KITAB WEJANGAN MAHA PRANA JATI
Oleh : Bp. R.S KOESOEMOWARDOJO
BAB :
SASTRATJETA (2)
Sejatine aksara Jawa iku saka penemune Pujangga Jawa
ing jaman kuna. Aksara jawa iku ora mung perlu kanggo nulis utawa
nyateti kedadian-kedadian kang wigati bae, nanging uga yimpen kawruh rupa-rupa.
Mengkono ugo bab anane gamelan sarta wajang purwa, iku kang ngarang
suwargi Kanjeng Sunan Kalijaga ing desa Kadilangu Demak, iku uga ngandut kawruh batin lan lahir. Terange kaya kang kasebut ing ngisor iki :
suwargi Kanjeng Sunan Kalijaga ing desa Kadilangu Demak, iku uga ngandut kawruh batin lan lahir. Terange kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Gamelan kang diweruhi dening wong akeh (masyarakat) iku
isine mung bab kesenian, gending lan lagu utawa irama. Nanging kajaba iku
salugune uga isi kawruh bab kawuksman, ilmu jiwaning manungsa.
Wayang Purwa, kang lumrah mung isi lelakoning manungsa
ing jaman kuna, nanging saklugune uga isi kawruh bab duduk selehe utawa dununge
jiwaning manungsa.
Kacarita ing
Negara Ngalengka, kang dadi aran Prabu Dosomuka, duwe sadulur nunggal rama itu
telu, sing loro lanang, sijine wadon aran :
1. Kumbakarna.
2. Wibisana.
3. Ayu Sarpakanaka.
2. Wibisana.
3. Ayu Sarpakanaka.
Iki salugune dadi simbul utara plambange wadining kawruh
kebatinan, kang ngenani wataking manungsa, terange mangkene :
1. Dosomuka
iku dadi sanepane napsu amarah.
2. Kumbakarna
iku dadi sanepane napsu aluamah.
3. Wibisana
iku dadi sanepane napsu mutmainah.
4. Sarpakanaka
iku dadi sanepane napsu supiyah.
Mangkono plambang kang sumingit ana ing wayang Purwa, ngemut pituduh bab kawruh lahir lan batin. Mangkono uga wadine kang sumimpen ana ing dalam aksara Jawa (Carakan) malah luwih wigati maneh.
Aksara Jawa iku jumlahe mung ana 20 iji, yaiku :
1. Ha
11. Pa
2. Na 12. Da
3. Ca 13. Dja
4. Ra 14. Ja
5. Ka 15. Nya
6. Da 16. Ma
7. Ta 17. Ga
8. Sa 18. Ba
9. Wa 19. Ta
10. La 20. Nga
2. Na 12. Da
3. Ca 13. Dja
4. Ra 14. Ja
5. Ka 15. Nya
6. Da 16. Ma
7. Ta 17. Ga
8. Sa 18. Ba
9. Wa 19. Ta
10. La 20. Nga
Carakan iki ora mung kanggo nulis laying bae, nanging duwe wadi kang kang tumuju marang kawruh kebatinan, terange mangkane :
Aksara kang sepisan aran Ha, dene pungkasane aran Nga,
dadi kang 18 iji liyane iku minengku dening aksara Ha lan Nga, tegese Ha lan
Nga iku “Hangen-hangen” utawa “Hangin”. Uripe manungsa era bisa pisah kalawan
Hangen-hangen lan Hangin, yen sak karone iku ora ana,
manungsa mau aran tilar donya. Dadi nyata yen carakan mono nyimpen wewedining uripe manungsa.
manungsa mau aran tilar donya. Dadi nyata yen carakan mono nyimpen wewedining uripe manungsa.
Kajaba aksara 20 warna mau, ana tambahane aksara silihan
limang rupa, yakui A.I.U.O.E. limang aksara iki aran aksara “suwara”, terange
mangkane, ora dumunung ana ing jaba lan ing njerone badaning manungsa wondening
aksara 20 iji mau, dibagi dadi rong golongan :
GOLONGAN KANG SAPISAN
20 iji dipecah
dadi telung bagian, yaiku :
1. Ha lan
Nga
2. Na, Tha, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La
3. Pa, Da, Dja, Ja, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha
2. Na, Tha, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La
3. Pa, Da, Dja, Ja, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha
Tegese :
Ha lan Nga, iku angen-angen utawa angin, Na, Tja, Ra, Ka,
Dha, Ta, Sa, Wa, La, iku babahan hawa sasange lahir.
Pa, Da, Dja,
Ja, Nja, Ma, Ga, Ba, Tha, iku babahan hawa sasanga batin.
