputra Sayidin Galib, garwa Siti Kaijah, nenggih namanipun, Sang Kabir
ingkang puputra, nama Sakip yeku sutane Sang Tapsir, Tapsir sutaning
Kanan.
- Putreng Sayid Ngajimah ing nguni, Ngajimah
putreng Sayid Madrikah, yata warnanen putrane, Sayidin Galib wau, Sayid
Lawe namanireki, Siti Anis garwanya, warnanya pinunjul, putrining Sayidin
Nalar.
- Kang jujuluk Sayid Kures nguni, Sayid Lawe wau
kang winarna, apan kakalih putrane, Sayid Kabngah kang sepuh, ingkang anem
Sayidin Ngamir, mangkana Sayid Kabngah, garwanya winuwus, anama Siti
Ngaliyak, langkung endah kang puputra Sayid Ngulwi, Ngulwi sutaning Kalap.
- Kalap Sayid Kahar kang sisiwi, sayid Malik
ingkang apuputra, anenggih bengendha Kures, sayidin Kabngah wau, putranira
apan kakalih, kang sepuh Sayid Marah, nulya arinipun, Sayid Ngadi
namanira, Sayid Marah kang dadya garwanireki, anama Siti Ngumrah.
- Putreng Sayid Ngamir kang sisiwi, sayid Lawe
wau [124] Sayid Marah, apan titiga putrane, Sayid Kalap kang sepuh,
ingkang rayi ran Sayid Tamin, Sayid Majum tiganya, wau kang winuwus,
garwanira Sayid Kalap, langkung endah putraning Sang Sayid Ngadi, nama
Siti Jarngiyah.
- Sayid Ngadi nenggih kang sisiwi, sayid Kangab
wau kang winarna, Sayid Kalap putrane, titiga kathahipun, Sayid Kasa
pambajeng neki, nulya Sayid Jukarah, dene kang waruju, anama Sayidin Jandab,
Sayid Kasa garwanya Siti Sapari, sutaning Sayid Rustam.
- Sayid Rustam sutaning Sang Malik, putreng Sang
Us sutaning Sang Kasan, Kasan puniku putrane, Sang Nalar kang susunu,
Kahar sutanipun Sang Malik, putraning Nalar ingkang, Kures jujulukipun,
mangkana Sayidin Kasa, putranipun kalih kang sepuh nameki, Sayidin
Mugayarah.
- Ngabdul Manab paparabireki, Sayid Ngabdul Ngaji
arinira, Sang Ngabdul Manab garwane, Siti Kolah ranipun, langkung endah
ingkang sisiwi, nama Sayid Jakarah, yeku putranenipun, nenggih Sayidina
Kalab, yata Sayid Ngabdul Manab kang winarni, putranipun sakawan.
- Pambajenge Sayid Ngumrulngali, Sayidina Asim
[125] paparabnya, Ngabdulsamsu panenggake, nulya Sayid Nupalu, Sayid malab
ingkang wuragil, sayid Isim garwanya, nenggih namanipun, retna Dewi Siti
Jenah, langkung endah Sang Matlad ingkang sisiwi, Matlad putraning Isam.
- Isam ngumaru ingkang sisiwi, sayidina Ngamir
kang susuta, anenggih Bgendha Lawe, Sayid Asim winuwusa apan nenem
putranireki, pambajeng Sayid Asad, anulya rinipun, anama Sayidina Slah,
nulya Abusumiya arinireki, nama Siti Umiyah.
- Arinipun ran Ngabdulmuntalib, pan jumeneng
Adipati Mekah, sang Umiyar warujune, Siti Umiyah wau, krama antuk
Tambijumiril, Sang Adipati Mekah, nenggih garwanipun, kang sepuh Siti
Supiyah, putranipun Sayidin Jandap ping kalih, putreng Jandap kapisan.
- Sayid Jandap kang kapisan nenggih, putranipun
Sayidina kalab, lan sang dipati patute, Siti Supiyah namung, satunggal ran
Sayidin Karis, Siti Supiyah seda, nulya arinipun, anama Siti Sumbulah, pan
kagarwa kinarang ngulu Sang Dewi tan lami antaranya.
- Sang dipati nulya krama malih, putraning Sang
Sayid Ngimranashar, Siti Patimah parabe, Ngimrashar puniku, Sayid Mahjum
ingkang sisiwi, anama Sayidmarah, anulya kramantuk, Siti Alih kang susuta,
Ngabdulmanab nenggih ingkang asisiwi, nama Sayid Juharah.
- Sayid Kalabi ingkang sisiwi, nulya krama malih
[126] Sang dipatya, Siti Labiyi namane, Sang Ayu kang susunu, cinarita
Sang Adipati, Mekah sasedanira, garwannya kang sepuh, garwanya padmi,
sekawan, garwa ingkang pagembe datan winarni, cinatur putranira.
- Sang dipati dalasan kang sami, seda timur apan
tigangdasa, Sayid Karis pambajenge, pan saking patutipunm saking Siti
Supiyah nenggih, nulya Sayidin Lirar, putra patutipun, lan garwa Siti
Sumbulah, nulya ingkang rayi nama Sayid Jubir, saking Siti Patimah.
- Nulya Sayid Kasam iya Kasim, patutnya saking
Siti Sumbulah, Sayidin Ngidak arine, pan saking patutipun, saking garwa
sang Siti Alih, nulya Sang Siti Belah, Sang dyah patutipun, saking ing
Siti Patimah, krama antuk ngumaru putraning Walid, nulya Siti Katinah.
- Seda Timur ptutanira saking, siti Sumbulah
nulya rinira, Sayid Mukawas namane, paparab Sayid Makum, putra saking dyah
Siti Alih, nulya Siti Hamimah, Sang dyah akramantuk, Kujasi putraning
Asad, patuk saking Siti Patimah sang dewi, anulya Sayid Rekan.
- Seda Timur patutarira saking, Siti Sumbulah
nulya [127] rinira, Sayid Mupalu namane, seda kalaning Timur, patut saking
dyah Siti Alih, anulya Siti Barah, sang dyah krama antuk, Sultan
Ngabdulngaji ingkang, putra sayid Nalah paturura saking, garwa Siti
Patimah.
- Nulya sayid Ngujar Seda saking, Timur patutan
Siti Sumbulah, Sayid Ngabdahu arine, seda duk maksih Timur, patut saking
dyah Siti Alih, anulya Ngabdulkakbah, putra patutipun, saking ing Siti
Patimah, arinipun wanodya pan dereng kongsi, pinaring nama Seda.
- Saking Siti Sumbulah anuli, Sayid Ngabdulsamsu
patutira, saking ing garwa pangrembe, anulya arinipun, patut saking dyah
Siti Alih, dereng nama sedanya, nulya arinipun, Siti Kurati namanya, Seda
Timur saking ing garwa paminggir, anulya arinira.
- Sayid Ngabdulah patutnya saking, Siti Patimah
nulya rinira, kakung pan lajeng sedane, dereng sinung jujuluk, saking Siti
Sumbulah nenggih, anulya arinira, wanodya pinunjul, anama Siti Supiyah,
patut saking Alih sang retnadi, kramantuk Sultan Ngarab.
- Arinira nama Abuntalib, patutnya saking Siti
Patimah, Sayid Ngimran paparabe, anulya arinipun, Sayid Ngabas patutireki,
saking Siti Sambulah, nulya arinipun, nama Sayidina Kambyah, patut saking
Siti Patimah anuli, nenggih Sayid Bilahab.
- Patutnya saking Siti Labuji, nulya rinira
wano-[128]dya pelag, Siti Ngatikah namane, sang retna krama antuk, sang
Abilngas sutaning Rabik, nulya rinira priya, nenggih namanipun Sayid
Kajilin patutnya, saking Siti Alih nulya rinireki, anama Siti Aewa.
- Saking Siti Patimah suhjari, ripun jalu lajeng
sedanira, saking ing garwa pangrembe, tigang dasa puniku, putranira Sang
Adipati, Mekah ingkang sadasa, seda maksih timur, ingkang gesang kalih
dasa, nenem putra wanodya kakungireki, apanta kawan welas.
- Putra kalih dasa kang meningi, ing jeng Nabi
niyakaning jagad, pan namung pitu kathahe, sekawan ingkang kakung,
Bagendha Bas lan Bagendha Mir, Abintalib Bilahab, wanodya tetelu, siti
Supiyah Ngatikah, Siti Arwa kang manut ing kangjeng Nabi, namung nagnthi
titiga.
۩۩۩
Pupuh 17 ۩۩۩
KINANTHI
- Kang manut ing kangjeng Rasul, Abas lawan
Bgendha Mir, Siti Supiyah Islamnya, sasampuning kanjeng Nabi, ijrah
dhateng ing Madinah, yata wau kang winarni.
- Sayidin Ngabdullah wau, garwanira kang rumiyin,
[129] anama Siti Saripah, ratu estri ing Kujaji, tan kongsi, peputra seda,
anulya akrama malih.
- Siti Maryam namanipun, ing Sangim ran kang
sisiwi, Kujangi putraning Kangab, Sang sangad ingkang sisiwi, Sayid sami
putreng Marah, Siti Maryam dereng kongsi.
- Apuputra nulya lampus, Dyan Ngabdullah krama
malih, anama Siti Ngantarah, Sang Pakihah kang sisiwi, Mungarayah kang
susuta, Abdulah namireki.
- Sayid Akbar kang susunu, Sayid Mahjum kang
sisiwi, Sayid Marah kang wus kocap, Siti Ngantarah tan kongsi, apuputra
nulya seda, Ngabdulah akrama malih.
- Siti Rahim namanipun, Abiraham kang sisiwi,
nama Sayidina Madlab, putreng Ngabdulmanab nenggih, Siti Rahim nulya seda,
pan dereng ngantos sisiwi.
- Sawusnya krama ping catur, seda tan ngantos
sisiwi, Ngabdulah misuwur panas, lami datan antuk krami, saben tanya
rinaosan, sadaya pan sami nampik.
- Wus lami dennya tan antuk, krama saben estri
nampik, Raden Ngabdulah sangsaya, kagagas merang ing galih, tan pamit ibu
rama, ing dalu nis saking nagri.
- Nglang manjing ing wanagung, ing wuri kecalan
[130] sami, sagung wadya bala Mekah, sinebar samya ngulati, miwah sagung
para kadang, samya nelasah wanadri.
- Jurang guwa gunung-gunug, tuwin praja kanan
keri, wus tita datan kapangya, wangsul kang samya ngulati, katur mring
Dipati Mekah, langkung sungkawaning galih.
- Ingkang rama sampun mupus, yen wus karsaning
Hyang Widdhi, tuwin sagung para kadang, kuneng wau kang winarni, anenggih
Raden Ngabdulah, ingkang nis saking nagari.
- Nasak wana minggah gunung, lumebeng ing jurang
terbis, tan etang pringganing marga, reragane den pepati, sampun
pirang-pirang warsa, denira jajah wanadri.
- Dhasar yuswanya wus sepuh, kasembuh sru mati
ragi, salamine aneng wana, yayah tanpa dhahar guling, sanget risaking
sarira, cahya nubuah kang munggwing.
- Larapannya katon kasud, blerete kabekta saking,
sanget risaking sarira, katon sampun kaki-kaki, semana Raden
Ngabdulah, sayah denira lumaris.
- Kendel sare neng wanagung, pan ing dalu antuk wangsit,
heh Ngabdulah wruhanira, meh parek ajalireki, dene ge sira muliha, iya
maring Mekah nagari.
- Dene ta lakunireki, wus katrima ing Hyang
Widdhi, genira amati raga, andon anjajah wanadri, kongsi pirang-pirang
warsa, tan tolih ing yayah bibi.
- Apan ing mengko sira wus, pinaringan jatu
kra-[131]mi, Raja putri Baninajar, ya baninahar nagari, arane Dewi
Aminah, warnanira yu linuwih.
- Cahyane nuksmeng sitangsu, Sultan Wahab kang
sisiwi. Sultan Sayid Ngabdulmanab, Ngabdulmanab kang sisiwi, iya Sang
Sayid Jumarah, Sayid Kalab kang sisiwi.
- Nora lyan jodhonireku,namung Baninajar putri,
Kusuma Dewi Aminah, ingkang kuwawa madhahi, ing cahya rasa kang mulya, iya
ingkang anampani.
- Nubuah ingkang dumunung, aneng ing bathuk
ireki, Nuringrat cahya Mukamad, marmane panas sireki, iya kongsi rabi ping
pat, durung tutug nuli mati.
- Saking tan kuwawanipun, papat pisan amadhahi,
marang rahsa mulyanira, namung Baninajar putri, Kusuma Dewi Aminah, yeku
kang kelar nampani.
- Nubuah ingkang dumunung, munggeng ing
bathukireki, wusing swara tan kapyarsa, Ngabdullah ngungun tan sipi,
sukane ngemu sungkawa, dening ta ujaring wangsit.
- Meh prapta ing ngajalipun, sukaning tyasira
dening, langkung sakethi nugraha, sinung dadya jalaraning, tumurunira
Nuringrat, minangka bawanireki.
- Pareki ing ngangajalipun, wus pinupus tan
pinikir, kalingan sukaning driya, ingkang kaesthi ing galih, namung putri
Baninajar, Raden Ngabdullah nulya glis.
- Mijil saking ing wanagung, mantuk mring Mekah
[132] nagari, neng marga datan winarna, lampahira sampun prapti, kathah
wadya ketambuwan tan wruh yen gustinireki.
- Dennya sanget risakipun, panganggone cara
pekir, Raden Ngabdullah wus prapta, ngarsaning Sang Adipati, gya tumunduk
ngaras pada, kang rama sakedhap pangling.
- Dennya sanget risakipun, saengga meh kaki-kaki,
wruhira lamun kang putra, cahya nurbuah kang mungwing, larapan maksih tan
ewah, lir trenggana ngikis ratri.
- Sang Dipati langkung ngungun, kang putra
rinangkul aglis, para ibu lan pra kadang, sadaya samya nangisi, wau ta
Raden Ngabdulah, sawusnya sadaya aris.
- Mring kang rama nembah matur, ngaturken
denyantuk wangsit, nalikanira neng wana, sadaya wus katur sami, ing purwa
madya wasana, ujaring swara dumeling.
- Kang swara pamangsitipun, langkung suka sang
Dipati, miyarsa aturing putra, sungkawanira sakedhik, dene winarah kang
putra, meh parek ajalireki.
- Kuneng ta datan winuwus, kang suka nawung
prihatin, geng alit sapraja Mekah, gantya wau kang winarni, nenggih nagri
Baninajar, Ratu darah hing Ngibrahim.
- Raja Wahab namanipun, punika ingkang sisiwi,
[133] nenggih Sayid Ngabdulmanab, putraning Juharah Sayid, putraning Sayid
Kalab, Sultan Wahab kang winarni.
- Pan darbe putri pinunjul, diwasa dereng akrami,
paparab Dewi Aminah, warnanira yu linuwih, kathah para raja-raja, kang
nglamar samya tinampik.
- Denira Sang Retnaningrum, dahat karem ing
ngagami, marma tebih maring priya, kang rama agung prihatin, dene putra
wus diwasa, dahat dereng arsa krami.
- Jroning prihatin sang Prabu, pan ing dalu antuk
wangsit, yen putra Mekah kang dadya, jodhoning putrinireki, kang nama Raden
Ngabdullah, wus pinanthi ing Hyang Widdhi.
- Nedhakken Nabi panutup, Sultan Wahab
sasampuning, antuk wangsit kang mangkana, sukeng tyas sigra nimbali, mring
kang putra jinarwanan, ing dalu dennyantuk wangsit.
- Dhinawuhaken sadarum, Sang retnesmu sukeng galih,
wantuning dyah wus diwasa, kareming ngagama Suci, myarsa andikaning rama,
ing dalu dennyantuk wangsit.
- Cinetha sariranipun, yen pinasthi jatu krami,
lan Ngabdulah putreng mekah, sinung wenang amadhahi, Nubuah tumurunira,
jangjine apan wus pasthi.
- Wong kadya ibunipun, jeng Nabi ingkang sinelir,
kinaramaken naraka, sinung mulya jroning pati, dadya nut karsaning rama,
mituhu ujaring wangsit.
- Kang rama suka ingnya rum, yen sira wus anut
[134] nini, ujaring wangsit maring wang, yekti sun atur pribadi, iya mring
nagara Mekah, ki harya Ngabdulmuntalib.
- Apan maksih darahipun, pdha trah Nabi Ibrahim,
nuli sira samektaa, sapawonganira nini, pira ta gonira gawa, parekan lan
para cethi.
- Miwah brana jro kedhaton, peni-peni raja peni,
sasukanira anggawa, sunarsa budhal tumuli, kang putra lan aturira, kawula
rama tan mawi.
- Ambekta raja brana gung, pasaja mboten kakelir,
lampah kawula mring Mekah, pan inggih nginggah-inggahi, inggih paduka
srahna, badan sepata wak mami.
- Pocapan arus ing wuwus, ingkang kawula keliri,
putrining wong Baninajar, mring Mekah ngunggah-unggahi, iya mring raden
Ngabdulah, pantes age den tampani.
- Jer ngerobi brana agung, amrih kandeling
ngakrami, pocapan kang sapunika, ingkang kawula singgahi, sae pasajan
kewala, dene yen kedah tinampik.
- Atas karsaning Hyang Agung, kang suka suka
miyarsi, iya nini bener sira, ing Mekah nagara suci, adadoh tyase marang
donya, mung agama den sungkemi.
- Sang Prabu parentah sampun, marang rekyana
apa-[135]tih, saos titihan jempana, lan prajurit kang jajari, ing
lampahira tanarsa, bekta kaprabon Narpati.
- Sadaya ing wadya gung, satriya myang pra
dipati, tinilar tengga negara, pan namung rekyana patih, kang umiring
marang Mekah, wadya namung sawatawis.
- Jaba jro samekta sampun, sigra budhal Sri
Bupati, saking nagri, baninajar, remben lampahireng margi, Sultan Wahab
nitih untu, nunggil lan putra sang putri.
- mBanciya namung pipitu, ingkang binekta sang
putri, namung sewu wadya ingkang sakapraboning ngajurit, garebeg titiyan
untun, kyana patih munggeng wuri.
- Rumeksa sagung pipikul, rembatan sangu ing
margi, lan bekakasing wanodya, pan mung bekta sawetawis, ponjon bersiyan
bothekan, myang sang retna di.
- Kuneng ta datan winuwus, kang lagya lampah neng
margi, wonten malih cinarita, nenggih ing Ngesam nagari, kadya sareng
lampahira, nanging ta gantya winarni.
- Ing Sam Narendra pinunjul, tedhak jeng Nabi
[136] Ibrahim, jujuluk Sultan Ngatabah, anenggih ingkang sisiwi, Sayid
Sabingah namanya, Sayid Kabib kang sisiwi.
- Ngabdulsamsu putranipun, Sayid Ngabdulmanab
nenggih, cinatur Sang Prabu ing Sam, adarbe putri linuwih, paparab Siti
Patimah, diwasa dereng akrami.
- Kathah para Ratu-ratu, kang nglamar samya
tinampik, dahat tebihireng krama, gung bekti maring Hyang Widdhi, ngluluri
luluhurira, kasmaran ngagama Suci.
SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 18-24
۩۩۩ Pupuh 18 ۩۩۩
ASMARADANA
ASMARADANA
- Semana Sang Raja putri, duk bagya sakeca
nendra, supena denira sare, ningali langit kasapta, katon bedhah nerawang,
wonten cahya kang tumurun, amadhangi sabuwana.
- Saking langit antaraning langit, kapitu
wedaling cahya, ngubengi jagad lampahe, sahengga basanta mimba, murub
agebyar-gebyar, tepungnya rereh tumurun, kang cahya manjing manungsa.
- warnanira langkung pekik, nanging wus satengah
tuwa, dumunung munggeng bathuke, kang cahya maksih katingal, mancur
munggeng larapan, saking mandrawa ngunguwung, kadya banguning kartika.
- Nulya na swara kaheksi, heh ta nini wruhanira,
[137] cahya kang tumurun kae, pan iya cahya Nurbuah, iya cahya Nuringrat,
medhun mring donya dumunung, mring Ngabdulah putreng Mekah.
- Kang Kinarsakken Hyang Eiddhi, dadya sudarmane
benjang, Kangjeng Rasul ing babare, Mukamaddinil Mustapa, Nabi
Niyakaningrat, iya Jeng Nabi Panutup, wanodya sapa kang dadya.
- Ibunira Kangjeng Nabi, sinucekken badanira,
apan wus pasthi jangjine, kinaramaken ing naraka, ginadhang manjing
swarga, Sang dyah pan kaselak wungu, langkung ngungun ing wardaya.
- Gugulinge den sungkemi, Kusuma Siti Patimah,
kagagas ing supenane, dene tan mantra supena, swara pamangsitira, Nubuah
tumurunipun, dumunung mring putra Mekah.
- Menggeng larapan nelahi, datan pangling yen
wontena, Raden Ngabdulah warnane, pekik wus satengah tuwa, sumunu
cahyanira, kapencuting jangjinipun, wanodya pundi kang dadya.
- Ibunira Kangjeng Nabi, Mukamaddinilmustapa, wus
pasthi jangjine tembe, sinucekken badanira, kinaramaken neraka, ginadhang
manjing swargagung, ingkang tanpa kira-kira.
- Ibu kang kacipteng galih, enjang marek mring
kang rama, ngaturken ing supena, ing purwa madya wasana, sampun katur
sadaya, supenanira ing dalu, kang katingal jroning nendra.
- Kang cahya tumuruneki, saking ing langit
kasap-[138]ta, mring putra Mekah tibane, tan wonten kang kalangkungan,
Sang Prabu duk miyarsa, kang putrasigra rinangkul, suka denira ngandika.
- Yeku ngrahaning Hyang Widdhi, nini mring sarira
nira, dhinawuhken jro pangipen, pada lan ujaring cetha, lamung mengko meh
mangsa, Nuringrat tumurunipun, babare neng bumi Mekah.
- Becik nini den lakoni, wangsit sajroning
supena, wirang isin wus jamake, ing wong hamburu nugraha, sira
angunggahana, mring putra Mekah nak ingsun, apan maksih darah ingwang.
- Padha trah Nabi Ibrahim, Ngabdulmuntalib ing
Mekah, banu Asim tedhak Kures, ingsun wis miyarsa warta, putra Mekah
Ngabdullah, wus krama ping pat tan tutug, rabine nuli palastra.
- Iku bokmanawa nini, karsane kang Maha Mulya,
iya mring sira tibane, kang pinasthi sinung wenang, iya hamadhahana,
Nubuah tumurunipun, marma nuli samektowa.
- Sun gawani si hapatih, kang ngiringana
lakunira, lan punggawa kang separo, sakapraboning ngayuda, rajabrana jro
pura, keringgen sahananipun, karyanen beyaning krama.
- Lamun wus samkta nini, lawan sapawonganira,
[139] tumuli sun angkatake, Sang Kusuma duk miyarsa, timbalane kang rama,
sukeng tyas dening panuju, lawan ciptanireng driya.
- Sang Prabu wus marentahi, marang rekyana
apatya, lan punggawa kang separo, sajoga sawadyanira, myang saosan wahana,
titiyang Sang Retnaningrum, kya patih matur sandika.
- Antara ing pitung ari, jaba jro ingkang sayoga,
wus samekta sadayane, pawongane kawan dasa, nenggih ingkang binekta,
kalebet bau inyanipun, dene ingkang raja brana.
- Peni-peni raja peni, sadaya satus gotongan, gih
saking jro kadhaton, tinapen mring kiya patya, Sang Prabu sigra tedhak,
lawan Prameswarinipun, anganthi putra sang retna.
- Prapteng jawi sapun nitih, katri nunggil
sajempana, Sang dyah lan rama ibunira, panganjur kapat punggawa, tengara
sigra budhal, wadyanipun kawan ewu, sakapraboning ngayuda.
- Ing wuri ingkang nambungi, wadya ingkang
ngupacara, upacaraning kaprabon, binektakaken kang putra, sadaya kawan
dasa, upacarane kang ibu, lan upacara sang retna.
- Kawan dasa ngampil-ampil, upacaraning wanodya,
[140] ting pancurat ting pancorot, kataman ing diwangkara, asri pating
galebyar, ingkang sumambung ing pungkur, jempananira sang retna.
- Prajurit jro kang jajari, kawanatus pipilihan,
sakapraboning prang kabeh, sawurinireng jempana, nenggih rekyana patya,
wadyanipun kalih ewu, sakaprabon praboning ngayuda.
