SERAT JASMANINGRAT
SERAT JASMANINGRAT
Pupuh
I
Asmarandana
Asmarandana
- Tatkala wiwit tinulis / ing dina Dite kasihnya
/ jam sawiji ing wayahe / ing wulan Rabingulawal / tanggal kaping sekawan
/ tahun Dal sengkelanipun / panca wiku sabda nata.
- Anenggih wulan Welandi / Pebriwari kang lumakya
/ nuju kaping salikure / tahunira pan ingetang / sewu astha tus kawan /
dasa pitu langkungipun mangsanira kaping sapta.
- Julungpunud wuku neki / kang angka Mertawinarna
/ tri atus dasa kalih / karsanira sri narendra / Jeng Sultan Mengku Bwana
/ Senapati Ngalageku / Ngabdurrahman Sayidina.
- Panata gama sang aji / Kalipatollah ping
gangsal / hanenggih kumendur sekyeng / Bintang Leyo ing Nederlan / kang
ngergani keretyan / Ngayogyakarta rat agung / amangun srat Jasmaningrat.
- Ngelmu sarengat kang dhingin / kapindho ngelmu Tarekat
/ katiga Akekat mangko / kaping sekawan makrifat / punika kang pinurwa /
tedah jalma kang dereng wruh / amrih pecahe galihnya.
- Ingkang pinurwa kariyin / masalah ngelmu
sarengat / pangurakan saenggane / kang kocap wektu lelima / luhur kelawan
ngasar / maghrib ngisa lawan subuh / punika arebut karya.
- Kang tan kocap wektu kalih / jangkepe wektu
kang sapta / dadi pangiren kancane / wektu kalih ika dina / tan nunggil
wetu lima / punika kang dadi wuwus / dene ngisa karyanira.
- Minal witri ngatal witri / punika kang den
bicara / dereng mudhun sakaryane / agung angrembuyong kewala / sabarang
karyanira / ngucira salamenipun / marmane paben aramya.
- Ki asar mahrib angling / ki ngisa ki subuh
mojar / mara ki luhur sabdane / marmane wong kalih ika / sakalir barang
karya / punika tan purun mudhun / manira boya narima.
- Minal witri ngatal witri / punika samya suwita
/ pangane samya pinacen / teka anglidhung kewala / kawula tan narima / sun
ungkih sak kayanipun / Ki Luhur aris angucap.
- Yen mengkono eca mami / payo den ungkih ing
kathah / dimen medhuna gawene / apan dhimin sri narendra / anggadhah
pangandika / wong roro kinen akumpul / sareng mundur sareng mara.
- Lah nedha tinata kardi / leheng katura ing
suksma / iku tedha karyane / Kehe Ngasar asru mojar / inggih leres punika
/ samya sinung karyanipun / Ki Mahrib asru wecana.
- Punika pan reres ugi / kahe Ngisa asru mojar /
nedha tinata gawene / adum karya wong lelima / ramening pangurakan / Ki
Subuh asru amuwus / ingsun pan nora kuwasa.
- Angiring wong kalih iki / iku uga wong
gegantungan / datan purun ngiri ingong / dereng wonten pangandika / iya
tan purun ingwang / Ki Luhur asru amuwus / ya ingsun datan sakeca.
- Kasaru utusan prapti / Ki Patih Jabrail ika /
marang pangurakan age / sakeh wadya pangurakan / cingak sirep sedaya /
sadhateng duta agung / Ki Patih Jabrail ngucap.
- Samya padu apa iki / rame-rame neng patirtan /
Ki Luhur alon wuwuse / punika apaben karya / ingkang dadya bicara / kang
ngrambyong marang Ki Subuh / dipun ungkih karyanira.
- Pun Manalwitri puniki / raka Ngatalwitri punika
/ dipun iri sakarsane / punika tan purun nebda / saliring barang ing karya
/ marmanipun dadi padu / punika sumangga karsa.
- Ki Patih Jabrail angling / iku aja geru sira /
anata barang gawene / iya wong kalih punika / barang gawene pisah / sinelir
dening Hyang agung / iku andikaning Allah.
- Heh ta wong roro puniki / salire barange
sinongga / iku darbe karya dhewe / prenahe aneng ngayunan / ajaga
karyaning Hyang / ing siyang kelawan dalu / asaos karsaning suksma.
- Jabrail kagyat ningali / Ywa sarengat lunga
saba / kawayang mangkya tandange / Patih Jabrail angucap / amangsit wong
lelima / lah iya ika gustimu / ingkang lagya mangkat seba.
- Lah padha ngiringa sami / menek sira keri seba
/ den enggal mangkata kabeh / wong lima samya ngiringa / gowoa upacara /
wong lelima mangkat sampun / rumeksa ing gustenira.
- Sarengat kagyat ningali / yen kancanira tut
wuntat / kalintang bungah manahe / lumampah sarwi obengan / tekbire datan
pegat / sarta lan tilawatipun / dhikiripun datan pegat.
- Tesbehipun anelahi / mutyara ingkang kinarya /
pinalisir sutra jene / bawang sabungkul dhestarnya / mawi koncer apanjang
/ asri munggeng gigiripun / besusipun angarangan.
- Angermpayak lampahneki / pan lambeyan turut
marga / pan kulaweran dhestare / sumekta rasukan jubah / lungsir pethak
apelag / ngagem gonda merbuk arum / pan sineret dhestarira.
- arubed dennya lumaris / tur asareh bundenira /
awratning busanane / amberegong polahira / besuse lengulengan / milang
tindak lampahipun / lir pedah jalma bedhayan.
- Kang ngiring mesem pra sami / aningali
gustenira / gumuyu dening polahe / Luhur kalawan Ki Asar / Ki Mahrib loan
Ki Ngisa / Ki Subuh esmu gumuyu / samya beda upacara.
- Pengawinan datan keri / sigegen datan winarna /
gentia kocap mangko / kang kemit Ki Sokasana / lagi apadu karya / Ki badan
lawan Kalbu / Ki Osek lawan Ki Jawa.
- Parimona lan Ki Budi / kelawan Ki Panarima / Ki
Tapsi lan Ki Elinge / pan sami apadu karya / wong kalih dereng nebda /
dipun ungkih karyanipun / eling lawan panarima.
- Ingkang tinata ing kardi / nenggih wau Ki
Tapsila / dene angrembyong ing gawe / wong roro ngrembyong kewala / Ki
Eling Ki Panarima / ing karyane datan medhun / Ki Badan aris aturnya.
- Lah nedha wong kalih iki / samya tinata
karyanya / ana teka ngrembyong bae / Ki Eroh aris angucap / bener ujar punika
/ tan ana karyane iku / Ki Panarima aris angucap.
- Lah nedha denira kardi / punika pan wong
ngangguran / Ki Osek alon wuwuse / pnede mengkono uga / puniku dereng
nongga / marang pakaryanireku / lamine nganggur kewala.
- Ki Terima eling aris / pesthi manira tan trima
/ iku para jalukane / ing karyane wong punika / iku pan gegantungan /
kinasiyan mring gustimu / lamun ana pangandika.
- Karyane wong kalih iki / manira datan lenggana
/ saosing gusti semangke / winicara neng ngayunan / kesaru praptanira / Ki
Patih Mingkail rawuh / pinarak suka sadaya.
- Nata karya kajengneki / kagyat kang aneng
paseban / sapraptane kya hatah (hapatih) / Ki Pitih (Patih) aris tetanya /
lah iku padu apa / arame gennya gumuruh / ika (kang) den padu apa.
- Ki Badan umatur aris / punika padu(don) karya /
Ki Panrima lan Ki Elinge / punika tan Nongga karya / taksih ngrembyong
kewala / punika pan teksih nganggur / gene wonten Ki Tapsila.
- Yen suwawi atur mami / kawula atrapken karya /
mudhuna sapakaryane / Ki Patih Mingkail mojar / aja ageru sira / anata ing
karyanipun / wus pinanci ing Hyang Sukma.
- Sabarang karyane mijil / saos karsaning Hyang
Sukma / mila katingal wong roro / jaganing kang pangandika / cumawis caos
karya / sabarang karsaning ratu / semongsa na pangandika.
- Cumawis karyaning gusti / iku kang atampi karya
/ Ki Patih ningali mangko / Ki Tarekat mangkat seba / mengkono solahira /
Ki Mingkail alon muwus / lah ta ika gustenira.
- Lagya lunga seba uning / lah padha
ngiring-ngiringa / wong nenem miluwa kabeh / lah age sira mangkata / wong
nenem sigra mangkat / bekta upacaranipun / Kyai Tarekat tumingal.
- Balanira tumut sami / angiring-ngiring sedaya /
abekta upacarane / Ki Tarekat agraita / sigra-sgra lampahnya / pesaja
busana kampuh / pan nganggo daram pinala.
- Wonten kang winuwus malih / ingkang kemit
kamandhungan / kang lagya nata karyane / kang Paningal lan Pangucap /
Pangambu Pamiarsa / Cipta lan Ripta wus rawuh / wong kalih den ungkih
karya.
- Ki Adhep lan idhep linggih / punika pan iri
karya / Paningal asru wuwuse / lah nedha tinata karya / Ki Adhep Idhep ika
/ lah punapa silanipun / dening dora nangga karya.
- Iku wong ngucireng karpi / tansah anganggur /
kewala / iku wong tanbuh gawene / Ki Pangucap aris mojar / nedha ika
tinata / aja na wong nganggur / manira banget kangelan.
- Ki Pangambu angling aris / inggih aleres punika
/ puniku tanbuh gawene / eca anglindhung kewala / iya milu ginanjar /
barang karya datan tumut / lan akarya kemandhungan.
- Saene sinungan kardi / Ki Pamirsa lon angucap /
nedha wicara mangke / iku dijaluk karyanya / mila tan tumut karya /
nganggur tanbuh pedahipun / yen punika wewijangan.
- Apesthi entheng sinanggi / dadia pitung giliran
/ Cipta lan ripta wuwuse / pesthi manira tan suka / yen sira kang jaluka /
dhingin angrembyong maringsun / sarta lawan pangandika.
- Ana dene mengko iki / para karsa ngiring karya
jalukan ngayunan mangko / manira dermi kewala / angembyong wong punika /
Ki Paningal asru muwus / ingsun tan wruh pangandika.
- Punika sun jaluk kardi / Ki Pangucap asru mojar
lah nedha jinaluk mangko / kapanane yen mudhuna / si Cipta Ripta ika /
mubeng padune lumencur / bungah den nengna kewala.
- Mangsa kenoa puniki / yen jinaluk wiwikingan /
kejawi ngarsa sang katong / sokur dadi padu besar / Ki Pamiarsa ngucap /
luhung jinaluka ing ngayun / Ki Pangambu aris mojar.
- Iya bener iku ugi / Allah amek wong ngurahan /
pan tuwas sisan alane / mongsa kiranga gawean / Ki Cipta Rpta ngucap /
nadyan den jaluka ngayun iya luwih karsanira.
- Apan ana ujar mami / den aririh ujarira / aneng
ing ngayunan mangko / den prayoga bicaranya / srta pangandika / Ki
Paningal asru muwus / boya idhep ujarira.
- Ki Patih Israpil prapti / arsa marang
kemandhunga / anata gawe karsane / kagyat mirsa ramnya-ramnya / jalma kang
paben karya / nulya sirep kang apadu / sapraptanya Kiya patya.
- Samya kendel semu ajrih / padu karya bok
kadukan / Patih Israpil tingale / kadung kang apaben karya / waune
kalintang ramya / Ki Patih amara gupuh / Ki Patih Israpil tanya.
- Mau padu apa sami / ramnya aneng kemadhungan /
apa kang pinadu rame / dene kongsi bengkerengan / Ki Paningal asru mojar /
paben karsane sang ulun / angiri kang dereng nebda.
- Pun Idhep lan Adhep singgih / punika den iri
karya / dereng nebda sakaryane / lir barang karya panebda / ana ngrembyong
kewala / inggih pun Cipta Ripteku / kawula tedha karyanya.
