KAWRUH NAFI ISBAT
KAWRUH NAFI ISBAT
Ing ngandhap punika rerembaganipun
Ki Ageng Pengging nalika kadhatengan tamu pun sakabatipun nami Pak Kadim nyuwun
dumateng Ki Ageng supados dipun wedaraken babagan kawruh sarta dunungipun
pralampita suraosipun bab kawruh napi lan isbat. Ingkang kapendhet saking
pepiridan pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw dhateng para sakabat
sekawan Umar, Abu Bakar, Usman lan Ali nalika sakbakdane sholat Jum’at wonten
ing Baitullah.
Bab kawruh napi lan isbat punika
kepethik saking Serat Walisana pupuh 56 Dhadhanggula ; 16 pada, pupuh 57 Sinom;
23 pada lan pupuh Kinanthi; 9 pada. Mugi-mugi para sutrisna kadang seludur
sedaya rena ing penggalih. Nuwun.
DHANDHANGGULA
- // Dhuh bandara kang asih ing dasih / kamipurun
matur sarasehan / nuwun uninga dununge / pralampitaning kawruh / isbat
napi amba tan ngreti / paran ing wejangira / ulun nuwun makmum / Ki Ageng
Pengging ngandika / he rengenta nalikanira Jeng Nabi / Rasul Nayakaningrat
//
- // Wektu subuh niyat satengahing / takbir ikram
myang tekabulira / pinareng lan nugrahane / rinilan medhar ngelmu / bangsa
tekad tekabul ngelmi / ing napi lawan isbat / binabar ing kalbu / ywa
kongsi tan mor ing karsa / rehning tunggal karya tunggil warni tuwin /
amung beda asmanya //
- // Kabeh kalebu obahing budi / beda-beda lan
panunggalira / rerasan rasa rungone / pamawasaning kawruh / wruh ing dudu
deduga dadi / widagdane kasidan / sidik ing pandulu / pandulu delenge
ilang / langlangana meleng denira angliling / weninge ing panunggal //
- // Ing nalika Jumungah jeng nabi / lawan para
sakabat sakawan / neng Baitu’llah sabakdane / salat Jumungah laju / arsa
medhar kawruh kang gaib / wiwite bangsa tekad / catur antepipun / jeng
nabi aris ngandika / heh ta Umar Abu Bakar Usman Ali / payo padha rerasan
//
- // Kang sun rasa sarahsane ngelmi / ing Hyang
Maha Suci kang anitah / napi isbat prabedane / myang pisah kumpulipun /
jroning rasa kawan prakawis / sawiji adhepira / eklas kalihipun / tri
antep teteping tekad / kaping pate sampurnanira ing pasthi / wruha
bedaning tunggal //
- // Ngawruhana bedane kang napi / ngawruhana
bedane kang isbat / paranta mungguh dununge / heh sakabat-ngong catur /
sapakoleh pikiren sami / salah siji kang tampa / ilhaming Hyang Agung /
sukur bage kabeh tampa / begjanira ywa kongsi anggendhong pikir / pra
sakabat tur sembah //
- // Raosing tyas pan dereng amanggih / pan
sumangga ing Gusti Panutan / abdinta nuwun jarwane / jeng nabi ngandika
rum / bangsa tekad samya pinikir / yen bener pirangbara / ing panemunipun
/ ing mengko pan ingsun jarwa / apan nenggih napi isbating Hyang Widhi /
antepe jroning rasa //
- // Waspadakna ananireng Widhi / panunggale ing
rasa punika / saobahe saosike / kalawan weningipun / yen wus wening
ananing yekti / yektine datan liya / mungguh ing Hyang Agung / pamomore
karsanira / ambawani solah-bawanira iki / anglimputi tyasira //
- // Dumununge ana kang ngarani / turu lungguh
atangi lumakya / iku ta nugraha lire / upama damar murub / urubira padha
madhangi / kang padhang iku nyawa / iya kang anglimput / ing sajroning
rupa panas / yeku mangka ibarat ingkang wus yekti / isbate ana sira //
- // Mamanging tyas tetep isbat yekti / napekena
napi kang kisinan / ing awas pamoring gawe / kuwat tumibeng kewuh /
jroning amrih antareng pati / pati patitisena / kang wening dumunung /
isbatina kaananing dat / rasanira napi tingaling Hyang Widhi / pangening
cipta maya //
- // Pancadriya driyane kang wening / nirna mala
memalaning driya / ideken ing bumi sareh / ririh satiti ruruh / peteng
renten ruktinen kapti / tratap kesaring nala / yeku mangka siku /
pamurungireng kasidan / yen tan eling awas lawan sipat napi / sipate
awasena //
- // Prabedane lan sawiji-wiji / dat
wajibu’lwujud bokmanawa / ing kene pinarengake / cipta ingkang tuwajuh /
jinatenan jatining jati / jatine antepira / dera Kang Maha Gung / yeku
marganing kasidan / widagdane kandel-kumandel ing Widhi / pinandeng kang
waspada //