- Wurining Rekyana Patih, gotongan miwah
rembatan, Sang kusuma babektane, anulya untu momotan, sagung cethi
parekan, lan unta momotan sangu, ingkang sumambung ing wuntat.
- Catur punggawa mung kari, kawan ewu wadyaira,
sakapraboning prang kabeh, saleksa gunging gagaman, kawantus langkungnya,
kajawi ingkang pipikul, miwah cethi lan parekkan.
- Kdhik lampahe ingkang baris, nanging asri
tingalan, wadya pipilihan kabeh, pangkat-pangkat lampahira, sagung pra
dipatya, mangku upacaranipun, kadya panjrahing puspita.
- Busana mawarni-warni, namung sunaring baskara,
ting pancurat ting pancorot, ting palancur ting paluncar, abra pating
galebyar, Sri Narendra wangsulipun, aneng sajawining kitha.
- Lawan ingkang prameswari, namung upacaranira,
kang lajeng binektakake, marang ing nagari Mekah, sawusnya Sri Narendra,
telasing pitungkasipun, mring patih miwah mring putra.
- Sri Bupati tedhak saking, jempana lawan kang
[141] garwa, nitih rata ing kundure, wadya gung lajeng lampahnya, angambah
wana wasa, rereh aring lampahipun, kadya pepara kewala.
- Tan rekasa kang wadya lit, miwah kang ami
ngrarembat, ayeming lampah asareh, lamun kadalon ing marga, akarya
pasanggrahan, rerep lan sawadyanipun, enjange lajeng lelampah.
- Kathah lelangen ing margi, miwah lelangen ing
wana, kuneng datan winiraos, ingkang lagya alelampah, raja putri ing
Ngsam, lan sawadya balanipun, kuneng gantya winursita.
- Nenggih lampahireng nguni, Sultan Wahab
Baninajar, sarta kalawan putrine, duk samana sampun prapta, jawining kitha
mekah, ki patih kinen rumuhun, manjing sajroning nagara.
- Sowan mring Sang Ngadipati, sartane binaktan
surat, mratelakken ing lampahe, denira bekta kang putra, miwah
sasedyanira, kawrat ing nuwala sampun, nembah mesat kiya patya.
- Lampahira sampun prapti, sajroning nagari
Mekah, katur tinimbalan age, wus panggih lan sang Dipatya, kya patih
Baninajar, ngaturaken suratipun, gupuh sang Dipati Mekah.
- Denira nampani tulis, kang surat lajeng binuka,
[142] sinuksmeng sajroning tyase, kadrya raosing surat, ngungun sang
Adipatya, dene ta ing rawuhipun, Sultan Wahab Baninajar.
- Marga saking antuk wangsit, denira bekta kang
putra, lamun wus pasthi jinodho, lan kang putra dyan Ngabdulah, dene sami
kewala, mring kang putra wangsitipun, denya mantuk saking wana.
- Mituhu ujaring wangsit, yen pinasthi jodho
lawan, putri ing Baninajare, kinarsakken dening sukma, dadya bapa babunya,
Nabining Hyang kang panutup, Mukamaddinil Mustapa.
- Sawusira maos tulis, sigra sujud sang Dipatya,
wungune saking sujude, donga sukur ing Hyang Suksma, kipatih wus
ngangsulan, ingaturan Sang Prabu, lajeng umanjing jro kitha.
- Kya Patih mundur wotsari, Sang Dipati gya parentah,
mring santana sawadyane, kinen sami samektawa, lan sasugatanira, Sang
Dipati arsa methuk, wusnya samekta sadaya.
- Sigra budhal sang Dipati, para putra santana,
kang samya andherekake, segah mateng sadayanya, gili jodhang rembatan,
Sang Dipati dennya methuk, kendel nganti pasanggrahan.
- Apan sampun den tarubi, tan dangu antaranira,
[143] wadya Baninajar katon, namung sewu winatara, ingkang kapraboning
prang, nora nana labetipun lamun lampahing Narendra.
- Upacara datan mawi, miwah sagunging tengeran,
wus kadya wong dagang bae, ki Dipati ngungun ing tyas medal sing
pasanggrahan, ngadeg tepining tatarub, saputra santananira.
- Wau tan kang lagya prapti, Sultan Wahab wus
ngaturan, uninga marang wadyane, lamun sang Dipati Mekah, methuk
saputranira, wonten tepining tatarub, sarta lan sasegahira.
- Sultan Wahab anulya glis, tumurun saking ing
unta, sarwi anganthi putrine, Sang Dipati Mekah mulat, yen Nateng
Baninajar, saking ing unta tumurun, dharat anganthi kang putra.
- Gupuh Harya Dulmuntalib, sah saking tarub
wungunan, lan saputra santanane, piyak wadya Baninajar, sareng paran
pinaran, Sang Dipati lang Sang Prabu, tundhuk samya sasalaman.
- Sang Kusuma angabekti, marang Sang Dipati
Mekah, para putra nebih kabeh, taha denning Sultan Wahab, sarta lan
putrinira, Sang Dipati alon matur, kalangkung saking ngrarepa.
- Nenggih dennya ngacarani, suwawi Sri Naranata,
[144] kawula aturi rereh, lenggah ing tarub wangunan, angayemna sarira,
myang putra Sang retnaningrum, tuwin wadya sadayanya.
- sayah lamine neng margi, punika abdi paduka,
ing Mekah sasaosane, tetambaning lesu marga, supados kadhahara, Nateng
Baninajar dheku, wus samya kakanthen asta.
- Tan kantun Raja putri, prapta ing tarub
wangunan, wus sami tata lenggahe, Sang Kusuma datan tebah, neng kerine
kang rama, para putra Mekah pungkur, ragi tebih kang taruna.
۩۩۩ Pupuh 19 ۩۩۩
S I N O M
S I N O M
- wau Sang Dipati mekah, sarwi mesem turira ris,
pun kakang tur panakrama, sarawuhe Sr Bupati, nenggih Mekah nagari, punapa
sami rahayu, ingkang tinilar praja, miwah lamine neng margi, dene boten
mawi maringi uninga.
- Pukulun saderengira, tumedhak Sri Narapati,
ingkang saestu nugraha, raosing tyas ulun kadi, kablaburan mamanis,
gunturing parbata madu, robing samodra kilang, Sultan Wahab saurnya ris,
pana kramanipun kakang Adipatya.
- Kalangkung kalingga murda, kang dhawuh dhateng
ing ari, dene ta lampah kawula, neng marga inggih basuki, miwah kantun
nagri, sadaya sami rahayu, mila tanpa cacala, guyup ing tyas budhal aglis,
saking praja bekta ing putra paduka.
- Tan ngantos ambekta bala, ngurmati ujaring
wang-[145]sit, kadya kang wus mungel serat, kang kabekta mring pun patih,
mesem Sang Adipati, sarya lon denya umatur, kawula tur pasaja, gen paduka
angsal wangsit, lan ing iki apanta sami kewala.
- Putra tuan pun Ngabdulah, nalika kapaten rabi,
ping sekawan sanget merang, tinampik sagung pawestri, lajeng nis saking
nagri, inggih kantos tigang tahun, dennya ngical mring wana, ing dalu
nulyantuk wangsit, yen jinodho lan putranta Sang lir retna.
- Sampun winedhar sadaya, saujarira ing wangsit,
sami kewala wangsitnya, lan kang marang Sri Bupati, langkung sukaning
galih, Sultan Wahab tatanya rum, kakang Dipati Mekah, putra paduka kang
pundi, ingkang nama inggih Rahaden Ngabdulah.
- Mesem Sang Dipati Mekah, nolih matur saha
nuding, inggih punika abdinta, kang munggeng ngarsa pribadi, Sultan Wahab
ningali, ulab dening cahyanipun, ingkang munggeng larapan, tuhu Nubuahing
Nabi, gebyar-gebyar lir trenggana karahinan.
- Wayah wus satengah tuwa, katingal kadya nom
saking, kalaban senoning cahya, dhadhasar warnane pekik, Sultan Wahab
ningali, marang badhe mantunipun, lakung reseping driya, ananging Sang
raja putri, karsaning Hyang sinasaban tingalira.
- Cahya kang munggeng larapan, mring Sang Dyah
da-[146]tan kaeksi, katon sepuhe kewala, Ngabdulah dening sang putri,
langkung sungkaweng galih, miyat badhe kakungipun, nanging sang dyah
susela, ajrih ing rama tan sipi, sungkawane datan kawistareng netya.
- Sawusnya wradin sadaya, sugatanira binukti,
marang wadya Baninajar, Sultan Wahab den aturi, marang Sang Adipati, wus
budhal sawadyanipun, sapraptanireng praja, Sultan Wahab den saosi,
pakuwone tinunggil aneng jro pura.
- Namung wadya balanira, kang samya makuwon jawi,
mangkana sajroning pura, garwanya Sang Adipati, sadaya mathuk sami, marang
badhe mantunipun, aneng kagok sapisan, Sang retna wus den tampeni, marang
para ibu binekta mring pura.
- Paribu resep sadaya, miyating mantunireki, ayu
jatmika sembada, liringe jait alindri, karem ngagama suci, cahyanya
nuksmeng sitangsu, nugrahaning Hyang Suksma, cinetha sajroning wangsit,
sang Dyah dadya ibune jeng Nabi duta.
- Sultan Wahab Baninajar, pakuwone den saosi,
ge-[147]dhong ler kang tinaruban, tutuwuhan amarnani, tilamipun miranti,
Sang Dipati Mekah tumut, aneng gedhong wangenan, langkung dennya sih minta
sih, sang Dipati marang Sultan Baninajar.
- Ing dalu datan winarna, enjinge sampun cumawis,
samektanireng paningkah, reroncene tan winarni, cinendhak sang
retnadi, wus sampurna ningkahipun, lawan Raden Ngabdulah, ananging sang
raja putri, karsaning Hyang tingale dereng binuka.
- maksih dereng sinung mulat, cahya Nubuah kang
mungging, larapanira ing priya, katon sampun kaki-kaki, marma sang raja
putri, dahat sungkawaning kalbu, dene tan mantra-mantra, wonten empere
sathithik, lawan wangsit tuwa kucem tanpa cahya.
- Marmanya sang saya-saya, sungkawanira sang
putri, gung ngungkep-ungkep kewala, tan kena den parepeki, marang kakung
miranti, aneng jroning gedhong tutup, sang kakung yan mangkana, sawusira
marepeki, marang garwa sapisan sinatmata.
- Dadya Rahaden Ngabdulah, tan arsa marpeki
malih, tebih tyasira mring garwa, kadi wus karseng Hyang Widdhi, dereng
mangsanireki, Nubuwah tumurunipun, marang Dewi aminah, marma kalihipun
sami, karsaning Hyang tinebihaken tyasira.
- Kang para ibu sadaya, miwah ta sang Adipati,
[148] pra samya namung sungkawa, dene ta putranireki, dereng careming
krami, samya tebih tyasipun, Sultan ing Baninajar, tumut anaken prihatin,
dayan antuk pitutur mring putranira.
- Dadya sinrahken Hyang Suksma, ing batin ragi
mutungi, Sultan Wahab mring kang putra, dereng prapta ing pencari, pamit
budhalira glis, kondur marang prajanipun, Sang Adipati mekah, saputranira
ngurmati, dherekaken wangsul sajawining kitha.
- Kuneng nagari ing Mekah, ki Arya Ngabdulmuntalib,
lan sagarwa santananya, kang sami nawung prihatin, gantya ingkang winanri,
putri Ngesam lampahipun, sawadya balanira, prapta ing Mekah nagari, samya
kendel masangrahan jawi kitha.
- Dinira miyarsa warta, kusuma Patimah sami,
kalamun Raden Ngabdulah, ing mangkya wus palakrami, putri
nginggah-inggahi, Dewi Aminah ranipun, putri ing Baninajar, dereng lami
dennya panggih, keju ing tyas kusuma Dewi Patimah.
- Ngungun langkung cuwaning tyas, rumasa kari ing
kardi, lawan putri Baninajar, Sang retna sigra nimbali, marang rekyana
patih, sampun prapta ngarsanipun, sang dyah alon ngandika, bapa sira wus
miyarsi, lamun raden Ngabdulah mongko wus krama.
- Daup lan Dewi Aminah, putri angunggah-unggahi,
[149] teka nagri baninajar, durung lawan dennya panggih, paranta bapa
patih, ing becike lakuningsun, apa ali kewala, dene wus kari ing kardi,
kyana patih Ngesamalon naurira.
- Sumangsa karsa paduka, yen ing wartos inggih
yakin, yen Ngabdulah sampun krama, pun bapa ingkang sung warti, wadya
tanpingan gusti, kang juru nelik ing laki, sampun tetela kadya, pangandika
sang retnadi, nanging kantos samangke raden Ngabdulah.
- Dereng carem mring kang garwa, kadya wus
karsaning Widdhi, kaliye sami kewala, putri Baninajar gusti, inggih tesih
Tyasneki, tuminggal mring kakungipun, marma dipati Mekah, sagarwa sami
prihatin, dene putra dereng carem dennya krama.
- Sang retna alon ngandika, lamun nyata uwa
patih, kaya mangkono wartanya, banjure lakuku iki , maksih kena pinikir,
yen cahya Nurbuwah durung-durung, tumiba mring aminah, manawa karsaning
Widdhi, kang Nurbuwah ngenteni ing praptaningwang.
- Iki ingsung ginawanan, layang ing kangjeng rama
ji, marang sang dipati Mekah, mratelakake laku mami, pasaja tan kekalir,
yen ngunggah-unggahi ingsun, marang raden Ngabdulah, mituhu ujaring wangsit,
nanging ewuh lamun ingsun kabanjura.
- Prapta nagara ing Mekah, iya yen Nubuwah
maksih, [150] dumunung aneng Ngabdulah, wirang isin sun lakoni, ewuhe ing
tyas mami, yen Nubuwah wus katrucut, tumiba mring Aminah, kaya paran salah
mami, becik siwa wa patih kang dhinginana.
- Siba mring dipati Mekah, ngaturake layang iki,
ananging ta kaya paran, ing pikirira wa patih, bisane awak mami, wruh
dhewe sadurungipun, ing warnane Ngabdulah, aja mung gugoni wangsit, lamun
ingkang katon sajroning supena.
- Yen mengko anawa, sayekti ingsun tan pangling,
wayahe satengah tuwa, nanging cahyane nelahi, dhasar warnane pekik, semune
jalmi karuruh, saking doh lir jajaka, kipatih turira aris, kang punika
pratikel saking pun bapa.
- Kang matur mring Sang dipatya, sarating wong
laki-rabi, ingkang sampun kalampahan, inggih mawi nenontoni, jalu kalawan
estri, sarat wruha warnanipun, yen pareng ingkang putra, kula suwune
mariki, sengadiya angaturaken sasegah.
- Sang retna suka ngandika, iya bener uwa patih,
mangkene pratikelira, pasajan datan kakelir, mangkata ing saiki, surat
pinaringaken sampun, mundur rekyana patya, prapteng jawi marentahi,
wadyanira namung satus kang binakta.
- Budhal saking pasanggrahan, samya wahana
turang-[151]gi, kang samya jajari surat, warnanen sang Adipati, wus ngaturaken
udani, lamun wonten putri rawuh, saking Nagari Ngesam, bekta sakaprabon
jurit, mangkya kendel masanggrahan jawi kitha.
- sang Adipati kapitayeng tyas, dereng pinanggih
ing galih, ing wadinira putri Sam, praptaning Mekah nagari, sigra dennya
nimbali, pra putra santananipun, pinundhut rembagira, dereng dugi denira
ngling, pan kasaru parptane patih Ngesam.
- katur lajeng tinimbalam, tumundhuk rekyana
patih, umatur ngaturaken surat, kang saking gustinireki, Sang Dipati
ngurmati, tedhak saking dennya lungguh, surat wus tinampanan, binuka
sinukmeng galih, wus kadriya suraosireng nawala.
- Sumuk ing tyas mijil suka, serat penaringaken
aglis, mring putra raden Ngabdulah, binuka sinukmeng galih, putus
pamaosneki, ngungun ing tyasnya tumungkul, myarsa raosing serat, sang
dipati ngandika ris, heh Ngabdulah yeku nugrahaning suksma.
- Paranta wangsulanira, marang ing sang raja
putri, miwah ing wangsulanira, kang katur ing Sri Bupati, kang putra
awotsari, hamba tangsaged umatur, dhestun amung sumangga, ing sakarsa sang
retnadi, miwah karsanipun jeng Sultan ing Ngesam.
- Sang dipati mesem ing tyas, miyarsa aturing
siwi, ngandika mring kiya patya, punika wangsulaneki, putra andika adhi,
sumangga ing haturipun, dhateng sang parabu ing Sam, myang katurira sang
putri, datan darbe atur pan amung sumangga.
- Sampun kang kinarya harja, den jur pinanjingna
[152] kowi, datan garantos samendhang, yen ing karsa Sri Bupati, mesem
rekyana patih, miyarsa wangsulanipun, langkung reseping driya, dangu
denira ningali, ngawasake pukiranita Ngabdulah.
- Ngungun rekyana apatya, dene tan gethang
sanyari, lawan dhawuh sang retna, Ngabdulah warnanireki, kang katong
jroning guling, wayahe satengah sepuh, nanging kadya jajaka, mawa cahya
anelahi, Nubuwah kang munggeng larapanira.
- Murubaprabaning wadana, lir trenggana ngikis
latri, kyana patih kaulapan, tan kuwawa dennya ngliring, nginggil
tenggakireki, dadya lon dennya humatur, mring sang dipati Mekah, pukulun
langkung respati, wangsulane putranta raden Ngabdulah.
- Ananging lamun sembada, ing karsa sang adipati,
rehning putri wus diwasa, prayogi mawi nontoni, jalu kalawan estri, sarat
wruha warnanipun, dados boten kuciwa, yen sami sampun udani, kang punika
dede saking panyuwunnya.
- Putra paduka sang retna, pan saking kula
pribadi, kang nunuwun ing paduka, ing lampah amrih utami, yen ngemungna
gegani, sang retna supenanipun, langkung maksih kuciwa, mesem ing tyas
sang dipati, amiyarsa pratikelira patih Sam.
- Ananging sang adipatya, ing galih wus
grahita-[153]ni, lamun ing rembag punika, dede ki patih pribadi, yekti
saking sang putri, sang adipati ngandika rum, inggih langkung prayoga,
pratikele adhi patih, terus lawan wijile agama kula.
۩۩۩ Pupuh 20 ۩۩۩
M I J I L
M I J I L
- Inggih putra paduka pribadi, kang kula ken
caos, mring sang retna lawan ngaturake, sasegahe kang abdi ing ngriki, ki
patih miyarsi, langkung sukanipun.
- Dene karsanira sang dipati, lan tyase wus
condhong, Ngabdulah kang ngaturna segahe, pamit mundhur ekyana apatih,
arya Dulmuntalib ngandika mring sunu.
- Heh ta kulup dandana den aglis, aturna susugoh,
marang putri Ngesam sahanane, kaya dudu pikire pribadi, kipatih dennya
mrih, ing praptanireku.
- Ingsun duga dhasare sang putri, karsane
mangkene, kudu-kudu wruha sadurunge, iya marang warnanireki, dhasare wus
wajib, sanadyan sireku.
- sadurunge kudu hangawruhi, warnane sang sinom,
anganggowa cara santri bae, ngarah apa dhasare wong santri, kang putra
wotsari, sandika turipun.
- Wus amekta rembatane sami, jodhang miwah songgon,
gili saking putra pangiride, raden Ngabdulah busana santri, nyampingira
langking, srebanipun gadhung.
- Rasukan jubah caweni kuning, sarwi nyethe
golek, [154] sinamiran ubet ro tasbehe, ilang sepuhe saking doh kadi,
jajaka nom pekik, nitih kuda pingul.
- Kawandasa sabate umiring, rare anom-anom, samya
putih busanane kabeh, kawarnaa lampahe kya patih, pasanggrahan prapti,
tinimbalan laju.
- Marang ngasanira sang retnadi, kya patih turnya
lon, ngaturaken solahe kinengken, dennya panggih lawan sang dipati, maringaken
tulis, tinampenan sampun.
- Lajeng binuka sinukmeng galih, putusing pamaos,
kang nawala gya pinaringaken, mring putra nulya binuka glis, surat
sasampuning, pamaosnya putus.
- Lajeng tumungkul deninra linggih, kang rama
nulya kon, ngangsulana kangdadya ature, aturipun kalangkung kapundhi, kang
kawrat ing tulis, dhawuhe sang prabu.
- Sampun menggah kang pinaringan putri, kinarya
pamomong, lamun boten nyumanggakna bae, sarirane tan ngraos darbeni, pejah
gesang neki, kagungan sang parabu.
- Dene gusti yakining pawarti, Ngabdulah
sayektos. Dereng carem kalawan garwane, pratandhane Nubuwah kang
munggwing, larapannya maksih, murub prabanipun.
- Wus satengah sepuh den tingali, kadya jajaka
nom, [155] dhasaripun pekik warnane, sariranenira rurus aramping, pasemone
wingit, jatmika aruruh.
- Pang ing mangke dinuta mariki, ngaturken
susugoh, mring paduka paranta nak angger, raden Ngabdulah prentahe
linggih, miwah kang nampeni, mangke aturipun.
- Sang kusuma mesem ngandika ris, dene dennya
lunggoh, jajara lan sira kana bae, sedheng gone kalawan gon mami, dene
kang nampani, mengko tembungipun.
- Ing becike ya ingsun pribadi, wus padha
patemon, jajaragan lah apa hasile, akakelir kayata wong cilik, yen
jenenging putri, wa patih tan patut.
- Ngangge isin angewakken ati, ki patih turnya
lon, leres karsa paduka nak angger, dereng dugi ngandika sang putri,
wadyanya ki patih, angaturi weruh.
- Lamun wonten putra Mekah prapti, ngantos neng
pakuwon, ngaturaken asesegah lampahe, duk miyarsa sang dyah ngandika ris,
temonana aglis, yeku kakang rawuh.
- Dene mengko pangiridireki, marang
ngarsaningong, pra punggawa angiringna kabeh, kyana patih sandika turneki,
medal marang jawi, wauta kang kantun.
- Pan sakedhap kondur sang retnadi, mring dalem
[156] pakuwon, sawetara maharjeng gelunge, myang busana winangun sarwadi,
dhadhasar yu linuwih, sasolahe patut.
- Kaduk raga karana mantesi, akarya wirangrong,
galak ulat alindri liringe, pan kasembuh anandhang wiyadi, sangsayembuh
manis, nglalentreh lum-alum.
- Sawusira dennya maharjaring, ukel sang lir
sinom, marang jawi lenggah paningrate, aglar parekan kang para cethi,
ngayap kanan kering, miwah aneng pangkur.
- Tan dangu kyanu patih prapti, munggeng jawi
regol, sarwi ngririd marang tetamu, punggawa wolu samya umiring, wus kinen
ngaturi, kyana patih laju.
- Manjing regol Ngabdullah neng kering, sang dyah
nalika non, mring kang prapta gumebyar galiya, dene wutuh tan ana kang
rempit, lan kang katon nguni, jro supenanipun.
- Wus satengah sepuh den tingali, kadya jajaka
nom, kasamadan senening cahyane, gebyar-gebyar prabanya nelahi, Nurbuah
kang mungging, larapan umancur.
- Sang kusuma aris anedhaki, ngurmati kang rawoh,
mudhun marang ngandhap bebature, sarwi dekung dennya ngecarani, lah raden
suwawi, kula turi laju.
- Pinarekka nginggil lan wa patih, andheku kang
kinon, sang dyah sampun wangsul mring ngenggone, raden Ngabdullah lan kiya
patih, wus jajar alinggih, neng nginggil babatur.
- Raden Ngabdulah cengeng ningali, saputing
pan-[157]dulon, yayah kadya rungging wardayane, mulating warna sang kadi
ratih, leng leng tan kena ngling, tyasira keneng kung.
- Agung dennya sabil jroning galih, miwah sang
lirsinom, leng-leng miyat marang tatamune, meh kasupen lamun putri adi,
rengeh dennya linggih, wau sang tatamu.
- Sarehning driya umatur aris, pukulun sang
sinom, pan ing lampah kawula kinengken, ing sudarma marek ing sang putri,
kinon angaturi, ing sawontenipun.
- Tedhanipun parekkan myang cethi, dheku sang lir
sinom, langkung saking anuwun ature, punapa ta jeng tuwa dipati, sagarwa
myang siwi, samiya rahayu.
- Raden Ngabdulah sauriraris, pan inggih sang
sinom, sami harja sadaya-dayane, kaping kalih jeng rama kang weling,
paduka sang putri, ingaturan laju.