- Ki Patih Israpil angling / aja geru ngiri karya
/ wong roro iku karyane / iku siniyan Hyang Sukma / mijia karyanira / saos
karsane sang ulun / asaos aneng ngayunan.
- Sira angungkih ing kardi / wong roro iku tan
kena / lamun sira ngiri gawe / apesthi yen nora kena / Israpil kagyat
mulat / gustenira kang dinulu / Ki Akekat lunga seba.
- Mawas-mawas lampahneki / Ki Patih Israpil mojar
/ lah batur gustimu katon / apan lagya lunga seba / lah padha ngiringena /
wong sekawan mesat sampun / samya beta upacara.
- Ki Khakekat aningali / balanira atut wuntat /
abekta upacarane / Ki Akekat lampahira / sigra-sigra gancangan / age-age
lampahipun / lampahe angungak-ungak.
- Tan arsa kakehan pikir / tan arsa kakehan
sandhang / amung ngagem nyamping bae / won wonten malih kang warna / kang
kemit siti bentar / rame nata karyanipun / Ki Nyawa lawan Ki Atma.
- Ki Sukma Ki Cahya iki atanapi Ki Murcaya / wong
kekalih dereng amor / dereng mudhun karyanira / tansah dadi bicara /
Lageng lan Ki Toked iku / tansah den ungkih karyanya.
- Ingkang angrembyong ta singgih / wau sira Ki
Murcaya / Ki Nyawa asru wuwuse / lah payo tinata karya / aja ngidhung
kewala / ingajak neba karya gung / gih dadi saya golongan.
- Ki Ayma amuwus aris / pesthi bener iku uga /
wong nganggur tanbuh gawene / iku milu tampi sihnya / karyane nora nana /
tan bekti kemit sedalu / Ki Nukma sugal angucap.
- Lah nedha den iri kardi / kapanane tumapaka /
apan iku nganggur bae / Ki Cahya delingnya mojar / teka bener kewala /
apan iku wong anganggur / sedhenge den iri karyanya.
- Lah nedha jinaluk wani / yen tan purun ngangkat
karya / yen budi sun kembarane / kinarubut ing wong kathah / wong roro
rosa pira / amungsuh wong papat iku / Murcahya meneng tan ngucap.
- Mirsa wong papat angling / Murcahya angusap
jaja / arum memanis wuwuse / sakarsanira angucap / pan iya ujaring wang /
ing kene apa pinadu / winecaranen neng ngajengan.
- Nadyan sinungana kardi / nanging sae neng
ngajengan / Ki Nyawa sendhu saure / Murcahya ngalingi karya / sila gengdi
rupanya / la si Tokid karyanipun / tan wande sun tedha karya.
- Suka tan sukaa kardi / tan wande sun tedha
ngarsa / pesthi sun bethothot bae / yen kalah sun jarah / wiyahe sun
balinga / apan wus tawas sun jaluk / jajaban bae tan tena.
- Nyawa ngucap kaduk wani / yen wus metu
kordanira / tan wande medhun gawene / badane tur tuwas rusak / Ki Nyawa
asumbar-sumbar / ingsun tate anilang tatu / sun dol nreh aden wisaya.
- Kasaru Patih Ngijrail / miyos marang siti
bentar / anata karya karsane / Ki Patih kagyat miarsa / wadya kang padu
karya / kang bala dhangan andulu / sirep kang apadu karya.
- Wong sekawan asmu ajrih / wus ngraos yen
tinakonan / Ki Patih tumingal langko / wong kemit apadu karya / gumeder
awuruhan / nulya pinaranan / gupuh / aglis prapta ngarsanira.
- Ki Patih tetanya aglis / apa kang kang den padu
padha / dene arame syarane / pating bangkereng syaratnya / kaya wong yun
kerengan / Ki Nyawa nulya wot santun / punika apaben karya.
- Kanca kula nyageng kardi / inggih kang dados
bicara / pun Langgeng pun Tokid mangko / kula tedha karyanira / teksih
ngrembyong kewala / pun Murcahya kapiluyu / ngiloni Tokid lan Baka.
- Pun Langgeng lawan pun Tokid / datan mudhun
pakaryannya / Murcahya ing wong dahuwen / ngukuhi wong mukar karya / panas
ati kawula / Langgeng Tokid gajihipun / sami lan kang bangkat karya.
- Anuwun priksa Ki Patih / Patih mojar aja
gancang / iku wong miji karyane / siniyan ing gustenira / aja age ta sira
/ yen ana timbalan dhawuh / Langgeng Tokid karuhena.
- Wong roro puniku singgih / samya nganti
pangandika / ana dene paran kiye / angantia pangandika / yen sampun ta
rumangsa / Ngijrail kagyat andulu / Ki Makrifat mangkat seba.
- Agancang dennya lumaris / Ki Ngisrapil alon
mojar / wong lima winisek kabeh / Allah ika gusnenira / pan lagi mangkat
seba / lah iringen aja kantun / den enggal nuli mangkata.
- Wong lima samya angiring / samya beta upacara /
sarta lan pengawinane / pan sampun pepak sedaya / samya nututi lampah /
pan enggal lampahipun / Ki Makrifat pan tumingal.
- Balane samya tut wuri / Makrifat mesem jro nala
/ Makrifat inggal lampahe / tan mambu wong mara seba / sarwi cawet kewala
/ cingak sakeh kang adulu / samya micoreng jro nala.
- Tan memper saos ing gusti / tanb memba wong
sesarasan / ing sasolah pratingkahe / dhateng lumajar kewala / apan kadi
jaran ngerap / pan nora nolih ing pungkur / samya micoreng jro nala.
- Lampahe separti angin / Makrifat lampahnya
gancang / kang tut wuntat keri kabeh / kang mangkat dhingin kawuntat /
dungkap prapta ing nglawang/ kang nama kori panutup / lir pendah kori
srinata.
Pupuh
II
Sinom
Sinom
- Anenggih kori punika / dedalane manjing puri /
nenggih kancingipun tobat / sesakanipun rohbani / maningkem talineki / pan
rohani inebipun / payo sabar derana / ingkang tengga kori iki / Radyan
Mutmainah bagus tan sikara.
- Mulat Raden Mutmainah / yen gustine ingkang
prapti / aglis winenganan lawang / Ki Makrifat liwat aglis / bala kantun
ing jawi / tan wonten tumut malebu / sampun minep kang lawang / Ki Nyawa
arsa tut wuri / Raden Bagus Mutmainah datan suka.
- Makrifat wus manjing pura / wus linggih neng
ngaras kursi / munggeng aneng ing ngayunan / pan sampun pinanci-panci /
peparinge ing gusti / warni kupi gung perukum / murub yen tiningalan / isi
madu masthika di / duk sinambut marang Ki Makrifat ika.
- Gandane arum mangambar / pan wonten winuwus
malih / Ki Akekat lagya prapta / ing nglawang wesi puniki / nenggih
dedalaneki / pan tigafar kancingipun / rohani sesakanya / maniyun /
tetalineki / tinebipun anenggih kandil punika.
- Pepayon sampurnaning dat / kang akemit tengga
kori / Rahaden Suwiyah ika / prayetna tan amaloni / kang Suwiyah udani /
lamun gustenira rawuh / aglis sinungan lawang / Ngakekat lumebeng puri /
balanipun sedaya kantun neng jaba.
- Tan sinunga kesah-kesah / pan sampun ngineban
kori / lan ing balarsa tumuta / angungkih anedha kori / Ki Suwiyah nyukani
/ wus nusul mring gustenipun / Ki Khakekat wus prapta / nulya linggih
ngaras kursi / samya ngumpul wus ngadhep aneng ngayunan.
- Sampun pinanci punika / peparingan werna adi /
wewadhah werna kencana / ya isi serabat wangi / wus tinampanan aglis /
marang Ki Khakekat sampun / wonten ing ngarsanira / yata kawarnaa malih /
lampahipun Ki Tarekat lagya prapta.
- Ing lawang siratal ika / punika dedalaneki /
kancinge panebut ika / sesakanipun rohani / maniyah talineki / gih tarekat
inebipun / payon keh ananing dat / kang kemit tetangga kori / Raden Bagus
Amarah langkung ulama.
- Raden Amarah tumingal / lamun gustenira prapti
/ ngandika amundhut lawang / aglis winengan kori / Ki Tarekat lumaris /
aglis lumebeng kedhatun / bala kantun ing jaba / tan sinungan manjing kori
/ pan agupun amarah maniteb lawang.
- Ki badan anjaluk lawang / arsa tumut gustineki
/ Ki Amarah datan suka / dedel dinedel ning kori / Ki badan meksa ngungkih
/ pan den gitek sirahipun / Ki Badan sru bremantya / mekanjar bekalahi /
Ki Amarah gitet jaja malang kadhak.
- Yata Rahaden Amarah / tingale ngatirah andrik /
apan sarwi ngagem rotan / Ki Badan amenthelengi / Ki Badan esmu ajrih /
wekasan kendel lan muwus / Ki Tarekat wus prapta / alinggih neng ngaras
kursi / pan akumpul pinarak aneng ngayunan.
- Wus pinancen paringannya / Ki Tarekat marang
gusti / awarni bokor kencana / aingsi wowohan adi / namane wowohan adi /
sekar suratollah arum / pan sampun tinampanan / wonten kawarnaa malih /
ingkang kantun dhewe nenggih Ki Sarengat.
- Lampahe tansah lonlonan / anganteni kadangneki
/ tan nyana yen kantun sira / duk angkate andhingini / tan wruh den
lancangi / marang kadang-kadangipun / mila eca lonlonan / awak den
liling-liling / tesbehipun samarga den kudang-kudang.
- Sigra nulya prapteng nglawang / sela matangkep
puniki / gih punika dedalannya / kancinge niyat sejati / sesakane jesmani
/ nur madi tetalenipun / jahur inebing lawang / pepayon rengaling ngeski /
kang atunggu Raden Luamah punika.
- Dhusta tur esmu durjana / Raden Luamah udani /
yen gustine lagya seba / agupuh mengani kori / Ki Sarengat lumaris / wus
malebeng ing kedhatun / lampahe lonlonan / tan pegat dennya dhikir /
balanira sedaya kantun neng jaba.
- Tan wonten sinung tumuta / pan sampun mineb
kang kori / Ki Luhur meksa tumuta / Luamah dhupak ing sikil / wong lima
aneng jawi / balane Sarengat wahu / samya ajrih sedaya / galihe samya
kumitir / sakelangkung samya ajrih gustenira.
- Amung Ki Luamah ika / kang binekta manjing puri
/ ngiring-ngiring Ki Sarengat / Luamah dhasar galidhig / yen ana karsaneki
/ kalangkung denira berung / tan kena sinuwalan / Ki Sarengat sampun
prapti / sampun lenggah aneng kursi bale ngaras.
- Ki Sarengat esmu duka / angrasa lampahe keri /
tansah menggah manjing tingal / Kyai Ngakekat angliring ? Ki Makrifat
ningali / Ki Sarengat esmu bendu / tumungkul sarwi bekah / pan sarwi
agiget lathi / menggah-menggah pan sarwi angusap jaja.
- Ki Sarengat aris mojar / nanging ginarit ing
ati / nora nyana badaning wang / dene ta padha dhingini / duk angkatira
kari / amung ingsun kang karuwun / ngong lampah alon-lonan / sun nganti
mring sira sami / ingsun sidhep maksih kari wong tetiga.
- Si Tarekat lah adena / lakune tan
giring-iringan / kabehane padha jawal / lakune padha nglancangi / si
Khakekat wong baring / esmu tan idhep semu / lah ta si Makrifat / nganggo
atine pribadi / Ki Sarengat dukanira jroning nala.
- Ki Tarekat tanpa ngucap / sru tumungkul esmu
wedi / anyana badhe kadukan / wus karaos galihneki / dinulu netra abrit /
angling pan sarwi macucu / lathinya kajuwitan / basengut jajanya abrit /
pan ajentung adangu migu kewala.
- Nenggih Ki Hakekat ika / gumujeng jroning ati /
mulat marang kakangira / Ki Makrifat ngesemi / aliyan dennya linggih /
selonjor alulur suku / sarwi singsot punika / melat melot anguciwis /
dipun sumur geguyon lawan Tarekat.
