OJO REBUT BENER

Yen kita ahli kitab Injil iku kita banjur trisna marang
golongan, yen kita weruh pastur ing batin duwe rasa wedi lan asih, nanging aja
lali marang bibit sekawite tanah aire dewe yen kita ahli Kur’an iku kita tansah
trisna marang agama Islam nanging aja dilalekate tanah aire Indonesia kang
subur, apa kang tinandur tukul kanti makmur.
Yen kita ahli pakem Wedha (wayang) banjur trisna marang
tanah Pulau Jawa kang dadi pusating Indonesia, yen kita kapetuk marang wong
tuwa, kang wis metu saka hawa duwe rasa wedi tur asih, banjur karem prihatin,
tiru-tiru satriya Ngamarta Pandawa kang karem tapa, amrih bisa kuwasa.
Semono uga manca buku “Roman” iku ya katarik-katarik Roman
ngobong pikiran dadi ora aman, ngelayung duduk bingung, berdiri bingung wusana
lali bapa biyung, yen dituruti suwe-suwe turut urung-urung.
Pitutur seka Injil, Kur’an, Wedha, ika kagawa seka majuning
jaman dipecah-pecah dadi pirang-pirang piwulang dadi pirang-pirang piwulang.
Kur’an mujudake kumpulan dadi N.U, Muhammadiyah, Islamiyah lan liya-liyane.
Injil dadi Pantekusta, Katolik, Protentan lan liya-liyane. Wedho iku dek jaman
budha, kitab-kitab isih manggon ana ing tanahe dewe-dewe. Negara lan
Negara biasa aman pada ayu ayom ayem tentrem, dene tekane kitab iku sarana
digawa marang para sudagar kang angkara, kepengin enggal-enggal negarane bisa
sugih lan bangsa-bangsane supaya bisa makmur lan termashur. Mara jajal itungen
agama ing tanah kita kira-kira meh ana 72 warna, iku karepe pada pada, mung
beda bahasane, kaya dene nyebut Gusti Kang Maha Kuwasa yen neng Eropa ngarani
God. Yen neng Cina ngarani Dhi Kong, yen Arab ngarani Allah, ana maneh kang
ngarani Sang Hyang Utipati, ana maneh Sang Hyang Latawal Ujwa, iku kabeh bener
angger cara bangsa kang nyebut marga ngerti kang dadi kekarepane, nanging yen
wong Jawa iku sok nggampangake wicara, yen ngarani Wahid jare Ngahad, yen
ngarani gulden jare segelo, mula barang-barang kang tiron iku arang-arang kang
ngerti kang dadi karep-karepe, mula alan-ingalan kae ala, awake dewe dielem
dewe, ngaku yen suci tur resik duwe rumangsa yen wis kanggep ing Gustine,
tandane kanggep iku yen ora ngiwa (nyebal) seka Gusti, jare ora dahar ora sare,
adil welas asih, kita kudu tiru-tiru dadi ora dadi cecongkrahan, rebut bener,
dadi ora kaber golek pangan, marga emoh tukar pengalaman, mula nontona wayang,
Dalang kang ngudal piwulang marga kabeh-kabeh iku ana wohe utawa buahe, dadi
aja mung dipangan kulite, kaya dene keris aja mung rangka (wadahe) kang
diisik-isik, njorone tainen (tiyengen) tanpa diresiki, mula para Nabi lan Wali
iku sabda dadi, marga landhep kebatinane. Tansah tumindak sabar dedana welas
lan asih, mula kinasih yen bisa saemper Nabi lan Wali, iku warna (neka-neka) 72
paham bisa manunggal (bersatu) dadi Rukun, iku ibarate (upamane) putrane wong
siji kang arep ngabekti marang wong atuwane, nganggo tatacara dewe-dewe, ana
kang nganggo tatacara Arab, ana kang nganggo tatacara Eropa, iku matuk tumrap
wong tanah aire kang nganggo, mesti ora pada cecongkrahan.
Mangkene pangandikane wong atuwanira, engger……………!!!
Bocah-bocah sira pada guyuba lan rukuna dadiya contone
bangsa, lan pada reksa-rineksa dandanana omah lan pekaranganira, supaya aja
itung jam (pangan), idep-idep karo prihatin, supaya enggal-enggal bisa rampung
aja rebut kuwasa, ing tembe yen wus rampung kanggo tinggalan bebrayan pada
ngenggoni, sak-anak lan putunira. Dene yen kowe pada cengkrahan, iku
pangabektinira mung kandeg ana ing dedalan, yen sira pada rusak kacemplung ing
pakunjaran, wong atuwanira kandeg ora bisa apa-apa sebab ana bageane dewe-dewe,
dadi Ingsun mung Maha Welas, susah lan bungah, suwarga lan neraka, begja lan
mulya, iku mung ginawe dewe-dewe. Bisane pada makmur yen sira kabeh pada akur
guyub rukun. Bisane guyub rukun iku yen sira kabeh pada akur guyub rukun.
Bisane guyub rukun iku yen sira pada sugih kawruh lan pengalaman, bisane sugih
pengalaman iku yen sira sugih sesrawungan, marang kanca kang sugih pengalaman,
yen duwe paham mung siji, iku rugi. Mula iku pada sesanjan, nanging aja gawe
pakitunaning liyan, dipurih temuruna anak lan putu anggone paseduluran, sebab
seka reksa-rineksa, tepa salira.
Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi
Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir
————————————
Alang Alang Kumitir
Sakabehing para Nabi pada kangungan catetan kitab pitutur
becik, iku kabeh siji-sijine kitab pada duwe daya penarik penggendeng.