- Manjing jroning praja benjing-enjing, jeng rama
wus saos, pasanggrahan prayogi prenahe, patamanan caket lan jro puri, dene
ramanta ji, ing sadawuhipun.
- Ingkang kawrat sadaya ing tulis, rawuhe sang
sinom, mring kang abdi Mekah panampare, karsa mupu mring dasih kaswasih,
kinon angembani, mring sariranipun.
- Kang abdi wus tan saged mangsuli, pan amung
su-[158]maos, ing sakarsa-karsa padukangreh, miwah pejah gesange kang
abdi, kagungan sang putri, sumanggo sakayun.
- Dene sampurnanireng ngakrami, inggih mung
cumadheng, ing sakarsa paduka nak angger, kinarsakna tamban miwah aglis,
Sang dyah duk miyarsi, Ngabdulah turipun.
- Trenyuh ing tyas saengga wus panggih, neng
tilam karongron, lawan kakung linut pangrungune, ing tyas ira onar
senig-senig, swanida drus mijil sarira marlesu.
- Dadya sang dyah wus tanpa wawadi, sahuripun
alon, inggih raden punapa kasile, akakelir sabarang, pakardi, yen sampun
kinapti, sae gothak-gathuk.
- Inggih kula raden benjing-enjing, saha wadya
bodhol, manjing kitha sakedhap arereh, wonten pakuwon sontenireki, ningkah
lajeng panggih, lan sariranipun.
- Yen gantunga ningkah lami-lami, labetipun awon,
nanging kula nuwun jangji raden, sarirane ing sadalu mangkin, sampun
anyareni, dhateng garwanipun.
- Dene benjing yen sampun saresmi, lan
sariraningong, nadyan nguyunana dhomas kehe, para putri amba tan praduli,
kang kula aweri, mung samangke dalu.
- Raden Ngabdulah marem miyarsi, aturipun alon,
[159] sampun menggah kang jinangji angger, mangka dalu sageda kang abdi,
dhatengken saresmi, lan garwa kang sampun.
- Malah-malah kusuma kang abdi, cepak boten
dados, lawan putri ing Baninajare, namung mulat duk lagya pepanggih,
prapta ing samangkin, dereng salang dulu.
- Pan kalajeng tyas kula tebih, mesem sang lir
sinom, miyarsa Ngabdulah wuwusa, osiking tyas jarene wong santri, kewese
kepati, dennya gawe wuwus.
- Wusing dangu dyan Ngabdulah pamit, sang retna
lingnya lon, inggih raden sembah ulun bae, aturena mring uwa dipati, dheku
kang sinung ngling, sigra dennya mundur.
- Sareng lawan patih dennya mijil, saking ing
pakuwon, sang dyah kadya nutaken tingale, ngandikeng mban sira aningali,
warnane kang prapti, angaturi suguh.
- Kaya paran besuk yen wus panggih, lan
sariraningong, apa pantes jajara lungguhe, dene wus satengah tuwa bibi,
pantes ingsun dadi, putrane pembayun.
- Wayahane mung kacek sathithik, an jeng rama
katong, mung kakang adhi iya pantese, niken emban umatur wotsari, inggih
leres gusti, wus satengah sepuh.
- Nanging dereng wonten ewah gusti, sadayane
wu-[160]toh, dereng mantra ngalinthing kulite, maksih alus alurus
aramping, yen sampuna gusti, remane kadulu.
- Sampun mawi pethuk pethak kedik, kadya jajaka
nom, lan isine jagad sinten darbe, cahya ingkang kadya wau gusti, sumunu
nelahi, tejane ngunguwung.
- Tuhu putra piturun Hyang Widdhi, badane lawan
wong, dene teka dalah kenakane, mawa gilap kabeh ting parelik,
nalikanireng ngling, kawuleram dulu.
- Pan gebyar wajanipun kengis, lir mirah sumorot,
maksih rapet pepet pangapite, sang kusuma mesem amiyarsi, gujengira sarwi,
jumeneng gya kondur.
- Manjing dalem pakuwonireki, kagagas wirangrong,
kawuwusa wau ing lampahe, raden Ngabdulah pan sampun prapti, ngarseng sang
dipati, kang putra won santun.
- Ngaturaken solahing tinuding, marek ing sang
sinom, dennya ngaturaken sugatane, ing sadhawuhira sang retnadi,
sakarsanireki, sadaya wus katur.
- Lakung suka kangrama miyarsi, babo
putraningong, yen mangkono putri sami karsane, sira sesuk mapagga pribadi,
sawetara kaki, den samekteng laku.
- Ingkang padha ngiring ing sireki, aja lungsed
[161] tinon, becik nganggo-anggo sapantese, ya sacara-carane wong santri,
kapraboning jurit, ingkang sira pethuh.
- Aja dumeh bakal dadi rabi, yen putrining
katong, wajib kinurmatan ing praptane, kapindhone garwanira kaki,
sadurunge wajib, paringana weruh.
- Lamun sira sesuk bakal kawin, lan putri kang
rawoh, ningkah sore banjur katemune, nadya sira lan garwanireki, karone
padha wis, puwas ing tyasipun.
- Namung aja kaget bae kaki, temua samengke,
ingkang putra sandika ature, yen mopowa rehing rama ajrih, pinaksa
wotsari, saking ngarsa mundur.
- Mampir dalem sayah rungsang saking sarira
keraos, dadya siram ngayem sarirane, raden Ngabdulah, denira panggih, lan
garwanireki, Baninajaripun.
- Mung sapisan dennya marepekki, tinilar mring
gedhong, ing tyas mutung prapta ing samangke, datan arsa marepekki malih,
wus karsaning Hyang Widdhi, dereng mangsanipun.
- Tumurune Nubuwah pan maksih, neng larapan
manggon, marmanira sakalih-kalihe, tyasira maksih kinarya tebih, wau kang
winarni, kang manggung mangun kung.
- Raja putri Baninajar maksih ngekep munggeng
ge-[162]dhong, tansah lawan pipitu embane, mung puniku ingkang manjing
mijil, ngladosi sang putri, ing sakarsanipun.
- Duk samana niken mban miyarsi, nenggih wartaning
wong, sigra marek matur mring gustine, dhuh kusuma kawula miyarsi, wartos
saking jawi, rakanta pukulun.
- Pan dinuta mring sang dipati, ngaturken
susugoh, dhateng putri ing Ngesam praptane, mring rakanta
anginggah-inggahi, praptane mariki, ambekta branagung.
- Sejatine apan nenontoni, denira susugoh, raja
putri Ngesam wus tinampan, benjing-enjing praptane mariki, ningkah lajeng
panggih, manising jinem rum.
۩۩۩ Pupuh 21 ۩۩۩
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
- Sang kusuma wau duk miyarsi, lamung ingkang
raka badhe krama, saking niken mban ature, esmu sukaning kalbu, mesem
sarwi ngandika aris, sokur yen gustinira, krama besuk-esuk, antuk
Rajaputri Ngesam, sayektine aliye wus tan tumolih, iya mring raganing
wang.
- Pasthi marem kasengsem tyasneki, marang garwane
putri Ngesam, ayu anak ratu gedhe, sugih raja brana gung, iku biyung emban
kang dadi, sukane ing tyasingwang, ing besuk lamus wus, sedheng antarane
lawas, ing panggihe lan putri Sam ingsun pamit, mulih mring Baninajar.
- Sayektine lamun den lilani, malah-malah ing
pan-[163]duganingwang, den runtuhken talake, tetelu pisan besuk, karana
wus puwas tyasneki, putra Mekah maring wang, marga saking mutung, pira ta
lawase biyang, mung sapisan merpeki ingsun lungani, mring gedhong tutup
lawang.
- kongsi mengke nora prapta malih, iku tandhane
raden Ngabdulah, lamun wus putung galihe, marang sariraningsun, Baya ta
wus karseng Hyang Widdhi, iya raden Ngabdulah, dudu pasthinipun, jinodho
lan raganing wang, kaya lagi jodho angalang-alangi, dene padha kewala.
- Iya lawan rasaning tyas mami, mulat marang
rahaden Ngabdulah, kepati-pati adohe, nora duwe sarambut, acipta sih
biyang tyas mami, nora kena sun peksa, kudu lumuh dulu, ing mengko temahan
krama, marma banget biyar leganing tyas mami, kaya kaul-kaula.
- Payo biyang metu marang jawi, banget rungsange
sariraning wang, lawan ngekek gedhang bae, sun arsa siram wuwung, dimen
ayem sarira mami, raresik sawetara, niken ban umatur, inggih hangger sae siram,
ngegar-egar ngalapa kang sarwa sari, wonten ing patamanan.
- Sang kusuma apan sampun mijil, saking gedhong
[164] tan kantun mban inya, prapta ing taman lampahe, manjing patirtan
sampun, siram preres sang raja putri, miwah emban lan inya, sapta adus wuwung,
sang dyah sawusira siram, sigra ngrasuk busana mung sawatawis, sarta lawan
gegondo.
- Lajeng mider-mider ngalap sari, aneng taman
sang kusumaning dyah, maksih angere remane, panjang rawuh jajengku, pan
satuhu sang raja putri, endah ing warnanira, wus kawektu kidung, tan kena
yen ginurita, cahyanipun ngasorken resmining sasi, sawusnya ngambil sekar.
- Lenggah munggeng sor mandira resmi, rema
sineratan ngembanira, ing wanci serap srengenge, sang retna ngandika rum,
besuk esuk biyang yen panggih, gustimu lan putri Sam, ingsun arsa dulu,
andherek ing ibu kewala, ngarah apa ingsun biyang nora isin, dereng dugi
ngandika.
- Kagyat mulat ingkang raka prapti, sareng denya
paguting paningal, lir panjang putra pamine, tibeng sela kumepyur, suh
rempuning tyasira kalih, tingale wus binuka, aling-alingipun, raden
Ngabdulah tumingale, marang garwane ingkang sayekti, ngungun kenyut
tyasira.
- Pan kemutan patembayeng uni, jangjinira lawan
[165] putri ing Sam, tan kenging sadalu mangke, nyaremi garwanipun, dene
lamun sampun saresmi, lan raja putri Ngesam, sakarsaning kakung, nadyan
nguyunana dhomas, tan praduli mung sadalu den aweri, haywa kongsi cumbana.
- Datan pae lan sang putri, Baninajar mulat
kakungira, sampun sirna hing alinge, Nubuwah gebyar-gebyar, abra
ngenguwung, tan katingal sepuhira, kaseninan ing cahya ingkang nelahi,
sang dyah kenyuting driya.
- Gya jumeneng methuk marang laki, tundhuk
mendhak sang dyah duk lagyarsa, nembah cinandhak astane, kang garwa gya
sinambut, wus binekta marang jinem mrik, mban inya pitu mulat, marang
gustinipun, langkung sukaning tyasira, dene sampun carem lan kakungireki,
sinambut mring papreman.
- Kawuwusa kang aneng jinem mrik, raden Ngabdulah
lawan kang garwa, tan winarna pangrenggane, pangrepaning pangrungrum,
risang kakung denira mamrih, nigasi ing kalangyan, langening jinem rum,
rarasing reh karasikan, pan cinandahak rasa mulya tumibaring, retna Dewi
Aminah.
- Miwah cahya Nubuwah kang munggwing, ing larapan
wus manjing sang retna, sareng lawan tumurune, kang rasa mulya wau, rara
kenya pinurweng resmi, ing kakung wus widagda, pangrurahireng ngrum,
kekeran sekar wus mekar, sang kusuma yayah mursita ing resmi, kawratan ing
ngasmara.
- Risang kakung awlas aningali, mring kang garwa
[166] nulya sinetyanan, sinambut aneng pangkone, dhuh mirah jiwaningsun,
ingkang lagya asih ing dasih, abdine tur uninga, ana putri rawuh, teka
negara ing Ngesam, prapteng Mekah sedyane ngunggah-unggahi, mirah mring
raganingwang.
- Sadurunge paring asih, mring dasihe ingsun wus
dinuta, mring pakuwon ngaturake, jeng rama suguhipun, mring putri Sam nora
kakelir, kang dadi sedyanira, praptane maringsun, wit brangta supenanira,
anon cahya tumurun saking wiyati, tumibeng raganingwang.
- Yeku ingkang pineleng ing galih, dennya
ngunggah-unggahi maring wang, lawan malih panjaluke, banget-banget maring
sun, ingaweran sawengi iki, haywa kongsi sajiwa, lan sang retnaningrum,
saking ingsun wus tan nyana, lamun bisa iya ing sawengi iki, antuk sih
sang kusuma.
- Saking banget laluning panganti, dadya ingsun
tampani kewala, putri Ngsam panyethine, sarta sajangjinipun, banjur
panggihipun, pan ing mengko kaya paran, dene ingsun nemahi cidra ing
jangji, mulat ing warnanira.
- Sasat mulat resmine kang sasi, nguni-uni lamun
[167] tumingal, warnanira kang mangkene, kongsia luluh luntur, nora nedya
cipta dyah malih, ngamungna sang kusuma, dasihken maring sun, mengko paran
karsanira, putri Ngesam sesuk ing praptanireki, manjing jro kitha Mekah.
- Lamun sira gusti anglilani, ing banjure sayekti
sun papag, lamun tan pareng galihe, yekti sun tulak wangsul, wus narima
gusti tyas mami, among sira kewala, ing satutuipun, mesem matur sang lir
retna, yen paduka mangsulna praptanireki, ing sang putri Sam.
- Lahir batin lepat kaping kalih, kang rumiyin
cidra ing ubaya, boten nuhoni jangjine, pingkalih lepatipun, sasat nampik
sihing Hyang Widdhi, praptaning putri ing Sam, langkung kusung-kusung,
atilar ibu rama, kang pineleng ing galih tan wonten malih, mung nedya
amawongan.
- Mring paduka sagah anampeni, praptaningdon
tinulak neng marga, niyaya lahir batine, lawanta malihipun, ing wong karya
sak ing sasami, sae tuan lajengna, ing pamethukipun, pan sampun kawula
sedya, saking nagri gen kawula anyenyethi, among maru sanambang.
- Kadya rentah tyase tibeng siti, dyan Ngabdulah
kalane miyarsa, marang aturing garwane, sang retna gya rinangkul, sah
ingaras awanti-wanti, dhuh atma jiwaningwang, kang sawang jumerut, muga
Allah anulusna, setyanira dennya asih marang ing dasih, sang dyah sinambut
sigra.
- Mring patirtan siram jinabaddi, wusing siram
la-[168]jeng agegonda, salin busana kaliye, manjing ing dalem agung, merak
marang rama ngabekti, miwah ibu sadaya, langkung sukanipun, mulat marang
ingkang putra, de wus carem kang rama ngandika ris, paranta putraning
wang.
- Ing dadine rembugira kaki, ing garwanta apa tan
salaya, putri Ngesam ing praptane, raden Ngabdullah matur, putra tuan
sampun nglilani, ing pamethuk kawula, miwah lajengipun, ing paningkah
sampun lila, tur prasetya suka lila lahir batin, darbe maru putri Sam.
- Sang adipati suka ngandika ris, sarwi ngrangkul
marang mantunira, nini sun ngamini bae, mangkone tyasireku, nedya mrih
utameng krami, sira putri utama, trahing ratu punjul, Sri Bupati
Baninajar, Sultan Wahab ratu hambeg wali mukmin, bakuh maring ngagama.
- Yayi prabu denirantuk wangsit, sun tatedha nini
lestarinya, marang sira nugrahane, heh Ngabdulah nak ingsun, yen wus
rembag garwanireki, nuli sira mapagga, sakadangireku, marang raja putri
Ngesam, ing sacara-caraning wong Mekah santri, ing laku den samekta.
- Tur sandika kang putra gya mijil, prapteng jawi
[169] enjang wus samekta, wadya Mekah sadayane, myang para kadangipun,
sakapraboning ngajurit, tuwin kang pra santana, samektanira wus, budhal
saking nagri Mekah, kuneng raja putri Ngesam kang winarni, enjang sampun
samekta.
- Budhal saking pakuwonireki, pan tinata
lampahireng marga, bupati pangkat-pangkate, satunggal payung agung, myang
badera saben bupati, upacaranira bra tinata, neng ngayun, salin lagu ing
lampahnya, sang kusuma mungging ing ngarsa pribadi, sagung pacaranira.
- Lir panjrah ingkang puspita resmi, upacaranira
ingkang rama, tinata neng ngrasa dhewe, upacara kaprabun, kang angampil
kaprabon jurit, kang sumambung ing wuntat, pacaraning ibu, asri lamun
tiningilan, mawor lawan upacarannya pribadi, raja kaputrenira.
- Namung sunaring surya tukya sri, senggani lan
rengganing jempana, sang kusuma titihane, linimput ing herlaut, tinatirah
ing manten wilis, asri pating galebyar, muncar ting palancur, mawor lan
srining busana, prajurit jro ingkang sami anjajari, kapraboning ngayuda.
- Ingkang ngapit munggeng kanan-kering, miwah ingkang
garebeg ing wuntat, busana ngemasan kabeh, mawangkana ngunguwung, miwah
wadya bala gung wuri, tan wus yen winuwusa, sring lampahipun, busananing
bala-bala, kadya mendhung sinalimut kilat thathit, asri pating galebyar.
- Wadya Mekah pan sampun kaeksi, sang kusuma
ken-[170]del aken piyak, nganan ngering pacarane, raden Ngabdulah
sampun, sinung wikan lamun sang putri, kendel sawadyanira, sang dyah
munggeng ngayun, amanggung munggeng jempana, pacarane samya piyak
nganan-ngering, saking doh katingalan.
- Raden Ngabdulah sigra nimbangi, munggeng ngarsa
sakadangira, miwah para santanane, samya garebeg pungkur, maksuh lajeng
lampahira ris, saking doh sampun katingal, sang dyah dennya dulu, mung
Ngabdulah kang wianawas, munggeng ngarsa titihane kuda putih, nanging
kucem kewala.
- Saya celak pamawasireki, sang kusuma tingale
waspada, yen sampun ilang cahyane, Nubuwah kang dumunung, neng larapan wus
tan kaeksi, angles ing tyas sang retna, wus handugeng kalbu, yen raden
Ngabdulah cidra, prasetyane pasthi ing dalu saresmi, kalawan garwanira.
- Dahat runtik tyasira sang putri, denira sru
kacuwan ing karsa, dadya nepata wuwuse, heh Ngabdulah sireku, ujaring trah
nabi Ibrahim, tinatah gen utama, setya lawan tuhu, pagene cidreng ubaya,
lah ta apa sireku kang sun pengini, tuwa wus tanpa cahya.
- Sayektine sira wus saresmi, mau bengi lawan
gar-[171]wanira, cahya Nubuwah ilange, nora suka tyas ingsun, sun tetedha
maring Hyang Widdhi, muga linuwihna, Ngabdulah sireku, saking rasaning
tyas ingwang, ing wong gawe sewu cuwa ing sak serik, aywa nemu raharja.
- Sawusira nepata sang putri, aken ngingerken
jempananira, budhal mundur sawadyane, Ngabdulah miyat ngungun, wus pinupus
sajroning galih, wadya Mekah sadaya, sigra wangsul mantuk mring Mekah
nagari, Ngabdulah sakadangnya.
- Lajeng marek sang adipati, ngaturaken sasolah
lampahnya, mring putri Sam pamethuke, miwah ing wangsulipun, anepata
sanget ing runtik, marang sariranira, sadaya wus katur, kang rama duk
amiyarsa, langkung ngungun esmu sungkawaning galih, alon dennya ngandika.
- Yen mangkono putri Sam dennya ngling, heh
Ngabdulah poma tyasira ja, ngenak-enak mangan sare, lawan garwanireku,
nanedhaa marang Hyang Widdhi, rahayuning sarira, ing satutugipun, lah ta
wus padha muliya, mring garwanta pamomongira den becik, pan putrining Sri
nata.
- Kang putra matur sandika, wus mundur
dalemireki, tan kantun lan garwanira, samya sih siniyan kalih, runtut lan
walangati, sang dyah bekti marang kakung, akung sih marang garwa, cinatur
sang raja [172] putri, duk sinaren uni lajeng wawratnya.
- Bobot sawulan supena, katon ningali swargadi,
lawange sawarga menga, wonten cahya ingkang mijil, saking lawang guwa
garba, nulya wonten kaki-kaki, katingalan medal saking ing sawarga.
- Lunggweng ing palongka retna, prapteng
ngarsanya lon angling, heh ta anini wruhanira, pan Nabi Adam sun iki,
atutur mring sireki, yeku ingkang sira kandhut, ing besuk apan dadya, Nabi
kakasihing Widdhi, iya Nabi panutup niyakaningrat.
- Kang linilan badan tunggal, dening Hyang karana
dadi, baboning roh sabuwana, dening baboning jasmani, pan iya ingsun iki,
Nabi Adam wusnya muwus, namung pelangkanira, ingkang wangsul mring wiyati,
Nabi Adam manjing guwa garbanira.
- Kagyat wungsu lir retna, sigra matur marang
laki, lajeng katur mring kang rama, langkung sukur ing Hyang Widdhi, kinen
sageta mingit, sang retna supenanipun, bobot ing kalih wulan, sang retna
supena malih, katurunan jeng Nabi Sis paningalnya.
- Bobot tri wulan supena, katurunan Nabi Idris,
[173] kawan wulan supena, Nabi Nuh ingkang nedhaki, gangsal wulan jeng
Nabi, Ibrahim ingkang tumurun, nem wulan supena, kang tedhak Nabi
Ismangil, saben wulan kang katingal jro supena.
- Nabi nenem kang tumedhak, wus wangsit lajeng
manjing, guwa garbeng sang retna, saben wungu dennya guling, matur marang
ing laki, miwah mring kang rama wau, langkung sukur ing Suksma, mangkana
wau sang putri, sawusira bobot dungkap pitung candra.
- Cinatur raden Ngabdulah, kadya wus karseng
Hyang Widdhi, pamit dagang marang Ngesam, ngiras tutumbas kinardi,
samektaning mitoni, dennya wawrat garwanipun, adreng ing karsanira, tan
kenging dipun pambengi, mring kang rama kadang miwah garwanira.
- Sawusnya sami samekta, rembatan daganganeki
raden Ngabdulah gya mangkat, saking ing Mekah nagari, kang garwa siru
prihatin, miwah rama lan kang ibu, samya nawung sungkawa, namung nanedheng
Hyang Widdhi, ingkang dagang marang Sam raharjanira.
- Kuneng ing nagari Mekah, warnanen lampahireki,
kang dagang mring nagari Ngesam, cinendhak pan sampun prapti, neng Ngsam
datan lami, wus pajeng daganganipun, lajeng dennya tutumbas, barang
samektanireki, denirarsa mitoni ing garwanira.
- Wus mangkat saking nagri Sam, pipikulira
anggi-[174]li, randhat lampahireng marga, nyata wonten kang winarni,
nenggih Ratu Yahudi, antuk atur saking nujum, lamun kang dadya, mengsahira
pan meh lahir, kangjeng Nabi panutup niyakaningrat.
- Namung kantun kalih wulan, dinten punika
marengi, Ngabdulah putra ing Mekah, badhe ramanya jeng Nabi, wonten Ngesam
nagari, atutumbas perlunipun, badhe mitoni garwa, nenggih ibunya jeng
Nabi, duk miyarsa sang ratu Yahudi sigra.
- Nuduh marang wadyanira, sakapraboning ngajurit,
ngadhanga raden Ngabdulah, samya mendhem neng wanadri, marga wana kang
saking, nagri Ngesam anjogipun, marang nagari mekah, tengah-tengahing
wanadri, duk semana lampahe raden Ngabdulah.
- Prapteng marga wana ingkang, ingkang pinendheman
wong Yahudi, ingadheg kendel lampahnya, tinaken juraganeki, ingkang dadya
titindhih, pasaja ing sauripun, lamun raden Ngabdulah, putra ing Mekah
dipati, sawusira tatela takenira.
- Wong Yahudi wus narajang, kang kanan keri
ngebyuki, marang raden Ngabdulah, tan antuk kiwuling jurit, prapteng
sedanireki, wadyane sadaya mawut, tan tolih gustinira, wong Mekah kathah
ngemasi, duk tinujang kacekuthah pejahira.
- Kuwandhanira Ngabdulah, tan pinikir mring
Yahu-[175]di, mung rebutan kang rinembat, wus bubar bala Yahudi, mantuk
prajanireki, matur marang ratunipun, yen Ngabdulah wus pejah, binegal
aneng wanadri, duk miyarsi rajane langkung sukanya.
- Kuneng wau kang winarna, wadya ing mekah kang
sami, kapalajeng sampun prapta, katur mring sang adipati, lamun putranireki,
raden Ngabdulah wus lampus, antuke saking Ngesam, binegal mring Yahudi,
wadya Mekah kacekuthah kathak pejah.