GOLONGAN KANG KAPINDO
20 iji mau
dipecah dadi patang bagian:
1. Ha, Na,
Ca, Ra, Ka
2. Dha, Ta, Sa, Wa, La
3. Pa, Da, Dja, Ja, Nya
4. Ma, Ga, Ba, Tha, Nga
2. Dha, Ta, Sa, Wa, La
3. Pa, Da, Dja, Ja, Nya
4. Ma, Ga, Ba, Tha, Nga
Tegese :
Ha, Na, Ca, Ra,
Ka = ana utusan.
Dha, Ta, Sa,
Wa, La = pada salawa = tukaran.
Pa, Da, Dja,
Ya, Nya = pada sektine.
Ma, Ga, Ba,
Tha, Nga = pada mati kabeh.
Keterangan kang luwih ceta maneh mangkene :
* Ha na ca ra ka, karepe wis ana
utusaning Allah, yen ing saat iku wis mlebu ing petung kurang 20 dino
bakal tilar donya.
* Dha ta sa wa la , ing wektu iki
kahanane lahir lan batin wis ora cocok, mratandani yen patine wis
kurang 15 dino maneh.
* Pa da ja ya nya, ing wektu iku
kahanane lahir lan batin dadi gumolong tetap teguh, ora ana rasa
owah gingsir, ilang was sumelang, iki tegese nompa sasmita yen patine
wis kurang 7 dina maneh.
* Ma ga ba tha nga, ing wektu iku
rasaning lahir lan batin wis ora duwe karep apa apa, iku mratandani
wis tumeka ing janjine urip ninggal donya.
Wondene aksara suwara A I U O E, iku melindungi jasate
manungsa ana ing alam donya lan akerat. Supaya tambah gamlang maneh, diterangke
sarana nganggo gambar kaya kang kasebut ing gambar iki :
Keterangan :
No. 1 tumeka No. 8 iku tegese badaning manungsa, No. 1 tumeka III iku tegese alaming manungsa, alam wadag, jaga melek.
Wondene bunderan kang ora ana nomere iku, tegese panguwasane Gusti Allah.
No. 1 tumeka No. 8 iku tegese badaning manungsa, No. 1 tumeka III iku tegese alaming manungsa, alam wadag, jaga melek.
Wondene bunderan kang ora ana nomere iku, tegese panguwasane Gusti Allah.
SASMITANING
PATI
Mungguh kang
dadi tonda tandaning sasmitaning pati iku mangkene :
Ing sakawit yen sira tangi turu, duwe pangrasa rasaning
pikir lan atimu, ora tetep seneng, duwe pangrasa kang during tau ngalami serta
rasaning lakuning napas ora kaya adat saben, tegese wis kurang lancar. Yaiku
tanda yen wis ana utusan saka Pangeran bakal mati kurang 20 dina. Iku nyatane
sastratjeta tjarakan mau.
Ing kono sira wayahe masrahake jiwa lan raga marang Gusti
Allah, mantrane mangkene : Ingsun masrahake kang dadi panguwasaning Pangeran
wolung prakara, yaiku Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa, Pamiarsa, Paningal lan
Panggonda. Muga pada muliha marang asalika saka kodrat
Ingsun.
Ingsun.
Yen wis
masrahake mangkono wajib sira ngurangi kareping wolung prakara iku, kaya kang
kasebu ing ngisor iki :
1. Roh, napase roh kudu
disirnakake, umpama maune sadurunge tompa sasmita karem banget ngumpuli marang
wanita, sakiki banjur ora ngumpuli wanita maneh.
2. Napas, napsuning napas kudu
disirnakake, tegese umpama kepetuk mungsuh ora kena sengit, ora kena
napsu marang sapa bae, atine kudu digawe sabar, pulatan kudu sumeh, yen
rumongsa duwe dosa marang sapa bar, inggal jaluk panggapura, rasane sing nganti
kandas ing lahir batin.
3. Budi, ilangana krentenging
budi kang ora iklas-lila sanajan duwe bonda mayuta juta regane, anak bojo kang
kinasih kabeh iku lilakna = iklasna, paribasane samendang pinara sewu wis
ora bakal dieman neh.
4. Iman, sampurnakna imanmu,
tegese kabeh tindak lakumu kang sarwa pasrah lan sabar mung gumolong
meleng sawiji tumuju marang sediyamu kang sejati, bali marang asal mula
mulanira.
