Bab Laku Nitisake Wijining Dumadi Murih Tumuruning Wiji Kang Becik
Bab Laku Nitisake
Wijining Dumadi
Murih Tumuruning Wiji Kang Becik
Murih Tumuruning Wiji Kang Becik
Amratelakake lakune nitisake wijining dumadi, nyumurupi
wewijangane wiji lan peprincening piranti. Mungguh lakune nitisake wijining
dumadi, iku ana petang prakara, iya iku: lila, narima, temen, utama.

2. Narima, iya iku wong priya kudu narima marang
suka-pirenaning rabine (kang arupa leladi saka rabine), amarga ing atase laden
iku yen katarima, tegese katampa kalayan seneng, mesti bakal gawe legane kang
leladi, ing wusana dadi madhep lan sregep.
3. Temen, iya iku wong priya kudu nuhoni ing
semayan utawa sesanggeman, amarga manawa netepi ing janji, iku bisa mahanani
katresnan, ing wusana dadi kedep.
4. Utama, iya iku wong priya kudu demen ngapura
marang kaluputane rabine, amarga dadi wong priya iku manawa sabar demen ngapura
marang kaluputan kang remeh-remeh, iku bakal mahanani tumemening rabine, ing
wusana dadi gelem labuh.
Ana dene nyumurupi wewijangane wiji, iku kudu ngreti marang
lakuning wektu karon-sih, dene lakune karon-sih iku uga ana petang prakara, iya
iku: eneng, ening, awas, eling.
1. Eneng, iya iku wektu karon-sih atine kudu
eneng (menep), dene paedahe bisa suwe wetuning rahsa, lan gawe kandeling wiji,.
Amarga ati kang menep mau bisa ngenthelake wiji (jiwa), kentheling jiwa bisa
mahanani kandeling wiji, ing wusana dadining anak ing tembe bisa dawa umure.
2. Ening, iya iku atine kudu ening, dene paedahe
bisa nikmat rasane lan manfaat. Amarga kaweningan mau bisa gawe weninging wiji
(tetep trimurti), wiji kang tetep trimurti mau ing wiji ala apa becik, dene
panengerane wujud cahya kaya kawasa.
3. Awas, iya iku kudu mulat kedep-liringing
rabine, wektu karon-sih, kendho apa mempeng, utawa ngulatake tumitising wiji
ala apa becik, dene panengerane wujud cahya kaya kang wis kapratelakake ing
dhuwur.
4. Eling, iya iku aja mikir liya-liyane, kajaba
eling yen wektu iku lagi nitisake wiji, mula yen rabine semu kendho ing
karon-sih, wajib eling, manawa durung binuka bakuning rasa, tumuli duweya osik
sumedya mbuka kadatoning rahsa, supaya rabine mau gumregut rasane, lan maneh
yen nyumurupi cahyaning wiji ala kang bakal tumitis, banjur enggal-enggal bisa
nglebur sarana laku nusupake utawa mutahake menyang ing jaba. Dene manawa
uninga wiji becik kang bakal tumitis, iya banjur bisa mrenahake ing papan
samestine.
Mungguh tuwuhing rasa iku jalarane ana loro prakara, iya
iku: marahi lan meruhi.
1. Marahi, iya iku sadurunge tumindak karon-sih,
kang priya miwitana mbuka rasa sarana kekembangan saprayogane, dene paedahe
bisa mempengake atining rabine, yen wis katon mempeng rabine tumuli tumindaka
karon-sih, iku rabine saka katuju karepe dadine banjur lega kanti suka rena.
Mula sadurunge karon-sih luwih dhisik mangsetiya tumuruning wiji kang becik
(teteping trimurti), kapantenga ana ing cipta.
2. Meruhi, iya iku aja nganti nerak wewalere,
nanging malah mbumbonana kang prayoga. Dene wewaler iku: nyumurupi wewadining
wanodya lan wewadining wiji. Kang diarani wadi mau katerangane mangkene: bab
kang diarani tumindak rusuh, iya iku rusuh arep nyumurupi marang wewadining
wanodya. Dene kang diarani elok, iya iku arep nyumurupi wewadining wiji.