- Miwah sagunging rerambatan, linapgeng mring
wong Yahudi, sang dipati duk miyarsa, dahat rentenging kang galih, myang
para ibu sami, sadaya nangis gumuruh, retna dewi Aminah, sesambatira mlas
asih, gung kataka rinapu ibu sadaya.
- Dipati Mekah miyarsa, sambate mantunireki, sang
saya wimbuh ing driya, para putra wus tinuding, budhal sawadya neki, mring
wana pra samya ngruruh, nenggih kuwandhanira, raden Ngabdulah pinanggih,
wus binekta pinetak aneng ing Mekah.
- Geng alit sapraja Mekah, sadaya samya prihatin,
ing sedanireng Ngabdulah, miwah ta sang adipati, renteng ngira katarik,
welas marang putra mantu, retna Dewi Aminah, kang dadya wewahing sedih,
dene lagya wawrat tinilar ing priya.
- Antara samadya candra, prapta pamupuse sami,
geng alit sapraja Mekah, mung awlas dennya ningali, marang garwanireki,
Dewi Aminah winuwus, tutupe pitung candra, dennya bobot sang retnadi, pan
supena Nabi Iskak kang tumedhak.
- wawarah aywa sungkawa, patine lakinireki, wus
[176] tinakdirring Hyang Widdhi, yaiku kang sira kandhut, ing besuk iku
dadya, Nabi ning Hyang kang sinelir, iya Nabi panutup nayakaningrat.
- Wusnya sung wangsit mangkana, katon Nabi Iskak
manjing, marang guwa garbanira, kagyat wungu sang retnadi, matur mring
sang dipati, miyarsa kalangkung ngungun, alon dennya ngandika, yeku
pituhunen nini, sawangsite Nabi Iskak jro supena.
- Sang retna anut ing rama, sampun mupus jroning
galih, ing sedanira kang raka, sapraptaning wolung sasi, sang dyah supena
malih, Nabi Musa kang tumurun, praptaning sangan wulan, sang retna supena
malih, katurunan nenggih marang Nabi Ngisa.
- Nabi Musa lawan Ngisa pamangsite pan sami, lan
mangsite Nabi Iskak, sawusira asung wangsit, Nabi kalih pan sami, manjing
guwa garbanipun, dungkap prapteng lekira, sang retna supena malih,
katurunan pra Nabi wali sadaya.
- Katon sami bebantahan, para Nabi para Wali,
lawan kekandhutanira, sawusnya kasoran sami, ngumpul dadya sawiji, manjing
maring kang kinandhut, nulya para Malekat, tumurun saking ing langit, pan
amungdhut marang kekandhutanira.
- Binekta marang sawarga, tan adangu nulya
prapti, [177] winangsulken putranira, marang kekadhutan malih, nulya
myarsa swara tri, kagyat sang dyah nulya wungu, dene swara punika, apan
tetangising Iblis, wruh kalamun Nabi panutup meh babar.
- Marma umung sabuwana, iblis lanat tangisneki,
ing puniki sang dipatya, ing Mekah iya miyarsi, swara kang gumrah atri,
nulya tedhak mring genipun, retna Dewi Aminah, wus karaos anyakiti,
sasirepe swara umung sabuwana.
- Anulya miyarsa swara, jumegur hanggegirisi,
kadya gelap satus, wendra, sagung brahalaning kapir, rebah sadaya sami,
remuk ajur anggalepung, anulya wonten cahya, yayah ngebeki wiyati, ngumpul
manjing guwa manise Aminah.
۩۩۩ Pupuh 22 ۩۩۩
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
- Lajeng woten gondo anglangkungi, lan sadaya
wawangining denya, saking swarga pinangkane, ratuning ngarum-arum, lajeng babar
kang jabang bayi, pekik tur mawa cahya, tumeja ngunguwung, sareng lan
tumurunira, lintang johar dumunung puserireki, babayi lajeng ngucap.
- Was adu anna laila hai, lalah wannas adu ya
mu-[178]kamad, dan rasul lulah tegese : apan nekseni ingsun, satuhune
narana yekti, Pangeran amung Allah, lan nekseni ingsun, satuhune
raganingwang ingkang aran Muhakamad iya kang dadi, utusaning Allah.
- Nulya malekat samya nahuri, pan gumuruh angucap
sahadad, laila hailalahu, mukamaddan ya rasul, lulah wusnya gumrah ing langit,
sang adipati sigra, kang wayah sinambut, kangjeng rasul babarira, Senen
dalu wanci wektu sangkur nenggih, tanggal ping kalih welas.
- Wulan Rabinguawal marengi, ing tahun Dal angka
tahun Adam, lamun ing tahun srengenge, gangsal ewu nam atus, lan sawidak
warsa etanging, lamun ing tahun wulan, nenggih gangsal ewu, wolung atus
tigang dasa, lan sakawan dene jumenenging Nabi, sami Senen dintennya.
- Tanggal kaping kalih welas sami, Rabiingulawal
ing tahun nedal, angka ing tahun srengenge, apanta gangsal ewu, pitung
atus yen tahu sasi, gangsal ewu langkungnya, nenggih wolung atus, lawan
pitung dasa gangsal, pun hingetang duk jumenengira nabi, lamun ing tahun
surya.
- Yuswa kawandasa tahun nenggih, yen ing tahun
wu-[179]lan, yuswa kawan, dasa satunggal lakunge, dene ta hijrahipun, ing
tegese pindhahireki, mangkat saking ing Mekah, Senen dintenipun, rawuhipun
ing Medinah, Senen tanggal kaping kalih welas nenggih, wulan Rabingulawal.
- Tahun Ehe angka tahun jawi, gangsal ewu pitung
atus lawan, tigawelas ing langkunge, yen wulan gangsal ewu wolung atus
langkung ireki, pan wolung dasa sanga, nuju kangjeng rasul, yuswanipun
seket tiga, tahun surya dene lamun tahun sasi, yuswa seket sekawan.
- Dene sedanipun kangjeng Nabi, Senen tanggal
kaping kalih welas, Rabingulawal sasine, samya dal tahunipun, nuju wanci
antaraning mahrib lawan ngisa, angkanira nuju, gangsal ewu lakungira,
pitung atus tigalikur tahun jawi, lamun tahun wulan.
- Gangsal ewu pitung atus nenggih, sangang dasa
sanga langkungira, jeng Nabi nuju yuswane, sawidak tigang taun, taun surya
sasi, apan sawidak gangsal, dene sedanipun, keng ibu Dewi Aminah, kaot
kalih satengah sedanireki, duk babare konduran.
- Kaot malih sedanipun nenggih jeng Rasul yuswa
pitung warsa, dene kang eyang sedane, duk yuswa wolung taun, kuneng wau
winarna malih, jeng rasul garwanira, apan kalih likur, kang sepuh Siti
Katijah, suteng kawiladah ing asisiwi, anama Sayid Asad.
- Sutanipun Sayid Ngabdulngaji, Ngabdulngaji
pu-[180]treng Sayid Kasa, Sayidin Kasa putrane, Sayid Kalap cinatur,
saderenge sang dyah kapanggih, lawan jeng Rasulullah, sang kusuma sampun,
ping kalih dennira krama, kang rumiyin sang dyah antuk Bakarkatik, duk
puputra satunggal.
- Bakar Katik pan lajeng ngemasi, Siti Katijah
pan dadya randha, satunggal estri putrane, tan lami randhanipun, sang dyah
nulya akrama malih, antuk sang Abunibas, sang kusuma sampun, patutan
kakalih priya, lawan Abunibas nulya angemasi, randha malih sang retna.
- Nulya dhaup lawan kangjeng Nabi, malang gambuh
ing panggalihira, Siti Katijah yuswane, wus tigang dasa taun, langkung
gangsal dene jeng Nabi, ing yuswanipun lagya, gangsal welas taun, kaot
kalihdasa warsa, lang kang garwa antarane dereng lami, Siti Katijah seda.
- Kangjeng Nabi nulya krama malih, antuk Siti
Sodah kang sesuta, Abipukakah namane, Ngamir ingkang sesunu, risang Ngumar
ingkang sisiwi, nenggih Sayidin Marah.
- Kangjeng rasul nulya krama malih, antuk Siti
Ka-[181]psah kang puputra, Sayidin Ngumar namane, Ngumar sakabat ngayun,
suteng Katib sutaning Napil, Napil ing susuta, Dul Ngaji ranipun, Ngabdulngaji
kang susuta, Nama Ribah Abdolah ing sisiwi, paran sutaning Jarah.
- Jarah sutaning Sayid Ngadi, Sayid Ngadi suteng
Sayid Kangat, jeng rasul akrama maleh, Suti Jenap ranipun, Sang Kajimah
ingkang sisiwi, Sayid Ansari nama, yeku kang susunu, Kinannah ingkang
susuta, nama Rabik Rabik sutaning Sappari, Sappari suteng Ngumar.
- Nugamar sutaning Ngamir nguni, tan alami Siti
Jenab seda, jeng rasul dahat enenge, saengga kadi gandrung, dadya galih
ngupayeng estri, kang nama Siti Jenap, dadosa panglipur, tan alami nulya
angsal, nama Siti Jenab sutaning Kujassi, sutaning Sayid Ansad.
- Sayid Ansad suteng Asim, Asim putranireng
Ngabdulmanap, lestari kinarsakake, Siti Jenab kan kantun, tan alami akrama
malih, Siti Ngumi Salamah, Sang Karas ingkang puputra, nama Gaid Gaid
Ngumar kang sisiwi, dede Ngumar sakabat.
- Ngumar suteng Ngimran Akbar nenggih, sang Sayid
Mahyum ingkang puputra, sang Sayid Marah putrane, Sayid Kangab puniku, tan
antawis lami sang dewi, Ngumi Salamah seda, jeng nabi agandrung, nulya
jeng nabi ngupaya, estri nama Ngumi Salamah kinardi, panglipur pcungira.
۩۩۩ Pupuh 23 ۩۩۩
P U C U N G
P U C U N G
- Tan alami denira ngupaya antuk, ran Ngmi
Sala-[182]mah, punika ingkang sisiwi, risang Abingupiyah Lamir namanya.
- Nenggih raja mugayarah kang susunu, ran Raja
Ngabdolah, Ngamin Akbar kang sisiwi, nenggih Sayid Mahjum iku kang susuta.
- Sayid Mahjum Sayid Marah kang susunu, nanging
sampun randha, Ngumi Salamah kang kari, nenggih randhanipun, Sang
Abusalamah.
- Nanging nemah jeng nabi ing galihipun, wus
pinundhut garwa, nadyan rondha anom maksih, nulya krama malih jeng nabi
Mukamad.
- Antuk Siti Ngumikabibah ranipun, suteng
Abisupyan, sang karib ingkang sisiwi, ri sang Karab sutaning Sayid
Ngumiyah.
- Sang Ngumiyah suteng Sayid Ngabdul Samsu,
putreng Ngabdulmanab, Sayid Kasa kang sisiwi, krama malih antuk Siti
Jawiriyah.
- Suteng Karas sang Abiya kang susunu, sang
kangad namanya, Kangad sutaning sang Malib, Malib ingkang susuta nama Rabiyah.
- Suteng Kabit suteng Sangyid Ngabdul Samsu,
putreng Ngabdulmanab, Sayid Kasa kang sisiwi, tan alami Siti Jawiriyah
seda.
- Nunten krama malih kangjeng nabi antuk, ran
Siti Supiyah, sangkayi ingkang sisiwi, Kayi iku sutane sang raja Atab.
- Suteng raja Sukbah ingkang asusunu, sang raja
[183] Saklabah, Saklabah ingkang sisiwi, nama raja Ngajuja ingkang
peputra.
- Ngusmas Ngaji pan punika gurunipun, nenggih
Ajisaka, Ngusmanngaji kang sisiwi, risang Ngajid pan puniku gurunira.
- Hyang Kesewa iya sang Bathara Wisnu, pan
pinundhut putra, Hyang Wisnu mring risang Ngajid, risang Ngajid sutaning
kang Kananiya.
- Kananiya sang Yukana kang susunu, Yibdan
namanira, Aspiya ingkang sisiwi, Astubiya Ngumuri ingkang susuta.
- Sang Rajringam Yukaniya kang susunu, nama Ngaji
Mangas, Yukamingas kang sisiwi, Yukamingas iku sutaning Yusadak.
- Sang Yusadak iku sutaning sang Saduk, sutaning
Sadraya, Ngidriya ingkang sisiwi, sadhereke sepuh jeng Nabi Bariya.
- Nenggih raja Silkiya ingkang susunu, dene Sang
Silkiya, raja Salum kang sisiwi, Salum iku raja Kasduk kang susuta.
- Raja Kasduk Akituba kang susunu, Amiri namanya,
dene sang raja Amiri, kang susuta anama raja Ngidriya.
- Nenggih raja Yukana ingkang susunu, Sang raja
Ngujuja, raja Mangas sisiwi, raja Saduk Akituba ingkang susuta.
- Nenggih raja Amriya ingkang susunu, Raja
Rimarawa, sutaning Jarkiya nenggih, Sang Jarkiya sutaning sang Raja
Ngudja.
- Ngudja iku raja Wikak kang susunu, sutaning
Ami-[184]kar, raja Pisuk kang sisiwi, risang pikuk putraning Sayid
Pinakas.
- Dene Sayid Pinikas ingkang susunu, begndha
Lingajar. Nabi Arun kang sisiwi, pan sadherekipun sepuh Nabi Musa.
- Tan alami krama malih kangjeng rasul, nama Siti
Maryam, Sayid Ngusman kang sisiwi, ya Sayidin Ngusman sakabat pangarsa.
- Putranipun saking garwanya kang sepuh,
tinrimakken marang, Sayid Ngusman mring jeng nabi, suteng nabi kang nama
Siti Rukiyah.
- Marmanipun yen terkadhang kangjeng rasul,
ngandika mring Ngusman, sring basa bapa nak mami, dene maratuwa dadi
mantunira.
- Sayid Ngusman ri sang Ngapan kang susunu, abil
Ngas namanya, Umiyah ingkang sisiwi, Ngabdulsamsu putreng Sayid
Ngabdulmanab.
- Nulya krama malih nenggih kangjeng rasul, tuk
Siti Memunah, ri sang Karas asisiwi, suteng Kajan sang Kajan sutaning
Ilal.
- Sang Umiyah Ansari ingkang susunu, Rabingah
namanya, Rabingah suteng Pahari, putreng Ngumar Sayid Ngamir kang susuta.
- Sayid Lawe Sayid Galib kang susunu, tan lami
tarannya, jeng nabi akrama malih, antuk Siti Patimah putri ing Lakak.
- Lakak suteng Miyakun ingkang susunu, nama Sayid
{185] Ilal, kang sampun kocap ing nguni, tan alami dyah Siti Patimah seda.
- Nulya Siti Batul sutaning jeng rasul, ingaran
Patimah, kinarya panglipur galih, krama malih antuk Siti Asapiyah.
- Suteng Kalib Kalib iku kang susunu, Asas kang
susuta, nama Abukijam Ngamir, suteng Dinar sutaning raja Ngabdolah.
- Sayid Ngimram sang Akbar ingkang susunu, Mahjum
namanira, Sayid Marah kang sisiwi, datan lami wau Siti Asapiyah.
- Winedalken saking sajroning kadhatun, jeng nabi
anulya, kramantuk sutaning Kakim, trahing Banisrail ran Siti Kawilah.
- Winedalken datan lami krama antuk, sami
naminira, Siti Kawilah sutaning, ri sang Ardil sang Sardil ingkang
puputra.
- Ran Satmata Sayid Salam kang susunu, Karisah
namanya, karisah suteng Sarikil, Sang Sarikil Sayid sangi kang susuta.
- Raja Sarkil pan ratu juragan agung, ratu nagri
Nrajan, sutaning raja Sasrakil, pan punika putraning raja Yaskab.
- Suta Yaskab, raja Kahtam kang susunu, Kahtalis
namanya, sutaning raja Suwapil, suteng raja Sarpil ingkang asusuta.
- Raja Yadik, raja Tareh kang susunu, nama raja
[186] Yaskab raja Yareh kang sisiwi, raja Nadran putranira raja Najar.
- Najar raja Yastajib ingkang susunu, nama raja
yakrak, Sultan Kahtan kang sisiwi, Sultan Kahtan sutaning Saseng Umisak.
- Datan lami Siti Kawilah puniku, nulya sedanira,
jeng nabi akrama malih, antuk Sutu Ngumi Sarikah namanya.
- Suteng raja Jabar ingkang asusunu, nenggih
Sayid Asad, putraning Sang Sayid Asim, tan alami kusuma Suti Sarikah.
- Wibedalken, krama malih kangjeng rasul, tuk
Siti Muminah, sutaning Ngaidahkapsi, tan alami Siti Mumiyah gya seda.
- Krama malih jeng nabi rasul pan antukl, ran
Siti Ngaliyah, sang Tayibat kang sisiwi, tan alami winedalken saking pura.
- Krama malih jeng nabi rasul pan antuk, ran Siti
Salbiyah, Sang Salab ingkang sisiwi, tan alami Siti Salbiyah gya seda.
- Nulya krama malih kangjeng nabi rasul, Siti
Malikiyah, Sang Tibah ingkang sisiwi, tan alami winedalken saking pura.
- Garwanipun kangjeng nabi kalih likur, pipitu
kang seda, nenem winedalken sami, ingkang gesang sanga ing sasidanira.
- Kanjeng nabi tigang dintenipun nusul, garwa
sanga seda, ing let dinten ganti-ganti, ingkang seda rumiyin dyah
Siti Dedah.
- Let sadinten Siti Ngaisah kang nusul, seda let
[187] sadina, Siti Kabsah angemasi, let sadina Siti Jenab nusul seda.
- Dinten malih Ngumi Salamah anusul, seda let
sadina, Ngumi Kabibah ngemasi, dinten malih sedane Siti Supiyah.
- Let sadinten Siti Maryam sedanipun, Siti
Maemunah, sedane len dinten malih, nulya para selir nusul pejahira.
- sasedaning garwa rasul lir pageblug, pageblug
pra garwa, saking dening tan kuwawi, para garwa anahen sungkawanira.
- Kang wus kocap seliripun kangjeng rasul,
gangsal kathahira, kang satunggal saking kapti, ran Mariyah kalihipun ran
Rikanah.
- Sutaning jen, tiga putraning Semangun, iya ran
Rikanah, Jamilah sekawaneki, paran yunipun nguni Siti Jenab.
- Nenggih Siti Jenab kang seda rumuhun, gangsale
Kariyah, pan pawonganira nguni, Siti Jenab ingkang kantun sedanipun.
- Putranipun kangjeng rasul pan wewolu, dalasan
kang seda, pambajenge Sayid Kasim, panggulune kang anama Siti Jenab.
- Krama antul Abilngas susunu, Rabik namanira, putreng
Sayid Ngabdulngaji, putreng Sayid Ngabdulsamsu kang puputra.
- Ngabdulmanab dening Ngabilngas puniku, kang
se-[188]puh garwanya, putraning Ngabdulmuntalib, nama Siti Ngatekah pan
lajeng seda.
- Nulya tinariman Siti Jenab iku, kaping tri
putranya, Siti Rukiyah nameki, tinarimakaken mring Bagendha Ngusman.
- Ping sakawan putranipun kangjeng rasul, ran
Siti Aminah, Ngumikulsum parabneki, sasedane kang raka Siti Rukiyah.
- Retna Dewi Aminah kinarang ngulu, mring
Bagendha Ngusman, saking karsaning jeng Nabi, gangsalipun ran Sayid
Ngabdulah.
- Kang paparab Tayib seda maksih timur, kaping
nem putranya, apaparab Sayid Tahir, ingkang seda kala taksih timurira.
- Putra pitu sadaya pan patutipun, saking dyah
Katijah, garwa kang sepuh pribadi, jangkepipun wolu jeng nabi putranya.
- Mijil saking selir nenggih patutipun, lawan
mbok Mariyah, anama Sayid Ibrahim, kuneng gantya ingkang winarneng
Ngasmara.
۩۩۩ Pupuh 24 ۩۩۩
ASMARADANA
ASMARADANA
- Winangsulan ingkang saking, jalu jinejering
kondha, sajarah urut-urute, Abuntalib garwanira, Nama Siti Pratimah, dhaup
lan naksanakipun, sang dyah putreng Sayid Asad.
- Nenggih raden Abuntalib, lan garwa Siti
Pratimah, [189] apanta gangsal patute, Sayid Talib pambajengnya, nulya
Yakparutiyar, kang rayi malih ranipun Sayidin Ngalimurtala.
- Arinya ran Sayid Ngakil, warujunipun wanodya,
Siti Ngumingani rane, Sayidin Ngalimutala, garwa Siti Patimah, putrinipun
kangjeng rasul, Sayid Ngali nulya krama.
- Antuk dewi Kuraisin, putrinipun Bagendha Byah,
sang kusuma patutane, lan retna dewi Ismaya, putri Jining Ngajerak,
sasedaning garwanipun, kusuma Siti Patimah.
- Sayid Ngali krama malih, antuk sutaning
Abilngas, Siti Imamah namane, Abilngas ingkang puputra, Sang Rakib
namanira, Ngabdulngaji kang susunu, Ngabdulsamsu kang puputra.
- Sayid Ngabdulmanab nenggih, Sayidin Ngali
Murtala, datan lama krama malih, saking putri baboyongan, namane tan
winarna, miwah kathah kedhikipun, garwa kang putri boyongan.
- Putranipun kang winarni, Sayidin Ngalimurtala,
apan wolulas kathahe, kang saking Siti Patimah, nama Sayid Kasan, Sayid
Kusen ranipun, Sayid Masin atinira.
- Nama Siti Jenab nenggih, lan Ngumi Kalasup
nulya, Siti Rukiyah arine, dene putra patutira, lan putri jin Ngajirak,
Kresim satunggal jalu, ran Mu-[190]kamad Kanapiyah.
- Ingkang cinteha ing benjing, anumpes ing Dajal
lanat, sagung jin kang murtat kabeh, nulya peputra kang patutan, saking
Siti Imamah, Sayid Jenngali ranipun, Sayid Ngenngali ranira.
- Nama Sayid Ngimran Ngali, nulya Talibngali
ranya, nulya Ngakil Ngali ranira, dene putra kang patutan, saking putri
boyongan, Jakparsadi naminipun, Tuganusurki anulya.
- Sayid muga nutuk nenggih, arinya ran Sayid
Wakab, Mursibakakan arine, Waruju Ibrahi Astar, sampun jangkep wolulas,
nenem putra patutipun, kang saking Siti Patimah.
- Jalu tiga wanodya tri, Kuresin putra satunggal,
garwa Imamah patute, gangsal sadaya pan priya, dene putri boyongan, apan
nenem patutatipun, sami jalu sadayanya.
- Yata wau kang winarni, Sayid Kusen garwanira,
[191] Siti Aminah namane, putreng Kasim kang susuta, Sangadi namanira,
Katimah ingkang susunu, kang lema nguluwi raja.
- Yeku suteng Abisaksi, Rahtayi ingkang susuta,
nenggih sang Yajid namane, Yajid katim kang susuta, Sang Mahbut suteng
Yarab, Sayid Ngadi kang susunu, Sayid Kangab namanira.
- Sayid Lawe kang sisiwi, kuneng wau kang
winarna, putrane Bagindha Kusen, mung kakalih samya priya, ingkang seda
satunggal, Sayid Ngabdulah kang sepuh, seda kala timurira.
- Ingkang yayi nama Sayid, Sulkabismah Mudinnga, Lijenab
Ngabidin rane, garwanira inggih nama dewi Siti Patimah, Sayid Musin kang
susunu, Sayidin Ngali Murtala.
- Dhaup naksanak sang dewi, nenem putrane sadaya,
Siti Jenab pambajenge, Sang rtena kagarwa marang, Sultan Ngabdulah Makal,
Ngabdulah makal puniku, Sayid Kasan kang puputra.
- Kasan ingkang kaping kalih, putraning Kasan
sapisan, kang raka Bagindha Kusen, kang panenggak nama Sultan, Jenab
Ngalim arinya, anama Sarip Imamuh, Kamadbarik arinira.
- Ran Iman Muhkamad Bakir, nulya kang rayi
namanya, nenggih Sarip Iman Kusen, Iman Galib warujunya, mangkana Sultan
Jenal, Ngalim nenggih garwanipun Siti Tapyi namanira.
- Putrining Sultan Ibrahim, Ibnu Ad ingkang
puputra, jeng Sultan Adham namane, putraning Sultan Mukamad, putraning
Sultan Supyan, putranira Sultan Ngabdu, lah Sakab ingkang susuta.