5. Pangrasa, golongan tekatmu,
aja duwe pangrasa kang ora becik, sanajan sira krungu wong omong kang ora
tata, umpamane sira dipisuhi, iku tampanen kanti pangrasa kang becik, aja
nganti obah atimu, duwe pangira marang liya kang ora becik, iku uga ora
kena. Cekake kabeh kedaden ing alam donya iki becik kabeh, dadi
pangrasamu mung nrima ( nompo kabeh kahanan kang ala lan becik digawe
pada ).
6. Pamiarsa, napsuning pangrungu
kudu disirnakake, tegese aja ngrasakake suwara kang sarwa nikmat lan
nyenengake utawa gawe bungahing atimu. Dadi karepe aja nganti trima
marang sakwernaning suwara kang ana ing alam donya.
7. Paningal, sirnakna napsuning
paningal, tegese aja nganti duwe (weruh) marang rerupan apa bae kang asal
saka alam donya.
8. Panggonda , pangambu sirnakna,
tegese aja nganti kena panggandaning pangambu, gonad sedep arum wangi aha
nganti manjing ing sanubarimu,kang kudu diesti mung gandane diri pribadi.
Kang kapindo : yen wis ngrasa bisa nguwasani lahir lan
batin, tegese wis bisa kasembadan apa kang dadi sediyane, hananging ing kono
isih apa rasa bungah lan susah. Manawa bungah rasane luwih bungah banget, yen
susah uga mangkono rasane nganti kandas ing batin. Paribasane nganti ora kena
diukur susahe.uga banjur krungu suwara kang selawase durung tau krungu, lan ora
katon sapa kang nyuwara mau lan uga mambu gonda kang durung nate gonda, kaya
mambu gandane bayi kang nembe lahir saka biyunge. Yen weruh rerupan ya rupa
kang sarwa elok ya iku tanda yen utusan mau lagi poncakara (perang) iku tegese
wis kurang 15 dina maneh bakal tilar donya. Ya iki buktine : Dha, ta, sa, wa,
la.
Yen wis ana tanda mangkono, ya iku wis tutuk wayahe
masrahake gawa kang asal saka Bapa lang Biyung, mantrane mangkene :
Ingsun masrahake kang dadi panguwasane Bapa lan Biyung
wolung bab, yaiku : kang asal saka Bapa, getih, daging, kulit, uteg, dene kang
saka Biyung : balung, sungsum, urat, jeroan, pada muliha marang asal ira saka
kodrat Ingsun.
Yen wis masrahake mangkone iki, sira tumuli semadi kaya
wulangan bab semadi kang sapisan ing ngarep. Manawa tata carane semadi mau wis
dilakoni kabeh, sira mujia mangkene : “Ashadu tibaning rasa Allah, patemone
Rasullulla, sampurnane iya Rasullullah”.
Puji iki di ucapke yen wayah arep turu lang tangi turu.
Nanging yen arep turu kudu moca uncine mangkene : “Niat Ingsun turu, badan
gumuling atiku eling, roh madep imanku tetep”. Dene yen tangi turu wacane
mangkene : “Sirrullah kang mati, dattullah kang urip.”
KANG KATELU
Manawa pikiran wis krasa ora ajeg, tegese nggrambyang
utawa cat eling cat lali, lan ambuning napas uga wis beda karo adat sabene, iku
tetepi sasmita mratandani kurang 7 dina maneh tumeka ing pati, yaiku nyatane
Pa, da, dja, ya, nya.
Ing kono wektune neguhake utawa golongake pikiran, was
sumelang kudu disirnakake, aja kuwatir apa apa, mung kang esti rasa lila
legawa. Lila marang kabeh donya branane, wis wancine didumake marang
ahliwarise, yen duwe kawruh (ilmu) apa bae uga wajib lang inggal di tampakake
(diwejangake) marang sapa bae kang pantes lan bisa nompa.
Legwa masrahake jiwa ragane marang Gusti Allah, rasaning
ati nganti lega (iklas) wus ora ana barang sawiji kang den akoni. Ing kono kari
rasa sucining batin kang ana. Yen duwe welas (welingan marang anak putu apa
sadulur lan liyane, inggal tuturana (kahirna) perlune supaya yen wis tumeka
wancine muling ing alam baka, wis ora ragu ragu apa mandek tumulih dadi bisa
gawe padang dalane dewe.
KANG KAPING PAPAT
Manawa sira wis krasa arep turu bae, (tansah ngantuk) iku
pratanda yen kekuwataning paningal wis kumpul ana ing uteg, iku tegese wis
mlebu wayah tinggal donya yaiku Ma ga ba tha nga.