Dene wadining wanodya bakuning rasa, iku wijang-wijange
mangkene: ing sajroning baga iku ana kulite alus sarta sangisoring batuk baga
ing jero uga ana kulite kang diarani daging song, song mau gedene pada lan batuking
baga, mangisoring song ana urate loro (diarani purana), urat iku lengket ing
semu katone mung siji, iya iku kang minangka let-letan banyu telung warna, iya
iku: satengening urat iku dalan banyu sene, sakiwane urat iku dalan banyu suker
(getih), mung tengahing urat loro mau iku dalaning banyu rahsa pita (kama).
Dene urat loro iku ing dhuwur gathuk karo song, terusane anjog ing lawang
kadatoning rahsa, lawang mau ngrukubi Sang Hyang Kamajaya (uwel), kang diarani
uwel iku lawang kekandhanganing jabang bayi, wujude mung bening kaya kaca.
Mungguh kahanane song mau iya iku poking rasa, amarga samasa
kagosok (kagepok) banjur mekrok, kaya dene kewan kintel saben kagepok banjur
mlembung, mekroking song mau jalaran saka rasa keri, yen wis krasa keri iku
bisa narik rosaning rasa nikmat. Dene lawang yen wis menga banjur kawawa nduwa,
uwel, iya iku narik kekandhanganing bebayi. Kekandhanganing bayi mau yen nganti
nyaut utawa nadhahi kamaning priya, iku adate tumrap wanodya awake mesti banjur
krasa keri, gumriminging rasa temahan dadi cape (marlupa).
Saiki mratelakake kekandhanganing bebayi, mungguh
wewijangane mangkene: ing sadurunge kaisenan wiji saka wong priya, kekandhangan
mau wujude isih kimpes, sarta mawa urat dumunung ing pucuk minangka gantilan.
Urat mau ana loro, kang siji urat urut-urutane kang anjog ing jantung, dene
sijine urat urut-urutane kang anjog ing wadhuk.
Urat kang anjog ing wadhuk iku kasamadan dening genining
manusa kang arane Yitnamaya. Geni mau gedhene mung samrica, iya iku kang kawawa
matengi pangan sajroning wadhuk, sarta kawawa nyepuhi wiji kang wis ngumandhang
ing kekandhanganing bayi. Kandhang bayi iku manawa panyaute bener ora luput,
nganti bisa ngamedi pucuking pasta-purasa (ngepuh kam), ing mangka kapinujon
kasusupan wiji, iku banjur bisa kalebon mani, dene mani kang wis kumpul lawan
wiji ana sajroning kandhang kono, iku mratandhani yen wiji bakal dadi, mula
wong wanodya banjur ngandheg. Ing sajroning ngandheg, upama kinaron-sih ing
priya liyane iku wis ora bisa kasusulan wiji kang dadi maneh, kajaba kang nitis
sapisan mau. Yen kurang pracaya katerangane kene ginawe kosok bali, kang
minangka tandha seksine iya iku bapa manawa wis mati kajupuka balunge, anak
kang isih urip kairisa wetokna getihe katetesna ing bebalunging bapa mau, mesti
getihing anak banjur amblas (kasesep), manawa dudu getihing anak dhewe iku
mesti ora kasesep (ora ambles ing bebalung).
Ambaleni wiji kang wis ngumandhang ing kekandhangan, ing
kono mani saya suwe saya tambah matimbun-timbun, yen wis kebak banjur
malembung. Yitnamaya urube saya banget, sasuwene kasalad urubing Yitnamaya
wusanane banjur kenthel, samasa wis kenthel banjur kumulit, yen wis kumulit
banjur gana, nanging isih kakum ing banyu. Sajroning gana kakum ing banyu, iku
banjur nurut bolonganing urat kang gandeng karo wadhuk. Mungguh kumambanging
gana iku kaya dene banyu kang dumunung ing godhong lumbu. Sawise mangkono gana
banjur gatra kaya pepukiran ing manusa, gatra mau saya suwe saya mundhak gedhe
lan mundhak kekuwatane, ing kono banyu kang kakuman gana banjur njendhel,
jendhelaning banyu uga banjur mundhak sumaring maneh, ampase pada kelet ing
kuliting bayi, dene sarine dadi kawah. Mula pepelinge wong tuwa-tuwa, tumrap
wong wanodya kang ngandhut lagi masane gana, iku aja sok ngajangake
solah-bawaning raga, awit manawa kepleseting wiji, iku bisa njalari gagar
(kluron).
