MEPER HAWA NAFSU
Hawa nepsune manungsa dijlentrehake ing jagad pakeliran
Laku pasa, ing wulan Pasa apadene ing saliyane wulan
Pasa, kaprah diarani minangka salah sijine laku kanggo ngendhaleni hawa nepsu.
Tumrap wong Jawa, meper utawa ngendhaleni hawa nepsu dadi
salah sijine laku tumuju dadi manungsa kang utama. Paugeran urip ing filosofi
kabudayan Jawa kang nengenake sandhang tinimbang pangan mujudake salah sijine
asil saka laku meper hawa nepsu.
Sing dikarepake nengenake sandhang dudu arupa menganggo
lan nglumpukake sandhangan-sandhangan kang sarwa apik, ananging ateges
nengenake upaya ngapikakae pribadi, mbangun citra kanthi sarana tansah ngupadi
apike kapribaden lan solah bawa.
Dene ngiwakake pangan, cetha bisa ditegesi laku
ngendhaleni kasenengan marang panganan utawa meper hawa nepsu kang metu saka
weteng. Laku pasa mujudake salah sijine cara kang kaprah dilakoni wong Jawa
kanggi meper hawa nepsu iki.
Ing filosofi kabudayan Jawa kang dadi pancadan uripe wong
Jawa akeh sumadya ubarampe kanggo nyinau babagan prelune tansah meper hawa
nepsu. Tumrap wong Jawa ora kangelan yen pengin nyinau, mangerteni lan ndhudhah
babagan hawa nepsune manungsa kang wis dijlentrehake ing jagad pakeliran wayang
kulit. Para pujangga Jawa jaman kawuri uga duwe kawigaten gedhe marang babagan
hawa nepsu, saengga kabeh kang gegayutan kalawan hawa nepsu iki tansah
diwulangake kanthi sarana seni pedhalangan utawa pakeliran Jawa.
Tumrap wong Jawa, kayadene kang dijlentrehake ing buku
Pengendalian Hawa Nafsu Orang Jawa, anggitane Wawan Susetya, weton Narasi,
Yogyakarta, 2007, babagan hawa nepsu iki dadi kawigaten karana makmur utawa
rusak lan remuke donya iki gumantung hawa nepsune manungsa.
Yen ana pemimpin kang duwe watak lan kapribaden kang
apik, hawa nepsune kagolong apik yaiku muthmainah, saengga bisa mujudake memayu
hayuning bawana (nglestarekake lan makmurake bumi saisine). Suwalike, yen
sawijining pemimpin iku tansah nguja hawa nepsu amarah utawa kamurkan, bakal
numusi rusake bebrayan kang tundhone uga nemahi rusake bumi saisine. Nepsu
amarah kang tansah ngejak marang laku duraka, nerak angger-angger lan mburu
senenge dhewe, bebasan kayadene geni. Kanthi mangkono mung cukup pawitan
penthol rek jres siji wae wis bisa ngobong apa wae. Watake wong kang dikuwasani
nepsu amarah iku tansah kumawasa, pengin menange dhewe, lan kumudu-kudu
minangkani hawa nepsune lan syahwat-e.
Ing jagad pewayangan utawa pakeliran wayang kulit ana
paraga wayang kang dadi pralambang hawa nepsu kang tansah nggubel jiwane
manungsa. Dene hawa nepsu kang tansah nggubel uripe manungsa iku kaperang dadi
papat yaiku amarah, lawwamah, supiyah utawa mulhimah lan muthmainnah. Watake
wayang Dasamuka kang kebak angkara dadi pralambang nepsu amarah, yaiku nepsu
kang tansah ngejak manungsa marang tumindak duraka, dur angkara kanthi sarana
sipate kang tansah adigang, adigung lan adiguna. Wayang Kumbakarna dadi
pralambang nepsu lawwamah, yaiku hawa nepsu kang tansah nyacat salahe liyan,
kalebu salahe dhewe. Hawa nepsu lawwamah iki sejatine wus nuduhake sipat kang
luwih apik kang tuwuh saka kasadharane dhewe.
Watake wayang Dewi Sarpakenaka, pralambang wong wadon
kang tansah kagodha dening wong lanang kang bagus praupane, mujudake pralambang
nepsu supiyah utawa mulhimah. Hawa nepsu iki sejatine wis alus, saengga meh
padha kalawan wisik utawa ilham, yaiku wisik kang apik lan wisik lang asipat
ala. Dene wayang Wibisana mujudake pralambang saka nepsu muthmainnah, yaiku
jiwa kang anteng lan jatmika ing badan wadage manungsa. Karana iku Wibisana iku
kang dadi pralambang nepsu muthmainnah ora melu sedulur-sedulure, yaiku Prabu
Dasamuka, Kumbakarna lan Sarpakenaka, ananging malah melu Sri Rama Wijaya,
mungsuhe sedulur-sedulure. Ana candhake.
Manungsa dadi palagan paprangan nepsune dhewe
Jumbuh kalawan pralambang hawa nepsune manungsa cacah
papat kang dijlentrehake ing pakeliran wayang kulit, miturut Imam Al Ghazali
kaya kang diandharake ing Ihya Ulumuddin, manungsa kuwi diwernani patang
kekuwatan sipat lan nepsu.
