Kisah Angling Dharma
Kisah Prabu Angling Dharma
Urut-urutan
trah utawa keturunan Prabu Angling Dharma miturut narasumbere yaiku mangkene :
Sadurunge Angling Dharma lair, ana salah sawijining krajan yaiku Krajan
Hastina sing dipandhegani dening Raja Parikesit. Wiwit Parikesit nduwe putra, pagesangan ana ing krajan mulai
tansaya kurang apik amarga ana persaingan rebutan tahta krajan. Raja Parikesit
marisake tahtane dening putrane Yudayana. banjur Yudayana mimpin krajan iku,
krajan meh ngalami kemunduran nganti Raja Yudayana wani ngganti jeneng krajane dadi
Krajan Yawasita. Perubahan jeneng krajan dilakokne supaya pagesangan krajan ing
mbesuke sing dipandhegani raja Yudayana tansaya maju. Nanging kenyataane masa
depan krajan Yawasita tetep ora maju. Sahingga tahta Raja Yudayana diwenehake
dening Gendrayana sing dhisik tau saingan karo Yudayana.
Banjur krajan
dipandhegani Raja Gendrayana, lingkungan
krajan tansaya apik lan lekas ana perubahan kang luwih sejahtera tanpa ngelih
lan kekurngan. Wektu kepemimpinan Gendrayana ora pati suwi amarga dheknen
ngukum adine dhewe Sudarsana sing dasar kesalahpahamane antara rong pihak.
Banjur Batara Narada utawa salah sijining pendeta saka kahyangan sing wicaksana
teka ing krajan Yawastita kanggo ngadili Gendrayana. Gendrayana diukum diguang
ana ing alas dening Batara Narada. Banjur si adi Sudarsana didadekne pengganti Gendrayana. Gendrayana ngajak
balasetyane kanggo urip bareng lan nggawe krajan anyar ing mbesuke.
Salebare
pirang taun ana ing alas, akhire krajan brasil ngadeg amarga perjuangane sing
dilakokne Gendrayana. Krajan kuwi diwastani Kerajaan Mamenang oleh Gendrayana.
Lan raja sing kapisan yaiku Gendrayana dhewe. Krajane mesthi unggul ana ing
persaingan karo krajan Yawasita. Sawise ngalami mangsa kejayaan, Gendrayana
kagungan putra sing dijenengi Jayabaya. Gendrayana marisake tahtane dening
Jayabaya. Lan Raja Sudarsana uga nyerahake tahtane dening putrane yaiku
Sariwahana. Banjur Sariwahana marisake tahtan dening putrane Astradama amarga
Sariwahana ora pati seneng dadi raja. Rong krajan iki asring perang sedulur
kanthi naun.
Pungkasane
rong krajan iki akur sawise diewangi dening Hanoman sing wis tapa luwih saka
atusan taun. Hanoman nindakake tindakan sing ngakurake rong krajan Yawastina
karo krajan Mamenang kanthi ngwinke salah siji anggota krajan. Yaiku Astradarma
dikwinke karo Pramesti, Putra Jayabaya.
Sawise kawin,
Pramesti ngimpi ketemu karo Batara Wisnu. Batara Wisnu ngendika yen dheweknen
arep dilairke ing dunya liwat raime dhewe. Amarga kedadeyan ngimpi kuwi,
teka-teka wetenge Pramesti ngandhut lan ana ing njero raime ana jabang bayi. Dumadakan
Astradarma nuduh Pramesti selingkuh karo wong liya. Sahingga Astradarma ngsusir
bojone supaya bali ing negarane. Nalika Jayabaya nemoni putrine mlaku tumuju
istana karo kondisi ngandhut lan lemas dhumes, Jayabaya murka sanget dening
Raja Astradarma. banjur Jayabaya ngutuk krajan Yawastina kelelep banjir bandhang
sing gedhi banget. Ora suwi kutukan kuwi klakon lan ngenani krajan Yawastina.
Pungkasane Raja Astradarma lan kabeh rakyate kaempas lan ngilang sak istanane
amarga banjir sing kuwi mau. Kaya mengkono pungkasane krajan Yawastina.
Sawise krajan
Yawastina runtuh, Pramesti nglairake putra sing dijenengi Angling Dharma. Angling
Dharma kuwe jabang bayi titisan Dewa Wisnu sing nduweni kekuatan sing sekti
mandraguna. Angling Dharma dilairake bebarengan matine Jayabaya.
Sawise matine Jayabaya, tahta krajan Mamenang banjur diwenehake dening Jaya
Amijaya (Sedulure Pramesti).
Jaman cilik
tekan remaja Angling Dharma asering banget mbantu kanca-kancane.