Ing kono sira kudu ngatur lan jaga, aja nganti ana rasa
owah gingsir, sanajan mung samendang pinara sewu. Kang ana mung awas lan eling
marang isi sarine kawruh kang wis sira rungkebi, kumpul gumolong dadi siji ana
ing agen agenmu tumuju marang kang sira sediya.
Yaiku retine Ha lan Nga kang hamengku lan murbawasesa
kabeh kang dumadi.
oooooo0000000ooooooo
AUM AWIGNAM
NASTU NAMAS SIDDAN
Tegese
RAHAYUWA SAGUNG KANG DUMADI
RAHAYUWA SAGUNG KANG DUMADI
Ing kono yen sira mambu gonda amis, kaya ambune getih
nalika lahire jabang bayi, iki mertandani yen isih eling marang bab kadonyan
kayata : eling marang donya branane, eling marang kekasihe lsp, iki gawe peteng
dalan kang tumuju marang kasampurnan sejati.
Yen mambu batin iki tegese isih eling marang anak putune
utawa para sadulure lan mitrane, iki anggawe binggunge dalan mring kasidan jati
yaiku godane ari ari (bing-bing).
Yen mambu wangur, yaiku godaning kawah yen kena pangaruhe
goda wangur iki tegese isih emut marang pengertine (ilmu) iki gawe ragu
raguning pangerti kang tumuju marang sampurnaning pati.
Yen gonda wangi, iku ambune bungkuse bayi, yen kena
pengaruhe gonda wangi iki martandani isih eling marang Allah, iki gawe salah
panganggep ing tujuane kasampurnan.
Yen mambu sedep kaya ambune bayi kang wis resik, iku
tanda yen isih eling lan ngakoni dadi makluk (kawula) iki kang gawe sampurnane
dumadi, mulih marang mula mulanira. Iki nyatane aksara suwara A.I.U.O.E tegese
: A = Aku, I = Iki, U = Urip, O = Oleh (nompa), E = Eklas, rahmat.
Dadi aksara
suwara iku kang hamengkoni ing badaning manungsa ana ing alam donya nganti
tumeka ing watesing alam akerat.
Ana ing wektu iki kang den arani sa’at “sakratil mauti”,
wancine ngaleh enggon, waktu pisahe jiwa lan raga. Yen patrap anggonmu nata
badan patitis, kaya kang jinarwa ing wulangan Semadi, kayata : sumelehing
badan, lakune napas, pamelanging cipta lan sapiturute bener inggal lakuning
rasa lan pangrasa ora gumyur, ing kono wayahe wahyunira wis katon ngegla tanpa
warana banjur ngucapa mantram mangkene :
Ashadu kahanan
Ingsun, iloha rupan Ingsun, Allah pangeran Ingsun, iya Ingsun kang nuhokake
marga kang padang urip tan kena lali, lara tan kena ing pati, dhatles tan ana
krasa.
Ooooooooooo000000000000oooooooooo
Ing ngisor iki katerangan bab sandangane aksara Jawa, mangkene :
Wiwit saka pangkon, (paten) iki tegese panggonan Roh,
karepe sampurnaning urip, manungsa sakwise tilar donya , nyatane wis ilang
sipate, nanging isih ninggal asma.
Roh iku dumunung ana ing uteg, mongka uteg iku ana ing
njero sirah, iku dadi sandangan wulu (hulu), tegese sirah ya iku pokok dumadine
badan wiwit saka sirah.
Sandangan
“Suku” (sukon), tegese dadi cagake badan wadag.
Taling iku
tegese “kuping” pamiarsa, pangrungu ana ing kuping.
Taling tarung,
Irung dumunge pangambu.
Pepet, tegese ketutup, dununge ana ing napas, mangon ing
jantung, yaiku kang nglakokake getih, dadi jantung iku kaya dene lawang
dalaning getih mlebu metune mratani ing badan sakojur.
Jantung iki
piranti pokok ing badaning manungsa, ya dadi dalane Prana kang kawasa hanjalari
marang urip.
Cedak dumunung
ona ing sanubari;
Lajar dumunung
ana ing Iman = relung hati.
Wigjan dumunung
ana ing Pangrasa weteng = waduk
Telung sandangan iki kang aran “Panjigek suwara” sebab
dadi wakile engetan lan kapinteran lahir sarta batin. Wondene sandangane cokra,
ana ing mripat, ing teleng aran manik. Keret iku irenge mripat, teleng = kang
kapanggonan manik.
Pingkal, putihe mripat. Kabeh iki sinebat aran
“Wijanyana” sebab dadi wakile aksara kang bisa muni bebarengan.
