MAKNA SEKAR DHANDHANGGULA SIRAMAN
Di dalam tradisi Jawa, khususnya di dalam rangkaian tatacara
pernikahan, dikenal adanya upacara siraman. Upacara siraman adalah
sebuah upacara yang dilaksanakan untuk membuka rangkaian acara pernikahan,
yaitu dengan memandikan calon pengantin. Pelaksanaan upacara ini biasanya
sehari sebelum upacara temu/panggih dilaksanakan.
Meski akhir-akhir ini sudah jarang ditemui, di dalam upacara
siraman biasanya dilantunkan Sekar/Tembang Macapat Dhandhanggula Siraman.
Tembang tersebut digunakan untuk mengiringi ketika calon pengantin dimandikan.
Bukan hanya sebagai pemanis, namun pelantunan Sekar Dhandhanggula Siraman
tersebut dimaksudkan sebagai doa, permohonan, harapan, serta petuah bagi calon
pengantin. Itulah salah satu kelebihan orang Jawa, yang mampu merakit banyak
hal di dalam sebuah tembang.
Sekar/Tembang/Lagu Macapat Dhandhanggula Siraman terdiri
dari 7 pada (bait). Hal ini disesuaikan dengan jumlah beborèh
(lulur) yang digunakan pada saat memandikan pengantin, dimana masing-masing
dibedakan menurut warna. Adapun warna beborèh tersebut adalah merah (rekta),
hitam (langking), kuning (jenar), biru, ungu (wungu),
putih (séta), dan hijau (wilis). Di dalam penggunaannya juga
tidak asal saja, melainkan diurutkan dari merah, hitam, kuning, biru, ungu,
putih, dan terakhir hijau.
Masing-masing warna memiliki makna, maksud, dan tujuan tersendiri, seperti yang terungkap di dalam Sekar Dhandhanggula Siraman berikut ini.
Masing-masing warna memiliki makna, maksud, dan tujuan tersendiri, seperti yang terungkap di dalam Sekar Dhandhanggula Siraman berikut ini.
1. Gya siniram hangganya Sang Putri, Tirta
wening kang amawa cahya, Beborèh rekta warnané, Ginosok hangganipun, Sinarengan
mantra kang mijil, Larut memalanira, Ngaléla dinulu, Watak setya tinarbuka,
Tangguh tanggon teguh tumanggaping kardi, Santosa budinira.
Segeralah disiram
tubuh sang putri, Dengan air jernih yang berkilauan, Diluluri dengan lulur
berwarna merah, Sembari digosok badannya, Disertai dengan doa dan pujian syukur
yang terucapkan, Larutlah segala sakit dan luka, Sungguh mempesona bila
dipandang, Berwatak setia dan terbuka, Tangguh, bisa dipercaya, teguh, cekatan
dalam menyelesaikan pekerjaan/kewajiban, Sentosa/kuat dalam berpendirian.
2. Sumamburat cahyanya nelahi, Ngégla
cetha katon angaléla, Datan sisip pamawasé, Langking beborèhipun, Puji harja
mijil pangèsthi, Prawira watakira, Luhur budinipun, Tuhu tresna mring sasama,
Luluh lulus lila legawa tan lali, Kalis ing sambékala.
Samar-samar
terlihatlah cahaya menyinari, Tampak indah mempesona, Hitam warna lulurnya, Doa
mohon keselataman terucapkan, Berwatak berani laksana ksatria, Berbudi pekerti
luhur, Sungguh-sungguh mengasihi sesama, Pandai membaur, tulus, sert selalu
berbuat baik dengan ikhlas dan sepenuh hati, Terhindar dari segala marabahaya.
3. Angenguwung malengkung kaèksi,
Gilar-gilar sumunar ing warna, Mancorong jenar urubé, Warna jenar puniku, Watak
sabar ingkang pinanggih, Utama lan narima, Waspadèng pandulu, Mardu mardawa
micara, Mawuhara tata, titi, tatas, titis, Dadya tepa tuladha.