- Kyai Tarekat tumingal / marang Ki Makrifat iki
/ gumujeng amijet jaja / kang rayi sarya winangsit / sarwi tumungkul
anglirik / gumujeng suka ing kalbu / Ki Sarengat tan wikan / nulya majeng
awotsari / sampun lungguh mencangah aneng ngayunan.
- Sampun pinancen paringan / wau marang gustineki
/ tandhane lamun siniyan / sakarsane den saosi / wadhah mas selaka di /
warna pelag isenipun / sarwi dhedhaharan endah / Sarengat bungah ing ati /
Ki Luamah ingkang marani kebat.
- Kang rupa tinampan selaka / Ki Luamah kang
nampani / nulya binuka sasbnya / Ki Sarengat aningali / panganan adi-adi /
apa kang ora na iku / Srengat ngucap ing nala / tanggon manira yen bukti /
donya kerat ginanjara dening Hyang Sukma.
- Ki Sarengat aris mojar / tanya Ki Tarekat aris
/ sira pinaringan apa / yayi marang gustineki / ingsun arsa udani /
peparinge mring sireku / miwah yayi Khakekat / sira den paringi punapi /
ngong yun wruha miwah pun adhi Makrifat.
- Ki Tarekat aris mojar / gih kawula den paringi
/ sangking sihe gustiningwang / gih punika ingkang warni / bokor mirah
pinanci / nanging saingsine dereng wruh / pan kapundhi kewala / dereng
purun angungkabi / sak kelangkung jrih bok dede karsanira.
- Ki Sarengat aris mojar / Ki Khakekat den takoni
/ sira pinaringan apa / manira ayan nu dining / Ki Sarengat lingnya aris /
kawula pinancen sampun / warni kopi kencana / ingsine dereng udani / pan
adangu teksih kapundhi kewala.
- Kawula tan purun buka / yen dede karsaning
gusti / Ki Makrifat tinakon / sira den paringi punapi / ingsun ayun udani
/ Ki Makrifat alon muwus / gih kawula sinungan / warna kopi kumala di /
isenipun nenggih madu pinatika.
- Tur endah gandanya ngambar / Ki Sarengat esmu
isin / mirsa wecana mengkana / angrasa wedhar kang galih / angrebda
pusuhneki / kadya bedhaha ing lambung / nalane terataban / kumitir
sajroning galih / langkung duka dalane kadya ginongsa.
- Ki Sarengat dukanira / lir pendah yayah sinipi
/ andulu marang Makrifat / Sarengat angling saya andik / yen mengkonoa ugi
/ pra uga kabehna iku / ingsun ayun uninga / warnane kadya punapi / kang
gonda rum lah age para bukaa.
- Manira ayun wruha / lah age bukanen aglis / aja
kongsi kumelamar / ing tingalingsun puniki / aja tan suka yayi /
pesthi mengko sira kabur / mring gusti luwih wikan / manira tedha ing
ngadil / asru matur Ki Tarekat mring Sarengat.
- Inggih patedhan kawula / yekti tan suka wak
mami / dene wus pancen piyambak / peparingan marang gusti / pesthi ajrih
wak mami / yen tan pentah ing Hyang Agung / mangke sun alenggana / andika
buka puniki / sak kelangkung ajrih yen dika bukaa.
- Khakekat nambung ujar / gih makaten awak mami /
tan suka lamun binuka / pan wus pinancen pribadi / pan wus pininta sami /
marang karsane Hyang Agung / Ki Makrifat lingira / dudu dhapur wong puniki
/ gih puniku tuduh jeneng wong nelongsa.
- Ki Sarengat sru bramantya / anglarap denira
angling / si Tarekat ingkang ala / dadya panutan wong baring / atuwa
jeneng mami / datan ngajini maring sun / sumawana Khakekat / miwah Ki
Makrifat sisip / yen amuwus wong telu pan salah mangsa.
- Aweha nora aweha / tan wandes sun jaluk mangkin
/ kabeh apan duwekira / Ki Luamah wus cawis / sebet acawetan sampun /
cancut atali wonda / wus wikan karsaning gusti / tandangipun acakut datan
mundura.
Pupuh
III
Durma
Durma
- Ki Luamah trangginas nulya angrebat / maring
kang warni kopi / pan katiga pisan / punika dipun rebat / wong tiga
agrajeg sami / kae Luamah / meksa angungkih sami.
- Ki Makrifat kupi meksih ginujengan /
ingsine kocar-kacir / miwah Ki Khakekat / kupine dipun rebat / nanging
kupi datan keni / pan kocak-kocak / Luamah ngerbut wani.
- Ki Tarekat dipun rebut datan kena / meksih
rejengan kupi / pan kocar-kaciran / tumiba bale aras / temahan prahara
uning / Kae Luamah / kongsi ngolang ngaling.
- Lir den ringut manira Ki Luamah / antuk asihing
gusti / gita ing paseban / geger kadya gilingan / kagyat wadya kang neng
jawi / Ki Luhur mojar / batur geger punapi.
- Allah konca baya iki ana karya / ing paseban
angisis / dudu Aluamah / ingkang gawe prakara / kang wonten lawang puniki
/ Raden Luamah / lawan Suwiyah singgih.
- Sumawana sira den Mutmainah / samya kagyat tan
sipi / amiarsa syara / opyak kang aneng jaba / syarane pating jalerit /
akeh wong lumajar / sangking paseban nenggih.
- Dyan pinendheng wau sangkaning prakara / nulya
lumayu aglis / wus prapta paseban / dinulu Ki Luamah / polahe anggegilani
/ Raden Amarah / sigra nulya merpeki.
- Ki Luamah den sikep marang amarah / Ki Suwiyah
ngebyuki / miwah Mutmainah / sigra samya tumandang / Ki Luamah den cekeli
/ dipun dhedhabyang / binekta medal jawi.
- Pan sineret Luamah maring wong tiga / Luamah
meksa budi / kalintang rosanya / wong tiga sami sayah / nongga kurdane
kang budi / meksih den bayang / medal jawining kori.
- Sekathahe bala kang kantun neng jaba / sedaya
wus winangsit / gupuh sami mara / cingak sira tumingal / deding Luamah
puniki / weneh angucap apa mulane uni.
- Kahe Lahir angucap selamet sira / jer kena
walat mami / duk andhupak mring wang / tet kala aneng lawang / sira
rasakena mangkin / sakeh kang bala / samya kinen nyakiti.
- Ki Luamah nulya den pala wong kathah / Ki Nyawa
mala dhingin / ngasoki gigirnya / kemadhu kang kinarya / Ki Atma sigra
gitiki / sarta anekak / guglune kongsi mlirik.
- Kyai Sukma sigra jambak rambutira / Luamah
datan osik / anulya Ki Caya / sigra anyiram toya / Ki Murcahya angideni /
Ki Soca angucap / sigra lambe den puntir.
- Ki Pamirsa sigra jewer kupingira / Ki Pangambu
sira aglis / amulir irungnya / Ki Paningal punika / anyalok netrane kalih
/ Kae LuaMah / tobate andharidhit.
- Kae Cepta Ripta analeni tampar / Ki Luamah den
godhi / nulya Kae Badan / sigra gablok jaja / Ki EroH sigra nyiweli / ing
lambungira / Ki Panarima aglis.
- Sigra nulya anabeti / Ki Panarima aglis /
nyekeli bahunya / nulya Ki Atapsila / anerungku sukuneki / Ki ElinG sira /
sigra ngileni kuping.
- Ki Luamah polahe niba-niba / dipun wesi asati /
wong lima punika / tan wonten tumut mala / eca denira ningali / ajrih
gustinya / bilih binendon gusti.
- Sami suka wong lima nonTon kewala / pangrasane
ing ati / tan wonten duduka / ingkang panjuru bala / lamun ilang wong
puniki / pan calunthangan / yekti kapenak mami.
- Ku Luamah ngolang-ngaling polahira / kelangkung
dennya sakit / sambat mring gustinya / gusti nedha ngapura / tan betah
anandhang sakit / sambat kadangnya / Kang Tobat dika mrika.
- Pan Ki Tobat punika sanake tuwa / pan karasa
ing ati / sambat adhuh biyang / wong lima tan tumuta / kadange Luamah
singgih / ingkang atuwa / Ki Tobat barepneki.
- Kang Luamah panggulune esmu dhugal / nunten
amarah iki / nunten Ki Suwiyah / anunten Mutmainah / iku tunggal
bangsaneki / Luamah niba / Ki Tobat marepeKi.
- Dene mangke Ki Tobat anjaluk seca / marang
Luamah iki / Ki Amarah mara / Ki Suwiyah ika / lan Mutmainah tan kari /
pepal sedaya / kadange samya prapti.
- Ki Luamah angucap sarwi karuna / kakang dika
uripi / kawula tan betah / nandhang siyasating wang / awak mara litang
sakin / nedha ngapura / Luamah ngasih-asih.
- Ki Amarah ingsun iki uculana / dene kaliwat
luwih / ingkang kaya sira / Suwiyah Mutmainah / den aglis anguculi /
Luamah niba / Ki Tobat sira aglis.
- Lah ta mara age sira uculana / dene wus seca
becik / Ki AMARAH ika / kelawan Ki Suwiyah / lan Ki Mutmainah singgih /
aglis tumandang / nulya samya nguculi.
- Yata sampun inguculan Ki Luamah / sumringah
tingalneki / ngrasa lamun gesang / dening wus linuwaran / mring kadange
papat iki / Kae Luamah / mesim lir madu gendhis.
Pupuh
IV
Dhandhanggula
Dhandhanggula
- Kang anurat ngame JroninG ati / sadangune
gumujeng jroning nala / lebeting tyas ngestokake / siyang kelawan dalu /
pangetune datan gumingsir / Wong olah gangsal wedal / ayun wruh surupipun
/ ing jero jinerokena / den cethekna cethek endhek usul kadim / poma
sampun belaka.
- Saucule Ku Luamah iki / sinrahaken ing wektu
lalima / Luhur rumeksa alane / Ki asar datan kantun / sumawana lawan Ki
Mahgrib / nenggih lawan Ki Ngisa / sarta lawan Ki Subuh / binekta dhateng
yogyana / aneng nglawang apan samya den kemiti / tan suka lunga-lungan.
- Ingkang wonten paseban singgih / apan sami
bubaran sedaya / Sarengat ilang manahe / konduripun karuwun / Ki Tarekat
kantun neng puri / kelawan Khakekat / lan Makrifat kantun / lumaku
gandhengan asta / alulungsen gennya lonlonan lumaris / kantun ing wuri pisan.
- Ki Sarengat lampahnya aririh / sampun prapta
wau ing yogyana / ing prenahe linggih mangke / Ki Tarekat sumungsul
Dhateng Gunung Jabalkat singgih / punika Pernahira / Khakekat tan kantun /
marang Gunung Erap ika / gih puniku pernahe genira linGGih / pan mantuk
sowang-sowang.
- Wonten den Ki Makrifat singgih / dhateng Gunung
ing Ngarpat punika / winayang wayang anggene / punika pernahipun / samya
remen mardi kang singgih / tansah karaseng nala / ewuh nyananipun / dene
atemah mengkana / sarupane kagungane ing Hyang Widi / samya kocap sedaya.
- Wonten dene kagungan puniki / kang kasebat Ki
Makrifat ika / kupi kumala ing mangke / wau sakocakipun / apan tiba ing
ngaras kursi / akarya gara-gara / pan arupa iku / ati jro mangke punika /
jajuluke Hanila Hening kakelir / warna kadi palwaga.
- Ki Makrifat ingkang madani / wonten dene
pasengitanira / pantes Ki Sarengat mangke / apan ana wewengkonipun / kang
atiti minongka seksi / kapat Ki Johar awal / ing kalimanipun / duk malum
si namaguna / kaping neme katrap panjiyat puniki / kapitu ijmakira.
- Ane dene kagungan senelir / aneng kana gunung
pitenah / nenggih punika pernahe / tur radi warnanipun / kekajengan ageng
ainggil / pange amancawarna / papat kathahipun / samya kapulet ing ngrata
/ luhuripun tan ana ingkang ngungkuli / meh kasundhul ngawiyat.