Kajaba kuwi ana
maneh tembung kang aran :
Na, Sa, Dha, Tha iki aran “Murdanio” banjur ana
maneh , Nya, Sa, Tja, Dja iki aran Talwio , tegese kabeh aran Triloka yaiku
alaming manungsa, kaya kang diterangake ing wulangan sapisan.
Dene tembung
“Tataprunggu” yaiku aksara kang didadekake ongka
(nomer) kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Ga :ongka
siji dadi perlambange kawitan sampurnane manungsa.
Ngalelet
ngka loro, dadi perlambange lakuning
manungsa mesti pinaringan timbangan dening Pangeran, kayata anane wong lanang
lan wadon, Awan lan bengi, lara lan waras, beja lan cilaka, urip lan mati,
Kawula lan Gusti.

Ngapingkal
ngka telu , tegese netepake
keyakinaning manungsa pinasti kudu nompa lang nglakoni lelakon pangawane dewe
salawase ana ing alam donya, supaya aka nganti ngeluh ngresah, sebab
pepastining urip wajibe kudu ngambah ing alam telung rupa yaiku :
1. Alam jaga (melek),
2. Turu,
3. Tilar donya (mati) jalaran iki wis ora bisa diuncati maneh.

1. Alam jaga (melek),
2. Turu,
3. Tilar donya (mati) jalaran iki wis ora bisa diuncati maneh.
Mamiring
ngka papat iku tegese nyatane Allah
dadi sesembahane kabeh mahluk, ora wujud ora arah ora panggonan lan ora katon,
uga ora kena kinaya ngapa. Lan uga dadi plambange asal kedadiane badan wadaging
manungsa saka anasir patang rupa, yaiku :

Bumi, 2. Geni,
3. Angin, 4. Banyu. Mangkono uga anane klebating manungsa iku ana papat.
1. Wetan, yaiku lambange nalika
Bapa lan Biyung pada sapatemon,
2. Kidul, yaiku plambange nalika
Bapa lan Biyung kumpul,
3. Kulon, iku plambange nalika
Bapa lan Biyung nganakake Dhat nanging mung darma dadi lantaran bae,
4. Lor, iku plambange nalika
lahire jabang bayi.
Makurung
ngka lima, iki maksude panguwasane
Gusti Allah, nalika wiji isih ana ing guwa garbaning Bapa lan Biyung, Bapa iku
mung saderma dadi lantaran dumadining jabang bayi. Makurung tegese dadi kalima
pancer, lan jumenenge ana ing satengahe keblad.

E : dadi angka
nem, maksude Eklas terange Eklas iku ana nem warna yaiku :
1. Rila,
2. lali,
3. lulus,
4. eling,
5. langgeng,
6. sumarah (pasrah).
1. Rila,
2. lali,
3. lulus,
4. eling,
5. langgeng,
6. sumarah (pasrah).
KETERANGAN :
1. RILA, tegese kelangan apa bae
wis ora getun,
2. LALI tegese lali marang dhat
sipate, maksude lali ing badan lan jiwane ditinggal ana ing alam donya.
3. LULUS , nglulusake selawase
urip kanti nikmat lan manfaat,
4. ELING, eling marang angale lan
eling marang mula mulanira,
5. LANGGENG, ora bakal owah
ngingsir maneh, terus langgeng asmane,
6. SUMARAH yaiku masrahake jiwa
ragane katur marang Pangeran.
La :dadi ongka pitu, iki tegese tetepe lakuning wayah
(jam) kang ora tau blinjani, kayata lakune srengege, mesti wayahe tetep, mula
para Pandita iku pada nganggo watak pitu.
Pa palya :dadi ongka wolu, iki karepe nuduhake lakuning
semadi kang tumuju marang Suksma Kawekas, ana wolung bab, aran “Hasta Brata”
keterangane kaya kang kacetak ana ing wulangan ngarep.
Ja :ongka
sanga, tegese anane babahan hawa sasanga.
Das = nul :tegese dadi tanda marang ajining angka, jen
das mau dumunung ana ing sangarepe ongka, tegese ajine(regane) ongka mau dadi
suda, aran winengku, dikuwasani. Nanging yen das ana ing burining ongka iku
tegese regane angka mau banjur dadi mundak duwur, aran hamengku nguwasani
(tulada Rp. 00.1 lan Rp. 1,00).
Kajaba iku ana maneh karepe, yen wujud mung das tok iku
tegese ora duwe pangadji (ora duwe rega)utawa suwung dadi karepe badan wadage
manungsa iku yen wis di unjadi ing suksma, wis ora ana gunane jalaran wis
suwung lan wis ninggal sipate, kang kari mung asmane.