Samengko genti mratelakake wewadi wadining wiji ing nalika
arep tumitis, sajatine sengseming atining bapa kang ketarik dening dayaning
wiji mau mangkene: Manawa arep nitisake wiji iku kang luwih dhisik manuksma ana
ing utek, lebuning wiji nurut lebuning napas, tumuli nuksma ana ing panon,
banjur manggon ana ing pramana, ing kono wis kawawa narik maya (sengseming ati
sakaloron bapa lan biyung), temahan kelakon karon-sih iku wiji banjur manuksma
ana ing rasa, dene tumibane ing biyung iku mbarengi wetune rahsaning bapa, kang
banjur katampan ing papane. Lakuning wiji mau miturut wetuning swasana, ing
kono banjur tempuk karo metuning rahsa (mani) banjur kacatok dening kandhangan,
sawise mangkono wiji tumuli tumempel, ing kono kudrating Pangeran wis ora owah
maneh, tumrap kadadiyane bocah ing tembe, lelakone sarta wewatekane, miturut
tanceping cipta sarta rasaning karep wektu pepasihan, ana kang minangka
tandha-yektine, iya iku wujuding rupa mesti mirib (memper) bapa lan biyung,
sabab wektu sih-sinihan sisi lan sijien tunggal padha nancepake katresnan, kaya
rahsa narik jiwa, mula anak iku uga kena sinebut layanganing jiwa, dadi wis
tetela tanceping warna kang ana ing cipta iku mahanani warna, rahsaning karsa
lan greneking cipta mahanani wewatekan lan lelakon, mula iya ana paribasan:
Kacang manut lanjaran. Utawa: Ora ana banyu mili mandhuwur. Kang mesthi banyu
mili mangisor. Karepe bebasan iku mangkene: Rupaning anak iku mesthi mirib
wong-tuwane.
Samengko mratelakake wewijangane wiji kang katarik saka
dayaning bapa, ing nalika lebuning wiji mbarengi lebuning napas, nuli sumimpen
ana ing utek, banjur rembes marang panon. Kang diarani panon iku banyu sari iya
sarining utek, pamanggone sajroning manik. Sawise wiji ana ing kono kawawa
manuksma ing pramana sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana ndayani tunggal
karep, yen wis nunggal garepe wiji narik daya surenging karon-sih, mangkono iku
manawa cinegah dadi paedah, yen linantur dadi batur. Tegese: Sing sapa nuju
kasusupan wiji, mangka bisa nanggulangi karepe iku sayekti bakal tambah
muncaring cahyane lan padhanging pamwas, dene yen tinurutan bakal kawawa
mahanani anak, dadi tetela wijining anak iku manut empaning cipta, sarta
urubing pramana minangka bahu (nguled), bumbu yen wis kauled ing bahu banjur
kumpul, dene matenge saka daya Yitnamayaning biyung, dadi matenging panganan
mau jenenge wis mapan, mulane mangkono, amarga urubing pramana iku manut
mapaning cipta.
Terange mangkene. Saupama tanceping cipta welas asih,
urubing pramana sarta wiji mesthi maya-maya, iku mahanani wewatekaning anak ing
tembe linulutan ing sapada-pada, sarta jatmika alus ing budi, nanging kurang
lantip ing panggraita.
Saupama tanceping cipta matutuk rumasa kabeneran ing
sapolah-polahe, urubing pramana sarta wiji mesthi biru muyek marakata, iku
mahanani wewatekane anak ing tembe bodho ing budi, nanging becik atine.
Saupama tanceping cipta kadereng ing kabudayan, urubing
pramana sarta wiji mesthi warna abang mbaranang mblerengi, iku mahanani
wewatekane anak ing tembe landhep ing panggraita sarta berbudi, nanging getapan
sarta panas baranan.
Saupama tanceping cipta drengki, urubing pramana sarta wiji
mesthi warna dadhu bureng marakata, iku mahanani wewatekane anak ing tembe
culika, ndaluya, dora-cara, kang mangkono iku adate sok kataman lara owah
(gingsir).