- Jeng Sultan Ngemeru nenggih, Sang Sakap ingkang
puputra, Sayid Ngumiyar putrane, Sayid Ngimran Ashar nama, Sang Mahjum
kang puputra, SayidMarah namanipun, putraning Sayidin Kangab.
- Yata Sultan Jenalngalim, cinatur kalih putranya,
[192] Jenal Kakim pambajenge, jumeneng aneng Madinah, arine aneng Mekah,
Jenal Ngalim namanipun, ngangge namane kang rama.
- Wau Sultan Jenal Kakim, nenggih ingkang
winursita, putreng pandhita garwane, anama Siti Rakimah, sutaning Seh
Mabarak, Seh Pelalah kang susunu, Seh Mubarak kang susuta.
- Seh Pulel ingkang sisiwi, sutaning Pandhita
Kiyal, yeku putreng Pandhita Seh, Sadadpahan namanya, putraning Seh
Sapalal, Seh Ngabas ingkang susunu, Mahran Ansari namanya.
- Seh Pahar ingkang sisiwi, Seh Pahari putreng
Ngumar, putreng Sayid Ngamir dene, Sayid Ngamir kang puputra, Sayid Lawe
namanya, Sayid galib kang susunu, wau malih kang winarna.
- Nenggih Sultan Jenalkakim, apuputra mung
satunggal, jalu tur pekik warnane, Sayid Jenal Kusen nama, sasedaning kang
rama, gumantya karatonipun, jumeneng aneng Madinah.
- Sultan Jaenal Kusen nenggih, cinatur sampun
akrama, ran Siti Leli garwane, putrining, Sultan Ngakabah, dene Sultan
Ngababah, putraning Sultan Ngumeru, putranipun Sultan Kamjah.
- Sultan Kamjah kang sisiwi, rahaden Aris
Munandar, [193] Aris Munandar putrane, raja Sayid Ibnu Ngumar, Ngumar
Yunani putra, Bagendha Byah kang susunu, Ngabdulmuntalib ing Mekah.
- Cinatur Jeng Sultan Sarip, Jenal Kusen ing
Madinah, apanta gangsal putrane, pambajengipun wanodya, Siti Kultum Kagarwa,
mring Sultan Mahmudi ing Ngerum, Sultan Mahmud kang puputra.
- Ing Rum Sultan Ngabdulkamid, kang tutulung ing
prang marang, Sultan Sarip Jenalkusen, ing Madinah duk binedhah saking
nagari Mekah, Sultan Dulkamid ing Ngrum, Sultan Mahmud kang puputra.
- Sultan Salim kang sisiwi, Ngabdulkamid kang
puputra, Sultan Ngabdulah putrane, Bagendha Ngusman sakabat, saking Siti
Rukayah, putrinira kangjeng rasul, dene putra kang panenggak.
- Nama Sultan Jenalkabir, jumeneng aneng Madinah,
jumeneng Mekah arine, Sarip Jenalngali nama, nulya malih rinira,
Jenalkarim namanipun, jumemeneng neng nagri Yaman.
- Kang waruju Jenalngasik, nyatriya aneng
Madinah, wau jeng Sultan garwane, Jenal Kabir ing Madinah, nama Siti
Tahirah, Iman Sapingi kang sunu, kang ngiket ngelmu pirasat.
- Seh Edris ingkang sisiwi, Seh Rabas putreng Seh
[194] Ngusman, Seh Ngusman putranira Seh, Sapingi ingkang puputra, Seh
Sayid namanira, Seh Ngabidah kang susunu, Seh Sajid ingkang susuta.
- Seh Asim ingkang sisiwi, anama Bagendha Matal,
putreng Sayid Dulmanape, putraning Bagendha Kasa, wauta kang winarna,
Sultan Janelkabir wau, mung kakalih putranira.
- Pambajengipun pawestri, ran Siti Patimah kubra,
kagarwa Sultan sang sinom, Jenal Ngalim ing Madinah, Sang dyah krama
naksanak, ingkang anem putranipun, Sayid Jenal Ngalim Kubra.
- Sayid jenal Kubra nenggih, pan sampun
apalakrama, ran Siti Jenab garwane, putreng Sari Musirulah putreng Sayidin
Ngiyal, Sayidin Ngiyal puniku, putranira Sarip Iman.
- Rukaniyah Jakparsidik, putraning sang Sayid
Imam, Mukamad Bakir putrane, Sayidina Mailana, Sri Kabirmah Mudinnga, li
Jinal Ngabidin iku, wauta ingkang winarna.
- Sayid Jenalkubra nenggih, mung kakalih
putranira, pambajengira nama Seh, Najmudnilkabir nulya, Seh
Rupasilkabirnya, dene wau sang Seh Najmu, dinilkabir garwanira.
- Anama Siti Kadasin, Seh Ngisah ingkang puputra,
[195] Seh Mukamad pan putrane, Sayidina Ngali Yilnga, rilli sadherekira,
nem ingkang wus kocap wau, nenggih Sayidina Ngiyal.
- Mangkana Seh Najmudinil, kabir puputra
satunggal, Seh najmudinil Kubrane, garwa ran Siti Memunah, Seh Kalib kang
puputra, Jenal Kamidin ranipun, putreng Jenal Kalim Mekah.
- Putreng Sultan Jenalngali, ing Mekah iku
putranya, Sultan Sarip Jenalkusen, wau ingkang kawuwusa, Seh Najmudinil
Kubra, apuputra Seh Samangun, Siti Ngadun garwanira.
- Putrinipun ki Seh Ngali, putranipun ki Seh
Pasal, Seh Pasal iku putrane, Seh Ijujad kang puputra, Seh Mukamad
namanya, bongsa kanapi sadarum, Seh Mukamad kang puputra.
- Iman Kanapi putraning, Seh Ngabdulah kang
puputra, Sayidin Kanap putrane, Sultan Ngabdulrahman Ngerah, putrane
Sultan Jiyad, ing Ngerak ingkang susunu Sayidina Ngumar sakabat.
- Seh Samangun asisiwi, Seh Kasan pan garwanira,
Siti Yubaidah, sayid Kusen kang puputra, anama Seh Kutup, Abukusenilkarkan
iku, suteng Kutrub Abu Mulya.
- Parmolana ya Rumtusi, putranira Seh Ngarbiya,
[196] Jidilngiski paparabe, putraning Sayid Mukamad, Seh Mahrib kang
puputra, Jidilbastam asmanipun, putreng Sayid Sarim Iman.
- Rukaniyah Jakparsidik, putranira sayid Iman,
Mukamad Bakri putrane, Sayidina Wamolana, suteng Kabir Mudin Nga-,li Jinal
Ngabidin kang wus, kocap ing ngajeng punika.
- Seh Kasan puputra kalih, Seh Kasanudin kang
tuwa, nulya Seh Askar arine, wau Seh Askar garwanya, anama Siti Kapsah,
putrining Iman Ngamarul, Mahdi ratu nagri Yaman.
- Putreng Sultan Jenalkarim, putraning Sultan
Madinah, nenggih Sultan Jenalkusen, Seh Askar wau putranya, titiga
kathahira, Siti Imamah kang sepuh, pan kagarwa marang Sultan.
- Abulwapak Tajulnagri-, pin ratuning nagri
Bahdad, putra panenggah namane, Iman Tusbara ing Yaman, wau kangdadya
Sultan, Ngabdulah Bahdad puniku, garwanya ran Siti Ngumrah.
- Seh Ngabas ingkang sisiwi, Seh Ngabas iku
putra-[197]nya, Sang Seh Ngabdulah putrane, Seh Ahmad ingkang susuta,
nenggih, sira Seh Jamal, Jamal iku kang susunu, Seh Kasanudin namanya.
- Seh Ngaripin kang sisiwi, Seh Makrup ingkang
susuta, Sang Seh Ngabdulah putrane, Seh Mubarak kang susuta, Seh Kurames
namanya, Seh Ngabdulah kang susunu, Seh Mudakir kang susuta.
- Seh Wahis ingkang sisiwi, Sayidin Ngabdulah
Ashar putrane, Bagendha Abas ing Mekah, mangkana Sayid Imam, Ngabdulah
Bahdad winuwus, apan gangsal putranira.
- Pambajengipun pawestri, anama Siti Karibah,
antuk pandhita, apan sadhereke sepuh, Ngabdulah ing Siti Ngumrah.
- Ingkang wus kocap karabi, mring Sayid Ngimran
Ngabdulah, ingkang panenggak putrane, nama Sayid Ngabdurrahman, anulya
arinira, Ngabdurrahim naminipun, nulya Sayid Ngabduljabar.
- Nulya Sayid Ngabdul Ngajij, cinatur ingkang
panenggak, Sayidin Ngabdur Rahmane, dados Pangulu ing Bahdad, garwa Siti
Rakilah, putrining Sarip Imam Tus-, kara ing Yaman kanthinya.
SEJARAH TAPEL ADAM
pupuh 25-30
۩۩۩ Pupuh
25 ۩۩۩
KINANTHI
KINANTHI
- Sayid Ngabdur Rahman wau, putranipun pan
kakalih, pambajeng ran Maolana, Mahmudinil Katir nenggih, kang rayi ran
Siti Ngumrah, angangge namaning nini.
- Dene Maolana wau, Mahmudinil Katir nenggih,
gar-[198]wa ran Siti Pailah, putra Sultan Muhkiyidin, Dulkadir Jaelani
Bahdad, putraning Seh Abusalih.
- Abusalih kang susunu, Sang Seh Ngabdulah
nenggih, Sayid Ngabdulah putranya, Sultan Musajan putraning, Jeng Sultan
Ngabdulah Makkal, putreng sayid Kasan nenggih.
- Kasan ping kalih puniku, kang puputra Sultan
Sayid, Kasan kang kaping sapisan, wau kang winarna malih, putranira
Maolana, nenggih Mahmudinil, Kubra nulya Maolana, Kamjudinil Kubra
nenggih, anulya Ngabdulah Kubra, nulya Maolana Ibrahim.
- Kubra wau kang winuwus, Maolana Mahmudinil,
Kubra nenggih, garwanira, nama Siti Asma nenggih, Seh Amad ingkang
puputra, anama Sayid Ibrahim.
- Asparan ingkang susunu, Sang Imamtus karo
Sarip, ingkang wus kocap ing ngarsa, wauta ingkang winarni, Maolana
Mahmudinilkubra, sakawan putranireki.
- Pambajengira jujuluk, nenggih Seh Jumadilkabir,
[199] panenggakira anama, nenggih Seh Ngabdulah Tahir, nulya Ngabdurrahman
wau ta, warujunipun pawestri.
- Siti Rukannah ranipun, kagarwa sang rajeng
Demis, wauta ingkang winarna, nenggih Seh Jumadilkabir, garwa Siti
Juharah, nenggih ingkang ngasiwi.
- Mlana Kamdinil Kubreku, panggih naksanak Sang
dewi, warnanen wau putranya, nenggih Seh Jumadil Kabir, pan sakawan
kathahira, jalu kalih estri kalih.
- Mlana Kamdinil Kubreku, panggih naksanak Sang
dewi, arnanen wau putranya, nenggih Seh Jumadil Kabir, pan sakawan
kathahira, jalu kalih estri kalih.
- Pambajengira jujuluk, Seh Jumadilkubra nenggih,
anulya Siti Kajimah, kagarwa Sultan ing Mesir, anulya Siti Ngajimah,
kagarweng Yahman Narpati.
- Ingkang waruju jujuluk, Seh Amad Mukamad
nenggih, katariman putrinira, Sultan ing Rum ayu luwih, anama Siti
Patimah, putreng Sultan Ngabdulkamid.
- Ingkang wus kocap rumuhun, nenggih Sultan
Ngabdulkamid, apan turun ping sawelas, lan Sultan Mahmudin nguni, kang
krama putri Madinah, Siti Kultum atmajaning.
- Sultan Jenal Kusenipun, wauta ingkang winarni,
putri Rum Siti Patimah, patutan gangsal sang dewi, namane datan winarna,
Siti Patimah ngemasi.
- Seh Jumadilkubra wau, pan sampun akrama malih,
[200] naminipun apan samya, Siti Patimah sang putri, kadang Seh
Jumadilkubra, putri ing Siyem nagari.
- Sang Kusuma kang susunu, ing Siyem Seh Jakpar
Sidik, Seh Japar Sidik punika, sutaning Seh Ngali Dakir, punika ingkang
susuta, anama Seh Mangundakir.
- Seh Semangun kang susunu, Seh Masiwi kang
sisiwi, Seh Ngali Sidik namanya, Ngali Musa kang sisiwi, Seh Japar suteng Seh
Kalap, putreng Seh Jenalkamidin.
- Sami Siyem prajanipun, anenggih ingkang sisiwi,
Sultan Jenalkalim Mekah, putreng Sultan Jenalngali, ing Mekah putraning
Sultan, Sarip Jenalkusen nguni.
- Wauta malih winuwus, Seh Jumadilkubra nenggih,
lan garwa Siti Patimah, putri Rum patutaneki, kang wus kocap ngajeng
gangsal, panbajeng namanireki.
- Maolana Sultan Tajud-, din Ahmadil Kubra Kali-,
patu Mulana Sultan, Mukiyidil Mukamad.
- Kubra Kalipatu Ngurul-, mulki ing Mekah nagari,
anulya Siti Rakimah, kagarweng Sultan Rum nagri, Sultan Mahmud putreng
Murad, putra sakawanireki.
- Sultan Ngabdulkamid ing Rum, ingkang wus kocap
[201] ing nguni, cinarita dadya Iman, haneng nagri Maso nenggih, tanah
nagari Malaka, yen nuju kesah ngejawi.
- Seh Sampurna namanipun, gangsal Molana Ibrahim,
dados Iman neg Ngasmara, tanah ing Cempa nagari, kang saking Siti Patimah,
ing Siyem putra kakalih.
- Seh Sambaris putra sepuh, Siti Patimah wuragil,
antuk Prabu Anom Cempa, wau Molana Ibrahim, asmara nenggih garwanya, putri
ing Cempa nagari.
- Warnanira yu pinunjul, nama dewi Siyanwati,
suteng raja Awantinab, titiga putranireki, pambanjengipun wanodya, ran
dewi Swaranawanti.
- Kagarwa marang Sang Prabu Brawijaya Majapahit,
putra panenggah kagarwa, marang Molana Ibrahim, Asmara iya kang nama,
retna dewi Siyanwanti.
- Kang rayi jumeneng, neng Cempa nama gumanti,
iya Prabu Awantinab, wus masuk agama suci, anut marang ingkang garwa, dene
dewi Swaranwanti.
- Kang kagarwa ing Sang Prabu, Brawijaya
Majapahit, neng tanah Jawa karanan, Prameswari Dwarawati, dene Prabu Awantinab,
ing Cempa garwaneki.
- Ya Siti Patimah wau, rining Molana Ibrahim,
As-[202]mara lan Awantinab, alap ingalap sawusing, Prabu Anom Awantinnab,
anuting agama suci.
- Anulya ngalih jujuluk, nama Sultan Sirajudin,
wauta Seh Molana, Ibrahim Asmara nenggih, pan kakalih putranira, samya
jalu pekik-pekik.
- Sayid Ngali ingkang sepuh, ngejawa dalem
Geresik, krama antuk sutanira, nenggih sang Arya Baribin, Adipati ing
Madura, Sayid Rahman ingkang rayi.
- Mring tanah Jawa dumunung, Ngampeldenta
Surabangi, kramantuk kaponakannya, ki Harya Teja ing Tubin, anama Nyaigeng
Bela, seda lajeng krama malih.
- Apan antuk putranipun, ki Harya Teja pribadi,
nama Nyaiageng Manila, lan Susunan Ngampel nenggih, kawanwelas putranira,
saking garwa kalih Tubin.
- Ratu Patimah kang sepuh, putra patutannya
saking, nenggih Nyai ageng Bela, antuk Pangeran Ibrahim, Karangkumuning
dalemnya, tanah ing Jepara nenggih.
- Sasedane lakinipun, ratu Patimah subrangti,
mangun tapa neng manyura, lami-lami karang Nyai, nengih Nyai geng Manyura,
anulya kagarwa maring.
- Kalipah Kusen ranipun, putranira ki Seh Wadi,
Seh Wadi putra Seh Kasan, Putreng Sayid Askar nenggih, putraning Sayid
Mukamad, Saripkusen kang sisiwi.
- Sarip Askab kang susunu, Sang Sarip Mukamad
[203] Wukin, putranira Saripkasan, putranira Sarip Ngali, putranira Sarip
Amad, putraning Sarip Masarir.
- Iman Jahar kang susunu, Sarip Iman Musa
nenggih, putreng Sarip Imam Kajar, putranira Sayid Sarip, Rukaniyah
namanira, putreng Sarip Jakparsidik.
- Japarsidik kang susunu, Seh Iman Mukamadbakir,
putreng Maolana Sultan, ya Kabir Mahmudin Ngali, Jenalngabidin Madinah,
ingkang wus kocap nguni.
- kang panenggah putranipun, Sunan Ngampel saking
wingking, Nyaigeng Ratu namanya, kagarwa Susunan Giri, Gajah Kadaton
anulya, putra ing Ngampel kaping tri.
- Ratu Jumanten ranipun, putra patutannya saking,
Nyai ageng ing Manila, Ratu Jumerut raneki, antuk kiageng Brangta Tuban,
karan Nyai ageng Tubin.
- Kaping gangsal putranipun, apaparab Ratu Werdi,
saking Nyai geng Manila, kramantuk Pangeran Kali, Pah kaji Ngusman Malaka,
runtut dennya palakrami.
- Nenggih Ratu Werdi wau, juluk Ratumas Taluki,
nulya Nyai geng Malaka, karan namaning nagari, kang kaping nem putranira,
jujuluk sang Ratu Wilis.
- Putra saking patutipun, Nyai geng Manila
nenggih, [204] Ratu Wilis apaparab, nenggih Ratumas Surani,
kramantukPangeran Kalipah, Nuraga dalem Garesik.
- Ratu Wilis gya kasebut, Nyai Ageng Tandhes
nenggih, kang kaping pitu putranya, ran Pangeran Madum Ibrahim, saking
Nyai geng Manila, Pangeran Madum Ibrahim.
- Sunan Wahdad julukipun, anyakrakusuma nenggih,
adhedhepok aneng Benang, kasebut namaning nagri, nenggih Jeng Susunan
Benang, ingkang kaping wolu maksih.
- Putra saking patutipun, Nyai geng Manila nami,
Pangran Musakeh Mahmud, Sapanjang kang den wismani, anama Pangeran Tumrap,
ping sadasa saking wingking, Seh Kapjah Mulya anama, Pangeran Tumapel
nenggih.
- Neng Lamongan dalemipun, ping sawelas saking
wingking, Seh Randhah neng Wanakrama, nama Orang Ayu nenggih, ping kalih
welas putranya, wanodya pang saking wingking.
- Nyai Mandara ranipun, kaping tiga welas
nenggih, putra saking wingking nama, Nyai Amaddarum nenggih, ingkang
kaping kawan welas, putra maksih saking wingking.
- Nyai Supiyah ranipun, wauta ingkang winarni,
[205] Nyai Ageng ing Manyura titiga putraneki, sami patut saking Pangran,
Ibrahim Karang Kamuning.
- Wanodya pambajengipun, Nyai geng Sampang
karabi, marang Kyai Ageng Sampang, putreng Lembu Peteng nenggih, nulya
Nyai geng Manyaran, Pangran Manyura wuragil.
- Kalipah Kusen winuwus, nenggih denira akrami,
lawan Nyai geng Manyura, ambekta putra satunggil, langkung pekik
warnanira, dhinaupken lan putraning.
- Nyai geng Manyura wau, kang saking Pangran
Ibrahim, Karang Kamuning kang nama, Nyai geng Manyaran nenggih, antuk
bektan sami bektan, runtut dennya palakrami.
- Lajeng tinanem neng Ngudhung, karan Sunan
Ngudhung nenggih, tan alami nulya krama, dhaup kalawan putraning, nenggih
Kyai geng ing Sampang, tan alami krama malih.
- Dhaup lan sedherekipun, nak sanak Susunan Kali,
Sunan Ngudhung cinarita, putranira mung kakalih, Sunun Kudus pambajengnya,
nulya kang rayi pawestri.
- Sang kusuma krama antuk, Pangeran kang Seda
Kali, Sunan Kudus garwanira, kang sepuh apan putraning, Kayi Ageng Kali
Podhang, garwa panengah putraning.
- Ki Adipati ing Terung, garwa ingkang nem
putra-[206]ning, Adipati Kandhuruhan, Susunan Kudus winanri, wolu putranya
sadaya, pambajengipun pawestri.
- Nama Nyai geng Pambayun, putra patutannya
saking, garwa sepuh Kali Podhang, nulya Panembahan Kali, dalem bumi tanah
Demak, ingaran Paoncawati.
- Dadya namane kasebut, Panembahan Poncawati, sasedanira
kang rama, Jeng Sunan ing Kudus nenggih, Panembahan Poncawatya, marang ing
rama gumanti.
- Nama Panembahan Kudus, wauta putra saking,
garwa panenggah kang nama, Pangeran Palembang nenggih, kang kaping pat
putranira, Pangeran Maos raneki.
- Mijil saking garwa sepuh, kang kaping gangsal
yo mijil, saking garwa sepuh nama, Pangeran Gageneng nenggih, kang kaping
nem saking garwa, ingkang nem namanireki.
- Ratu Makaja kramantuk, Pangran Singabarong
nenggih, kang kaping pitu putranya, saking garwa nem malih, ran Panembahan
Sujaka, putra kang wuragil. Maksih.
- Mijil saking garwanipun, nama Pangran Kudus
nenggih, kang rayi ran Pangeran Demang, nulya wanodya karabi, mring
Panembahan Madura, putraning Jaran Panolih.
- Putranira kangwaruju, wanodya kagarwa maring,
putranira Panembahan, Madiun namanireki, ya Panembahan Nurawan, Pangran
Demang kang winarni.
- Sumare Kadiri wau, puputra jalu satunggil,
anama [207] Pangran Rajungan, Pangran Rajungan sisiwi, anama Pangran
Sarengat, tinanem Kudus nagari.
- Puputra kakaloh kang sepuh, Mas Jawa nulya
anami, Dyan Arya Suradipura, kakalih putraneki, pambajengipun estri
akrama, Cakraningrat ingkang lalis.
- Neng kapal nulya rinipun, nama Pangran
Poncawati, wau Dyan Suradipura, ing Pathi gangsal putreki, kang sepuh
estri akrama, Kudus Jayasentikeki.
- Tirtakusuma panggulu, gumatyeng Kudus nagari,
putra pamadya gumantya, ing Pathi Dyan Megatsari, Semendhi estri akrama,
Pangran Candhana nenggih.
- Kang wuragil naminipun, Dyan Martakusuma
nenggih, tinanem Kudus predikan, wau Tirtakusumeki, ing Kudus nenggih
putranya, nenem pambayun pawestri.
- Jeng Ratu Kencana iku, kagarwa Sri Narapati,
Sinuhun Prabu Mangkurat, kang rayi Dyan Ayu Sasi, pinundhut malih kagarwa,
ngarangulu akekasih.
- Ratu Kadipaten iki, kang raka kinubon wingking,
[208] nenggih Jeng Ratu Kancana, kang rayi malih pawestri, krama kang rayi
nak-sanak, raden Martanongga nenggih.
- Nulya kang rayi ranipun, Martakusuma ping
kalih, mulyestri den aty Hangga, Kusuma arinireki, raden ayu
Wongsengsekar, wau kang winarni malih.
- Dyan Martakusuma Kudus, kang kaping kapisan
nguni, puputra tiga namanya, raden ayu Pandhansari, kagarwa raden mas
Songka, Panembahan Purbayeki.
- Kang pamadya putranipun, raden Martanonggo
nenggih, pinundhut mantu kang uwa, Kudus Tirtakusemeki, wuragil den ayu
Puja, kamantu kang uwa malih.
- Dhinaupaken puniku, lan putra ingkang kakalih,
ping kalih Martakusuma, Martakusuma sisiwi, kakalih kang sepuh nama, Dyan
Arya Martasireki.
- Kudus kang rayi ranipun, Tumenggung
Martapureki, Garobogan apuputra, pawestri sampun akrami, dhaup lawan
pamanira, Dyan Suwandi asisiwi.
- Hanggakusuma dyan ayu Purbaya, kakalih
putranireki.
- Pangran Pubaya kang sepuh, putra kang anem
pawestri, paparab Kangjeng Ratu Mas, kagarwa Sri Narapati, Sinuhun
Kangjeng Susunan, Pakubuwana ping kalih.