Tampak membubung
tinggi seolah melengkung, Bersinar terang dalam nuansa warna, Berpijar cahaya
berwarna kuning, Warna kuning itu melambangkan watak yang selalu sabar,
Berperilaku terpuji dan berserah diri kepada kehendak Tuhan, Memiliki sifat dan
sikap yang selalu waspada dan hati-hati, Lemah-lembut dan menyenangkan dalam
berbicara, Dalam bercakap-cakap menggunakan bahawa yang baik, berhati-hati,
serta tiada hal penting yang terlewatkan, Sehingga mampu menjadi
suri-teladan.
4. Katon padhang sumilaking
warni, Surya, candra, daru lan kartika, Dadya sajuga soroté, Beborèh
warna biru, Setya tuhu ajrih lan asih, Tresna marang sudarma, Bekti watakipun,
Trap susila anuraga, Datan sisip nggènira manembah Gusti, Bagya mulya sinedya.
Tampaklah terang
benderang dalam nuansa warna-warni, Matahari, rembulan, komet dan
bintang-gemintang, Semua sinar cahayanya menyatu, Lulur berwarna biru,
Melambangkan kesetiaan, selalu menghormati dalam kasih sayang, Senantiasa
mencintai kedua orang tua, Dan selalu berbakti kepada mereka, Sopan dan santun
dalam bersikap, Tiada pernah lupa bersyukurdan berdoa kepada Tuhan,
Senantiasa mengupayakan kebahagiaan dan kesejahteraan hidup.
5. Ganda arum ingkang angebeki,
Warna-warna warnining kang sekar, Katingal wening tirtané, Wungu beborèhipun,
Mengku werdi ingkang sejati, Lega lila ing nala, Éklas watakipun, Wahyu mulya
kang sinedya, Bagus alus tulus lair trusing batin, Mulya tekèng delahan.
Bau harum yang
semerbak memenuhi, Berasal dari beraneka macam bunga, Air pun terlihat jernih,
Lulur berwarna ungu, Mengandung makna yang mendalam, Tiada pernah
berkeluh-kesah meski hanya di dalam hati, Ikhlas sepenuh hati menjadi wataknya,
Mengharap dan mengupayakan turunnya berkah, Terpuji dan halus tingkah laku,
tulus lahir maupun batin, Terpandang dan dihargai hingga akhir hayat.
6. Werdi agung pralambanging urip,
Amancurat cahya kang katingal, Warna séta beborèhé, Langgeng nggènnya amengku,
Datan wudhar dènnya angèsthi, Manembah Maha Nata, Gusti Maha Agung, Netepi
jejering titah, Amung pasrah-sumarah ngarsa Hyang Widhi, Sandika ngèstu pada.
Makna luhur perlambang
dan gambaran hidup, Terlihat memancar laksana cahaya, Lulur berwarna putih,
Abadilah dalam kebersamaan, Tak pernah berhenti dalam berdoa dan bersyukur,
Berbakti kepada Sang Maha Raja (Tuhan), Tuhan Yang Maha Agung, Memenuhi
kewajiban sebagai umat manusia, Selalu berserah diri di hadapan Ilahi, Serta
bersedia dan siap melaksanakan/menerima kehendak-Nya.
7. Paripurna nggènira sesuci, Siram jamas
reresik sarira, Kang minangka pungkasané, Wilis beborèhipun, Wicaksana wataking
jalmi, Kéblat panembahira, Pana ing pandulu, Cinaketan mring Hyang Suksma,
Lekasira pantes tinulad sasami, Purwa madya wasana.
Selesai sudah dalam
bersuci, Mandi keramas membersihkan diri, Yang menjadi penutup, Lulur berwarna
hijau, Bijaksanalah sebagai manusia, Tekun dalam bersujud syukur, Waspada,
berhati-hati dalam berpikir dan bertindak, Dengan demikian pasti akan selalu
dilindungi oleh Tuhan, Segala tingkah lakunya akan pantas menjadi suri-teladan,
Dari awal, pertengahan, hingga akhir hayatnya.