Ana maneh
candake sasmita sandi kang wujud tembung ( ukara)
siji nanging mengku karep rong rupa, yaiku
:
Ka ta pa ga ba
iki aran Alpa Prana.
Ka ta pa ga ba
iki aran Maha Prana.
Tegese “Alpa
Prana” iku kawula) dadi anane kawula.
Tegese
”Maha Prana” iku Gusti ) lan Gusti.
Keterangane
mangkene :
Kawula (titah = mahluk) iku kadunungan apes lan lali,
sebab titah iku bisane dadi luhur kudu nglakoni (duwe laku), mula dikaya ngapa
pintere manungsa ora bakal bisa madani kalawan panguwasane Pangeran. Sebab
manungsa tansah binuntel ing kamarkaning alam donya. Mula biasane kelakon
sediyane iku mung gumantung marang lila legawane anggone masrahake jiwa ragane
marang Pangeran.
Wondene Gusti Allah mula sinebut ora makan ora jaman, lan
tan kena kinaya ngapa, sebab Panjenangane kang nglimputi sumarambah ing
sakabehe kang para dumadi, kang bisa diweruhi dening manungsa kodrate
panguwasane.
Tingkah patrape Semadi wis diterangke ana ing ngarep,
dadi yen manungsa wis bisa netepi ing pituduh mau banjur ngeremake mripat kang
alon-alon lan dedasar ati sabar. Ing kono sira bakal manjing ana ing alam kang
peteng dedet lelimangan wis ora kena diumpamakake maneh. Ing kahanan iku
ana kang nyebut aran “Tapel Adam”. Yen wis mangkono inggal ngucapa mangkene ”
Pangrasa Suksma Luput, iya pangrasane Nyawa kang mulya,
iya pangrasane Suksma. Suksma ilang tan kena ing pati.
Yen wis mangkono sira bakal weruh/meruhi papan padang
nerawang handelahi tanpa wewayangan, jembar tanpa tepi ora ana keblate, ora ana
ngisor lan duwur, kang katon mung suwung sepi lan rasa kang tentrem ayem.
Kedadian iki saya panguwasaning Roh = uteg. Mulane roh uteg bisa duwe
panguwasane kang mangkono mau, jalaran dek nalikane isih ana ing alam donya
babadan wadag, dayane tanpa nganggo wates ukuran. Sebab badan sakojur iki
dikuwasani dening uteg (kawruh) lan pinteram/ kapinteran mula aran Yang Maha
Luhur.
Yen kena panguwasaning kaluhurane Suksma, banjur ora duwe
karep apa apa, iya iku kang sinebut aran Mangeran Suwug, tegese ora ana
barang kang sinediyam Manawa kerem kandeg ana ing kono, bakal dadi Ratuning jin
lan peri.
Yen cahya padang mau banjur ilang, sira bakal pirsa cahya
kang blerengi kaya sunare srengege, iki kedadian saka napas. Mula kaya mangkono
awit dek isih ana ing alam donya nganggo badan wadag. Napas iku maweh cahya ing
badan sakojur. Ing kono aran Yang Maha Mulya.
Yen kena pangaruhe kamulyane Suksma, yaiku kang sinebut
Mangeran wujud, sebab ing kono duwe karep arep nganakake warna rupa, tegese
duwe sediya nitis, manjelma maneh, yen kliru sediyane banjur dadi retuning
danyang dan prayangan.
Yen cahya kuning, iku kedadian saka Budi, sebab nalika
isih ana ing alam donya, Budi iku gawe sucining badan sakojur, ing kono aran
Yang Maha Suci. Yen kena pengaruhe kasuciane Suksma, agawe sucining Jiwa, kang
aran Mangeran konta (gambaran kang ora ana wujude). Mula banjur gawe ragu
raguning (gojak gajek) lan yen kandeg ana ing kono, bakal dadi retuning setan.
Yen cahya kuning banjur musna, banjur weruh cahya ireng,
yaiku kedadian saka Iman, sebab nalika isih ana ing alam donya Iman iku
nguwasani badan sakojur, ing kono aran Yang Maha Kawasa, yen kena pangaruhe
kuwasaning Suksma, banjur duwe karep nindakake penguwasaning Jiwa, yaiku kang
aran Mangeran ana (wujud), tegese deweke ngakoni diri pribadi yen klelep ing
kono bakal dadi retuning Bekasakan nunggal bangsa lan setan, nanging luwih
kasar.