- Sanggabuwana namane singgih / kang angongang
ing jalat punika / windu punika ayode / selaka kajengipun / pan agodhong
lungsir mulya di / pan akeh warnanira / ana lungsir jingga ingkang adi /
la lungsir kuning raras.
- Lungsir pethak warnane nehali / lungsir wilis
datan kawoworan / miwah lungsir cemeng mangke / warna-warna dinulu /
kembang mirah warna sotya di / awoh inten kumala / lan sesotya murub /
datan ana kang uninga / mung wong cebol-cebol anggayuh ing langit /
alenggah ngandhap jurang.
- Kang angreksa wanodya yu luwih / akekasih Dewi
Sarpiningrat / punika tunggu kuncine / pan wus ginadhang iku /
sapangandikanya Hyang Widi / apan wus jangjenira / ing wau Hyang Agung /
dadya ratuning kasyargan / wanodyeku kinasihan ing Hyang Widi / yen wus
tekeng ubaya.
- Ingkang angreksa wanita YU luwih / akekasih NI
DEWI KARUMAN / punika kang sinung gawe / ing benjang janjenipun / lamun
sampun dhateng ubanggi / dadi ratuning syarga / nadyan puniku / kinasihan
ing Hyang Sukma / wus pinesthi cipta denira Hyang Widi / iku sinung
pangandikan.
- Dewi Aruman amangun kingkin / aningali kang
naga bendana / angrasa owah rupane / tan ana polahipun / wus saparti layun
/ ageng mapan wus ilang / tan ngusikan kadimu barekatneki / sureme
cayanira.
- Pan dinulang mangan datan apti / ingkang aran
nigena cendhala / puniku pepangane / anenggih warnanipun / kadi wau uruh
ing warih / umben umbene ingkang / kosya manis arum / ingaran gaga sutikna
/ urab bawor amancawarna cahyeki / surem ing warnanira.
- Nanging esak bayanya puniki / Nagabendana
sapati pejah / sangsaya ilang warnine / Ki Aruman andulu / pan angrangkul
anjrit tan nangis / tanbuh ing polahira / tan saged aduluh / manah liwung
tan anyana / mung kang raka kang kacipta sinambat tangis / sarya mijil
waspanya.
Pupuh
V
M i j i l
M i j i l
- DEWI ARUMAN tumurun aglis / lampahira alon /
sangking ngumbul ngawiyat sangkane / angure weni samargi-margi / datan
nolih wuri / lumampah lan pnjung.
- Tan aetang wirang lawan isin / tangise pan alon
/ sarta datan pegat sambate / datan sande dinukan ing gusti / dene tiwas
mami / kagungan Hyang Agung.
- paran polah ingkang ngreksa iki / tiwas ten
ingong / mung kadange sinambat tangise / ingkang wonten udyana di luwih /
Ki sarengat nenggih / wus nyana ing kalbu.
- Lamun dinukan marang Hyang Widi / awaknya wus
along / anenedha mring Hyang Sukma mangke / muga-muga diapuraa mami /
nedha galap gampil / muji wangsul-wangsul.
- Pan kasaru dhatenge kang rayi / sang dyah ayu
anom / Sarpiningrat atawan tangise / pada kang raka dipun sungkemi / pan
sarya nangis / sotya abih balut.
- Syara erak anganyutken ati / sasambatnya alon /
lir sundari sang dyah pangringihe / sangking sangete denira nangis / gubel
kadangneki / kang raka angungun.
- Ki Sarengat grahita ing ati / mring kang rayi
katon / Ni Sarpiningrat maras galihe / wus angrasa wau jroning galih / yen
panggawe mami / Ki Sarengat muwus.
- Sarpaningrat babo ari mami / matura den alon /
kadingaren lah yayi marene / sarwi sira tawan-tawan tangis / SARPININGRAT
angling / wuwusnya wor muwun.
- Pegat-pegat ature wor tangis / kakang gusti
eningong / tiwas temen ngreksa sengkerane / pan angreksa kagungan dalem
Hyang Widi / kajeng sogangumi / nenggih samya ngalum.
- Samya ilang warnane kang sari / alum ingkang
godhong / kadi pundi kakang mas purwane / adhuh kakang mas dika jameni /
Sarengat ngling / kewedan ing kalbu.
- Nulya emut kamulyane dhingin / sigra muwus alon
/ tan kuwasa ing sunahe ANGGER / tan uninga kagungane gusti / maranga ing
ardi / Jabalkat wong ayu.
- Anjaluka pernah sira yayi / mring Tarekat
mangko / Ni Sarpiningrat tikel alise / mirsa kang raka denira angling /
dene anyaguhi / dening mung satuduh.
- Sarpaningrat rengu sarwi nangis / kesah
pradong-pradong / tan pamitan sang dyah duk kesahe / garundelan muwus
turut margi / kang sinambat tangis / kang raka ing gunung.
- Ing JABALKAT denira alinggih / nedha tulung
ingong / ingkang kantun ing yogyana langke / Ki Sarengat lenggana tan
angling / muwus jroning ati / netra kumengbeng luh.
- Arinira Sarpaningrat singgih / kang meksih
katonton / kirang-kirang akathah polahe / sangking pegelira ing galih /
waja tansah kengis / teka asung wuyung.
- Penangise teka dudut ati / sarwi melot-melot /
lan tan pamit wong ayu lungane / teka pantes grundelan nut margi / gentia
kawarni / kang rayi neng gunung.
- Ponang ardi umbul wiyat singgih / sang dyah
ayun anom / RETNA DEWI ARUMAN westane / sarawuhira atawan tangis / Ki
Sarengat angling padanya rinangkul.
- Anungkemi pada sarwi nangis / sesambatnya alon
/ tiwas temen kakang mas sun kiye / enggen kula ngreksa kagungan gusti /
nedha tulung mami mring kakang wong bagus.
- Sun tan wande kadukan Hyang Widi / Ki Sarengat
jomblong / sakelangkung abunek manahe / aningali marang ingkang rayi /
ageng dennya brangti / amicoreng kalbu.
- Kaya paran aweta kaeksi / katon melok-melok /
tan suwala neng jroning kalbune / Ki Sarengat istipar dharidhil /
kadudoning pikir / ngusap jajanipun.
- Ki Sarengat nulya tanya malih dhuh wong ayu
anom / kadingaren nimas mirah mrene / sira tumurun saking ngardi / sarya
tawan tangis / paran dadi wuyung.
- Menek ana ingkang dadi watir / kapalanging raos
/ paran baya kang dadi atine / alah yayi matura sayekti / Dewi Aruman
angling / pan sarwi amuwus.
- Mingsek-mingsek kasesegen tangis / awor turnya
alon / dhuh kakangmas mila prapta kene / saking ngumbul wiyat awak mami /
ngreksa kagungan gusti / tiwas kakatengsun.
- Kagungan Nagabendana sakit / tan polah lit
layon / aneng ngarga kula tilar bae / alah kakang andika tulungi /
jampenana mami / kakang selak lampus.
- Ki Sarengat meneng datan angling / agamblok
jaja lon / sarya jelu-jelu manahe / pangucape agangsul pribadi / kaya napa
mami / tuwas-tuwas ingsun.
- Saya kathah durakanya Widi / delape awaking
wong / angur baya matia samangke / tanggung-tanggung urip awak mami / tan
jamak lan jalmi / ageng bekanipun.
- DEWI ARUMAN umatur aris / kakang atur ingong / tambana
sampun meneng bae / ecane manah kawula iki / dika prayogani / kang
mulyakna iki.
- Kangungan dalem ingkang asakit / maras temen
ingong / kaya paran aweta rusak bae / datan wande kabendon Hyang Widi / Ki
sarengat angling / tan kuwasa ingsun.
- Dudu ingsun tresandha yayi / kagungan kang
layon / mapan ana kang pinanci gawe / samya kinen wau nguni-nguni /
sabarang neng mami / ana ing sanakmu.
- Kang palinggih neng Jabalkap uni / paranana
mangko / Dewi Aruman runtik wuwuse / kaya paran kakang tan nyaguhi /
entheng bobotneki / mila sun tumurun.
- Apan sangking mukir pati-pati / mung dika kang
katon / ingsun emut kekadang dheweke / mengko sun susung datan nyaguhi /
lah dumeh punapi / datan sem maring sun.
- Apa katungkul sandhangan putih / agung
agerembyoh / manggunga rasukan jubah bae / jejenggote ngarguyung awilis /
brengose jakithit / taliwange kusut.
- Dedeg alus kang budi / bungah den alem wong /
bungah-bungah yen linanjar bae / jenenge punapa iki / pan kakehan warsi /
tuwa bangka bawuk.
- Ki Sarengat tumungkul sarya ngling / sakarsanya
sinom / lir wayang dhalang upamane / papanjake nimas manira iki / bisa
amiwiti / pinesthi Hyang Agung.
- Datan saget mungkasi ngong iki / adhuh aren
ingong / Dewi Aruman aris wuwuse / yen mengkono godheg tanpa alis / tuwas
nyanyukeri / luhung dipun cukur.
- DEWI ARUMAN lunga tan pamit / sarya
pradong-pradong / sarwi muwus saya brangtine / asru denya sasambat ing
tangis / muhun anut margi / sambatnya mlas ayun.
- Adhuh gusti baya nora ngimpi / yen ingsun
binendon / nenggih maring ing Hyang Sukma mangke / sakkelangkung dening
brangta kingkin / kuneng kang winarni / kang palenggah gunung.
- Wukir Jabalkap ageng ainggil / Ki Tarekat kang
wong / sakelangkung amangun brangtane / wus kawayang cobane Hyang Widi /
margane bilahi / duk samya akumpul.
- Neng ngayunan panduka pinanci-panci / wahu
mring Hyang Manon / nenggih sangking Sarengat purwane / akarya ngrisak
kagungan gusti / duk rinebat dhingin / pancene Hyang Agung.
- Pan kesaru dhatenge kang rayi / Sarpiningrat
katon / sarya tawan-tawan ing tangise / sesambate sang dyah mlas asih /
sarya nungkemi / pada rakanipun.
- Kya Tarekat agya den sungkemi / angrangkul
jangga lon / nimas angger manira tan dipe / Sarpiningrat matur sarya
nangis / dhuh kakangmas mami / dika dereng ngrungu.
- Dene dika tan tolih ing mami / Tarekat lingnya
alon / kagyat ing nala mulat arine / dene beda sasolahe dhingin / Ki
tarekat angling / kaya ngapa iku.
- Babo sira kadingaren yayi / angrangkul maring
ngong / apa baya ana ing karyane / sapraptanira agegitani / matura ing
mami / aja geru muwus.
- Pan kawula semangke jrih ing sih / upamane
ingong / pan kawula awong ginadhe / mila lejur tawan-twan tangis / anedha
jejampi / kang manah lir liwung.
- Adhuh kakang andika tambani / Tarekat lingnya
lon / apa marga laranira kuwe / SARPANINGRAT matur bukaneki / manah esmu
kingkin / ewuh jroning kalbu.
- Dene sampun ubaya kariyin / dhateng ing Hyang
Manon / Dewi Sarpiningrat lon ature / kadi pundi kakang karsaneki / ywa
lawas ta mami / Ki Tarekat muwus.
- Tan Kuwasa nimas awak mami / karsane Hyang
Manon / pan wus ana iku ubayane / yen kagungan puniku ta sakit / yen wus
tekeng jangji / wonten yektenipun.
- Sampun kersana Sukma linuwih / tuduh bae ingong
/ lah miyanga kadangira mangke / kang palenggah Gunung ERAP nenggih / iku
kang prayogi / paranana gupuh.
- Sarpiningrat angling esmu runtik / kadi pundi
ingong / kakang karsa andika ing mangke / dene teka timbalan mangkin /
nanging kula suthik / mung dika kasuwun.
- Ki Tarekat wuwuse amanis / mirah ujaringong /
lah adhepen tuturingsun age / aja sira nelongsa ing budi / Sarpiningrat
runtik / ature mlas ayun.