Yen kita ahli kitab Injil iku kita banjur trisna marang golongan, yen kita
weruh pastur ing batin duwe rasa wedi lan asih, nanging aja lali marang bibit
sekawite tanah aire dewe yen kita ahli Kur’an iku kita tansah trisna marang
agama Islam nanging aja dilalekate tanah aire Indonesia kang subur, apa kang
tinandur tukul kanti makmur.
Yen kita ahli pakem Wedha (wayang) banjur trisna marang tanah Pulau Jawa
kang dadi pusating Indonesia, yen kita kapetuk marang wong tuwa, kang wis metu
saka hawa duwe rasa wedi tur asih, banjur karem prihatin, tiru-tiru satriya
Ngamarta Pandawa kang karem tapa, amrih bisa kuwasa.
Semono uga manca buku “Roman” iku ya katarik-katarik Roman ngobong pikiran
dadi ora aman, ngelayung duduk bingung, berdiri bingung wusana lali bapa
biyung, yen dituruti suwe-suwe turut urung-urung.
Pitutur seka Injil, Kur’an, Wedha, ika kagawa seka majuning jaman
dipecah-pecah dadi pirang-pirang piwulang dadi pirang-pirang piwulang. Kur’an
mujudake kumpulan dadi N.U, Muhammadiyah, Islamiyah lan liya-liyane. Injil dadi
Pantekusta, Katolik, Protentan lan liya-liyane. Wedho iku dek jaman budha,
kitab-kitab isih manggon ana ing tanahe dewe-dewe. Negara lan Negara
biasa aman pada ayu ayom ayem tentrem, dene tekane kitab iku sarana digawa
marang para sudagar kang angkara, kepengin enggal-enggal negarane bisa sugih
lan bangsa-bangsane supaya bisa makmur lan termashur. Mara jajal itungen
agama ing tanah kita kira-kira meh ana 72 warna, iku karepe pada pada, mung
beda bahasane, kaya dene nyebut Gusti Kang Maha Kuwasa yen neng Eropa ngarani
God. Yen neng Cina ngarani Dhi Kong, yen Arab ngarani Allah, ana maneh kang
ngarani Sang Hyang Utipati, ana maneh Sang Hyang Latawal Ujwa, iku kabeh bener
angger cara bangsa kang nyebut marga ngerti kang dadi kekarepane, nanging yen
wong Jawa iku sok nggampangake wicara, yen ngarani Wahid jare Ngahad, yen ngarani
gulden jare segelo, mula barang-barang kang tiron iku arang-arang kang ngerti
kang dadi karep-karepe, mula alan-ingalan kae ala, awake dewe dielem dewe,
ngaku yen suci tur resik duwe rumangsa yen wis kanggep ing Gustine, tandane
kanggep iku yen ora ngiwa (nyebal) seka Gusti, jare ora dahar ora sare, adil
welas asih, kita kudu tiru-tiru dadi ora dadi cecongkrahan, rebut bener, dadi
ora kaber golek pangan, marga emoh tukar pengalaman, mula nontona wayang,
Dalang kang ngudal piwulang marga kabeh-kabeh iku ana wohe utawa buahe, dadi
aja mung dipangan kulite, kaya dene keris aja mung rangka (wadahe) kang
diisik-isik, njorone tainen (tiyengen) tanpa diresiki, mula para Nabi lan Wali
iku sabda dadi, marga landhep kebatinane. Tansah tumindak sabar dedana welas lan
asih, mula kinasih yen bisa saemper Nabi lan Wali, iku warna (neka-neka) 72
paham bisa manunggal (bersatu) dadi Rukun, iku ibarate (upamane) putrane wong
siji kang arep ngabekti marang wong atuwane, nganggo tatacara dewe-dewe, ana
kang nganggo tatacara Arab, ana kang nganggo tatacara Eropa, iku matuk tumrap
wong tanah aire kang nganggo, mesti ora pada cecongkrahan.
Mangkene pangandikane wong atuwanira, engger……………!!!
Bocah-bocah sira pada guyuba lan rukuna dadiya contone bangsa, lan pada
reksa-rineksa dandanana omah lan pekaranganira, supaya aja itung jam (pangan),
idep-idep karo prihatin, supaya enggal-enggal bisa rampung aja rebut kuwasa,
ing tembe yen wus rampung kanggo tinggalan bebrayan pada ngenggoni, sak-anak
lan putunira. Dene yen kowe pada cengkrahan, iku pangabektinira mung kandeg ana
ing dedalan, yen sira pada rusak kacemplung ing pakunjaran, wong atuwanira
kandeg ora bisa apa-apa sebab ana bageane dewe-dewe, dadi Ingsun mung Maha
Welas, susah lan bungah, suwarga lan neraka, begja lan mulya, iku mung ginawe
dewe-dewe. Bisane pada makmur yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane
guyub rukun iku yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane guyub rukun iku
yen sira pada sugih kawruh lan pengalaman, bisane sugih pengalaman iku yen sira
sugih sesrawungan, marang kanca kang sugih pengalaman, yen duwe paham mung
siji, iku rugi. Mula iku pada sesanjan, nanging aja gawe pakitunaning liyan,
dipurih temuruna anak lan putu anggone paseduluran, sebab seka reksa-rineksa,
tepa salira.
Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir
SAPA KANG CEMBURUH IKU
NEMU PAKEWUH

Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni,
yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang
nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku
biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.
Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti
angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning
angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati
iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara.
Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik
lan utama.
Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu
pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik
sapa kang nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe
kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine,
apa iku subur uripe!!!!
Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati
iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora
ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil,
kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti
ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh
lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan
kebagusan.
Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora
was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.
Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi
Yoga kang Adhi).
Alang Alang Kumitir
Posting Komentar untuk "OJO REBUT BENER"