Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

TULADHA PANATACARA MBUKAK ACARA

TULADHA PANATACARA MBUKAK ACARA.

Mahardikeng tyas ring kamardikan, nugraha miwah sih wilasanippun gusti ingkang maha agung, mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi raharjo niskala satuhu.
Mligi katur para rawuh ingkang hangrasuk agami islam,
Assalamualaikum wr.wb
Para sesepuh myang pinisepuh  ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang tansah kinasih ing gusti,  waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dhawuhipun pamangku gati nuninggih bapak ……………(ayah pengantin putri/ yang punya hajat) sekaliyan keparenga kula pun ……………. (panatacara) marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing pawiwahan dhaupipun …………….( nama pengantin putri) putrinipun bapak……………..( ayah pengantin putri)sekaliyan, kaliyan dimas …………..(mana pengantin laki-laki) priyatmajanipun bapak………..(ayah pengantin putra) sekaliyan saking…………
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra, sisa brama welut wisa, hambok bilih wonten lumunturing sih, mugi keparenga kula anggaturaken reroncen lampah lampahing tata cara pahargyan/ pawiwahan ing siang punika ingkang asasana ing …………….(tempat / nama desa) amarengi hari ………….surya kaping……….. ( tanggal )warsa masehi

Menggah reroncening tatacara pahargyan/ pawiwahan ing siang punika nuninggih:
1.      sepisan pambuka utawi purwaka
2.      dwi tyat cara utawi tatacara ingkang angka kalih, praptanipun calon penganten priya ing sasana hargya tumunten kalajengaken pasrah panampining pengantin priya. Pasrah pengantin priyo mangke badhe katindaaken dening bapak ………..( wakil orang tua pengantin priyo), dene panampi mangke badhe katindaaken dening bapak …………( wakil orang tua pengantin putri)
3.      purnaning pasrah panampining pengantin priya tumunten badhe kadhaupaken nut tatacara adat jawi tilaranipun para leluhur linuhung jawi.
4.      panggihing pengantin mangkeh badhe karigenaken dening ibu…………..(nama juru rias) saking sanggar rias …… … ….. kalebet tatacara candhakipun ngantos sungkeman utawi ngabekten sedaya mangke badhe kapratitisaken dening risang juru paes( juru rias).
5.       tatacara candhakipun atur pudyastawarja/pambagyaharja saking pamangkugati sekaliyan ingkang badhe katindakaken dening bapak …………( wakil orang tua pengantin putri) ingampingan /jinajaran dening bapak ………….(nama orang yang mendampingi)tuwin bapak ……….. ayah pengantin putri.
6.      sakparipurnaning pambagyaharja para rawuh kepareng paring pudyasta warja, pudyastuti dhumateng pengantin sekaliyan minggahipun dhumateng ingkang mangun bebesanan kanthi ajawat asta utawi salaman.
7.      saksampunipun paring pangestu kanthi ajawat asta para rawuh ingaturan tumuju ing sasana bujana saperlu mundhut unjukan sarta dhaharan ingkang kasamaptakaken dening para kadang biyantu karyo ing reh bujana nuninggih para kadang saking ………. Catering.
8.      mekaten para rawuh reroncen lampahing tatacara pawiwahan ing siang punika, ingkang salajengipun sinambi nengga tumapaking adicara saha tatacara sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken hanyekecakaken lenggah sinambi mangun oneng mangun raras ruming driya utawi kangen-kangenan.
Sumangga nuwun ……..
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan setunggal baka setunggal lampahing tatacara pahargyan punika sampun katindakaken kanthi raharja wahyaning mangsa kala wus ndungkap titi purnaning pahargyan
            Wonten ing sungapaning pahargyan kula pun………….(nama panatacara) ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita myang tatakrami kula nyuweun lumunturingsih samudra gung pangabsami.
            Wassalamualaikum wr.wb.

            Nuwun…..

Posting Komentar untuk "TULADHA PANATACARA MBUKAK ACARA"