- Yen makaten kakang dika kari / kula kesah
ngulon / sang dyah agya lumengser lungguhe / Sarpiningrat pan sarya
kasyasih / siking tyas jroneki / paran polahingsun.
- Pan aolah lampahe lestari / apan sarwi mlerok /
sang retnayu anutuh badane / pan duraka manira wet urip / sun tedha wak
mami / kapan baya lampus.
- Ki Tarekat anon anyekikik / dulu sang lir sinom
/ pan katingal separipolahe / Sarpiningrat sarwi kontrang kantring /
lumampah tan tebih / pan saya trus lawung.
- Ki Tarekat meneng tanpa angling / dadya datan
anon / jroning ati narima bekane / pan kasaru dhatenge kang rayi / sing
ngumbul wiyati / tawan-tawan muwun.
- Sapraptane Ki tarekat ngliring / ngrangkul pada
lon / gupuh-gupuh sumungkem padane / sang dyah mahu matur sarwi anangis /
liwat luwih gusti / tega marang ingsun.
- Pan kawula katiwasan gusti / Trekat gita lon /
mulat sapraptanira arine / sasolahe beda lan kariyin / Ki Tarekat angling
/ dingaren wong ayu.
- Sapraptanira gita mas yayi / ewet
tangguhingong / apa baya kang dadi atine / atanapi yen duwe kuwatir /
popoyana yayi / Ni Aruman matur.
- Api tambuh kakang dika iki / katiwasan ingong /
mokal lamun tan weruha kiye / karsaning Hyang ingkang angsung
wangsit / dinukan Hyang Widi / risak kagunganipun.
- Kang wasta nagabendana nenggih / ingsun tilar
layon / lah ta kakang tambanana mangke / Ki Tarekat anahuri aris / kithing
dhimpil mami / warta dereng ngrungu.
- Pesthi tambuh awakingsun yayi / para mido mring
ngong / pan abener ujarira mangke / Dewi Aruman umatur aris / tambanana
aglis / dimen nuli mantun.
- Ki Tarekat wuwuse amanis / tan kuwasa ingong /
dudu para iku tersandhane . kagungan rusak pan wus pinesthi / NAGANBENDANA
gring / aturira iku.
- Ingsun atuduh bae mas yayi / pan bebahan kang
wong / ingkang alungguh Gunung ERAPE / paranana yayi dipun aglis / Ni
Aruman angling / esmu runtik kalbu.
- Milanipun andika puniki / alian kemawon /
langkung pegel galihingsun kiye / pan andika gih tumut pinanci / ngraksa
kagungan gusti / lagi jajonipun.
- Mangke dika teka angoncati / dumeh datan anon /
kula tempuhake mring dheweke / bisa punapa kawula estri / Ki Tarekat
angling / nimas areningsun.
- Aja sira salah tompa yayi / iya awakingong /
anyinggahi lara lan patine / durung ana jangjine Hyang Widi / manira sung
margi / kang rayi den rungrum.
- Lah Aruman den arih-arih / angrasula kang wong
/ ingkang rayi ala budine / canggeh pangucap ture matitis / basa ujar
wangsit / angreka ing tuduh.
- Rada gandes pangucape manis / Tarekat lingnya
lon / ingkang rayi den lemesi bae / den prih aja kongsia nangis / pradene
ta iki / Aruman agasul.
- Lah ta kakang mara dipun aglis / aja mandheg
mayong / Ki tarekat amanis wuwuse / dhuh mas mirah ana ujar mami / glis
maringa ardi / ing NGERAP sun tuduh.
- Dewi Aruman amuwus aris / datan temen ingong /
baya dika kalangkung lumuhe anmepuhi maring lara mami / yen mengkono
ugi / anistha kelangkung.
- Alemes basa jroning ati / nora nyana kang wong
/ kabangkitan kawruh tinangkise / apa dumeh ingsun wong pawestri / kaburua
mangkin / lampah dika iku.
- Kang toya kinum sajro jeladri / adhem asrep
mring ngong / mung senene den pikirake / lir durjana tinerka memaling /
kang kinarya tangkis / Ki Tarekat tumungkul.
- Datan kena micaraa malih / dennya mirsa anon /
wuwusira kang rayi mengkene / leneg-legeg datan kena angling / sang dyah
semu runtik / nulya lengser sampun.
- Kesahira tan mawi pamit / kesah pradong-pradong
/ asru wuyung mlas sih sambate / Ni Aruman lampahira aglis / Ki Trekat
angliring / marang arenipun.
- Mesem sarya ngusap jajaneki / eman sira anom /
kontrang kantring ya lumaku dhewe / canggeh bisa micara ing wangsit /
kawarnaa malih / kang wonten ing gunung.
- Ki Khakekat dennya linggih / Gunung Ngerap kang
wong / kalangkung dene wuyung nalane / cobaning Hyang Sukma anekani /
karaseng jro ngati / dukaning Hyang Agung.
- Marganira Ki Sarengat dhingin / karya rupa
mring ngong / duk rinebat kagungan kriyine / pan kesara dhatenge kang rayi
/ sarta tawan tangis / Sarpiningrat wau.
- Gupuh nulya angrangkul nungkemi / Ki Khakekat
anon / sarya kinosya-kosya padane / sarpiningrat sambat ngasih-asih /
pasang tabe mami / kakang nedha tulung.
- Ki Khakekat kagyat aningali / mring kang rayi
anon / apan sampun kumitir manahe / andulu polahe wau kang rayi / beda lan
duk uni / praptanira gupuh.
- Ki Khakekat wuwuse amanis / dingaren reningong
/ duk tumurun asigra lampahe / lah tutura mirah mring wak mami /
sarpiningrat angling / asekel atengsun.
- Pegat-pegat matur sarya nangis / dhuh kakang
wakingong / milanipun kula prapta kene / pan tumurun dhateng Ngerap puniki
/ kakang atur mami / katiwasan ingsun.
- Gen kula ngreksa kagungan gusti / mangke temah
layon / ingkang kajeng sanggabumine / beda warnane kelawan dhimin / surem
sorotneki / sarya wastra alum.
- Kaleyange runtuh tibeng siti / ngong siram tan
ayom / sanget dennya risake warnane / milanipun kawula mariki /
kapang-kapang gusti / kula nedha tulung.
- Ki Khakekat meneng datan angling / mirsa sang
lir sinom / apan esmu kemengan manahe / Ki Khakekat wuwusira manis /
tan kuwasa mami / dudu duningipun.
- Nanging manira atuduh yayi / kang mulyakna
kayon / apan nenggih kadangira dhewe / kang palenggah Gunung NGARPAT iki /
dunungen ing galih / paranana gupuh.
- Sarpiningrat angling jroning ati / angrasa
wakingong / lamun kalunta-lunta lampahe / manahira pan sangsaya kingkin /
alon denira angling / anuwun katengsun.
- Kadi pundi karsa dika mangkin / menggah
awakingong / dening teka alembatan bae / pan kawula wus ngandel ing gusti
/ Ki Khakekat angling / lah dununganingsun.
- Alah idhepen pitutur mami / sira merdi mring
ngong / apan durung pinesthi wajibe / yen dadia katresandha mami / pa gene
sira yayi / asalah karya gung.
- Iya iku duduh ujar wangsit / dunungen reningong
/ Sarpiningrat pan rengu galihe / yen mengkono kakang ngong parani /
lengser sangking ngarsi / Sarpiningrat muwus.
- Sasambate tan pegat samargi / tambuh
polahingong / samarga-marga sang dyah tangise / ing yogyana kang kesthi /
mung kang raka nenggih / kang kantun ing gunung.
- Ki Khakekat angeres manahneki / dulu sang lir
sinom / pan katonton separi polahe / Sarpiningrat tansah ngolang ngaling /
lampahnya sang dewi / tan ana kaetung.
- Ki Khakekat angling jroning ati / eman temen
kang wong / pan kasaru dhateng rayine / Ki Khakekat kagyat aningali /
praptane kang rayi / tawan-tawan muwun.
- Gupuh nulya nrangkul anungkemi / aneng pada
alon / Ni Aruman akathah sambate / lah ta kakang tulungana mami / kawula
puniki / dinukan Hyang Agung.
- Ki Khakekat wuwuse amanis / matura reningong /
Ni Aruman amanis ature / milanipun kawula mariki / dhateng ngarsaneki /
kakang nedha tulung.
- Pan kawula katiwasan nenggih / inggih resaningong
/ apan Nagabendana ing mangke / kadya pejah kasanget ing sakit / sun tilar
puniki / sanget watiringsun.
- Ki Khakekat meneng datan angling / ing manah
karaos / duk semana ika purwane / langkung ewet manahira mangkin /
cobaning Hyang Widi / wus teka maringsun.
- Dewi Aruman umatur aris / kakang gusteningong /
yen ta nora waluya ing mangkin / datan wande kadukan Hyang Widi / kakang
dipun aglis / tambanana iku.
- Ki Khakekat anauri aris / tan kuwasa ingong /
dudu manira iku tandhane / sarusake kagungan puniki / tan ana kang
pinanggih / yayi awakingsun.
- Anyampurnakna kagungan gusti / nanging tuduh
ingong / nanging ana kadangira dhewe / kang alungguh Gunung NGARPAT
singgih / paranana aglis / mirah areningsun.
- Ni Aruman angling esmu runtik / kaniaya
wakingong / dene teka alembatan bae / pan kawula pitaya kepati / marmane
mariki / wus kaping pat ingsun.
- Ingsun sidhep angecani mami / mangke teka
linyok / dika tansah alembatan bae / dumeh punapa kawula puniki / lah dika
tempuhi / basa apatingsun.
- Ki Khakekat anauri aris / sarta mesem alon /
sarta ingarih-arih arine / sinamur-samur yata kang runtik / sampun kaduk
tampi / dunungen reningsun.
- Ujaringsun iku yayi / apan dudu ingong /
ingkang kinarya tresandhane ing mangke / Ni Aruman ngucap sarya nangis /
raka den budeni / kaburu ing laku.
- Kadi watu kapendhem sela di / sela mor lan kang
wong / sela obah kelawan bumine / kadya angin kadhangan ing wukir /
mangkya lali margi / Ki Khakekat muwus.
- Sarya gumuyu suka ing ati / bisa areningong /
dene bisa angucap mengkene / alah mara dunungena yayi / Ni Aruman angling
/ pan sarya amuwus.
- NI ARUMAN kesah datan pamit / kesah
pradong-pradong / mingsek-mingsek ngusapi waspane / Ki Khakekat mulat
mring arineki / manah esmu kingkin / mesem mor lan rengu.
- Pegel tyase awekasan angling / eman ayu anom /
dening kontrang kantring ta polahe / lampahira datan mawi cethi / kawarnaa
malih / kang lenggah ing gunung.
- Ardi Arpat denira inggih / Ki MAKRIFAT kang
wong sakelangkung liwunge manahe / lampahira pan aedan eling / datan
nyandang jarit / angulas raga alus.
- Karyanira meng-ameng ing wukir / mider-mider
alon / aneng ing Gunung Arpat pernahe / sarta ginandheng astane kalih /
singsot sarya muji / totolih ing pungkur.
Pupuh
VI
Pangkur
Pangkur
- Asadat sarya sulukan / clala-clulu pangucape
yen angling / yen digapar mawi kidung / sinambi tetembangan / yen anembang
namane dhateng Hyang Agung / den sesambi jejogedan / yen salat meneng tan
osik.
- Meneng datan obah-obah / aningali lir pedah ing
wong mati / yen turu bari lumayu / sira Kae Makrifat / aningali sadhatenge
arenipun / Niken Dewi sarpaningrat / pan sarya lara anangis.
- Lampahe sarya lumajar / karsanira wau arsa
ngabekti / dhateng kang raka punika puniku / Kae makrifat mojar / apan
sarya akagyat sajroning kalbu / tiningalan arenira / praptane atawan tangis.
- Ki Makrifat garjiteng tyas / sira mangke arsa
dipun sungkemi / Makrifat nulya lumayu / minggah dhateng ngaldaka / laju
minggah kandheg aneng pucuk gunung / pan sarwi alingan sela / jemadi
tetindhih ardi.
