Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Laire Batara Kala “Lakon Batara Guru”

            Ing sawijining dina kahyangan geger amarga pengaruh Batara Kanekaputra, putune Sang Hyang Nurrada sing lagi tapa lan ngugemi Cupu Retna Dumilah. Banjur Batara Guru enggal ngutus para dewa supaya mandhekake tapa Sang Hyang Kanekaputra. Para dewa langsung mangkat nindakake tugas sing diprentahake Batara Guru. Nanging, para dewa gagal ngrampungke tugase kuwi jalaran kalah sekti saka Sang Hyang Kanekaputra. Para dewa banjur mundur lan balik menyang Batara Guru. Laporan yen para dewa utusane ora ana sing bisa nandhingi sektine Sang Hyang Kanekaputra.
            Akhire, kepeksa Batara Guru nandangi dhewe gegayutan perkara mau.Batara Guru enggal Tindak nemoni Sang Hyang Kanekaputra sing isih ngugemi Cupu Retna Dumilah. Batara Guru lan Sang Hyang Kanekaputra padha ampuhe lan padha sektine.  Banjur nalikane perang kuwi mau, ujug-ujug Sang Hyang Nurrada teka misah perang tandhing antarane Batara Guru lan Sang Hyang Kanekaputra kuwi mau. Sang Hyang Nurrada ngandhani marang batara Guru lan sSang Hyang Kanekaputra, Banjur enek perundhingan sing ngasilake kesepakatan, Batara Guru kudu ngakoni Kaneputra kui sedulur tuwane, lan Kanekaputra kudu ngewangi tugas-tugase Batara Guru. Supaya putune kuwi bisa ngrampungi tugase kuwi mau, Sang Hyang Nurrada Nyawiji Karo Kanekaputra. Sawise kuwi Kanekaputra luwih dikenal nganggo jeneng Batara Narada.
            Sawise perjanjen kuwi mau, sanyatane Batara Guru isih pengin nduweni Cupu Retna Dumilah sing digocek Kanekaputra. Batara Guru isih penasaran karo sing arane Cupu Retna Dumilah kuwi mau. Cupu kuwi mau banjur arep dijaluk karo Batara Guru saka tangane Sang Hyang Kanekaputra utawa Sang Hyang Nurrada, nanging Sang Hyang Kanekaputra ora gelem ngenehake Cupu Retna Dumilah marang Batara Guru, nanging malah Cupu Retna Dumilah kuwi mau dibuwang adoh saka kayangan karo Sang Hyang Kanekaputra Utawa Sang Hyang Nurrada.  Banjur para dewa padha nggoleki Cupu Retna Dumilah kuwi, tekan bumi sap pitu sing dikuwasani Sang Hyang Antaboga. Banjur para dewa ketemu karo Sang Hyang Antaboga, lan ngasilake perang antarane para dewa lan Sang Hyang Antaboga. Akhire Para dewa kalah ora bisa nandhingi sektine Sang Hyang Antaboga, lan balik menyang kahyangan laporan marang Batara Guru yen para dewa gagal ngentukake Cupu Retna Dumilah amarga kalah perang lan kalah sekti saka Sang Hyang Antaboga.
            Banjur nalika para dewa laporan kegagalane kuwi kaliyan Batara Guru, Sang Hyang Antaboga rawuh ngadhep lan ngekekke Cupu Retna Dumilah. Nanging, sadurunge Cupu kuwi tekan tangane Batara Guru, para dewa wes rebutan dhisik, banjur Cupu kuwi gigal/tiba,pecah njelma dadi cahaya kang kemilo lan indah. Banjur cahaya kuwi mau berubah wujud dadi telu widodari kan ayu rupane, jenengane Dewi Widowati aliyas Tisnawati, Dewi Sri, lan Dewi Lokati aliyas Dewi Rumingrat. Sanadyan awake telu, nanging jiwane siji, sing mengkone disebut Hapsari Triwati.