- Apuputra Jeng Sinuhun, Pakubuwana kaping tri,
[209] Putra Kangjeng Susunan, Paku Buwana kang kaping, sakawan nulya
puputra, anenggih Sri Narapati.
- Paku Buwana ping pitu, ing Surakarta nagari,
Nabi Adam Pitrattolah, etang sampun turun kaping, wplung dasa langkugira,
kakalih ingkang nggabuhi.
۩۩۩ Pupuh
26 ۩۩۩
G A M B U H
G A M B U H
- Malih sajarahipun, Dyan Ayu Martanongga
winuwus, apuputra Dyan Ayu Hendranateki, pan titiga putranipun, samya pawestri
yu kaot.
- Kang sepuh Raden Ayu, Kramayudanagara
Tumenggung, ing Toyamas putra pamadya karabi, kliwon Dyan Sumajayeki,
putranya estri kang anom.
- Apan kaambil mantu, nenggih mring Rajaniti
Tumenggung, dhaup lawan putra kang sepuh pribadi, Ngabehi Nayatruneki,
panewu wadana kebon.
- Pan dadya garwanipun, Jeng Pangeran Mangkubumi
susunu, kang wanodya nenggih paparabireki, Kangjeng ratu Kancaneku,
garwanira Sangakatong.
- Nenggih Kangjeng Sinuhun, Pakubuwana kang
kaping Pitu, kuneng wau gantya sajarah kang saking Jeng Sunan Giri puniku,
kang samya baboni kraton.
- Jenal Ngalim rumiyin, putra kakalih pra samya
[210] jalu, ingkang sepuh paparab Seh Jenalkakim, neng Madinah prajanipun,
aneng ing Mekah kang anom.
- Nunggak semi ranipun, ya Jenal Ngalim
paparabipun, Jenal Ngalim puputra Seh Jenal Kabir, apuputra Seh Najimu,
dinil Kabir Mekah manggon.
- Puputra Seh Najemu, dinilkobra pan paparabipun,
puputra Seh Semangun nulya sisiwi, Seh Kasan nulya susunu, Seh Ngabdulah
namaning wong.
- Seh Ngabdulah susunu, nama Sayidin Ngabdurrahmanu,
putra Maolana Mahmudinilkabir, putra Maolana Mahmud, dinil Kobra maksih
manggon.
- Neng Mekah putranipun, Seh Mulana Iskak
asusunu, apeparab Seh Wali Lanan anenggih, Ngajawa puputra wau, Sri
Setmata nama katong.
- Ya Sunan Giri iku, apuputra nama Sunan Kidul,
iya iku Sunan ing Giri ping kalih, Pangran Seba putranipun, lan Nyaigeng
Mani jodho.
- Nyai geng Mani iku, kang raka mring kiyageng
Nis iku, pang kiyageng Sela sami kang sisiwi, namanya wus karan iku, Nyai
Ageng Saba kono.
- Danira krama runtut, putra kakalih wuragil
jalu, [211] apaprab nenggih Ki Jurumertani, wanodya pambajengipun,
warnanira yu kinaot.
- Krama nak sanakipun, Pamanahan kiyageng
Mantarum, apuputra Panembahan Senapati, apuputra Jeng Sinuhun kang Seda
Krapyak sang katong.
- Puputra Sultan Agung, ing Mataram puputra
Sinuhun, Hamangkurat ingkang sumare ing Tegil, Pangran Puger putranipun,
nenggih kang umadeg katong.
- Nagri kartasureku, apaparab nenggih Jeng
Sinuhun, Sunan Paku Buwana kapisan nenggih, puputra Jeng Sunan Prabu,
Mangkurat puputra katong.
- Paparab Jeng Sinuhun, Paku Buwana kaping kalih
wau, putra Sunan Pakubuwana kaping tri, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana
Sang katong.
- Nenggih kang kaping catur, kang wus mashur Jeng
Sinuhun Bagus, Waliyulah puputra Nata kakalih, Sunan Paku Buwana anenggih
kang kaping gangsal puniku sang katong.
- Ingkang rayi jujuluk, Pangran Dipati
Purubayeku, dene Sunan Paku Buwana anenggih, kang kaping gangsal puniku,
apuputra Sangakatong.
- Kang kaping nem puniku, Jeng Sunan Paku
Buwanaku, Sunan Mangun Tapa sakadhangireki, nenggih kang madeg ratu, ing
Surakarta kadhaton.
- Kang paman Sangaprabu, Pangran Dipati
Purbayeku, mengku Surakarta paparabireki, Jeng Sunan kang kaping pitu,
Paku Buwana Sang katong.
- Wus turun etangipun, ping pitung dasa
sekawaniku, [212] dene lamun sajarahira pan saking, nenggih ki
Jagaswareku, tedhak kiyageng Karanglo.
- Puputra Kangjeng Ratu, Paku Buwana kang kaping
wolu, lawan putri ing Juminahan ing uni, garwanira Jang Sinuhun, Paku
Buwana sawiyos.
- Praptaning Jeng Sinuhun, Paku Buwana kang
kaping pitu, saking Adam etang samya turun kaping, nenggih pitung dasa
telu, gendeng datan patya kaot.
- Nenggih panengenipun, kang samya tumut
nedhakken ratu, campur kaping sakawan etangareki, praptane kang kaping
pitu, Paku Buwana sang katong.
- Mangsuli kang winuwus, mung kang dadya wit kang
dhinapur, putra Sunan Prabu Hamangkurat nenggih, kang wus kocap Jeng
Sinuhun, Paku Buwana kapindho.
- Kang raka parabipun, Pangran Arya mijil saking
pungkur, lang kang rayi Pangran Arya Mangkubumi, ngadeg Ngayogya jujuluk,
Mengku Buwana Sang katong.
- Dene kang raka wau, Pangran Arya nenggih
puputranipun, Pangran Adipati Mangkunagareki, apuputra Pangran Prabu,
pinundhut mantu sang kantong.
- Sunan Surakarteku, Pangeran Prabu puputra wau,
[213] nama Pangran Dipati Mangkunagari, kang kaping kalih puniku, dene
Ngayogya Sang katong.
- Jeng Sultan asusunu, Sultan Mengku Buwana
jujuluk, kaping kalih Sultan Kendhang parabneki, Jeng Suntan Kendhang
susunu, Mengku Buwana Sang katong.
- Kang kaping tri jujuluk, Jeng Sultan Raja paparabipun,
tanah Hayam Benggala lawan ing Keling, tanah Jawa sadayeku, kang samya
nedhakken katong.
- Nengna Nabi Sis rumuhun, mung puputra kalih
ingkang kalebu, ing bab dening sajarah panengeneki, Sayid Anwas wus
kawuwus, pangiwone winiraos.
- Sayid Anwar puniku, nurunaken pangiwa para
ratu, tanah hayam Sayidna Anwar winarni, duk aneng dewani iku, Maldewa
araning pulo.
- Ngalih jujulukipun, Sang Hyang Nurcahya
paparabipun, apuputra Hyang Nurasa putraneki, Sang Hyang Wenang asusunu,
Hyang Tunggal putra kinaot.
- Paparab Sang Hyang Guru, Hyang Bathara Brama
pu-[214]tranipun, apuputra Bramasaddhara sisiwi, Brama Satapa jujuluk,
Sang Hyang Tri Trustha kinaot.
- Sang Tri Trustha susunu, Sang Parikenan
paparabipun, putra Resi Manumanasa anenggih, Manumanasa susunu, Sakutrem Resi
kinaot.
- Sang Sakri putranipun, apuputra Palasara Prabu,
putra Abiyasa jujulukireki, Kresna Dipayana Prabu, Ngastina puputra
katong.
- Nenggih sang Prabu Pandhu, Dewanata Ngastina
susunu, Dananjaya paparab Prabu Karithi, puputra radyan Bimayu, apuputra
Sanga katong.
- Sri Parikesit Prabu, ing Ngastina punika
susunu, Yudayana puputra Sri Narapati, Sri Yudayana susunu, Gendrayana
putra katong.
- Sri Jayabaya Prabu, ngalih kadhiri
kadhatonipun, apuputra Prabu Jayamijayeki, Jayamijaya susunu, Jayamisena
Sang katong.
- Makasi kithanipun, ing Kadhiri apuputra
sang Prabu, Sri Kusumawicitra sang katong nangging, nulya puputra Sang
Prabu, Purwacarita kadhaton.
- Puputra Sri Mapunggung, apuputra Kandhiawan
Prabu, amekasi aneng jenggala sisiwi, paparab Resi Gathayu, ya Lembu
Subrata katong.
- Putra Lembu Miluhur, ya Sri Dewakusuma
jujuluk, [215] putra Panji Marabangun, paparab neki, Sang Prabu
Suryawasesa Prabu, nulya puputra Sang Katong.
- Kudalaleyan iku, jujuluk Prabu Suryamiluhur,
amekasi Jenggala ngalih nagari, Sang Prabu Suryamiluhur, neng Pajajaran
ngedahaton.
- Ngadeg ngalih jujuluk, nenggih Mesatandreman
sang prabu, apuputra sang Prabu Banjaransari, Banjaransari susunu,
Mundhingsari raning katong.
- Nulya puputra Prabu, Sri Mundhingwangi nulya
susunu, Prabu Gondakusuma ingkang mekasi, Pajajaran asusunu, Jaka Suruh
madeg katong.
- Majapahit jujuluk, Prabu Bratakusuma puniku,
puputra Sri Handaningkung parab neki, Sang Prabu Brawijaya, ping sapisan
putra katong.
- Hayam Wuruk jujuluk, kang kaping kalih
Brawijayeku, apuputra Lembu Amisani, Brawijaya kaping telu, nulya puputra
Sang katong.
- Brawijaya ping catur, Prabu Bratanjung
jujulukipun, apuputra Prabu Brawijaya kaping, gangsal mungkasi puniku, ing
Majapahit karaton.
- Brawijaya susunu, Raden Bondhan Kajawan
ranipun, apeparab Lembupeteng Tarub nenggih, puputra kiageng iku, Getas
Pendhawa dhudhukoh.
- Puputra naminipun, Kiageng Sela nulya susunu,
[216] pan Kiageng Ngenis nulya asesiwi, nenggih Kiageng Mantarum,
Pamanahan puputra katong.
- Madeg nagri mantarum, Panembahan Senapati iku,
ing Ngalaga puputra Sri Narapati, kang sumare Krapyak iku Jeng Sultan
Ngalaga katong.
- Puputra Sangaprabu, Sultan adi iya Sultan
Agung, apuputra Jeng Sunan Mangkurat nenggih, kang sumare Tegalarum,
puputra kalih Sang katong.
- Sunan Mangkurat nenggih, ping kalih madeg
Kartasureku, ingkang rayi Pangeran Puger Dipati, gumatyeng Kartasureku,
nenggih jujuluking katong.
- Paparab Jeng Sinuhun, Paku Buwana kapisan iku,
putra Sunan Prabu Hamangkurat nenggih, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana
kapindho.
- Mekasi kithanipun, ing Kartasura ngalih
kadhatun, aneng Surakarta diningrat nagari, apuputra Jeng Sinuhun, Paku
Buwana sang katong.
- Nenggih kang kaping telu, Sunan Prakoswa
paparabipun, putra Sunan Paku Buwana kang kaping, sakawan Sinuhun Bagus,
Waliyulah putra katong.
- Nenggih Kangjeng Sinuhun, Pakubuwana kang
kaping pitu, etang sampun turun sawidak satunggil, kang saking pangiwanipun,
kang panengen winiraos.
- Wus turun wolung puluh, langkung kakalih
seja-[217]rahipun, mila kathah kaote sejarah neki. Tengen lan
pangiwanipun, ingkang mawi denirandon.
- Sayid Anwar rumuhun, prapteng jaman Nabi Brahim
durung, palakrama maksih banter mati ragi, turun ping lima mas iku,
nenggih jeng Nabi kinaot.
- Saking raka wau, Sayid Anwas yeku purwanipun,
kuneng wau nenggih kang winarna malih, sajarahing para ratu, ing Keling
lan Minangkabo.
- Jawa lan Benggaleku, wau wiratha sajarahipun,
kumpulira lawan ing Ngastina nenggih, putranira Sang Hyang Guru, kang
kinarya asmareng don.
۩۩۩ Pupuh
27 ۩۩۩
ASMARADANA
ASMARADANA
- Putranira Hyang Pramesthi, nenggih Bathara
Kesewa, Sang Hyang Wisnu paparabe, puputra Sri Basupati puputra.
- Nama Prabu Basukesthi, putra Sri Basukiswara,
nulya puputra sang katong, Sri Durgadana paparab, Maswapati Wiratha,
putrestri wuragilipun, Dewi Utari namanya.
- Pan dadya garwanireki, radyan Bimayu putranya,
Sri Parikesit sang katong, wonten malih kadangira, Sang Prabu Durgadana,
Dewi Durgadini wau, kagarwa Sri Palasara.
- Ngastina puputranireki, Sang Bagawan Abiyasa,
pan [218] dadya kumpul kapindho, kuneng ta sejarahira, Mandraka kang
winarna, Manumanasa susunu, kakalih pra samya priya.
- Kang sepuh namanireki, Rsei Sakutrem rinira,
raden Srhati, puputra Sri Naranata, Hartati ing Mandraka, Mandrakusuma
jujuluk, puputra Sri Hartadriya.
- Puputra Sri Narapati, Sri Mandradipa puputra,
Narpati Salya arine, Dewi Madrim pan kagarwa, ing Pandhu Dewanata, kuneng
malih kang winuwus, ngatas angin ing Benggala.
- Mila pinurwa kang kawi, dene campur sajarahnya,
lawan sang Brama tedhake, putraning Hyang Girinita, Sang Hyang Bayu
puputra, Hyang Sumarma parabipun, puputra Bathara Tontra.
- Bathara Tontra sisiwi, anama Sang Hyang
Guritna, Resi Sumbawa putrane, puputra Sri Mintabasa, putra Kuntadrupara,
Hyang Basuki putranipun, puputra Prabu Maruta.
- Putra Nateng Ngatasangin, Sri Baratmaja
puputra, Bambang Kumbayana rane, paparab Pandhita Druna, kuneng malih
winarna, sajarah Cempala Prabu, saking ing atas maruta.
- Nenggih Resi Basuki, puputranira kang taruna,
Prabu Senggara parabe, puputra Prabu Druwasa, puputra Sri Drupada, kuneng
malih kang winuwus, trahira Sang Sayid Anwas.
- Campure lan tedhakneki, ingkang rayi Sayid
An-[219]war, nenggih Benggala sang katong, ingkang kinarya witira, Prabu
Samud puputra, Prabu Kadir asusunu Prabu Ngabid apuputra.
- Sang Prabu Asab sisiwi, Raja Ngabidin puputra,
Nabi Saleh paparabe, jeng Nabi Saleh puputra, nama Sapwadiraja, Raja
Sapwadi susunu, paparab Nabi Kantalah.
- Nabi Kantalah sisiwi, nama Sang Prabu Nirkanta,
Sri Kanta Limut puputra, Prabu Ramut putranira, puputra Sri Ramlamat,
apuputra Sang Aprabu, Jantanis nulya puputr.
- Sang Prabu Sang Lut asisiwi, Raja Saduk
putranira, Sang Prabu Sadik putrane, Prabu Japrani namanya, putra Targani
raja, Nateng benggala susunu, Prabu Sangadik namanya.
- Apuputra Sang Maharsi, Wimasucondra anama,
putri Mantilirojane, Dewi Tunjungbiru nama, puputra Dasarat, Ngayodya
puputra Prabu, Sang Bathara Rama Badra.
- Sri Ramabadra sisiwi, Sang Prabu Rama Batlawa,
ngalih Pamdherek kithane, winastan nagri Madura, Prabu Ramabatlawa, putra
kalih samya jalu, kang spuh Dyan Kunthiboja.
- Dyan Kunthi Sam kang taruni, gumatyeng nagri
Mandura, kang raka kesah prang kasor, ngejawa prapteng Talkondha, bawah
nagri Wiratha, suwiteng Prabu Sentanu, Talkondha langkung sihira.
- Sri Dyan Kunthiboja nenggih, pinanggihken lan
[220] arinya, Dewi Santari namane, nulya kinen dmununga, aneng wana
wekasan, winastanan Mandureku, sinami samaning praja.
- kang tinilar Mandureki, Sr Kunthiboja puputra,
Dyan Basukunthi namane, pinundhut mantu kang uwa, santanu putrinira,
warnanya ayu pinunjul, Retna Bandondari nama.
- Patutira lan sang dewi, Durgandini lan Wiratha,
Basukunti madeg katong, lan kang garwa wus puputra, kang sepuh namanira,
Sri Basudewa jujuluk, Dewi Kunthi arinira.
- Kang rayi namanireki, Harya Prabu arinira,
Ugrasena wuragile, Dewi Kunthi pan kagarwa, ing Pandhu Wewanata, wau
Basudewa Prabu, puputra titiga namanya.
- Dyan Kakrasana anuli, kang rayi Dyan Nayarana,
Wara Sumbadra arine, kagarwa radyan Arjuna, krama kadang nak-sanak, kuneng
malih kang winuwus, mangsuli sajarahira.
- Nenggih negari Mantili, Sang Hyang Dimeja
puputra, kalih kang sepuh namane, Prabu Danuja arinya, Danuwati wanodya,
kagarwa Sumali Prabu, nenggih Yaksendra Ngalengka.
- Dene Danuja narpati, Mantili puputra tiga, Dewi
Marawa namane, panenggakira anama, Tunjungbiru sang retna, putra priya
kang waruju, Sri Danupati gumantya.
- Karaton nagri Mantili, puputra Prabu Janaka,
wi-[221]nangsulan caritane, Dewi Marawa akrama, kagarwa Sri Narendra, Banowati
Ngayodyeku, puputra Sri Banoputra.
- Lan Ratmeja Maharsi, dene Prabu Banuputra,
namung sajuga putrane, Dewi Ragu pan kagarwa, mring raden Dasarata,
pamaning nak sanakipun, wau malih kang winarna.
- Retna Tunjungbiru nenggih, kagarwa
Wimasucondra, apan sakawan putrane, Suma Resi kang atuwa, penenggak resi
Kala, Sumaraja arinipun, wuragil Dyan Dasarata.
- Kuneng malih kang winarni, Maospati
sejarahnya, Bathara Yama putrane, Bathara Surya puputra, Sang Hyang
Rawiyatmeja, Hyang Karaba putranipun, puputra Hyang Dewangkara.
- Hyang Dewangkara sisiwi, Hyang Dewanggana
puputra, Hyang Dewasana putrane, kakalih pra samya priya, sepuh Prabu
Heriya, Wisanggeni kang waruju, dene Sang Prabu Heriya.
- Kakalihputyranireki, sepuh Prabu Kartawireja,
Resi Gotama arine, Gotama puputra tiga, Retna jani kang tuwa, Dyang Subali
arinipun, waruju radyan Sugriwa.
- Dene Prabu Maespati, Sri Kartawireja puputra,
Sasrabahu paparabe, ya Prabu Harjunasasra, pan turun kaping sanga, saking
Sang Hyang Maya wau, lan Prabu Harjunasasra.
- Dene Resi Wisanggeni, pan kakalih putranira,
[222] putra kang sepuh arane, Suwandagni arinira, Resi Ramabargawa, dene
Suwandagni wiku, puputra kakalih priya.
- Kang sepuh raden Sumantri, paparab Patih
Suwonda, dyan Sukasrana arine, kuneng malih kang winarna, sajarah
ing Manggada, Sang Prabu Targani wau, pan kakalih putranira.
- Kang sepuh Prabu Sangadik, jumeneng aneng
Benggala, Sang Prabu Jisis kang anom, Prabu Jisis apuputra, Sang Prabu
Citradarma, Citradarma asusunu, kalih kang sepuh wanodya.
- Nama Dewi Citrwati, kagarwa Harjunasasra, kang
rayi jalu namanya, Dyan Citrgada gumantya, mengku nagri Manggada, kuneng
malih kang winuwus, sajarah ing Lokopala.
- Putranira Hyang Pramesthi, Bathara Sambu
puputra, Hyang Sambodhana putrane, esthi Jumili puputra, nama Resi
Ilamula, Sidhi nenggih putranipun, nama Prabu Deradhana.
- Ing Lokapala prajeki, pan kakalih putranipua,
Resi Wasistha namane, kang anem Sri Dhanurdhana, gumantyeng Lokapala, dene
ta kang raka wau, Resi Wasistha puputra.
- Resi Pulastha nameki, puputra sang Resi Padma,
Resi Wisrawa putrane, puputra Sri Wisrawana, ya Prabu Danaraja, wau
Dhanurdhana Prabu, ing Lokapala puputra.
- Sang Prabu Handanapati, puputra Sri Lokawana,
[223] ing Lokapala sang katong, puputra estri sajuga, Dewi Lokati nama,
sang dyah pan kagarwa wau, dening Resi Wisrawa.
- Puputra Sri Dhana, Wisrawana Lokapala, kuneng
malih winiraos, sajarahing Ngalengka, putra Hyang Girinata, Sang Hyang
Brama putranipun, Dewi Bremani namanya.
- Kusuma Dewi Bremani, kagarwa Bremana raja,
puputra estri namane, Bremaniwati kagarwa, banjarpanjali Raja, Jatimurti
putranipun, puputra Bremanakondha.
- Bremanakondha sisiwi, Getah Banjaran puputra,
Bremanatama putrane, Dewi Brenayi kagarwa, ing Yaksendra Puksara, puputra
kalih sang Prabu, kang sepuh Prabu Malyawan.
- Lawan Yaksendra Sumali, kramantuk Mantilireja,
Prabu Sumali putrane, kalih kang sepuh wanodya, Dewi Sukesi nama,
Prahestha putra waruju, Dewi Sukesi kagarwa.
- Ing Resi Wisrawa nenggih, ing Lokapala puputra,
sakawan sepuh namane, Sangaprabu Dasamuka, Panenggak Kumbakarna, kang rayi
pawestri wau, nama dyah Sarpakenaka.
- Putra ingkang muragili, nama raden Wibisana,
jangkep sakawan putrane, telas aluring sajarah, panengen lan pangiwa,
gantya kang winarneng tembung amrih acunging carita.
۩۩۩ Pupuh
28 ۩۩۩
P U C U N G
P U C U N G
- Amangsuli carita ingkang winuwus, Sayidina
Anwar, [224] nenggih kang winarna malih, sasedane kang eyang Nabi Adam.
- Saya nglangut panjuming pangesthinipun, hardanireng
dadra, dennya sumedya dadya di, binekdakna dennya dumadi neng donya.
- Aywa kongsi rubeda tumekeng dudu, kadya yangira
Dam, tanpa tuwas ing dumadi, namung yuswa sangang atus sawidak warsa.
- Nulya seda nora langgeng uripipun, rinasa
sangsaya, karasa ing tyasireki, yen maksiya anut agamning eyang.
- Sayektine maksih keneng lara lampus, becik ing
agesang, nganggo budine pribadi, aneng donya nutugi sabudinira.
- Kang kaesthi wus pinasthi cethanipun, nguni
Pangerannya, yoga brangtanira maksih, ginantungan kang luwih geng
nugrahannya.
- Kinen nutugaken dennira don ngalngut, wusnya
ngartikeng tyas, Sayidin Anwar nulya glis, mudhun saking sapucaking Baot
arga.
- Jajah wana jurang guwa gunung-gunung, ing pundi
gen ingkang, gawat-gawat singit-singit, sela angker kayu aeng lemah
sangar.
- Wus jinajah tan na waler sangkeripun, dhasar
timur mila, dennya karem mati ragi, sawarnining tapa sampun linampahan.Pan
ing mangke sangsaya winantu-wantu, goga brangta nira, marma saciptane
dadi, Sang Hyang Suksma tuhu yen asipat rahmat.
- Sayid anwar jinising manungsa tuhu, anak putu
Adam, teka mrih tan keneng pati, parandene tinekan sasedyanira.
- Iya saking nemening panedhanipun, mring kang
Murbeng Jagad, tapane den sembadani, pirang atus tahun dennya mati raga.
- Ingkang dereng kambah alas gunung-gunung,
jurang [225] guwa-guwa, kang siluk kang sungil-sungil, pan ing mangke
jinajah sadayanira.
- Tanpa sedya mung nganut paraning suku, dennira
alelana, mayeng ngubengi pasisir, duk samana Sayid Anwar lampahira.
- Nuju kendel satepining samodragung, laut tanah
Ngerak, sinung waspadeng Hyang Widdhi, aningali saluhuring jaladiyan.