- anenggih Gunung Ngarepat / turan ageng inggil
angleliwati / lamun dinulu apatut / rakite lir mestaka / iya iku
pamidhanganira Hyang Agung / yen kula asung pawarta / Sarpiningrat mantun
nangis.
- Mulat kang raka lumajar / manahira pan saya
brangta kingkin / nulya nusul / munggah gunung / Sarpiningrat karuna /
lampahira suku tangan kalihipun / sangking ewuhe kang arga / lir brajag
katareng curi.
- Den ambah lunyu kaliwat / lamun dede babadan
aresik / nulya prapta puncakipun / Sarpaningrat sengkoyongan /
menggah-menggah ambekane melar mingkus / langkung sayah lampahira / Ki
Makrifat ngungak uning.
- Dhateng arine punika / Sarpaningrat tak sengguh
ora tut wuri / tiningalan arinepun / aneng ing ngarsanira / Ki Makrifat
kagyat dulu nulya muwus / dhenok sira age menea / ingsun aneng kene yayi.
- Ni Sarpiningrat miarsa / yen kang raka ngandika
rum amanis / adan marang ngarsanipun / sedya nungkemi pada / pan kalingan
ing sela jemadi iku / datan kena linangkungan / Sarpiningrat esmu tangis.
- Liwat luwih kakang dika / pinaranan teka lumayu
gendring / lah punapa milanipun / teka angungsi arga / arsa dhateng
kepanggiha awakingsun / mundur teka ampungan sela / kawula arsa tur
ngabekti.
- Dhateng karsa jeng andika / Ki Makrifat
gumujeng sarya angling / langkung trima dhenokingsun / bektinira wus
prapta / gera kene bae sira aja ngrangkul / ila-ilane Hyang Sukma / dimene
ingsun lumaris.
- Sapraptanira neng ngarga / sun tingali dhenok
para kang prapti / arsa nungkemi maringsun / mila sira ngong tilar /
ingsun lunga lumayu puncaking gunung / arsa ampungan ing sela / sira lara
sun kawruhi.
- Tekoa dhenok manira / ambuwangan marang sira
mas yayi / sang dyah tan nyana ingsun / nyawa sira wanodya / dumeh para
sadulurku tunggil tuwuh / pan dereng wruh ing prayoga / sira linarangan
iki.
- Wus sinaring ing Hyang Sukma wus ingaken para
salira yayi / sira iku pan wus katur / sucekna raganira / lamun sira
pagepokan lawan ingsun / atemah dadya welanjar / aja dumeh kadang mami.
- Sarpiningrat datan ngucap / pan tumungkul
mingsek-mingsek anangis / sasambate amlas ayun / paran karsa andika / de
mekaten Makrifat tan saget muwus / sarta kumembeng kang waspa / aningali
ingkang rayi.
- Apan kawula lumajar / dhateng kangkang Tarekat
anenggih / saprapta kawula matur / Tarekat alembatan / dhateng kakang
Khakekat ing tedahipun / tambuh ing polah kawula / Kang Khakekat tedah
mriki.
- Kakang nedha dipun enggal / nedha tamba waluyaa
kang sakit / Kya Makrifat mesem kalbu / andulu arenira / sareng matur kang
raka suka gumuyu / den samur lawan pangucap / pamangsite mring kang rayi.
- Paran benjang yen waluya / alah iya kagungan
kang asakit / ingsun jaluk syarga kang tundha sanga / iya iku kang
minongka beyanipun / tumungkul Ni Sarpiningrat / amicoreng jroning ati.
- Kaliwat luwih si kakang / ageng temen
jejalukane iki / senadyan mundhuta besuk / sik nuli waluyaa / benjang kula
ingkang matur ing Hyang Agung / nedha syarga tundha sanga / kinaryaa bea
iki.
- Suka tan sukaa kakang / yekti dika kakangmas
kula layoni / uga waluyaa besuk / kagungan kang lara / datan ketang kula
nuhun ing Hyang Agung / Kae Makrifat ngandika / heh dhenok dipun sayekti.
- Ki Makrifat angandika / animbali ingkang karsa
tinuding / lan Aruman prapta ngayun / lana gandaning ika / kaping kalih
aningali datan kantun / sami prapta ing ngayunan / Sarpiningrat aningali.
- Kagyat denira tumingal / sadhatenge hanuman ing
brangta kingkin / Ni arman kagyat angling jroning kalbu / lah ta kakang
buron apa / dene aputih kang warni.
- Langkung endah warnanira / wulonipun kang putih
kang dumeling / kang abang murub dinulu / kang ijo awiletan / dene mala
tanpa kinarya iku / alanggeng tan kena owah / Ki Makrifat mesem angling.
- Lah teka menenga sira / iku uga linarangan ing
gusti / anuman ing wastanipun / Ki Makrifat ngandika / Heh umani matmane
sira sun uwuh / ingsun jaluk karyanira / den enggal mangkat mangkin.
- Maring Gunung Pitenah / lan maringa ngumbul
ngawiyat mangkin / tinjoa kagunganipun / Anuman ing aturnya / yen makaten
anuwun pamit katengsun / ngandika kantun alenggah / kawula mangkat
semangkin.
- Umangkat sangking ngayunan / gegancngan
lampahira numani / lan anggadini iki / Anilani tutwuntat / lampahira
sakedhap anulya rawuh / pernahe ngumbul ngawiyat / mring umbul pitenah
uning.
- Yata wau kawarnaa / sawarnine kagungan ingkang
sakit / sampun waluya sedarum / wau sapraptanira / yen umani Anilani
puniku / kagungan samya sampurna / asri kadya wingi uni.
- Yata wau kawarnaa / sawarnane kagungan ingkang
sakit / sampun waluya sedarum / wau praptanira / yen Numani Anilani puniku
/ kagungan sami sampurna / asri kadya wauning.
- Kagungan Nagabendana / rosanira pan kadya wingi
uni / sareng mulyane angregut / obah buntut kewala / akdya jojit gunung
ngawiyat puniku / pinulet ing buntutira / bumi obah kadya miring.
- Kakayon Nagabendana / apan kadya duk
wingi-wingi uni / langkung endah warnenipun / murubing warnanira /
sekaripun anedheng asri dinulu / puspita lan tarulata / sampurna dinulu
asri.
- Ingkang kantun Gunung Arfat / Sarpiningrat
tansah amular iki / dhumateng kang raka wau / Ni Aruman lon mojar / kadi
pundi kakang karsa dika iku / kagungane Hyang muyaa / tan sakeca ati mami.
- Dene ta boten tingal / yen waluya kagungane
Hyang Widi / Kae Makrifat gumuyu / sarya awayangan tangan / pangucape den
emor lan wangsitipun / lah dhenok waspadakena / si Sarpiningrat ningali.
- Mulat astane kang raka / yen dinulu murub pucuk
dariji / sarta amawi kekuwung / sorote lir kagungan / ageng alit tawa kang
kawulanipun / Dewi Arman tumingal / kagungane sampun mari.
- Karsane DEWI ARUMAN / kagungane arsa dipun
sengkemi / jujulukipun sinebut / Jajawijakuma / apan jangkep sawidak
rabine iku / lamun pawestri punika / aningali marang kami.
- Ilang jenenge wanodya / atemahan lebur
karsenereki / lir wulan jur temahipun / atemahan karenan / kang salira
benggang lan Hyang Agung / lengser sangking syarganira / iku nimas weling
mami.
- Ana dene jenengira / yen lumampah aran bandhega
iki / adage manglajenun / miwah ing lungguhira / ingaranan lara kesmaran
puniku / datan api ucapira / Lara Widakusuman di.
- Tanapi yen sira nyandhang / wastanira sang
Retna Adiluwih / kerana mangke reningsun / aran Rekakusuma / deneng iku
data ana pejahipun / marmane sira ngaranan / Sang Retna Ambari singgih.
- Dening datan kena tuwa / warnanira langgeng tan
kena gingsir / wangi tanpa ganda iku / aranira sang rara / talimurti tan
kena ginggang ing teguh / yata kirab-kirab rema / apan agelung sinangling.
- Pamekak mas tanpa una / pan audhet widuri silih
asih / atabela manik dadu / ingkang aingsi rasa / sajatine wus kasrah sira
sedarum / pan wus sedane Hyang Sukma / kang manik dumilah adi.
- Apan ta lilinggih sira aneng bale selaka kang
rinukmi / amadhangi jagad agung / umatur Sarpiningrat esmu wedi amirsa
wuwuse kakung / tumungkul kembeng kang waspa / nulya ngucap sang Dyah
DEWI.
- Datan wruh lamun larangan / pan kawula nuwun
apuntening gusti / Dewi Aruman umatur / pasang tabe kawula / tan wruh
ngeski nedha apura katengsun / Ki makrifat angandika / dhenok nimas ari
mami.
- Sira angreksa kagungan / apan sira mangke wus
den mareni / wus jangjenira Hyang Agung / sira agentenana / dene uman ing
rara abendaning iku / miwah anila ika / pangandikaning Hyang Widi.
- Kinen angreksa kagungan / lah ta sira mara
dadine aglis / munggah syarga puniku / syarga kang tundha sanga / lah
asunga uninga kang greksa iku / padha konen ngarsikana / yen kekasihing
Hyang Widi.
- Arsa matura Hyang Sukma / karsa dulu wruha
neraka mangkin / yen wus wruh neraka iku / ayun wruha ing syarga / Niken
Dewi Sarpiningrat amit matur / lah kakang dika kantuna / kawula
angleksanani.
- Tan dangu anulya mangkat / arenira wau ta dipun
kanthi / Sang Dyah Aruman puniku / aneng ing wurenira / lampahira pan
enggal dheteng lestantun / kan jinujung karsanira / syarga pangurak
mangkin.
- Lampahira aglis prapta / aneng nglawang
pangurakan puniki / lawang jemirah ranipun / ineb-inebing lawang / kang
kinarya tali mustakim puniku / kancinge ingkang kinarya / kencana timbul
ing warih.
Pupuh
VII
Maskumambang
Maskumambang
- Kawarnaa ingkang atengga kori / sang Malekat
Mungkar / bumenipun Gedhah singgih / sinawaur mulya adi retna.
- Pepak kabeh saisinira winarni / kayon tunggal
warna / miwah godhoong tunggal warni / pan samya gedhah sedaya.
- Tiningalan endah warnane nulya sri / widadari
kendran / wau ingkang ngarsiki / warnane lir pendah retna..
- Yen dinulu sumirat lir mega abrit / kang
angreksa kathah pan sedaya widadari / pan kacacah sewu bara.
- Sapraptane Sarpiningrat lan kang rayi / sang
Malekat Mungkar / kagyat wau ningali / yen kekasih lagya prapta.
- Nulya age lumengser sang Mungkar ajrih / aneng
ing pipi lawang / arsa marepeki ajrih / Ni sarpiningrat lumampah.
- Wus lumebet ing kori mijil ping kalih /
sakathahe ika / kang atengga widadari / kathahipun sewu bara.
- Pernahira kumpul widadari sami / pan samya
amarak / sami ngayap aneng ngarsi / Ni Sarpiningrat ngandika.
- lan sakehe ingsun pepak sira sami / lah padha
toha / timbalane Hyang Pramesthi / genira ngreksa kagungan.
- Lah ta padha resikana ta sami / pan punika uga
/ pangandikane Hyang Widi / sakehe kang ngreksa syarga.
- Sakathahe pra samya kinen ngarsiki / poma
lampahana / iku sebdane Hyang Widi / lah iku kaenaning Hyang.
- Lah ta uwis pamitan manira iki / sadaya
warabana / nuwun sandika turneki / punapa kang pangandika.
- Sasemone pangandikane Hyang Widi / Sarpiningrat
ika / anulya lumampah aglis / lestari sakarsanira.
- Arenira Ni Aruman datan kari / tansah kanthen
asta / lumampah lawan kang rayi / dhateng syarga pertamanan.
- Lampahira lan kang rayi aglis prapti / ing
lawang salukat / arane kang ngreksa iki / Ki Malekat during miyat.