Dheknen asring mbrantas kejahatan
sanadyan umure Angling Dharma isih enom. Akeh perampok-perampok sing dikalahake. Sahingga
dheknen diajeni dening masyarakat sing wis dibantu kuwi mau. Nalika
remaja, Angling Dharma lekas nglatih lan ngasah ilmu silat lan
kanuragan. Amarga wis sekti awit cilik, Angling Dharma gampang
nangkep ilmu-ilmu sing diajarke gurune, yaiku Begawan Maniksutra. Dheknen uga
diajari gurune mburu sing apik lan ora ngrusak alam. Namung 30
menit, Angling Dharma brasil nglumpuhak singa siji sing gedhe.
Angling
Dharma asring mateni kewan sabubare buru. Wektu sedina, Angling Dharma asring
mbantai telung singa. Ngenani bab kuwi, guru nyeneni Angling
Dharma nganti dheweknen ora gelem latihan dening gurune dhewe.
Rong taun lawase, Begawan Maniksutra brasil nguasani ilmu kanuragan lan
jurus-jurus sing hebat. Sawijining dina Begawan ketemu Angling Dharma lagi
buru lan nggawa singa loro sing ditaleni dening Angling Dharma. Begawan
Maniksutra langsung ngalangi Angling Dharma sing ketes-ketes.
"Dharma! Mandheka nang
kono!" ngendikane Begawan Maniksutra.
"lagi apa kowe ana ing kene?
Sumingkira saka dalanku," wangsulane Angling Dharma.
"Dasar bocah kurang ajar! Culake
singa loro kuwi. Utawa kowe ..."
"Aku apa?aku ora wedi karo awakmu
sanadyan aku pernah merguru marang awakmu," Angling Dharma nyuthel
ngendikane Begawan.
"pancen tansaya gedhe
tansaya kurang ajar ya kowe. Rasakna i..." banjur dicuthel karo
Angling Dharma.
"Rasakna apa? Aku ora wedi
sanadyan kowe sekti." Angling Dharma ngguyu sinambi ndelok jurus sing
ditokne dening Begawan Maniksutra.
"ngendi ilmumu
guru?" Angling Dharma takon.
"deloka sisih-sisihmu," ngendikane
Begawan. Angling Dharma kaget ndelok tali sing ditalekake ana ing
singa kuwi banjur ilang. Banjur Angling Dharma langsung mlayu ngendha saka
loro singa sing diburu dheknen kuwi mau. Sawise mlayu adoh, akhire Angling
Dharma lolos saka singa mau. Ujug-ujug Begawan Maniksutra ana ing ngarepe Angling
Dharma. Angling Dharma langsung nyuwun karo Begawan Maniksutra ngangkat
dhewekne dadi muride maneh. Sasuwene Angling Dharma dadi murid Begawan
Maniksutra, dheknen diajari ilmu-ilmu sing dikuwasani Begawan Maniksutra supaya
bisa nerusake ilmune kanggo para mudha mrtahanake negeri.
Akhire Angling
Dharma brasil nguasani kabeh ilmu lan jurus-jurus sing diajarke dening Begawan
Maniksutra. Banjur nduweni tekad lan kyakinan, Angling Dharma pengin nggawe
negara anyar amarga ngerti sejarah negarane mbahne sing ndhisik asring perang
karo negara liya. Angling Dharma pengin nyiptaake krajan sing makmur
lan aman kanggo rakyate.
Sawise Angling
Dharma dewasa, Angling Dharma nduwe niat nggawa ibune pindah ana ing
negarane sing wis dibangun dhewe. Negara kuwi dijenengi Malawapati. Ana ing
kana, Angling Dharma mimpin negarane dhewe lan ngatur negarane dhewe
lan nduwe gelar Prabu Angling Dharma utawa Prabu Ajidharma kanggo
awake dhewe. Sawise krajan Yawastina ngerti kemakmuran sing kadaden ana ing kerajaan
Malawapati, Jaya Amijaya minangka raja Yawastina ngkekake seprapat kekuwasaane dening
Angling Dharma kanggo makmurake rakyat anyare.
Nadyanta
dheweknen raja, dheknen tetep ora gelem ninggalake kabiyasaane
buru. Angling Dharma seneng buru nalika wengi amarga kewan-kewan
gampang banget yen diburu nalika wengi. Nalika dheweke buru, dheweke ketemu
wanita sing lagek umpetan saka macan. Banjur dheweknen nggawa wanita kuwi mau
ana ing papan kang aman saka macan kuwi mau. Ana ing dalan loro karone padha
kenalan lan nyritaake apa kesenengane. Wanita kuwi pranayata jenengane Setyawati
sing bapakne pranyata pratapan sekti sing jenenge Resi Maniksutra. Angling
Dharma banjur ngeterake balik ana ing omahe. Angling Dharma banjur
kepincut karo Setyawati, Angling Dharma nduwe niat arep nggarwa Setyawati minangka
pacangan lan kanca urip.