Saupama tanceping cipta kang lagi nungkul ing puja brata,
mangke katarima, urubing pramana sarta wiji mesthi warna ijo nom mancur
maya-maya, iku mahanani wewatekane anak ing tembe demen ngapura ambek
paramarta, sarta wicaksana, kang mangkono iku adat sok bisa kasinungan darajat
kawiryan.
Mungguh kang kasebut ing dhuwur kabeh mau, tumrap ala
beciking wiji. Dene kandel-tipising wiji iku manut wancining karon-sih, nalika
terangke mangkene: Yen wanci awan, wijine tipis, sabab ing wanci mau pramana
nedhenge amer. Yen wanci bengi, wijine kandel, sabab ing wanci mau pramana
nedhenge kenthel. Mulane sabisa-bisa manawa karon-sih, miliha wanci lingsir
wengi tumekaning bangun esuk, iku wijine mesthi kandel kang njalari dawa umure.
Kapriye carane nyumurupi wujuding wiji, sarehne wiji iku
bangsaning alus, dadi enggone nyumurupi iya sarana alusing pandulu. Kang
diarani alusing pandulu iku ana limang prakara, iya iku saka beninging ati,
sirnaning kekarepan, sarehing pangganda, lereming pancadriya, jatmikaning solah
bawa. Yen wis bisa netepi laku limang prakara iku, lagi bisa nyumurupi wiji
kang sawantahe.
Bab panengeraning wiji
Tumrap panengeraning wiji, iku kena disumurupi, mungguh
beda-bedaning wiji lanang utawa wiji wadon, bakal dadining anak, wantu utawa
kembar, apa dene dhampit. Terange mangkene: Yen wiwit arep karon-sih ngawasna
lakuning napas, manawa lakuning (metuning) napas santer ing lenging irung kang
tengen, iku mratandhani cumitaking wiji ana ing panon kiwa, iya iku pratandha
wiji lanang. Manawa napas santer ing lenging irung kang kiwa, iku mratandhani
cumitaking wiji ana ing panon tengen, iya iku pratandha wiji wadon. Manawa
napas santer ing lenging irung loro pisan (padha santere), iku mratandhani
cumitaking wiji ana ing tengah-tengahing panon (manon), iya iku pratandha wiji
wandu. Manawa eninging cipta rong pandurat suwene, iku bisa narik wiji loro,
nalika karon-sih greget-santing sakarone tempuk (padha karepe), iku bakal
mahanani anak kembar utawa dhampit. Nanging manawa kembar wijine cumitaking
panon kang sasisih, yen dhampit wijine cumitaking panon kang kiwa tengen.
Lan maneh kanggo panengeran sawise wiji tumiba ing biyung,
manawa bakal dadi lanang sang bapa katara swatata, anadene yen bakal dadi
dhampit sakarone mempeng (padha andrenge) ing swatata.
Ing dalem layang Pangracutan amratelakake kawruh kang aran:
Sajatining Lanang lan Sajatining Wadon, iku genahe mangkene:
Kang ingaranan roh Idlafi, iku rohing wadon, nanging
dumunung ana ing lanang. Sajatining wadon iku roh Kudus mulya, nanging rohing
lanang, mapan ing wadon, kang mahasucekake ing jinem, padha mapan sajroninng
junup, mula kawasa anuwuhake karkat dhewe-dhewe, amarga rohing wadon kaango
lanang, rohing lanang kaanggo wadon, dadi saka anggone arep narik rohe
dhewe-dhewe, ing wekasan aliru lambang sari padha carane, temah kawasa
anganakake sifat, mula ingaran sanggama, tegese benering sawiji balaka, utawa
saresmi, pikarepe campuring sari wor syuh dadi padha mareme, awit kasamadan dening
Dzat-ing Pangeran Kang Amahasuci, anggone arep cumitak warnaning bapa-babu,
mula kang pancen waskita marang rahsaning karon-sih, yekti bisa angarani
sadurunge kababar.
1. Kaya ta, ing dalem salapan dina, sakaloron
mau kang anduweni kumenyut dhisik sapa, saupama wanodya kang ngrasakake kangen
dhisik marang priyane, tumekaning kalakon anitisake wiji yekti bakal lair putra
priya.