Nepsu cacah telu asipat duraka, yaiku asipat kayadene
kewan asu kang nglambangake sipat galak, asipat kayadene kewan babi kang
nglambangake sipat kemaruk, asipat syaithoniyah kang dadi pawadan tuwuhe sipat
kewan asu lan babi iku. Dene sing pungkasan sipat rubbubiyah utawa uluhiyah
kang nuwuhake rasa eling marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sipat sing kaping
papat iki yen dirembakakake lan dikemonah kanthi temen-temen bisa ngluwari
sipat syaithoniyah saka pribadine manungsa. Kanthi mangkono, sejatine manungsa
iku dadi palagan paprangan antarane telung kekuwatan kang asipat ala, dur
angkara, duraka lan siji kekuwatan kang asipat tansah njurung lan nggeret
pribadine manungsa marang kabecikan.
Hamung wong-wong pinilih wae kang bisa menangake
papranganan antarane telung nepsu dur angkara lan siji sipat kabecikan iku.
Paprangan iku kudu dilakoni kanthi temen-temen murih siji sipat kabecikan iku
bisa menang nalika adhep-adhepan kalawan telung sipat nepsu kang dur angkara.
Gusti Allah Kang Maha Asih sejatine wus mepaki ubarampe
tumrap manungsa ing alam donya supaya bisa ngemonah paprangan antarane siji
sipat kabecikan kalawan telu hawa nepsu asipat dur angkara iku. Ubarampe kang
dikarepake yaiku ubarampe-ubarampe rohaniah arupa akal lan nepsu. Iki kang
ndadekake manungsa beda kalawan malaikat kang mung antuk ubarampe akal saka
Gusti Kang Maha Kuwasa, ananging ora duwe nepsu. Samono uga beda kalawan sato
kewan kang mung antuk ubarampe nepsu tanpa akal. Dene manungsa, menawa luwih
ketarik marang ”tarikane langit”, tegese bakal luwih cerak marang sipat taat
kayadene malaikat. Suwalike, yen manungsa iku luwih seneng marang ”tarikane
bumi” utawa kadonyan, ateges dheweke luwih cerak marang sipat kewan.
Amarga manungsa iku dipepaki ubarampe akal lan nepsu,
mula dheweke duwe kalodhangan dadi titah kang apik dhewe, bisa luwih apik
tinimbang malaikat. Ananging, manungsa uga duwe bisa dadi titah kang drajate
luwih ala tinimbang sato kewan kang mung ngudi mareme hawa nepsune. Para
pujangga Jawa jaman kawuri, ya para leluhur kabudayan Jawa, akeh kang kondhang
minangka insan kamil (manungsa paripurna). Iku karana para pujangga iku wus
kasil meper hawa nepsune kanthi maneka rupa cara lan upaya.
Sejatine, hawa nepsu mono duwe sipat kang kas lan ketara
banget. Miturut anggepane wong Jawa, ”hawa” iku ateges rasa wegah nindakake
samubarang laku kang asipat nyedhak marang sipat taat (marang Gusti Allah Kang
Maha Asih). Dene ”nepsu” ateges semangat kanggo nindakake laku maksiyat. Kanggo
ngemonah ”hawa nepsu” iku kudu kanthi cara mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan
suwalike, mindhah ”nepsu” marang ”hawa”. Tegese, rasa wegah nindakake parentahe
Gusti Kang Maha Asih dipindhah menyang wewengkon ”nepsu”. Saengga kang tuwuh
sabanjure rasa wegah nindakake laku maksiyat. Suwalike, semangat kanggo
nglakoni tumindak maksiyat (nepsu) dipindhah menyang wewengkon ”hawa”. Saengga
kang tuwuh lan ngrembaka arupa semangat nindahake kabeh prentah-E. Ing jagad
kabudayan Jawa, wus akeh tuladha laku mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan
”nepsu” marang ”hawa” iku.
Tumrap wong Jawa, salah sijine laku kanggo meper hawa
nepsu yaiku laku ngurang-ngurangi, kalebu laku pasa lan laku tapa kang
nglimputi tarak brata, mesu brata, tapa brata lan pati brata. Tarak brata iki
ing bebrayane wong Jawa kang sinebut ngurang-ngurangi, yaiku ngurangi mangan,
ngombe lan turu (cegah dhahar lawan guling). Mesu brata yaiku lelaku kang
kwalitase luwih dhuwur tinimbang tarak brata. Ing kene, wong wus ngupadi marang
laku prihatin rohaniah. Tapa brata mujudake lelaku kang luwih manther marang
sangkan paraning dumadi utawa manunggaling kawula gusti. Dene pati brata arupa
lakune manungsa Jawa kang wus nggayuh tingkat dhuwur dhewe, yaiku wus tekan
marang mangerteni lan ngenali Gusti Allah kang haq. Ing laku pati brata iki
kang kabudayan Jawa sinebut wus kasil nggayuh manunggaling kawula gusti.
Posting Komentar untuk "MEPER HAWA NAFSU"