Lan pungkasane Angling Dharma uga nglamar
Setyawati dadi garwane. Nanging ana masalah nalika arep nggarwa Setyawati.
Kakang Setyawati sing jenengane Batikmadrim wis sumpah sapa wonge sing arep
nggarwa adhine kudu ngalahake dheknen dhisik. Ngerti sumpah kuwi mau, Angling
Dharma wani nglawan Batikmadrim kanggo ngentukake Setyawati. Banjur
Batikmadrim lan Angling Dharma tandhing lan dimenangake Angling Dharma. Sawise
iku, Setyawati dadi permaisurine Angling Dharma lan Batikmadrim
diangkat dadi patih ing Krajan Malawapati.
Ing sawijining
dina, Angling Dharma mergoki garwane Nagaraja sing jenengane Nagagini
sing lagek selingkuh karo ula tampar(Nagaraja salah sawijining guru ana ing
krajan Yawastina). Bab kuwi dingerteni Angling Dharma nalika buru ana ing
tengah wengi. Angling Dharma banjur mateni ula kuwi mau supaya apik
sakabehane. Nanging Nagagini bali kanthi cidra. Nagagini banjur nyusun laporan
palsu kanggo miwales dening Angling Dharma sing wis mateni kancane.
Nagaraja banjur nyusup ana ing krajan Malawapati. Nanging nalika nyusup ana ing
krajan, Nagaraja nyeksekne Angling Dharma lagi nyritakake perselingkuhane Nagagini
marang Setyawati. Nagaraja banjur sadar yen sing salah kuwi bojone. Nagaraja banjur
ngetok lan njaluk ngapura marang Angling Dharma amarga meh mateni Angling
Dharma.
Nalika iku
Nagaraja ngaku yen dheweke arep mati amarga wis tekan wayah moksa (Moksa yaiku
nalika nyawa metu saka ragane banjur reinkarnasi dadi uwong maneh). Banjur Nagaraja
marisake ilmune arupa Aji Gineng dening Angling Dharma. Ilmu kuwi kudu dijaga
lan dirumat kanthi rahasia. Sawise marisi ilmu kuwi, Nagaraja banjur seda. Mayit
Nagaraja banjur digawa marang daleme garwane dening Angling Dharma lan Angling
Dharma njelaske karo Nagagini kabeh kedadeyan sadurunge seda.
Sawise Angling
Dharma marisi ilmu saka Nagaraja, dheweknen bisa mangerteni basa kewan. Dheweke
nate ngguyu nalika mirengake pacelathone pacangan cecek. Bab kuwi nggawe Setyawati
tersinggung amarga wiwit dheweknen ngingu kewan buruan dheweke ora tau
digatekake. Angling Dharma ora gelem terusterang amarga kebacut janji
bakal ngrahasiakake ilmu Aji Gineng. Bab kuwi marakake Setyawati tansaya nesu.
Setyawati banjur milih merjaya awake dhewe amarga wis ora dianggep karo Angling
Dharma. Angling Dharma janji bakal ngancani Setyawati mati, tinimbang
kudu mbocorake ilmune kuwi mau. Nalika upacara pembakaran kuwi digelar, Angling
Dharma sempet ngrungokake pacelathon wedhus loro. Sak pacelathon kuwi mau Angling
Dharma sadar yen keputusane ngancani Setyawati mati kuwi keputusan kang
ora trep lan bisa ngrugekake rakyat.
Sawise matine
garwane kanthi tragis, Angling Dharma nglakoni ukuman buwang kanggo
nebus dosa. Ukuman kuwi saka panjalukane rakyate dhewe. Amarga Angling
Dharma wis ora nepati janji bakal saurip semati karo garwane. Sanadyan Angling
Dharma diukum, dheknen tetep ora lengser saka krajan. Banjur Angling
Dharma nitipake krajan marang Batikmadrim sesuwene dheknen nglampahi
ukuman.