2. Kaya ta, kang anduweni kumenyut dhisik kang
priya, kangen marang rabine, tumekani nitisake wiji, sayektine bakal lair putra
wanita, ananging kudu banjur ditimbangi careme, supaya sakaro-karone atunggal,
awit manawa kurang dhauping cipta, rasane bakal sulaya, sanadyan bakal tumuwuh
ing tembe wijine anduweni cacad, mungguh wujuding cacad iku warna-warna.
* Manawa ana lelabet cuwaning panggalih,
kurang sarujuking saresmi mau, tembene anumusi wewatekaning putra kerep kacuwan
ati, tarkadhang nandhang susah ing uripe;
* Manawa ing dalem saresmi mau anduweni
ngeres ing panggalih semu duka, nanging ora kawedhar, ing tembe wijine kalabetan
watak sugih napsu hawa, tarkadhang tiwas uripe.
* Manawa salah sawiji ing dalem arep
ngangkat saresmi, ana kang duwe ati sisip sathithik, ing tembe uga tumus
wewatekaning putra, yen kang sisip kang wanodya, tumus marang wiji priya,
manawa kang sisip kang priya, tumus marang wewatekaning wiji wanita, kabeh iku
kalebu paniitihan, ing dalem salapan dina iku wajib katitika titikaning cipta,
sarta rasa pangrasa ing dalem salapan dina mau, mula bayi lair iku angetung
salapanan, manawa wis tumeka sataun aran bocah tawa lare, tegese kuwat, mula
banjur angetung taun.
Saka wasiyat dhawuh wewelinge Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, prakara panitikan ora kena sembrana ngarah apa, malah ing sabisa-bisa
angestiya peta, tegese ing dalem karkat mau bisaa banjur tampa-tinampaning
cipta sasmita, dadi aran sakaroning atunggal, sarta kudu suci supaya becik
tumusane, utawa bisaa pasang gelaring salulut, tegese kang wanodya aja nganti
liya pancipta pangalembana marang priyane, sanadyan priyane iya anyiptaa marang
wanodyane, aja angrasakake liya-liyane, iya iku wiji sajati premati.
Sawenehing wong sajroning saresmi karo bojo, ora mawa
pepantengan sakaroning atunggal, malah anduweni liya panyipta, tarkadhang
anggagas kasenengane dhewe, kang mangkono iku upama bisa dadi wiji, sok
ambilaheni wong tuwa, iya iku kang ingaran anak agawe rusak, yoga karya
rengkaning praja.
Dene prataping wong ajejodon mau, bisaa cadhang-cinadhang,
tegese wajibing wanodya ora kena adreng ing panedya kudu dianggo wadi, priya
iku wewenange angon cipta-sasmitaning wanodya, sakira ing dalem sadina kono ora
ana sebab apa-apa, tanpa labet susah, apa dene sepi pakewuh, iku tandha yen
Pangeran Kang Amahasuci anggone bakal nitahake wiji, wiji ing sasama, iya iku
jatining Trimurti, akeh kang dadi anak anung angungkuli bapa. Sanadyan para
luhur manawa kabeneran pakartining budi, kalayan nastiti, yekti bisa dadi. Dene
kang agawe rusaking nagara, iya saka kurang saranta, temahane kurang prayoga
lelegetaning ngaurip.
Bab pangleburing wiji ala
Sanadyan wis bisa narik wiji, ing mangka wiji kang sumurup
mau wiji ala, iku uga kena dilebur sadurunge dadi wiji kang dumadi. Dene
pratikele mangkene: ing sajrone karon-sih among ulahing swatata, manawa duwe
niyat arep nurunake wiji, lan maneh ilafating wiji kang bakal tumiba kurang
becik, mangka sajroning ulah swatata sem-ing karsa mau, utawa sajroning
karon-sih nalika lagi kadereng kadhesek mempenging karep, iku kasurehna, aja
kabacutake, ora-orane iya kagaweya gela utawa kemba, iya iku saran wudharing
rahsa kasilipna mangisor utawa kawutahna ing sajabaning lawang. Sarana mangkono
adate wiji ora bisa dadi amarga ora bisa katampan ing wadhahe ing wasana gagar
utawa sonya.
Alang Alang Kumitir
Posting Komentar untuk "Bab Laku Nitisake Wijining Dumadi Murih Tumuruning Wiji Kang Becik"