Yen cahya ireng mau banjur ilang, ganti dadi cahya putih
iku kadadian saya pangrasa, sebab nalika isih ana ing alam donya, pangrasa mau
ngebeki ing badan sakojur mula aran Yang Maha Agung, yen kena pengaruhe Aguning
Suksma, bakal nitis dadi bangsane manuk.
Yen cahya putih mau musna, bakal/banjur weruh cahya abang
iki kedadian saka pangrungu (pamiarsa) awit pamiarsa mau dek nalika isih ana
ing alam donya masesa ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Wasesa, yen kena
pengaruhe wasesane suksma, bakal nitis dadi kewan galak.
Yen cahya abang wis ilang, bakal pirsa cahya kang wening
(bening) iki kedadian saka paningal, awit maune dek isih ana ing alam donya
paningal iku gawe purbaning badan sakojur, mula aran Yang Maha Purba, yen kena
daya pengaruhe purbaning suksma, bakal nitis dadi kewan kang urip ana ing
banyu.
Yen cahya wening musna, banjur pirsa cahya kang monca
warna, yaiku ireng, abang, putih, kuning lsp, iki kedadian saka pangambu,
nalika isih ana ing alam donya hanyamati ing badan sakojur, mula aran Yang Maha
Manon, tegese meruhi samubarang kalir kang bakal tumeka sinebut Soca Batara,
wondene asale cahya monca warna mau kedadian saka anasir patang prakara, yaiku
Bumi, Geni, Angin, lan Banyu.
Keterangane
Mangkene :
1. Cahya Abang : Asal seko geni,
dumunung ana ing jantung, dadi napsu amarah, mula kena pengaruhe cahya abang
bakal nitis dadi manungsa kang sugih nepsu (murka).
2. Cahya Ireng : Asal saka
bumi, manggon ana ing waduk (weteng) dadi pangrasa, watake ngongsa utawa kesusu
mula yen lena pengaruhe cahya ireng, nitis dadi manungsa kang sugih pangerten
lahir.
3. Cahya Putih : Kedadian saka
angin, manggon ana ing sanubari dadi sabar, yen kena pengaruhe iki bakal nitis
dadi manungsa kang sugih kawruh kebatinan.
4. Cahya Kuning : Asal saka
banyu, dumunung ana ing uteg, dadi kawruh lahir lan batin, dayane bisa
weruh (nimbang) kedadian ala lan becik, bener lan luput, iki bakal nitis
dadi manungsa wicaksana, ahli budi, yen tembung Indonesia aran Budiman
lan Gunawan.
Kabeh mau salugune mung gumantung marang karsane Gusti
Allah, mula sing perlu tumrap para manungsa sumujude marang Pangeran kang Maha
gesang.
ooooooooo000ooooooooo
GAMBLANGE :
Bumi, Geni, Angin lan Banyu jalaran iku kang dadi pokok
anasiring urip, yen kurang pangertine kang dadi asal usule, handadekake kurang
sampurnaning kawruhe ing bab kebatinan. Wondene katerangane mangkene :
Yen sira wis ngerti marang asal usule uga kudu ngerti
marang tegese (karepe) awit yen ora mangkono bisa gawe kliruning panganggep
(panggangone) sebab yen ora mangkono bisa gawe kurang percayane (ngandele).
Yen wis ngerti dununge kudu ngerti kanggone, sebab yen
ora ngerti kanggone bisa ndadekake binggunge ing pangertene. Yen wis
ngerti kanggone kudu ngerti marang kedadiane, sebab yen ora ngerti kedadiane
bakal gawe gojak gajekge kawruhe.
Yen wis ngerti marang kadadiane kudu ngerti buktine sebab
yen ora weruh buktine ora ana gunane tumrap ing pangertene.
Sebab sakabehing ilmu iku yen mung apal sesebutane bae
ora kanti dilakoni babar pisan tanpa gawe prasasat kaja manuk bejo, bisa omong
nanging ora ngerti tegese. Luwih luwih bab ilmu kebatinan, iki yen ora dilakoni
dinyatakake malah nambahi dosa, sebab banjur dadi ahli umuk
durung tau weruh nyatane, omonge kaya kang wis pada weruh buktine, dadi aran batin lahir goroh. Sebab sapa iku sing ngerti temenan (apal) tumuli dilakoni, supaya sira ora dosa lahir lan batin ana ing donya tumeka ing akerat.
durung tau weruh nyatane, omonge kaya kang wis pada weruh buktine, dadi aran batin lahir goroh. Sebab sapa iku sing ngerti temenan (apal) tumuli dilakoni, supaya sira ora dosa lahir lan batin ana ing donya tumeka ing akerat.