- Wonten katon kakalih kadya gumantung, gumandhul
neng tawang, Sayid Anwar mesat aglis, arsa wruh aparek lan arsa tatanya.
- Mung sakedhap netra prapteng ngarsanipun,
dereng kongsi tanya, kang gumantung andhingini, wuwusnya rum heh Anwar
bageya.
- Putu Adam suteng Nabi Sis sireku, iya kang
taruna, ibu Hapsari swargadi, sangkanalit genira amati raga.
- Kongsi mengko tyasira durung mantra wus, pirang
[226] atus warsa, kepati-pati begpati, nora liyan kang sira cipta ing
driya.
- Mung luputa ing lara kalawan lampus, myang guna
sektinya, linuwihna saking jing jim, sining jagad nora nana kaya sira.
- Kongsi weruh gon siksaningsun ginantung, ejim
miwah setan, tan ana sinung udani, namung malaekat ingkang sinung wikan.
- Ligi sira iku ingkang sinung weruh, Ibnu Sis
miyarsa, kumel tyasnya esmu ajrih, dene langkung sidike paningalira.
- Sadurunge winarah sadaya weruh, dadyaris
tatanya, lah sinten tuan puniki, jinising jim punapa jinis manungsa.
- Dena jenak wonten ing tawang gumantung, boten
kesah-kesah, kang gumantung anahuri, ingsun dudu jinis jim miwah manungsa.
- Sayektine jinising malekat ingsun, ran Ngijan
Ngijaya, wus kasiksa wak mami, ingaranan Aruta lawan Maruta.
- Purwanipun ngong antuk dukeng Hyang Agung, gumantung
neng tawang, keneng sikuning Nabi Dris, ingsun duwe kalethek jroning
wardaya.
- Kaduga yen tinuruna raganingsun, marang
ngalam donya, dadya ratu kang ngluwihi, mring Nabi Dris pangratanireng
agama.
- Tinurutan mring Hyang kang Maha Luhur,
tinurunken ingwang, madeg ratu nagri Babil, lawas-lawas ingsun kinenan ing
coba.
- Pan kasmaran marang dyah kongsi salulut, dadya
[227] nemu duka, siniksa mangkene iki, duk jamane Nabi Dris
panggantungira.
- Prapta mengko iya pirang atus tahun, besuk
luwar ingwang, jangjine lamun wus lahir, Kangjeng Nabi
Mustapaniyakaningrat.
- Purwa madya wasana sampun tinutur, karsaning
Hyang Suksma, dene sira bisa prapti, ing goningsun sartane pinaring ilham.
- Sinung weruh gon siksaningsun ginantung, aneng
ngawang-awang, yekti yen wenang sireki, anampani kabeh ing sakawruhira.
- Lah dene ge majuwa mring ngarsaningsun, sira
tampanana, iya ing sakawruh mami, ngelmuning Hyang kang ginadhuhken maring
wang.
- Sigra maju Sayid Anwar wus winuruk, palak
palakiyah, ngelmu nujum ngiluduni, myang lakuning surya wulan lawan
lintang.
- Wruh ingering jagad ing sasaminipun, ingkang
bangsa hikmah, kalawan winulang malih, wruh basane ing sakutu walang taga.
- Pan sadaya Sayid Anwar sampun putus, ing
sakawruhira, Malekat gumantung kakalih, Sang Aruta Maruta lan wuwusira.
- Heh ta anwar sireku wus badan alus, trahing
Nabi Adam, kacampuran trahing Ngejim, kasepuhan sing matenging tapanira.
- Wus tan kena ing lara kalawan lampus, langgeng
[228] uripira, kongsi prapteng jaman akhir, nanging iya kurang utamane
pisan.
- Aja tanggung becik banjura sireku, iya marang lulmat,
angambila banyu urip, anginuma sartane sira adusa.
- Banyu urip tirta marta kamandhanu, panguripan
sajagad, Sayid Anwar matur aris, yen makaten kawula anuwun tedah.
- Panggonane ingkang tirta kamandhanu, ing sapaken
tuwan, kawula darmi nglampahi, Sang Maruta Aruta pan wuwusira.
- Panggonaning luwih ewuh lan pakewuh, tegese ing
lulmat, tanah kang peteng tan sipi, kang tan pisan-pisan kasonganing
surya.
- Kajabaning peteng luwih adhemipun, obor nora
kena bisa, urip pinanganing atis, nanging lamun sira kang manjing ing
lulmat.
- Nora susah nganggo obor geni murub, pan wus
cahyanira, kang dadi obor madhangi, nanging nadyan padhang atise kaliwat.
- Utamane pisan nganggowa sireku, pan ana
saratnya, yen prapteng lulmat sireki, ana katon buron singa barong seta.
- Den agupuh cekelen pasthi ing bathuk, ana
ciuci-[229]nya, iyaku bedholen nuli, sira peta lengane sipatna netra.
- Lan borehna den wrata hangganireku, pasthi
wuwuh padhang, lan kuwatan kenen atis, yen tanana mung den mantep tekatira.
- Kayata duk dinuta nggambar swargagung, mring
eyangira Adam, antepe ing tyasireki, anrang baya kantaka, pratignyanira
begpati, den mangkono antepira manjing lulmat.
- Keneng atis suku mati nora mundur, yekti sira
bisa, angambil ing banyu urip, dening prenahing lulmat hangubengana.
- Sajabaning langit kabeh iku tepung, lor kidul
myang wetan, lamun sira aningali, ana peteng pupungkasaning samodra.
- Pedhut ireng kaya mendhung angendhanu, ya iku
ing lulmat, lah uwis mangkata aglis, sun jurungi muga rahayu neng paran.
- Wusnya telas welingira kang gumantung, Sayid
Anwar sigra, umesat saengga thathit, pan sakedhap sajabaning langit
prapta.
- Ingubengan lor kulon wetan myang kidul, tepung
temu gelang, Sayid anwar aningali, pedhut ireng kadi mendhung alimengan.
- Linebetan prapteng gene lulmat sampun, madhangi
cahyanya, ing ngarsa myang kanan kering, ingkang tebih maksih peteng
alimengan.
- Dadya bingung tan wruh lor kulon myang kidul,
[230] tumindak tan bisa, kami kekelen ing atis, aningali buron tanana
katingal.
- Dadya Sayid Anwar wus pratikyeng lampus, atise
sang saya, kami kekelen tan sipil, getih kenthel ngarekel otote samya.
- Kadya pecat sadaya babalungipun, gumuling
kantaka, keparag kekeling atis, pan angringkel kadya tatas nyawanira.
- Kuneng ingkang aneng lulmat maksih kantu, kami
kekelen ing atis, yata wau kang winuwus, nenggih sang malekat karis,
ingkang wus kayangan manggon.
- Aneng wukir dhasar sapucuking gunung, tutupe
kang nerakapti, wruh kalamun wayahipun, neng lulmat pinarag atis, tan
kuwawa kantakenggon.
- Sang Ijajil gya mesat sakedhap rawuh, ing
lulmat lampahireki, manjing ing pepeteng sampun, pan sarwi ambekta api,
neraka kinarya obor.
- nora mati dening atis maksih murub, padhang ing
lulmat kaeksi, sayidin Anwar kang kantu, gumuling gya den prepeki, ingkang
kantaka karaos.
- Sarirane kasumukan panasipun, api naraka mari
atis, wungu pungun-pungun ndulu, maring Pangeranireki, Sayid Anwar sujud
gupoh.
- Sang Ijajil meseming tyas lingira rum, heh
Sa-[231]yid Anwar sireki, wus sun karya badan alus, tan kena ing lara
pati, langgeng urip prapteng don.
- Teka dadak pindho karya tyasireku, nedya
ngambil banyu urip, amrih nora keneng lampus, nanging ya luwih utami,
tyasira ingkang mangkono.
- Lah to payo sun tuduhaken sireku, prenahing gon
banyu urip, Sayid Anwar sandika nut, mring Ngijajil sampun prapti, gen
tirta marta lingnya lon.
- Lah ta iku iya kang peteng ngendhanu, ting
parentul banyu saking, sagara rahmat ya iku, banyu urip lah ta
aglis, nginuma adusa kono.
- Sayid Anwar sigra minum sarya adus, wus nora
angrasa atis, kasumukan panasipun, obore kang nerakapi, nikmat ting
ngongga karaos.
- Langkung saking nikmat lan manpangatipun,
panginume toya urip, Sang Ijajil alos muwus, lah nya sira sun paringi,
kang pusaka cupu karo.
- Siji kothong siji maksih isinipun, ingkang isi
cupu manik, kang kothong asthagineku, isenana banyu urip, iku duk Nabi
padudon.
- Adam Kawa dennyarsa jodhoken sunu karsane Nabi
putrestri, ingkang ala antuk bagus, wadon ingkang ayu luwih, jinodho
lanang kang awon.
- Babu Kawa nyulayani marang kakung, kang dadya
[232] karepireki, wadon warnane kang ayu, jodhowa lanang kang pekik, awon
jinodho samya awon.
- Nora nana ngalah padha kencengipun, Nabi Adam
dadya kardi, pratandha lan garwanipun, padha metokaken mani, winadhahan
cupu karo.
- Jangji kang tandadya bayi kamanipun, manuta
marang kang dadi, bayi ing sakarepipun, dadi namanira Esis, Babu Kawa
kamanipun, tanpa dadi kama maksih, eneng jroning cupu wutoh.
- Dadya manut Babau Kawa marang kakung, dennya
hanjodhoken siwi, cupu ingkang kothong iku, isenana banyu urip sakebake
gonira mot.
- Yen ombakna marang wong sajagad iku, norantek
kang bayu urip, dene cupu manik iku, kasektene nora keni, brongta marang
ing wong wadon.
- Lawan ora kena sayah lawan lesu, miwah arip
lawan ngelih, panas tuwin adhem luput, yen ngrasa ngelih lan arip, panas
atis myang kaleson.
- Angambunga marang cupu manik iku, kabeh karepe
[233] pan mari, Sayid Anwar sukeng kalbu, wus tinampan cupu kalih, kang
isi lawan kang kothong.
- Cupu Nabi Adam kang kothong pan sampun,
ingisenan banyu urip, apanta sakebekipun, Sayid Anwar lan Ngijajil, saking
ing lulmat wus miyos.
- Prapteng jawi sang Ijajil alon muwus, heh Sayid
Anwar den aglis, banjura lakunireku, mring sakidul Malebari, pan ing kana
ana pulo.
- Aran pulo Maldewa pan maksih suwung, pan durung
kisenan jalmi, Maherosa raning gunung, neng kono matiya ragi, luwihna kang
wus kalakon.
- Atapaa angon surya pucak gunung, yen bengi
anduma warih, yen wus genep pitung tahun, ing kono pasthi tibaning, iya
kanugrahaning ngong.
- Marang sira nugraha kang luwih gung, sakiduling
Malebari, kabeh pulo maksih suwung, dadi kayanganing ejim, durung ana
kisenan wong.
- Sang Ijajil wusnya telas welingipun, nulya
musna tan kaeksi, Sayid Anwar sukeng kalbu, marang ing Malekat Karis, uni
pasthi anggeping batos.
- Lamun tuhu Pangeran kang Maha Luhur, lagyarsa
mangkat miyarsi, ana swara nguwuh-uwuh, heh Sayid Anwar den aglis, sira
ngambila maring ngong.
- Wruhanira kayu sewan aranipun, sandilata
ma-[234]osadi, pangurip sagung tumuwuh, kabeh saisining manungsa
myang sato.
- Kutu walang taga lamun ana lampus, kang durung
tumibeng pesthi, ungkulana oyodingsun, sayekti yen urip malih, Sayid Anwar
nolih anon.
- Kayu aking wit godhonge samya wulung, ingkang
bisa basa jalmi, akon ngambil nguwuh-uwuh, sigra dennya marepeki sambilata
wus binedol.
- Winadhahan sajroning cupu jumerut, wadhahe kang
cupu manik, Sayid Anwar mesat sampun, ing marga datan winarni, sakedhap
lampahira jok.
- Sakidule malebari pan saestu suwung, kathah
pulo kang kaeksi, sadayane maksih suwung, dereng wontwn kisen jalmi, Sayid
Anwar niyup gupoh.
- Marang pulo Maldewa apan jumujug, nenggih
Maerasa wukir, lajeng tapa pucak gunung, tapa ngon lampahing rawi, lamun
enjang dennya lunggoh.
- Madhep ngetan yen bedhug tumengeng luhur, lamun
lingsir kilen ngalih, madhep ngilen dennya lungguh, yen dalu angumming
warih, lamun enjang wangsul ing gon.
- Madhep ngetan aneng sapucuking gunung, angon
lampahing Hyang Rawi, wusnya dugi pitung tahun, pan amung kirang sapta ri,
wanci bedhug dennya lunggoh.
- Nengeng luhur anon kang samya tumurun, kakejer
[235] luhurireki, wetara pitung penggayuh, jroning surya den tingali, ana
kaki-kaki lunggoh.
- sampun ciklu busanane sarwa wulung, jenggote
panjang aputih, lunggweng palongka jumerut, sila tumpang dennya linggih,
Sayid Anwar nalika non.
- Nora samar namun kalamun Pangeranipun, ingkang
munggeng jroning rawi, Sayid Anwar sigra sujud, kang nuksmeng surya lon
angling, heh ta Anwar yoganingngong.
- Pan wus tutug ing mengko tapanireku, angon
lakuning Hyang Rawi, tutupe ing pitung tahun, anamung kurang sapta ri,
liwat sukaning tyas ingong.
- Dene sira ngestokken sapakoningsun, tapa ngon
lakuning rawi, tan osik ing pitung tahun, iya tampanana aglis, samengko
nugrahaningong.
- Marang sira nugrahan kang luwih agung, sira
apan ingsun kardi, wijining para ratu, neng kene babarna wiji, sarta lan
pituduh ingong.
- Ing Maldewa ana ratu jim pinunjul, jujuluk Raja
Nuradi, Mahadewa parabipun, hambeg santa satu budi, duwe anak siji wadon.
- Retna Dewi Nurini paparabipun, diwasa durung
akrami, cahyane nukmeng sitangsu, iyeku kang pasthi dadi, jodhonira prapta
ing don.
- Wenang madhana ing nugrahaningsun, kang wus
[236] tumibeng sireki, tusing Nabi ingsun campur, iya lawan trahing ejim,
dadya wijining pra katong.
- Retna Dewi Nurini lan sira besuk, patutan jalu
sawiji, luwih pekik warnanipun, tur mawa cahya nelahi, lawan sira wus tan
loro.
- Yeki ingkang nurunaken para ratu, jumeneng
kusumaning jim, tan pedhot satutugipun, kongsi prapteng jaman akhir,
maratu, akatong-katong.
- Kakangira si Anwas besuk ya milu, urun mijeni
Narpati, ananging babakunipun, apanta maksih sireki, mung nempeli turun
wadon.
- Dene yen wus prapteng jaman akhir besuk, ilang
saking ing jinis jim, mulih marang purwanipun, jinising manungsa yekti,
para ratu keneng layon.
- Lah tutugna tapamu iku rumuhun, pan amung
kurang sapta ri, yen wus genep pitung tahun, yekti sira den pondhongi,
marang Nuradi jim katong.
- Dhinaupaken sira lawan putrinipun, wis kariya
ingsun pamit, mulih marang ing swarga gung, surya gya wangsul
manginggil, Sang Ngijajil wus tan katon.
- Sayid Anwar mituhu sawelingipun, nutugen
tapanireki, tutupe ing pitung tahun, pan amung kirang sapta ri, kuneng
gantya winiraos.
- Putrining jim Maldewa ingkang winuwus, kusuma
[237] Dewi Nurini, ing dina sawiji nuju, sakeca denira guling, aneng
sajroning kadhaton.
- Pan supena ningali wulan tumurun, kakejer
luhurireki, jro sasi ana kadulu, nini-nini sarwa putih, neng Palongka
retna lunggoh.
- Sarwi angling heh nini wruhanireku, jodhoning
Hyang lata mami, Siti Ngujwa araningsun, harsa warah mring sireki, yen
jatukramanta rawoh.
- Satuhu kusuma rembesing madu, wayah Adam putraning
Sis, Sayid Anwar namanipun, pekik cahyaning nelahi, dhasar maksih jajako
nom.
- Sira nini sinung anak lanang bagus, tembe
warnaning tur pekik, amawa cahya sumunu, jumeneng kusumaning jim,
nurunaken para katong.
- Tanah Ajam sagung para ratu-ratu, nora lyan
sutanireki, iya ingkang darbe turun, kongsi prapteng jaman akhir, satutuge
nora pedhot.
- Nanging mengko langya kandheg tapeng gunung,
angon lakuning Hyang Rawi, lawase wus pitung tahun, mung kari sadina
benjing, lah wis nini pamit ingong.
- Nini tuwa wus musna datan kadulu, wulan wangsul
ing wiyati, Sang Dyah dennya sare wungu, pangungun ira tan sipi,
supenanira kang katon.
- Enjingipun marek kang rama sang prabu, kusuma
[238] Dewi Nurini, ngaturken supenanipun, ingkang kantingal ing ratri,
salebeting nendranipun.
- Wulan mudhun kekejer neng luhuripun, ing jro
isi nini-nini, ngaken lamun jodhonipun, nenggih sang dyah Ngujwa lati,
sung wangsit manising jodho.
۩۩۩ Pupuh
29 ۩۩۩
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
- Amiwiti malah amekasi, nini tuwa ing
sawangsitira, sampun katur sadayane, kang rama sukeng kalbu, amiyarsa
aturing siwi, sang dyah rinangkul sigra, babo putraningsun, pantes lamun
mangkonowa, jroning nendra iya gonnira angimpi, liwat saking diwasa.
- Sun tetedha mring Hyang Ngujwalati, muga-muga
iya satuhuwa, nini tuwa ing wangsite, mring sira dennya tuduh, jatukrama
ingkang sayekti, putreng Sis wayah Adam, kang martapeng gunung, lah ta wis
nini muliya, mring kaputren sun awakane pribadi, iya ingkang ngupaya.
- Ingkang dadya pamangsitireki, nini tuwa
sajroning supena, baya ngendi praptane, iya ki bakal mantu, bayo nora nana
sajroning, wukir pulo Maldewa, de wus pitung tahun, nora nana
wartanira, ingkang putra wus mundur manjing jro puri, kang rama sigra
mesat.
- Pan kakejer madyaning wiyati, keblat papat
ing-[239]kang tiningalan, suwung tan ana tandhane, amung pucaking
gunung, wonten tejanipun awening, wukir ing Maerasa, saking doh sumunu,
winawas pucaking arga, dangu-dangu ilanging teja kaeksi, katingal kang
atapa.
- Lunggweng sela sapucaking wukir, maksih
sidadhep asuku tunggal, kalangkung pekik warnane, mawa cahya sumunu, lir
trenggana angikis latri, tejanira sumunar, saking doh ngunguwung, dening
cahyaning kang tapa, pucak wukir lir rinenggeng kilat thathit, Sang Prabu
osiking tyas.
- Dhuh-dhuh adhuh iya baya iki, ingkang katon
sajroning supena, nini tuwa ing wangsite, tapa pucaking gunung, angon
lakunira Hyang Rawi, ana empere uga, iku tapanipun, ya angon lakuning
surya, kapindhone sapa wong kang duweni, ing cahya kang mangkana.
- Angluwihi saking cahyaning jim, lamun dudu
terahing kusuma, wong mara tapa tedhake, kang trus rembesing madu,
wijiling wong handana warih, mongsa dadak duweya, cahya kang kadyeku,
sawusnya ngartikeng driya, sigra niyup Prabu Nuradi marpeki, prapta
pucaking ngarga.
- Ingkang tapa kagyat aningali, nuju tutuping ing
[240] pitung warsa, linuwaraken tapane, manggihi ingkang rawuh, wus anarka
yen dudu jalmi, tapak wayang-wayangan, sangkane ing luhur, wus tata denira
lenggah, Sri Nuradi dhini tatanya aris, hangger tigas kawuryan.
- De pun bapa tembe aningali, jinising jim punapa
manungsa, wingking pundi pinangkane, myang sinedyeng kayun, lawan sinten
sinambating sih, dene kepati tapa, aneng pucaking gunung, paranta ingkang
sinedya, Sayid Anwar pasaja dennya nauri, lamun jinis manungsa.
- Saking nagri Kusni Malebari, wayah Adam jeng
Nabi Sis putra, Sayid Anwar paparabe, kesah sangkaning timur, alelana
jajah wanadri, sapurug tanpa seday, nut paraning suku, wus lami kalunta-lunta,
prapteng ngriki lajeng kendel mati ragi, angen lampahing surya.
- Duk miyarsa Sang Prabu Nuradi, yen satuhu jeng
Nabi Sis putra, langkung sukaning galihe, raden nulya rinangkul, babo
sutaningsun sang pekik, pun bapa tur pasaja, ing satuhunipun, kula puniki
jim raja, nama Prabu Nuradi ingkang mengkoni, sagung jim ing Maldewa.
- Dene prapta kawula sang pekik, ing ngarsane
apanta kabekta, ing atmaja supenane, katingal duk ing dalu, winangsit ing
Hyang Ngujwalati, kalamun jatukrama, lan sariranipun, dhuh angger lamun
parenga, ing karsane sakedhap kula aturi, dheteng praja kawula.
- Ningalana marang nini putri, lamun angger
panu-[241]ju ing karsa, ngong aturaken arine, mring paduka satuhu, kang
supaya dadosa cethi, juru dang amawongan, lamun tan panuju, ing galih mung
kinarsakna, nini putri mring anak angger sang apekik, dados kadang kewala.
- Sayid Anwar kalane miyarsi, ratu jim dewani
wuwusira, mesem sajroning galihe, dene ta sami santuk, saking wangsit ing
jatukrami, mung kaot sariranya, wangsiting Hyang Agung, raja putri jim
Maldewa, antuk wangsit saking Sang Hyang Ngujwalati, marga saking supena.
- Dadya alon dennira nahuri, paranta gen kawula
nut, barang ing reh kang darbe nagri, samangsane mopowa, yekti duraka
gung, Sri Nuradi langkung suka, dene Sayid Anwar wus anut ing galih, gya
cinandhak astanya.
- Sareng mudhun wau saking wukir, kalih mesat
tapak wawayangan, maksih kakanten astane, ing marga tan winuwus, pan
sakedhap lampahnya prapti, jinujug jroning pura, Sang Kusuma nuju, lenggah
neng madepaningrat, pan ingadhep mban inya lan para cethi, lagya eca
sandika.
- Saking dennya kagagas ing gailih, supenanya ni
tuwa kang nukma, sajroning wulan wangsite, kagyat denira dulu, ingkang
rama praptanireki, sarwi nganthi satriya, cahyanya sumunu, sang dyah wus
garjiteng driya, esmu merang tumungkul denira linggih, kang rama sampun
lenggah.
- Sayid Anwar tansah munggeng kering, Sang Ibnu
[242] Sis lan putri Maldewa, sareng pagut paningale, suh rempu kalihipun,
ing wardaya saengga kadi, panjang putra tumiba, neng sela kumepyur sang
retna kalangkung merang, mring tatamu pinandeng liring ngindhani,
tumungkul denira lenggah.
- Ingkangrama mesem dennya angling, babo nini aja
taha-taha, age ngabektiya kiye, iya iki kadangmu, jro supena iya kang
dadi, wangsite nini tuwa, kang nukmeng sitang-sitangsu, satriya hadi
Kusniya, wayah Nabi Adam putraning Nabi Sis, kang nama Sayid Anwar.
- Lawan ngaturana kang pisalin, rakanira nini
mentas tapa, rusak busanane kabeh, apan wus pitung tahun, dennya tapa
angon ing rawi, sang retna langkung merang, nembah sigra mundur, lawan
sapawonganira, mring kaputren suka sang Nata Dewani, Sri Nuradi turira.
- Lah punika warnane kang rayi, dipun pasaja
dhateng bapa, punapa panuju angger, inggih ning galihipun, Sayid Anwar
aturira ris, rumiyin tur kawula, ing sakarsa anut, sampun menggah
pinaringan, putri Nata sanadyan silih pinaring, Cethi miwah parekkan.
- Sayekti yen sewu kapundhi, Prabu Nuradi suka
[243] miyarsa, mesem alon andikane, yen angger wus panuju, kawula srah
ngarinireki, saisining jro pura, sadayanya katur, sampun mawi walang
driya, lah suwawi pondhongen arinta nuli, pan sampun garwanira.