- Gih Punika kang sinungan tengga kori / malekat
during miyat / rarancangan sarwa sari / pan rurube astralaya.
- Gambar ingkang aneng ngayunan angrawit /
ingaranan ika / Prabu Satmata puniki / linebe sakarsaning dat.
- Wewayangan katingalan aneng bumi / prabanya
kumenyar / sorotira anelahi / apan tan kena surema.
- Pepak kabeh saingsen-ingsen sekalir / pan samya
piningta / tanapai kayon kang adi / asri rone mancawarna.
- abra murub gandane amrik awangi / endah
tiningalan / kang angreksa widadari / kathahe rongewu bara.
- Yen dinulu gebyare lir pendah thathit / senen
apadha / kang atunggu lawang nenggih / sang malekat juru miyat.
- SARPININGRAT sigra lumebet ing kori / kaliyan
Ni Aruman / apan wus prapta ing wijil / alinggih ing tamanira.
- Dewi Sarpiningrat angandika aris / sanak-sanak
sun padha / pepak anenga ngarsa mami / atompoa pangandika.
- Lah ta sira padha kumpula den aglis / akeh kang
rumeksa / sanak mara widadari / apan samya marak ngarsa.
- Pepak kabeh samya ngayap munggeng ngarsi /
Sarpiningrat mojar / lah sagunge sanak mami / atopoa pangandika.
- Resikana syarganira ingkang adi /
pangandikaning Sukma / poma iku den kaesthi / aja sira salah cipta.
- Lah ta sira kantuna manira amit / widadari
mojar / nuwun sih andika gusti / punapa kang pangandika.
- Sasampune ngandika laju lumaris / Niken
Sarpiningrat / den enggalaken ta uni / kawayang sapolahira.
- Arenira astane tansah kinanthi / ubayane ketang
ing sakarsane ing Hyang Widi / dhateng syarga mungkaraban.
- pan ing dayat punika kiya kancing / rurube
saraba / tetali muta sajati / gumenbyar yen tiningalan.
- Hanedah lalangsene lungsir putir / aju-ajug
selaka / ingadu manis respati / ineb-ineb gambar seta.
- Kang angreksa ing lawang puniku nenggih / Ki
Malekat Nrewan / punika kang sinung kardi / yaiku syarga selaka.
- Saingsine punika barang sekalir / tenapi
kakayonnya / pan samya selaka adi / samya datan kawoworan.
- Kang angreksa sekathahe widadari / tigang ewu
bara / dinulu lir kilat thathit / Malekat Mriwan pan kagyat.
- Aningali ladun kekasih kang prapti / gita
manahira / gupuh nulya minta kori / sasampune lengser inggal.
- Sakalangkung ajrih Malekat Nriwani / Dewi
Sarpiningrat / lumaris malebeng kori / lan arine Ni Aruman.
- Prapta wijil Ni Sarpiningrat alinggih / nulya angandika
/ heh sakehe sanak mami / lah sapanen nraganingwang.
- Lah ta padha merenea dipun aglis / kumpula neng
ngarsa / sakathahe rewangneki / pepak aneng ngarsaningwang.
- Widadari samya kagyat aningali / sapraptane ika
/ kekasih kang lagya prapti / kang minggah dhumateng syarga.
- Adan Samikun seba sedayeki / angayap neng
ngarsa / wus pepak kang widadari / Sarpiningrat angandika.
- Lah tompoa pangandikaning Hyang Widi / kabeh
sanak mara / syarganira den abecik / kabeh padha resikana.
- Kabeh samya amanguna syarga adi / senen becika
/ aja kongsi surem iki / poma padha yaktenana.
- Lah ta padha kantuna manira amit / sakeh
waranggana / matur sandika ing gusti / punapa kang pangandika.
- Sasampune ngandika lengser lumaris / yata
Sarpiningrat / arine tansah kinanthi / saya alon lampahira.
- Sapolahe kawayang-wayang den liring / kasih
sinisihan / wau kang sinedya ngati / dhateng syarga wahadiyat.
- Aglis prapta ing lawang tundha retnadi /
wastane punika / lawang andariyah nenggih / kajarah rurube ika.
- Kang kinarya kancing rekis puniki / jug-ajug
kancana / dinulu lir thathhit / padhange amindha surya.
- Gebyar-gebyar warnane lir mas sinangling / ineb
gambar waya / kang ngreksa jujuluk neki / Ki Malekat Jabariya.
- Gih punika kang kinen atengga syargi / lawan
syarga kencana / siningsene kencana di / kekayon godhong kencana.
- Padhangira apan surem sang hyang rawi / kang
angraksa ika / pan sedaya widadari / kehe patangewu bara.
- Yen dinulu anglir pendah kilat thathit /
gandanya angambar / anelahi tinon asri / Ki Malekat JABARIYAH.
- Kagyat mulat lamun kekasih kang prapti / gupuh
minta lawang / Jabariyah lengser aglis / Sarpiningrat malbeng lawang.
- Lampahira aglis wau nulya prapti / wonten ing
gegilang / samya lenggah lan kang rayi / Sapiningrat angandika.
- Sakathahe sanak-sanakingsun kang prapti / lah
padha mrenea / sakathahe widadari / kang sinelir agumpula.
- Kathahipun widadri kang sinelir / kawanewu bara
/ atap marak munggeng ngarsi / warnane lir mas rineka.
- Murub-murub dinulu asri angrawit / Sapiningrat
mojar / lah padha tompoa mangkin / pangandikane Hyang Sukma.
- Syarganira kabeh kinen angarsiki / poma
ngetokena / mung iku parentah mami / sun amit sira kantuna.
- Waranggana nuwun aturira sami / punapa kang
sabda / kawula dhateng nglampahi / sampune denya ngandika.
- Sarpiningrat anulya lumampah aglis / lawan
arenira / kawayang lawan kang rayi / sampun jangjine Hyang Sukma.
- Pan sinungan nugraha sampun kaesthi / wau
karsanira / mring syarga DAHAWIYAH nenggih / lampahira aglis prapta.
- Prapta nglawang punika ta sang dyah nenggih /
rurube apelag / emas sinawung kinardi / kancinge sekar pucunga.
Pupuh
VIII
Pucung
Pucung
- tataline sarwa mas adi puniku / yen dinulu
endah / sorote padha nelahi / ineb-ineb gambar sastra kang kinarya.
- Kang rumeksa Malekat Jahnam iku / kang sinungan
karya / ana dene syarga iki / bumenipun emas punika rineka.
- Saingsine salir barang mas lurus / padhange
kalintang / tan kena sure puniki / pan alanggeng senennya tan kena owah.
- Kang angreksa sekathahe para arum / limangewu
bara / dinulu asri lir thathit / lamun tinon gumebyar tejanira.
- Anelahi sajagat tan memba iku / ing Malekat
Jahnam / kagyat wau aningali / pan tumingal kekasih kang lagya prapta.
- Gupuh nulya amengani ingkang pintu / nulya
lengser Jahnam / Serpiningrat malbeng kori / akaliyan arenira NI ARUMAN.
- Sampun prapta gegilang anulya lungguh /
Serpiningrat mojar / akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang
Sukma.
- Padha sira marenea dipun gupuh / kabeg
rowongira / sakathahe widadari / kang agreksa sedaya nemewu bara.
- Samya marak mulat kagyat jroning kalbu /
sadhatenge ika / kekasih samya nimbali / lah pepeken ta rowangira sedaya.
- Sampun pepak samya ngayap munggeng ngayun /
Serpiningrat mujar / akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang
Sukma.
- Padha sira marenea munggeng ngayun / kabeh
rowangira / sakathahe widadari / kang angreksa sedaya nemewu bara.
- syarganira kabeh resikana iku / samya
ngestokena / iku sabdane Hyang Widi / poma-poma den eling ta sira padha.
- Lan maninge padha manguna syargeku / iku
wekasingwang / lah karia ingsun amit / waranggana pan samya matur sedaya.
- Pan kawula nuwun sabdane sang ayu / punapa ing
karsa / sasampune denira angling / Sarpiningrat alon lumengser lampahnya.
- Pan Kinanthi Ni Aruman Munggeng pungkur /
sangsaya mengkana / nglungguhi jangjining Widi / pan kawayang nalanira
sang dyah retna.
- Dahteng syarga murdawiyat karsanipun / ingkang
bumi sawiyah / kang rupa inten sinangling / mapan pepak
saingsenoingsene samya.
- Ana dene lawange wastane iku / pan lawang
salamah / mirah rancang rurubneki / langitipun punika langit sunggingan.
- Jug-ajuge samya ingukir sedarum / sinawung mas
mirah / pan rinancang warna adi / senenipun murub muncar tiningalan.
- Ineb-ineb bebyar lintang pan apatut / ingkang
rumeksa ika / Ki Malekat Marhan nenggih / gih puniku ingkang sinungan
karyanya.
- Wonten dene kang syarga puniku nenggih /
kekayone samya / sarwa sari kang kinardi / sang lir barang gegodhongan
samya mirah.
- Samya mirah lelembaran yen dinulu / senene
apadhang / padhange ngebeki bumi / pan alanggeng senene tan kena owah.
- Kang angreksa widadari ayu-ayu / pitungewu bara
/ ayu lir mirah ingukir / ting galebyar warnanira waranggana.
- Anelahi syarga iku yen dinulu / yata kawarnaa /
Ki Malekat Marwan singgih / apan kagyat aningali ingkang prapta.
- Pan andulu kekasih kang lagya rawuh / nulya
minta lawang / Serpiningrat manjing kori / nulya ngawe ing ngasta sarwi
ngandika.
- Dentimbali sakathahe para arum / pitungewu bara
/ samya marak munggeng ngarsi / samya kagyat aningali ingkang prapta.
- Sadhatenge kekasih kalih wahu / wus pepak
sedaya / sakathahe widadari / angandika sang dyah Dewi Serpiningrat.
- Samya sira resikana syarga iku / timbalaning
sukma / samya ngosokana mangkin / wis kantuna amit ingsun nuli mentar.
- Samya matur widadari sih kasuwun / timbalaning
sukma / punapa karsa Hyang Widi / sampun pangandikanira sang dyah.
- Sarpiningrat wun mintar lan Dewi Aruman / aris
lampahira / retna sari mangun estri / wus kacipta yata wau jroning nala.
- Dhateng syarga rumawiyat karsanipun / kang
ingsi punika / bumi perdapa sinangling / mapan pepak saingsenira sedaya.
- Kang kinarya lawangira ta puniku / Sarpiningrat
mulya / inebe esmu ening / tilan lurubnya asri kawuryan.
- Kang kinarya langit sunggingan iku / kakancinge
adi mulya / murub tejane kang ngukir / mapan asri rinajawardi punika..
- Kasinungan karya anenggih puniku / wondene kang
sayarga / seningsene sarwa sari / miwah kayu kalawan godhongira.
- Samya inten lelembaran tinon murub / tan kena
surema / sorote ing retna adi / kang angreksa sakathahe waranggana.
- Kathahipun wolungewu bara iku / endah-endah
warnanira / pan kadya retna ingukir / mapan murub tiningalan warnanira.
- Anelahi sajagat tan ana iku / Malekat Musakap /
gita manahe ningali / sareng dulu kekasih kang lagya prapta.
- Sigra nulya sang dyah den wengani pintu /
lengser Ki Masakap / Serpiningrat malbeng kori / Serpiningrat kelawan Dewi
Aruman.
- Pan wus prapta gegilang samya alungguh /
Sarpiningrat ngandika ris / lah ta padha marenea widadari.
- Sakathahe kabeh sanak-sanakingsun / lah padha
kumpula / tompoa timbalan mangkin / iya iki timbalaning Hyang Sukma.
- Sanakira sinelir sakathahipun / widadari
kendran / walungewu bara nenggih / atap marak aneng ngarsanira sang dyah.
- Samya gita sapraptanira sang arum / wus pepak
sedaya / sakancane munggeng ngarsi / Sarpiningrat lan Aruman angandika.
- Heh sakehe tampia timbalanipun / sakeh
syarganira / samya resikana sami / poma iku timbalanira Hyang Sukma.