@@k
NGABEKTEN

Sakderengipun jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon
temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi
pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung
kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Tangkeping asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama
dalah biyung, Calon temanten putri hangaturaken :
Rama dalah biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem
pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun
tambahing pandonga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan …………………..
Ngger, putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis
dadi kewajiban wong tuwa loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku,
Yen ono nakale lan wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok
sandang, kalamun lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu
anggonmu arep jejodoan, tak dongakno mring Gusti kang Mahakuwasa
mugo-mugo bgyo mulyo uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem
ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang
rama dalah biyung satuhu beda. Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal
mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan
sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh
marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka
pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun
paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup
palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah
biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung
lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula
aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika,
para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih
risang calon pinanganten putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing
sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala
wau inggih menika :
1. Rama …………..
2. Biyung …………
3. Eyang …………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Rama …………..
2. Biyung …………
3. Eyang …………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih
Rama kakung ……………… kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga
suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles
kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.
2. Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih
paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing
sutresna, jinamas ing warih risang calon pianganten putra/putri. Waradin ing
sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning rissang bagus/ahayu.
3. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih
Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri
karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang
marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi
pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem,
tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang
dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4. Katuran dumateng…….
Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan.
Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.
5. Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman,
mugi Calon pinanganten putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..
6. Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged
nulad mring ibu……………
7. Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu …………………..
paring idi pangestu dalah paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri
saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.
Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman.
Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep
anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci
sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu
………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha
mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.
SESUCI MECAH KEDHI
Saklajengipun Bapak ………….. paring toya sesuci ingkang mijil
saking telengih kendhi pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges
lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur
anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, boga, donya brana. Kanthi
sesucen menika, mugi-mugi risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib,
kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.
PANGKAS RIKMA
Titi laksana salajengipun nun inggih Bpk ………. arsa mangkas
rikmane ingkang putra/putri.
”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku,
muga-muga dadiya pratandha sempuluring tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku
wis dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu”
Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang
ibu. Mugi risang putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu
kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu
samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan
ingkang garwa,
PONDHONGAN
Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring
sasmita hambok bilih ing dinten menika rama kakung saged mbopong
putra/putrinipun ingkang pungkasan.
”Niat ingsun mbopong putra/putriku, iki dadiya bopong kang
pungkasan, sabanjure putra/putriku bisa bawa priyangga urip tembayatan
karo garwamu, kacukupan ing sandhang boga, bisaa nemu mulya lan raharja ”.
NANEM RIKMA
”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang
kepungkur wis kapendhem, hamung thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu,
widada, nir ing sambi kala ”.
DULANG PUNGKASAN
”Niat ingsun ndulang putra/putriku, pamujiku dulangan iki
dadiya dulangan kang pungkasan. Ing sabanjure putra/putriku bisaa madeg ing
pribadine dewe, nampa kanugrahaning Gusti, dadiya pangayoming sasama, sempulur
ing salawase, widada, nir ing sambikala
SADE DHAWET
Kawuryan Bpk/Ibu ……… sampun miyos saking panti. Ibu ……….
ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa
nenggih Bapak ………. ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang
garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring
ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was
sumelang .
Sarwa-sarwi Ibu ……… mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak
……………..
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”
Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet, dadya
pratandha kalamun ing dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya
kang samya mundhut dhawet.
Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete
ayu, manis ing rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe
mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, samya suka ing nala.
Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih
bpk/ibu ……….. suka dene mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama,
bakal pinaringan murah mring Gusti kang Maha Kuwasa.
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara
Siraman menika, mboten kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang
hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan
tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun
Bpk/Ibu …………….
PARA RAWUH PARA LENGGAH
Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai
purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula,
mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng
ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa.
Nuwun. @@k
Posting Komentar untuk "MAKNA SEKAR DHANDHANGGULA SIRAMAN"