Ana ing perjalanan, Angling
Dharma ketemu telung putri sing jenenge Widata, Widati, dan Widaningsih. Ketelune
kepincut marang Angling Dharma lan nahan supaya ora lunga ninggalake
dheweknen. Sesuwene padha kenalan, Angling Dharma njaluk tulung
ngenei papan kanggo dheweke urip. Akhire ketelu putri kuwi mau ngenei papan
kanggo uripe Angling Dharma. Nanging sesuwene urip bareng telung putri kuwi mau, Angling
Dharma ngrasaake ana sing ganjil ngenanai putri-putri kuwi mau asring metu
ana ing wayah wengi. Banjur Angling Dharma nyamar dadi peksi gagak lan
ngindhemi putri-putri kuwi mau. Pranyata saben wengi putri-putri mau pesta
mangan daging menungsa saben wengi. Pungkasane kacurigan Angling Dharma wis
kebukti. Telung putri kuwi mau pranyata penyihir sing senengane mangan daging
menungsa gawe panganane.
Nalika Angling
Dharma konangan kegiyatan para putri kuwi mau lagi mangan daging menungsa, Angling
Dharma banjur tandhing karo teliung putri kuwi mau. Nanging kesektiane Angling
Dharma isih bisa dikalaheake karo telung putri kuwi mau. Akhire telung
putri kuwi mau ngutuk Angling Dharma dadi belibis putih. Belibis putih mau
banjur mabur tekan Krajan Bojanagara. Ana kana, dheknen dingu karo bocah desa
yaiku Jaka Geduk. Jaka Gduk kaget nalika ngerti yen belibis putih kuwi mau bisa
micara karo dhewekne.
Nalika kuwi,
Darmawangsa minangka raja Bojanagara lagi bingung ngadepi pengadilan sing
kasuse yaiku wong wedok kang jenengane Bermani nduweni bojo jang rupane padha
lan jenengane padha, yaiku Bermana. Banjur jaka kuwi teka lan nggawa belibis
putih kanggo mbantu raja ngadili Bermani. Saka petunjuk belibis putih, Jaka
Geduk brasil mbongkar Bermana palsu bali ing wujud asline, yaiku Jin
Wiratsangka. Saka keberhasilane iku, Jaka Geduk diangkat dadi hakim negara, lan
belibis putih dijaluk dadi ingonane putri raja Bojanagara sing jenengane Ambarwati.
Sanadyan Angling
Dharma awujud belibis putih, dheknen bisa ngrubah wujude nalika wengi thok.
Nanging Angling Dharma ngrahasiakake kesaktenane kuwi marang sapa wae
kejaba Ambarawati. Saben wengi dheweknen nemoni Ambarawati awujud menungsa
sahingga dadi kepincut lan trisna. Akhire Angling Dharma kawin karo Ambarawati
tnpa dingerteni wong tuwane. Saka perkawinane mau banjur Ambarawati ngandhut.
Darmawangsa
gumun lan bingung ngerteni putrine ngandhut tanpa bojo. Kebetulan nalika
kebingungane raja mesthi ana dalan jalaran wong katelu. Banjur teka pratapan
sekti kang jenengane Resi Yogiswara ngaku siap nemokake bapakne jabang bayi
sing ana ing kandhutan Ambarawati. Yogiswara banjur nggoleki pelakune. Resi curiga
karo blibis putih sing ana ing kamar sing nduweni kalung padha persis karo
kalunge Angling Dharma. Banjur Resi Yogiswara nyerang belibis putih ingonane Ambarawati.
Sawise tanding, belibis putih bali ing wujud asale yaiku Angling Dharma, lan Yogiswara
ngrubah wujud dadi Batikmadrim. Tekane Batikmadrim sing sabenere yaiku methuk Angling
Dharma sing wis purna mangsa ukumane.
Raja Darmawangsa malah nampa
lelakone Angling Dharma marang putrine lan mangestoni hubungane dheweke.
Sahingga raja Darmawangsa nglakokake upacara mantenan kang gedhen kanggo
nyambut Angling Dharma. Angling Dharma banjur nggawa Ambarawati
pindah ing Malawapati. Saka perkawinan kuwi, akhire lair putra sing jenenge Angling
Kusuma. Angling Kusuma bakal nerusake krajan Bojanagara lan bakalan nggenteni
mbahne kuwi mau. Nanging, sesuwene Angling Kusuma dadi raja, dhekenen nduwe
musuh kang jenenge Durgandini dan Sudawirat sing arep njugrugake krajan Bojanagara.
Sawise baline Angling
Dharma ing Malawapati, krajan Angling Dharma berjaya lan bisa
mbantu putrane merangi musuh-musuhe. Lan nalika iku sudawirat kabukak atine lan
ngabdi ana ing krajan sing dipimpin Prabu Angling Dharma. Lan Durgandini sinedya
ngabdi ing krajan Bojanagara. Kisah Prabu Angling Dharma

ngabdi ing krajan Bojanagara.
Posting Komentar untuk "Kisah Angling Dharma"