- // Kaanane sedyanen ing budi / ilapate ing dat
kang sanyata / pinta-pinta panggonane / bangsane isbat iku / napinira pan
napi jinis / yeku mangka panunggal / ing ananireku / napinira isbatena /
ing tegese murca tetunggale dadi / pratandha neng sihira //
- // Netyanta kang warna kaananing / dat sampurna
nur mor ing kang warna / awenes wening bedane / dat salikin rumuhun /
cahya saking ing driya adi / lintang panjer rahina / eram arum-arum / dat
mutlak kadi purnama / dat alimun ing sapanunggale dadi / sawarna lawan
sipat //
- // Ilanging edat asma wahyaning / dat subekti
lir surya warnanya / muksaning dat subektine / ing cahyaning dat suhut /
angebeki buwana kaki / cahya tan ana madha / ing salaminipun / beda lan
padhanging surya / myang padhanging rembulan datan amirib / iku padhanging
padhang //
- // Kang munggeng jroning padhang kang
mesthi / ananing dat pasthi ananira / ananira sajatine / ya ananing Hyang
Agung / solah tingkah wus datan kalih / iku isbating nyata / napi wus
kapungkur / iku antepe tyasira / antep iku pepadhang paworing gaib / wong
anom den waspada //
S I N O M
- // Paranta ing sabatingwang / Abu Bakar Usman
Ali / Umar mara kabeh samya / rasakena rasa iki / thukule ingkang ngokil /
pinareng lawan panuju / nugrahaning Hyang Suksma / yen mungguh panemu mami
/ sun sumendhe ingaran reh ing kawula //
- // Ing kono manawa ana / panemu salah sawiji /
rujuk lan panedyaningwang / sukur bisa anuwuhi / waspadakena malih /
lelakon wentehanipun / sira padha uruna / kawruh wajib lawan napi / dadi
bisa sampurna kaananira //
- // Wuwuh kandel-kumandelnya / sakabat sujud ing
siti / satangine sujud nulya / ndonga sukur ing Hyang Widhi / samya umatur
aris / dhuh Gusti duteng Hyang Agung / kang mangka nayakaningrat / kang
sestu panutan mami / dunya khirat kang paring swarga minulya //
- // Langkung geng ingkang nugraha / mupangat
tuan nrambahi / marma umate sadaya / tangeh sagede mangsuli / malah miluta
saking / dutaning Hyang sabdanipun / jeng nabi angandika / sukur yen padha
nyadhangi / yen wus nyata sineksi padha kadriya //
- // Ing kuna pan durung ana / seksi masalahing
tafsir / sirik sikune jubriya / rehning beborongan budi / wit datan
pinarsudi / kawaspadan tuna luput / cacad marang weweka / sambikala anasabi
/ kabegjane agawe salah panarka //
- // Dangdanane cipta maya / sangsaya adiyon
angling / nglimputi lebeting arja / jumeneng manah kang wening / menek
manawa dadi / dalan arjaning tumuwuh / ewuhe wong aulah / kawaspadan
maring gaib / bedanira asring kakenan nugraha //
- // Rarasen ing samadyanya / kewala lair lan
batin / antepira kang santosa / barang parentah Hyang Widhi / kang dadi
lawan tafsir / aja gumingsir ing kalbu / saobah osikira / pasraha
karsaning Widhi / dadi sidik kasidanira widada //
- // Racuten ing panarima / yeku tetalining eling
/ lire kabekaning driya / wus tan ana anglabeti / ing mengko sun jarwani /
lakune ekhlasing kalbu / napi patang prakara / lawan isbating kang tafsir
/ wujud ngelmu nur suhut napi isbatnya //
- // Dene wujud tegesira / ya ana ananing Widhi /
ngelmu kawruh tegesira / ingkang kawruh ing Hyang Widhi / yeku isbat
babade kaanan tunggal //
- // Tunggale kaananing Hyang / iya ananira iki /
ngawruhi Hyang kawruhira / cahyaning Hyang Kang Ma Suci / iya cahyanireki
/ muklising Hyang Kang Aluhur / tan ana prabedanya / wruha bedaning
atunggil / dadi tetep anane Gusti kawula //
- // Pan ing kono patrapira / sejene kawruhireki
/ sinandhang iradating Hyang / sinerung aralireki / tegese angadhangi /
ing driyanira kang wanuh / lan pancadriyanira / weh pantog petenging ati /
anenulak marang kawaspadanira //
- // Sarehna tyas kang santosa / rehning aral
kang ngawruhi / aja ngemeng panarima / trimanen ganjaran Widhi / dhaupa
myang kedheping / iradatira Hyang Agung / ing kono yen wus nyata / tetepe
atunggal kapti / yeku mangka loro-loroning atunggal //
- // Lorone aral kawula / wiji ing ujar sawiji /
obah-osiking kawula / meneng muni kang awening / yen nembah lan amuji /