            Sawijining dina, batara Guru mriksa keadaan alam lan jagad raya iki, sandhing karo bojone, Dewi Uma. Piyambake nitih Lembu Andini. Nalikan sore kae Batara Guru weruh bêtise Dewi Uma bojone, banjur langsung teka napsune Batara Guru marang bojone. Batara Guru ngajak bojone sanggama ana ing sak ndhuwur gegere Lembu Andini. Nanging, Dewi Uma ora gelem nuruti apa sing dijaluk karo Batara Guru kuwi mau amarga Batara Guru tumindhake ora pantes marang dewa-dewi ing kahyangan, padahal wektu iku nafsune Betara Guru lagi meh tekan ana ing puncake utawa klimaks. Banjur kama benih dewa kuwi gigal/tiba ana ing mukaning samudra lan ditemokne karo Brahma lan Wisnu. Kama benih mau banjur diwenehi japa utawa mantra.  Kadadean iki kang marakake padha padudon. Batara Guru murka marang dewi Uma banjur nyepata utawa ngutuk Dewi Uma dadi Raseksi (Rasaksa Wadon) lan jenengane diganti dadi Durga, semono uga dewi Uma murka marang batara Guru lan ngutuk batara Guru sahingga dadi nduwe siyung. Loro-lorone padha sektine.
            Sabanjure, amarga kadadean kuwi kama sing diasilke batara Guru utawa kama benih Batara Guru tiba sumebar  kececer ana ing samudra. Banjur kama benih mau njelma lan brubah wujud dadi makhluk sing ganas lan mangas, bentuke ora karu-karuwan, medeni, nduwe siyung uga. Laira batara Kala nggeram-nggeram nakokake sapa wong tuwane. Banjur di wenehi pituduh dewa Brahmana lan dewa Wisnu, banjur raksasa kuwi ngerti sapa wong tuwane, yaiku Batara Guru lan Dewi Uma. Batara Guru banjur kondur menyang kahyangan, lan betara kala sawise lair kuwi langsung lunga saka samudra menyang kahyangan arep njaluk marang Betara Guru supaya dhewekke diakoni  anak. Betara Guru nuruti apa karepe anakke kuwi mau, lan anakke kuwi mau dijenengi Batara Kala. Nanging amarga anake kuwi ganas lan mangas, Batara Guru pengin nggawe sipate anake mau ora ganas lan mangas banjur  Batara Guru ngethok siyunge Batara Kala lan saka siyunge Batara Kala kuwi mau dadia sanjata kang ampuh sing arane Kaladite lan Kalanadah.
            Gawe ngurmati dina laire Batara Kala, Batara Guru menehi anugrah yen Batara Kala oleh mangan menungsa sing lair pas dina “tumpek wayang”. Kleresan adine, Dewa Kumara, iya lair pas dina “tumpak wayang”. Miturut anugrah saka Batara Guru, batara Kala olih mangan dewa Kumara. Nanging nyuwue Batara Guru, Batara Kala olih mangan adine sok yen adine wes gehde. Kesempatan kuwi dimanfaatake Betara Guru. Adine dianugrahi batara Guru  supaya tetep dadi bocah salawase urip. Banjur akal-akalan kuwi mau ketara karo batara Kala. Akire Batara Kala wis ora sabar maneh. Dewa Kumara dioyak. Ana ing perjalanan, keweknen Ketemu karo batara Guru lan Dewi Uma. Loro karone arep dipangan karo Batara Kala awit janjine Batara Guru. Nanging, Sadurunge mangan Batara Kala diwenehi teka-teki dhisik supaya bisa mangan Batara Guru lan Dewi Uma. Watese njawab teka-teki mau naming tekan srenginge kang wis condhong ngulon, banjur wektune entek gawe mangan Batara Guru lan Dewi Uma. Amarga wis ora bisa mangan Batara Guru lan Dewi Uma banjur Batara Kala nglanjutake ngoyak lan nggoleki Dewa Kumara.

             Sawise suwe le ngoyak, akire Batara Kala kesel lan nemu sesajen sing diaturake Sang Amangku sing lagi main wayang. Amarga kesel ngelih lan ngelak, sajen kuwi dipangan nganti entek ludhes. Akire kadadean dialog antaraning Sang Amengku Dalang lan Batara Kala, njaluk sesajen sing wis dipangan kuwi mau dimuntahke maneh. Batara Kala ora sanggup nuruti penjaluke dalang kuwi mau. Gawe gantine, Batara Kala janji yen dheweke ora bakal mangan wong sing laire pas dina “tumpek wayang”, nek wis ngaturake sajen nggelar wayang “sapu leger”.

Posting Komentar untuk "Laire Batara Kala “Lakon Batara Guru”"