GAMBLANGE MANEH
MANGKENE :
Bab badan iku
sakbenere raga kang wis ora kanggo (mati) wondene rasaning pati iku ana patang
bab yaiku :
1. Rasaning
jantung, lakuning napas,
2. Rasaning weteng (waduk) lakuning pangrasa,
3. Rasaning sanubari lakuning budi,
4. Rasaning uteg lakuning Roh.
2. Rasaning weteng (waduk) lakuning pangrasa,
3. Rasaning sanubari lakuning budi,
4. Rasaning uteg lakuning Roh.
Mula patang bab
iki diarani badan, jalaran asale saka bumi.
BAB ANGGOTA
RAGA
Iku uga
kedadian saka patang bab, yaiku :
1. Roh, kang nglakokake engetan,
2. Pangambu, kang nompa kabeh
sawernane panggoda,
3. Napas, kang nglakokake getih
lan rahsa,
4. Pangrasa, kang nglakokake sari
sarining daging, kulit lsp, kang dadi dasaring urip.
BAB NYAWA
Kang aran nyawa
iku kedadian saka telung bab, kang isih kena diowahi lan
kena gingsir yaiku :
kena gingsir yaiku :
1. Iman , manggon ana ing pulung ati,
2. Pamiarsa (pangrungu) dumunung ana ing kuping,
3. Paningal, dumunung ana ing mripat.
Mula telung bab iki diarani nyawa, sebab asale saka
banyu, mongka banyu iku bisa owah gingsir, ora bisa tetep ajeg panggonane. Dadi
kuwajibane uga ora tetep.
SUKSMA
Kang aran
Suksma iku kedadian saka limang bab, kang ora bisa owah gingsir yaiku :
1. Roh ,
dumunung ana ing uteg,
2. Napas,
dumunung ana ing jantung,
3. Budi,
dumunung ana ing sanubari,
4. Pangrasa,
dumunung ana ing waduk (weteng),
5. Pangambu,
dumunung ana ing irung.
Limang bab iki diarani Suksma, jalaran asale saka angin.
Nyatane angin iku kahanane kang tetep ora tau owah gingsir. Jagad iki sakisine
kabeh wiwit sakdurunge dumadi wis kebekan dening angin. Mula suksma iku uga ora
bisa owah lan ora bisa gingsir sebab asal saka angin.
Anane manungsa nganggo badan, anggota, nyawa, suksma
jalaran deweke kanggonan pirantining urip wolung bab, yaiku : Roh, Napas, Budi,
Iman, Pangrasa, Pangambu, Paningal lan Pangrungu.
Dene liyane iku klebu ing golongan kang kasar, yaiku kulit,
daging, balung lsp, yaiku kang asal saka Bapa Biyung, mula diarani badan kasar
(wadag) sebab katon wujude.
Yen kang asal saka Pangeran yaiku wolung bab mau, sanajan
ora katon ing mripat wadag nanging ana buktine, dumunung ana ing badan (raga)
nyawa lan suksma.
Dene salugune badan, nyawa lan suksma mau ora bisa
lumaku, yen ora sarana obahing keteg, dene obahing keteg iku jalaran kena daya
lakuning bumi, geni, banyu lan angin. Patang bab iki anggone bisa tumindak,
sebab saka kenadayane Swasana, kaya kang diterangake mau, bab jagad kebekan
dening angin, ya swasana kang ngebeki cakrawala iki, mula diparibasakake alus
tan kena jinumput, gede ngebaki jagad.
Dadi ceta lan terang, dumadining manungsa iku kang pokok
saka dayane swasana, dene swasana iki kang dadi lantaran dumadining manungsa
iku dibagi dadi rong bab yaiku: swasana kang tumuju ing jaba badan, lan swasana
tegese hawa kang kumpul, Swa tegese panggonan. Dadi terange tembung kumpuling
hawa.
Dadi swasana kang tumuju ana ing jero badan, Swa tegese
umur, Sana tegese panggonan, wutuhing tembung panggonan umur, dene umur iku
dumunung ana ing Napas. Dadi uriping manungsa iku sebab nganggo Swasana kang
dununge ana rong panggonan, yaiku ana ing jaba lan ana ing jero badan. Dadi ora
bisa nganggo saperangan bae, kudu jaba lan jero. Yen mung nganggo sebagian bae
mesti ora bisa urip banjur aran mati.
Oooo0000000ooooo
By alang alang
Posting Komentar untuk "KITAB WEJANGAN MAHA PRANA JATI"