- Prabu Nuradi ngandikeng cethi, lah iringna iki
gustinira, lebune marang kaputren, Sang Prabu nulya kondur, marang dalem
puranireki, wauta Sayid Anwar, mring kaputren sampun, ginarbeg jim
prayangan, wau sang dyah sampun ngaturaken udani, yen tamu sampun prapta.
- Inggih kang darbe cahya nelahi, ginarbeg cethi
parayangan, dipun prayitna nak angger, praptaning sang tetamu, kadi-kadi
lamun nemeni, bantheng duk tumambirang, salamine lawung, neng wana sungu
kancana, tracak waja harsa anyundhang jajawi, netranipun kumala.
- Pamandenge marang sang retnadi, nalika neng
ngarsa Sri Narendra, kadi wus kenyut galihe, anon cahya sumunu, ngasaraken
resmining sasi, sang retna duk miyarsa tigasira kumenyut, anglesinmg
wardaya lupa, maras-maras enar-enar senik-senik, paran mengko yen prapta.
- Harsa mundur kasusu praptaning, sang tetamu
sampun menggeng ngarsa, sang dyah pinrepekan age, cinadhak astane, sang
retna sinambut, lajeng binekteng papreman, lelangening pagulingan tan
winarni, rarasing karadikan.
- Dennya samya sih siniyan kalih, suka sagung
cethi [244] jim paranyangan, umiyat marang gustine, pantese kalihipun,
sapraptaning kawandasa ri, sang natarsa megawan, srah karatonipun, mring
mantu Sayid Anwar, rembag lawan kang rayi kya patih Amir, ingkang bedhe
tinilar.
- Aneng praja amung ngembani, karatone Sayidina
Anwar, tetepa kapatihane, among wadya bala sagung, punggawa jim samya
ngrembagi, nanging Sayidina Anwar, sanget dennya lumuh, maksih karem mati
ragi, karsanira karya kayangan pribadi, neng wukir Maerasa.
- Prabu Nuradi dadya nuruti, Sayid Anwar wus
nyipta kayangan, sami sakala dadine, neng sapucaking gunung, Maerasa
asrinireki, ngasorken jroning pura, wus sasat swarga gung, sadaya sarya kancana,
sarwa retna miwah sosotya disdi, semana Sayid Anwar.
- Lan kang garwa pan sampun angalih, mring
kayangan sapucaking arga, Sayid Anwar sasampune, aneng pucaking gunung,
pan angalih parabireki, nama Sang Hyang Nurcahya, lan malih jujuluk,
nenggih Suksma Kawekas, lan paparab nenggih Sang Hyang Maha Siddhi, Hyang
Jagad Pramu Sesa.
- Sang Hyang Trusthaningrat Mahamuni, Dewa
Batha-[245]ra Jagad werana, ing Jagad rat sadayane, dewa pamungkasipun,
Hyang Wisesa Hyang Utipati, Sang Hyang Jati Wasesa, Sang Hyang Murbeng
Luhur, iya Hyang Murba Misesa, kang wadya jim sadaya jrih asih, marang
Sang Hyang Nurcahya.
- Saksat marang Sang Hyang Ngunjwalati, anggepira
wadya jim sadaya, pinindha-pindha pupundhen, luwih mring ratunipun,
ajrihira sagung wadya jim, mring Hyang Nurcahya dennya, wingite
kalangkung, layanganira kewala, nora kena yen ingidak milalati, myang
kaluwihanira.
- Angluwihi sagunging ratu jim, wruh basane kutu
walang taga, lawan bisa nguripake, sabarang ingkang lampus, bisa karya ing
pati naming, den arani kewala, mati yekti lampus, marmanya sangsaya-saya,
pangidhepe wadya jim samya jrih asih, malah kahyanganira.
- Wus karanan ing dewata sami, denira wus dadya
pangidhpan, jim pulo Maldewa kabeh, malah ta wus sinebut, mring wadya jum
Hyang Maha Tinggi, saking den anggep nyata, yen kang Maha Luhur, sasar
dadya sukanira, Hyang Nurcahya sinebuta ing sabumi, yen kang Murbeng
Buwana.
- Wus rumasa sakurebing langit, kang kasongga
lumahing bantala, saisining jagad kabeh, titahira Hyang Agung, wus tan
nana ingkang nimbangi, jim setan myang manungsa, mring sariranipun, ing
punika Hyang Nurcahya, aneng pulo Maldewa pan sampun mijil, saking jaman
manungsa.
- Sampun emor lan jamaning ejim, Hyang Nurcahya
[246] pan wus manjing alam, Adam Makdum ing tegese, pangawang uwung-uwung,
wus tan ana bumi lan langit, padhang tanpa rahina, peteng tanpa dulu,
keblat papat wus tan ana, ngandhap luhur Sang Nurcahya sampun
manjing, ing alam Akadiyat.
- Wus tan ana sawiji-wiji, jumeneng lawan
pribadinira, gaibing gaib tegese, nalikanya puniku, Hyang Nurcahya den ira
manjing, ing alam Akadiyat, jamane Nabi Hud, maksih Nuh agamanira, Sang
Nurcahya lan garwane Dewi Nurini, aneng swarga kayangan.
- Anekakken ing karsanireki, sasat wikrama
sajroning pujo, nyipta tanajul tarkine, unggah turuning tuwuh, tan antara
nulya kaeksi, cahya kang manca warna, murub prabanipun, ilapating Hyang
Suksma, cahya ireng abang putih lawan kuning, tandha yen tinarima.
- Dennya minta yoga ing Hyang Widdhi, wus tumurun
ingkang cahya rasa, kang garwa lajeng wawrate, praptang semayanipun, babar
jalu kalangkung pekik, mawa cahya nugraha, tumeja ngunguwung, wus kalih
lan kang rama, pekik mawa cahya wus sinung kekasih nenggih Sang Hyang
Nurasa.
- Rasa mendhet namane kang wukir, Maerasa nur
men-[247]dhet kang rama, kang eyang mendhet namane, diwasanya kalangkung,
denira mrih amati ragi, sawarnane ing tapa, linampahan sampun, dhasare
Sang Hyang Nurasa, wus satuhu lamun kusumaning ejim, trahing Nabi Srnata.
- Nora kudu nganggo tapa, ejim wus sinung
kasekten, beneda lawan manungsa, jisime jisim jasmani, kang samya mamrih
sekti, marganya antuk pinunjul, tinuku saking tapa, yen jim wus jisim
rakhani, pan wus kodrat sektine, tan nganggo tapa.
- Dhasare Sang Hyang Nurasa, kusuma juim trahing
Nabi, sinepuhan saking tapa, marmanira anglangkungi, saking para ratu jim,
ing guna myang sektinipun, wus sami lan kang rama, ramabu suka tan sipi,
mring kang putra ing galih sampun pracaya.
- Sadaya pusakanira, kang saking Malekar Karis,
pinaringaken kang putra, lawan sangelmunireki, miwah ngelmu kang saking, Malekat
ingkang ginantung, sadaya wus katampan, myang nama ngangge sami, wus
sumilih aneng kayangan dewata.
- Wus dadya wujud sajuga, tan kena ingaran kalih,
sangga satu lan rimbagan, Nurcahya ilangireki, Nurasa kang kaeksi
katingal, saengga panasing geni, lan urube tan kena yen pisahaken.
- Ananira Hyang Nurcahya, iya Nurasa
a-[248naning, ananira Hyang Nurasa, pan iya ananireki, Hyang Nurcahya
sayekti, wus dadya tunggal sawujut, mangkana Hyang Nurasa, apanta harsa
ngluluri, ing salampah lampah ing nguni kang rama.
- Awit duk maksih timurnya, denira nis saking
nagri, Kusniya andon lalana, pirang-pirang atus warsi, dennya mrih mati
ragi, jajah wana gunung-gunung, jurang pereng myang guwa, mayeng ngubengi
pasisir, saben kendel saenggone mati raga.
- Saking jinising manungsa, dinadya badan
rokhani, miwah kaluwihanira, linuwihken saking ing jim, nimpuni guna
sekti, sinung wruh sabasanipun, sakutu walang taga, lan sinung paningal
sidik, saderenge winarah sampun uninga.
- Ya saking matenging tapa, yeku kesthi ing
galih, mangkana Sang Hyang Nurasa, wus tilar kayanganeki, ing dewata
kawuri, lajeng lalana don nglangut, jajah guwa manarga, myang ngubengi
pasisir, saenggone lajeng kendel mati raga.
- Sajroning pulo Maldewa, jinajah sadaya sami,
tan wonten kang kelangkungan, guwa-guwa kali-kali, jurang pereng ring
ngiring, alas-alas gunung-gunung, nuju kendel lampahnya, ngadeg pinggiring
pasisir, ngawasaken sakidul pulo Maldewa.
- Pulo darma katingalan, wiyaripun anglangkungi,
lan pulo kang kathah-kathah, miwah parbatanireki, lan Maerasa sami, ageng
miwah luhuripun, ngran wukir Jakawenang, sukuning ngungkang jeladri,
marmanipun nama wukir Jakawenang.
- Aranipun gunung lan guwa, sinebut dadya sawiji,
[249] guwanipun guwa wenang, gunung jaka raning wukir, ginreba dadi siji,
nenggih Jakawenang gunung, yayah kadya timbanga, geng luhure wukir kalih,
sukunira pan sami ngungkang samudra.
- Cinatur pulo Maldewa, apan pirang-pirang wukir,
sakidul Malebari, kathah pulo gunung-gunung, tan ana nimbangane gung luhur
wukir kalih, Hyang Nurasa gya mesat saking Maldewa.
- Yun wruh pulo katingal, sakedhap wus
angungkuli, niyup mangandhap wus prapta, kendel saimbanging wukir,
dangu-dangu ningali, guwa neng sukuning gunung, nenggih ing guwa wenang,
lawange ngungkang jeladri, lenebetaning jro wonten telagannya.
- Toya sri kawuryan muncar, iliene kalangkung
wening, telaga iku pan dadya, padusaning jim lan peri, wiyaripun pesagi,
pipinggire lir pinantut, sela item sedaya, Hyang Nurasa yun udani, sigra
manjing salebeting talaga.
- Prapteng jro resep tumingal, lebet weninge kang
warih, resik sapangandhap pisan, dadya lajeng mati ragi, tanarsa medal
malih, tapa ngum dhasaring banyu, lamine pitung warsa, tan wonten ingkang
ngudani, kuneng ingkang lagya maratapa ngum toyo.
- Ratuning jim kang winarna, nenggih ingkang
angra-[250]toni, sadaya jim pulo Darma, paparab Raja Rawangin, lawan pRabu
Nuradi, apanta kadange sepuh, sami papasih kadang, sira sang Raja Rawangi,
kang kinarya apatih kadange tuwa.
- Anama Patih Paewata, den sang Prabu Nuradi,
papatih kadang taruna, nenggih kyana Patih Amir, sadaya kadang neki,
kathahe pan wolulikur, kayangan sowang-sowang, cinatur raja Rawangin,
darbe putri sajuga dereng ngakrama.
- Warnanira yu utama, paparab Dewi Rawati,
sembada ari cahyanira, ngasorken resming sasi, duk samana sang putri,
supena kalaning dalu, aningali sasongka, sedhenge purnama sidhi, medal
saking salebeting guwa wenang.
- Cumlorot manjing jro pura, tibeng ngarsane sang
ngaji, cinadhak tutut kewala, binekta ngarsanireki, sarwi ngandika aris,
nini sung oleh sitangsu, metu saking jro guwa, sun paringaken ing sireki,
den kareksa pan iku sasi nugraha.
- Sang dyah kacarya tumingal, sasongka wus den
tampani, dyan ingemban kasemekan, binekta mring tilamneki, saprataning
jinem mrik, ingkang sasongka pinangku, sahengga nawung putra, apan sarwi
den arasi, sawungune sang dyah langkung ngungunira.
- Enjang marek mring kang rama, kusuma Dewi
Rawati, [251] ngaturaken supenanira, miwiti malah mekasi, dennya pinaring
sasi, wus katur sadayanipun, Sang Prabu duk miyarsa, ngungun ing tyas
ngandika ris, yen mangkono niniputri impenira.
- Becik wanane baya, katon sun paringi sasi, sira
pan ing kembenira, sira pangku neng jinem mrik, baya perak kang dadi ing
jatu kramanireki, ya mengko sun utusan, wakira si kakang patih, analika
mring sajroning guwa wenang.
- Apata isine baya, Sang Prabu sigra nimbali,
kang raka rakyana patya, wus prapta sajroning puri, Sang Prabu ngandika
ris, kakang atmajanireku, nini putri supena, katon aningali sasi, saking
guwa wenang ingsun candhak kena.
- Sun paringaken putranira, nulya den emban kang
sasi, kakembene kang kinarya, ginawa marang jinem mrik, pinangku den
arasi, kya patih miyarsa ngungun, alon ing aturira, lamun makaten sang
Ngaji, supenane putra tuwan sang lir retna.
- Sae nunten pinareksa, sajroning guwa manawi,
mangke wonten isenira, Sang Prabu ngandika aris, lah iya kakang patih,
talikanen den gupuh, sajroning guwa wenang, sarpane yen kepanggih, jroning
guwa gawanen mring ngarsaningwang.
- Sunarsa wruh wahanannya, supenane nini putri,
[252] kya patih matur sandika, wus medal saking jro puri, sapraptanireng
jawi, mesat ing gagana ngayuh, niyup sakedhap prapta, lampahe rakyana
patih, lajeng manjing salebeting guwa wenang.
- Jinajah sepi sadaya, tan ana labetireki, namung
sanginggil talaga, winawas mring kyana patih, wonten tejanireki, luhuring
toya sumunu, pantes tejaning tapa, kya patih sigra merpeki, ngadeg
munggeng satepinireng talaga.
- Winawas sing jro katingal, kang tapa angum
mring warih, pekik tur maksih taruna, amawa cahya nelahi, lir lintang
manjer wengi, murub prabanya ngunguwung, kya patih eram mulat, dhuh-adhuh
ta baya iki, ingkang katon sasongka jroning supena.
- Satriya jim ngendi baya, tapa ngum dhasaring
warih, durung mangsa mati raga, pantes yen dadiya iki, jodhoning putra
mami, kusumeng ngartikeng galih, kya patih manjing sajroning talaga.
- Marengi duk luwarira, kang tapa ngum mring
warih, tutupe ing pitung warsa, kya patih aris merpeki, kang tapa duk
ningali, wus nduga lamun jim agung, dene senening cahya, wus samya tata
alinggih, kya patih arum denira wacana.
- Hanggar teja sulaksana, pun bapa anila krami,
tejaning anyar katingal, suleksananing asinggih, sinten sinambat ing sih,
ing pundi ingkang kapungkur, tapa ngum jroning toya, punapa sinedyeng
galih, Hyang Nurasa pesaja ing saurira.
- Ing nama miwah minangko, yen wayah Prabu Nuradi,
[253] paparab Hyang Nurasa, ibu raja putri jim, retna Dewi Nurini, kang
rama manusa tuhu, saking negri Kusniya, Wayah Adam putraning Sis, nama
Sayid Anwar katimuranira.
- Kesah andon alelana, wusnya krama putri jim,
paparab Sang Hyang Nurcahya, kayang pucaking wukir, ki patih duk miyarsi,
kang tapa rinangkul gapyuk, dhuh babo wayah ingwang, tunggal rone
angalingi, pan kawula angger kadangipun tuwa.
- Inggih mring eyang paduka, dewani Prabu Nuradi,
kula pun patih Parwata, inggih ingkang amatihi, eyang paduka ngriki, pan
inggih kadange sepuh, mring eyangta Maldewa, paparab raja Rawangin, kang
ngratoni sadaya jim pulo Darma.
- Sedaya kadang kawula wolulikur kathahneki,
akayangan sowang-sowang, dene sepuh pribadi, Prabu Palija nenggih, kawula
panenggakipun, sedaya sampun mencar, samya kayangan pribadi, dhuh nak
angger jatose lampah kawula.
- Dinuta ngeyang paduka, inggih sang Raja
Rawangin, [254] nalika sajroning guwa, sawontene yen pinanggih, ngong
kinen bekta aglis, mring ngarsanira Sang Prabu, marmangger sapunika,
putrining eyangira ji, jroning nendra, supena wonten sasongka.
- Medal saking jroning guwa, tumibeng ngarsa Sang
Ngaji, cinandhak anut kewala, pinaringaken sang putri, sasongka den
tampani, den mban kasemekanipun, binekteng mring papreman, pinangku dipun
arasi, sawungune nendra matur mring kang rama.
- Marmangger eyang paduka, kula tinuduh ngulati,
sawontene jroning guwa, kula kinten bekta glis, Sang Nata harsa uning,
temah ing mangke panuju, kang wonten jroning guwa, inggih wayah ngong
pribadi, dhuh nak angger mugi-mugi kadhangena.
- Sowan ing ngeyang paduka, mendahta sukaning
galih, malah pandugi kawula, karsaning eyangira ji, mring nak angger
sang pekik, ngawekteni supenanipun, kang putra sang lir retna, denira
pinaring sasi, wahanane kadi sarira paduka.
- Hyang Nurasa meseming tyas, myarsa ature kya
patih, alon denira ngandika, inggih kawula umiring, ing reh andika
nanging, matura maring Sang Prabu, yen adreng denirarsa, mring kawula
animbali, nanging kula mboten kenging yen nembaha.
- Miwah yen lenggah angandhap, amargi sampun
nam-[255]peni, ngelmining bapa sadaya, wus aneng kawula sami, ki
patih duk miyarsi, umatur sarwi gumuyu, inggih angger kantuna, ngong matur
eyangira ji, kados pareng namung makaten kewala.
- Wus mijil saking telaga, lajeng wedalira saking,
salebeting guwa wenang, sapraptanira ing jawi, lajeng measat wiyati,
sakedhap lampahira wus, prapta sajroning pura, ing ngarsa raja Rawangin,
matur estu jro guwa wonten kanthinya.
۩۩۩ Pupuh
30 ۩۩۩
K I N A N T H I
K I N A N T H I
- Pukulun supenanipun, nini putri daradasih, jro
guwa wonten isinya, kusuma jim trahing Nabi, putrining rayi paduka, Dewani
Dewi Nurini.
- Kramantuk manungsa tuhu, saking nagri Malebari,
Anama Sayid Anwar, wayah Adam putraning Sis, jujuluk Sang Hyang Nurcahya,
lelana sangkaning alit.
- Jajah wana gunung-gunung, mayeng ngubengi
pasisir, praptaning pula Maldewa, lajeng tapa angen rawi, wonten wukir
Maerasa, kawruhan yayai Nuradi.
- Pan lajeng ingambil mantu, dhaup lan Dewi
Nurini, namung patutan sajuga, warnanira langkung pekik, anama Sang Hyang
Nurasa, mila kantos prapteng ngriki.
- Lampahe sudarmanipun, inggih ingkang den
luluri, lelana jajah wanarga, mayeng ngubengi pasisir, sapraptaning wukir
Jaka, lajeng kendel mati ragi.
- Tapa ngum sajroning banyu, lamine wus pitung
warsa, neng talaga jroning guwa, kawula eram ningali, ing pekike
warnanira, miwah ta cahyanireki.
- Kadya basanta mabangun, kukuwunge hanelahi,
pu-[256]nika pantes jodhowa, lan putra tuwan ni putri, mboten wonten kang
kuciwa, marma tan kering samangkin.
- Kang tapa darbe panyuwun, lamun wonten
ngarsaji, sampun linenggahken ngandhap, lan sampun kinen wot sari, mila
matur sapunika, dennya sampun den pasrahi.
- Ngelmuning sudarmanipun, sadaya wus den
tampani, jangjine nadyan wontena, ngarsaning Ngunjwalati, tan kenging
lenggah neng ngandhap, lawan tan kening wot sari.
- Sang Nurasa haturipun, yen paduka tan ngilani,
kang dadya panuwunira, lumuh sumiweng ngarsaji, upami pinaripeksa,
prapteng pati den lampahi.
- Duk miyarsa Sang Ngaprabu, suka gumujeng dennya
ngling, heh rakyana patya, pantes mangkonowa ugi, panjaluke kang ngatapa,
wayahe yayi Nuradi.
- Luwih luhur bangsanipun, kusuma jim trahing
Nabi, wayahing Sis buyut Adam, lah iya kakang den aglis, gawanen mring
ngarsaningwang, kang tapa angum mring warih.
- Dene ta panjalukipun, iya kakang sun turuti,
aja nganggo walang driya, sun papan neng poncaniti, ing praptane wayah ing
wang, patih sandika turneki.
- Wus mijil saking kadhatun, wau sira kiya patih,
mesat marang ing ngawiyat, ing wuri Sri Narapati, apan ta sampun siyaga,
siniwakeng poncaniti.
- Wau ta ing lampahipun, patih Parwata wus
prapti, [257] ing guwa lajeng denira, manjing salebeting beji, panggih
lawan kang atapa, ki patih lingira aris.
- Dhuh angger panuwunipun, eyang tuwan anglilani,
padukangger tinimbalan, sapengker kula wus mijil, ngentosi neng
panangkilan, kang tapa suka miyarsi.
- Gya kinanthi astanipun, marang ing rakyana
patih, mentas saking jro telaga, saking guwa sampun mijil, prapteng jawi
sampun mesat, sakedhap wus angungkuli.
- Ngalun-alun gya maniyup, maksih kanthen asta
sami, sakidul waringin kembar, lajeng lampahira aris, marek ing ngarsa
Narendra, piyak sagung kang anangkil.
- Sang Prabu Rawangi gupuh, tedhak saking dennya
linggih, methuk ingkang lagya prapta, tumundhuk rinangkul aglis, tinarik
binekta lenggah, aneng singasana rukmi.
- Sang Nata mesem lingnya rum, ingsun atetanya
kaki, gonnira nis saking praja, nora nggawa batur siji, kongsi prapteng
puo Darma, nora marek marang mami.
- Apata eyangireku, durung warah ing sireki, yen
duwe kadang maring wang, dadak banjur mati ragi, tapa ngum dhasaring toya,
lawan kongsi pitung warsi.
- Lah apa sedyanireku, Hyang Nurasa matur aris,
rayi paduka jeng eyang, pukulun dereng wawarti, nggen kula nis saking
praja, pan amung sedya ngluluri.
- Jeng rama salampahipun, awit timur denira nis,
[258] saking praja don lelana, mayeng ngubengi pasisir, anjajah guwa
wanarga, kalunta pan sampun lami.
- Anut saparaning suku, prapteng ngriki aningali,
telaga sajroning guwa, lajeng kendel mati ragi, angum sadhasaring toya,
praptanipun eyang patih.
- Marengi duk luwaripun, tutupe ing pitung warsi,
Raja Rawangin miyarsa, ngunguning tyas ngandika ris, yen mangkono
praptanira, kulup aneng praja mami.
- Pan wus karsaning kang nuduh, iya Sang Hyang
Ngunjwalati, kinen wruh ing pudjaningwang, den agem tyasira kai, pan
nagara pulo Darma, wus duwekira pribadi.
- Dene ta lirunipun eyangmu yayi Nuradi, pan iya
sariraningwang, aja sira walang ati, kakang patih wayahira, sun gawa
manjing jro puri.
- Sun weruhne kadangipun, ya nini Rawati, nulya
kondur Sri Narendra, Sang Hyang Nurasa kinanthi, tan kantun rakyana patya,
sapraptanireng jro puri.
- Lenggah munggeng dalem agung, Hyang Nurasa
datan tebih, lan kaki patih munggeng ngarsa, glar parekkan para cethi, jim
peri myang parayangan, sadaya eram ningali.
- Mring satriya ingkang rawuh, pekik myang
cahya-[259]nireki, lir wulan katrangan mega, kukuwunge anelahi, Raja
Rawangin ngandika, heh kakang rakyana patih.
- Manjinga kaputren gupuh, timbalana nini putri,
ingsun kon aningalana, mring kadange anyar prapti, teko pulo Maldewa,
garjita rakyana patih.
- Wus tampi ing karsanipun, sigra wau kiya patih,
manjing kaputren wus prapta, panggih lan sang raja putri, gupuh ngabekti
mring uwa, kipatih ngrangkul sarya ngling.
- Babo nyawa putraningsun, impenira dara dasih,
ing sajroning guwa wenang, nyata ana isine nini, satriyadi ing Maldewa,
tapa ngum dhasaring warih.
- Lawase wus pitung tahun, warnane kaliwat pekik,
paparab Sang Hyang Nurasa, miwah cahyane nelahi, samengko wus aneng pura,
karsane ramanira ji.
- Yen padha panujunipun, dhinaupken lan sireki,
panggaliye Sri Narendra, supenanira ing ratri, wahananing jatukrama,
kasmaran angemban sari.
Posting Komentar untuk "SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 01-10"