tan ana jujug-jinujug / pujine mung raharja / raharjane wong sabumi /
barang tingkah polah iku krana Allah //
- // Solah-bawa melasarsa / yen ta ikhlas lair
batin / dene tegese kang cahya / cahyaning Hyang Kang Ma Suci / kawawa
amadhangi / jagad cilik jagad agung / myang Kang Murba Misesa / warna
lintang lawan sasi / kabeh ingkang sumorot cahya Kang Murba //
- // Padha cahya nora kena / pinapadhan
anglimputi / ing alam sahir kabirnya / kang sestu cahyaning Widhi /
sumandhing amadhangi / jagad gung akeh kalimput / momoring cahyanira /
prabane sajroning kapti / anrambahi prabaning kang diwangkara //
- // Pira-pira prabawanta / tangi turu mlaku
linggih / ya cipta kuwasanira / pribadi ingkang mastuti / temtu nur-ing
Hyang Luwih / den waspada ing pangangkuh / kukuhen utamanya / tuman
tumemening Widhi / satuhune sireku sarasaning dat //
- // Polah-tingkah saking Allah / ngawruhi
bedaning tunggil / rehning apes duwekira / ngrasaa lamun antuk sih /
sengsemana kang yekti / iradat ingkang saestu / teka ing ikhlasira / iku
bokmanawa keni / padhang iku pratandha antuk sihira //
- // Ing lohkhil-makful manawa / agung pamoring
kaleki / iya tegese anuksma / sinuksma mungguh Hyang Widhi / dene kang
ngati-ati / mring badan temennya emut / laire kawruhana / kawisayaning
ngaurip / uripira anane ing sangkanparan//
- // Mangkono bangsaning cahya / dene cahya
bangsa napi / sayektine isbat uga / napine pan napi jinis / pamore bangsa
gaib / warnane cahya wewolu / dene kang catur warna / pratandhanira Hyang
Widhi / amobahken amosikken ing kawula//
- // Kumalebating kang cahya / pratandha sira
antuk sih / ing Hyang Ingkang Murbeng Alam / tanapi antuk prihatin / tuna
kalawan bathi / ing kono pan wus tinemu / tan kena tinampika / miwah tan
kena pinilih / tampanana ing nikmat lawan manpangat //
- // Rupa kang catur warnanya / abang ireng
kuning putih / iku kodrating kanyatan / maweh senenging ngaurip / obahing
bumi langit / siru’llah ing wastanipun / marma sira den awas / marwasi
ilapat jati / ana maneh kang cahya dadi pratandha //
- //Gegolongan dening cahya / tri warna wenes
awening / sajuga jenar pratandha / lara kapenaking dhiri / miwah raharjeng
dhiri / dene putih ing warneku / meh tinggal ingkang dunya / dene ingkang
warna abrit / pratandhane elingan sabarang karya //
- // Prananing cahya kang nyata / iku isbat napi
jinis / puniku rencananing tyas / sring napi jamaning pati / sapisan
anempeli / ingkang awas ikhlas emut / wawasen kang waspada / angudi
sampurneng pati / sedyanira dadi kanthining Hyang Suksma //
KINANTHI
- // Dene lakune ing suhut / suhut tegese
amukhlis / mukhlis wus tan karem dunya / tan ana rerasan malih / nora lara
nora esak / tan suka datan prihatin //
- // Kaananing Kang Maha Gung / purba wasesaning
mukhlis / Hyang Suksma ndadekken alam / myang akarya bumi langit /
isen-isene bawana / manusa tinitah luwih //
- // Tanpa uni tanpa wujud / ingkang wujud tanpa
uni / tan arupa tan aganda / ana ganda tanpa nami / kang wujud datanpa
bawa / ana wuwus tanpa warni //
- // Kang lungan tan nedya mantuk / kang mulih
tan lunga nguni / warna-warna titahing Hyang / sinandhang titahing Widhi /
sami sinung kanikmatan / mupangat murahing Widhi //
- // Kabeh rusak yektinipun / tan ana langgeng
sawiji / mung manusa kang kinarya / tinitah luhur pribadi / ana rusak ana
ora / uripe tan owah gingsir //
- // Sajati-jatine iku / Kang Murba Miseseng
dasih / tunggal lawan mukhlisira / tan ana sipat kekalih / wruha bedaning
panunggal / tunggalena nala ening //
- // Jatine prabedanipun / mukhlis tinarimaning
sih / sihing Hyang marang ing sira / tegese panrimaneki / adhepira ing
Hyang Suksma / iku sajatining mukhlis //
- // Ing kono prabedanipun / barang rehira
atunggil / ywa sira darbe panyipta / kuwasa wasis pribadi / den sukur
lawan narima / yen pinareng sihing Widhi //
- // Dadine datan kalawun / kayunira kang lestari
/ lestari pamoring Suksma / sinuksmanan kang patitis / murwaka purbaning
karsa / karyanta tansah den sihi //
Posting Komentar untuk "KAWRUH NAFI ISBAT"