- Lah ta uwis puniku weweling ingsun / amit
raganingwang / lah padha kantuna yayi / widadari sedaya pan samya mojar.
- Inggih gusti kawula sanget anuwun / punapa kang
sabda / sesampune denira ngling / Serpiningrat lan Aruman aglis mintar.
- Samya kanthen asta kalihipun / solahe kaetang /
retnasari ganda resmi / iya iku kang dadi asrining syarga.
- Arsa dhateng syarga Rudiyat iku / ingkang bumi
ika / jumanten kang binersih / samya mulya saingsenira sedaya.
- Anadene lawange praptimah iku / jumanten
rurubnya / lelangite dipun sungging / yen dinulu tur winarna adi mulya.
- Kancingipun mukhasastra adi luhung / jug-ajug
rineka / ingukir kadya raseksi / syarga iku dunulu asri kawuryan.
- Ineb-ineb gambar surya kang linuhung / nenggih
kang rumeksa / Malekat Mesean puniki / mapan samya sedaya pinancen karya.
- Ing ngrumkadiyat kayon mulya ta puniku / lir
barang godhongan / anglir jumanten linempit / pan nelahi senenira
sabuwana.
- Alam kadim kasenenan ta puniku / padhang
tiningalan / kang angreksa widadari / kathahipun apan sangangewu bara.
- Pan gumebyar kilat thathit warnanipun /
nawangnawa tadah / lir jumanten kang den ukir / Malekat Masemaan nika
tumingal.
- Langkung kagyat dulu gustenira RAWUH / GUPUH
MINTA LAWANG / Ki Mesekan lengser aglis / pan wus manjing ing kori sang
retna kalihnya.
- Arenira Ni Aruman datan kantun / lestari
lampahnya / wus ngancik srimenganti / gih punika syarga kang renancangan.
- Lawang syarga rumkadiyat tunggal kubun / kang
abumi ika / jumanten retna salikin / gih punika kiwa lawan tengenira.
- Sekathahe widadari ta puniku / bekta upacara /
waneh nampa bokor rukmi / ingsenira burat ganda lawan wida.
- Kang saweneh angrakit tinompa ranu / munggeng
ing wewadhah / kupi retna lan widuri / kang saweneh nampa lancangira
retna.
- Ingsi gandawida lawan jebat arum / sawung
galing ika / jumanten mulya ingukir / ing puniku ingsi retna sekar sastra.
- Mapan sampun tinampanan sekaripun / amung iku
sekarnya / kang atuwuh ing suwargi / warnanipun tanpa tandhing sabuwana.
- Mapan murub gandane ngebeki syargeku / saweneh
anampa / lelancangira rinukmi / ingsenipun jejebadan rasamala.
- Kang saweneh yata kang para arum / mring syarga
rerancangan / sami amapak mring gusti / iya iku wus jagenira Hyang Sukma.
- Duk pinepak sekathahe para arum / ngrakit
upacara / retna kinasih lumaris / kanthen asta kang rayi lawan kang raka.
- Sekathahe widadari wus kapethuk / angiring
sedaya / ginarebeg widadari / asri tinon samya bekta umara.
- Segah mulya saingsine syarga iku / sadhatenge
ika / retna kusuma kekasih / pan kinanthi NI ARUMAN munggeng asta.
Pupuh
IX
K i n a n t h i
K i n a n t h i
- Kang ngiring sang retnayu / sekathahe widadari
/ cacah sangangewu bara / neng tengene ngapit / saweneh aneng ngayunan /
ana kang aneng ing wuri.
- Sang retna kekasih laju / sedhatenge kapesthi /
nulya sira aglis munggah / dhateng kupi mandragini / mring gedhong jinam
kumala / sampun prapta pancaniti.
- Lenggah gedhong sang retnayu / ing gedhong
kulon adi / sang retna sampun ngedhatyan / ing jinem gandanya amrik /
ingkang kemit widadarya / waranggana kang sinelir.
- Samya endah warnanipun / sakehe pan dalan
syargi / samya winangun punika / padhang sumirat lir thathit / wau kang
lenggah punika / kang wonten ing mahmur kadim.
- Ya Allah timbalanipun / dhateng sang nabi
kekasih / nulya Allah ngandika / Kun ya Muhammad iki / iya ingsun den
kaetang / tan ana ingkang prayogi.
- Yen dudua sira iku / kang yogya dadya tetindhih
/ aneng jagad ngansia / wus sun gedhong jenengneki / gumantia mring di
NGINGSA / kang dhingin tan ana malih.
- Ingkangsun kekudang jumenenga / gumantia jeneng
mami / kang dadi tetindhih jagad / ing ngangsia ta puniki.
- Tetkalane tumurunipun / sangking langit kaping
tuni / ingsun amaringi cahya / aran wuludiyat iki / ingkang murub
ing wedana / ya sun anganggo iki.
- Kang madhangi jagad agung / murub tan ana
metengi / kalawan sandhanganira / kang aneng syarga luwih / lusir retna
kang kinarya / kang sun kon anganggo uni.
- Malah ing satuhunipun / Jabarail kang tinuding
/ sestrini atuduh marga / wekasingsun wanti-wanti / poma-poma nabi Ngingsa
/ malah kupinge sun jiwir.
- Sakehe wewekasingsun / enget-enget wanti-wanti
/ anaa ta ingangsia / iku pamrihingsun malih / Muhammad nambungi sabda /
dhateng leres tuwan ugi.
- Sangking pangandika ulun / mongsa borong
tuwan ugi / mangka Allah angandika / heh Muhammad wekas mami / santuturi
bae ta sira / kekasihingsun puniki.
- Praptane ngangsia iku / pan wus nama
kadhatoning / endah pelag warnanira / kathah inten kumala di / sorotipun
apadhang / syada biru semu putih.
- Tumawi teja kekuwung / mangkana kang den anciki
/ lamun pinandeng ing tingal / kadhaton surem senening / malah temah luloh
ika / lama niksa aningali.
- Surem ngangsia puniki / dene cahyanira nelahi /
mongka Ki Muhammad nebda / amba matur ing luwih / amba yun uningaa / tuwan
andika warteni.
- Kasih tuwan Ngisa iku / sapitan gedhene ugi /
miwah dedege punika / yen angucap kadi pundi / tuwan amba wartenana / ing
ondhe-ondhening mangkin.
- Mangko Allah alon amuwus / Muhammad takon mring
mami / ing warnane Nabi Ngingsa / datan ana amadhani / yen ngadek meh
sundhul kasa / yen petat lir gelap muni.
- Sembada lan dedegipun / tanapi lamun alinggih /
dhehdemene sila tumpang / den encot-encot pupuning / lah iki
pituturingwang / ya Muhammad mring sireki.
- Yen sira tanya maring sun / ayun wruh ing
Ngingsa uni / wateke mengkono uga / Muhammad umatur aris / anuwun sebda
panduka / Allah angandika aris..
- Heh iya Ngisa puniku / wusana ngangsia mangkin
/ sun gawe tetindhih ika / pepak sabalane iki / malah karta nagrenira /
milya jangad ngangsiyeki.
- Sarisap pan dadi tunggul / sari-sari lawan siki
/ ana pitungatus warsa / neng jagad ngangsia iki / pan adhem parentahira /
iya Ngisa puniki.
- Teka manah katungkul / miwah sabalane sami /
padha lali marang ingwang / sun anti sareng kang ati / lawan rongkangat
punika / nungkap tiba rekang ati.
- Kongsi patang rengkangat ketung / limang
rekangati / pamrihingsun marang Ngisa / sak pupene ingkang ati /
ngongsidhep di tataa / sun anti elingreki.
- Pan kongsi akir satahun / ing sakala ya
lalining / kerut manah kalimputan / ing manahe milu lali / marang jenenging
manira / ya agung kasukan iki.
- Asru laline maringsun / malah ngaku jeneng mami
/ angaku purba wesesa / mangka sesumbaring iki / tan ana amadhanan / neng
jagad ngangsia iki.
- Ing nama mung jenengingsun / pan ingsun
purbaning bumi / iya ingsun kang wasesa / ingsun Allah kang sejati /
alanggeng tanpa sesama / sun akarya bumi langit.
- Ingsun kang karya syarga gung / kang karya
neraka mami / kang karya lara kapenak / duk lagi wang-uwung dhingin /
durung ana kang pratala / duk durung ana kang langit.
- Apadhang sumaruwung / lah iya Ngisa puniki /
iya ingsun kang akarya / anane bumi lan langit / ingkang aneng ingasiyan /
pan dadi sakarsa mami.
- Ing bakale buminingsun / kang akarya iya mami /
kang aran nurma wikara / ya miwah bakaling langit / nurmani karang ngingsa
/ sung gawe langit puniki.
- Ingsen-ingsen puniku / kang dadi kelalar mami /
kang jati sipating ngaral / apepek ingsining bumi / ingkang sun gawe
neraka / puniku pan mener ngati.
- Kang dadi syarga puniku / pan menering tingal
mami / kang mungguh ing tengen ika / mapan saingsining nguni / apan marga
sangking ora / saosikingsun wus dadi.
- Ingsun Allah wasesa gung / si Ngisa
sesumbarneki / sangking pegele ateningwang / marang si Ngisa puniki / dene
sesumbar mengkana / heh Muhammad tutur mami.
- Ing srandune awakingsun / mehana den osak-osik
/ sapangakune punika / marang jenengingsun puniki / kaya ingsun anglirena
/ mengkana den osak-asik.
- Ambarubuh sarak agung / Muhammad ngandika malih
/ amba matur ing tuwan / lamun turun Ngingsa uni / banggi sumuwun ing
kalah / wus antuk uning.
- Sangking sebda tuwan agung / marma purune
kepati / anulya Allah ngandika / tan angrasa awak mami / heh to kowe
Muhammad / mongsa sun ucap puniki.
- Ana dene wekasingsun / saturunipun rumiyin /
marang jagad ing ngangsia / malah kupinge sun jiwir / ingkang sun tutur
punika / ujaringsun wanti-wanti.
- Teka nulya ngaku tengsun / ambarubuh sarapneki
/ sesumbar ira mengkana / tan ana ingkang madhani / purba ing dhewekira /
mangka ingsun anuruni.
- Anuruni seksitengsun / mangka si Ngisa puniki /
ingsun eneh masebat / dene andaru lalining / wondene ing pamrihingwang /
ya Muhammad ingsun iki.
- Marang sinambi ngaseku / laline mring jeneng
mami / anging NGISA atobata / pamulane sun wewehi / musibat tumangpeka /
si Ngingsa sun eprih eling.
- Lah Muhammad iya tengsun / anuruni toya aglis /
aran kodrat marbin ika / tiba ing Ngasia wradin / ingaranan udan awah /
maletut tibaning warih.
- Udakawis genge jawah / sadhulang ganalang
nenggih / tiba ing jagad ngangsia / mangka kelem ing jeladri / negaranira
si Ngingsa / sabalane kelemsami.
- Malah si Ngingsa puniku / meh kakelem aneng
ingwarih / aja gancang ta lumajar / sarya gendeng-gendeng rabi / guguping
manahira / Muhammad sun tutur iki.
- Duk lagya semana iku / katon sapolahing rabi /
jerit-jerit gondheng asta / si Ngingsa lumayu nangis / angungsi ing palya
kapal / sawuse neng kapal iki.
- Si Ngingsa lan rabenipun / putrane den awe
gipih / wastane si Capanaha / kakantan apan wus den wangsit / ingajak
anitih kapal / ing sakarsaningsun mangkin.
- Si Panahan pan lumayu / munggah ing Jabalkap
ardi / den ungsi lan rabenira / Ngisa putrane deng sengi / anitihi iya
kapal / manahe tan gelem mangkin.
- Akedah ngusi mring gunung / mangka Ngingsa duwe
janmi / marang ing anakira / iya anakingsun iki / nanging dudu anakingwang
/ si Manahan meksa lali.
- Lumuh manira angumpul / mangka si Ngisa puniki
/ kenger kapale semana / kagunturan dening warih / sarta kamempyuking
ombak / palya malang mujur maring.
- Iline warih kang tinut / Gunung Jabalkap puniki
/ pan wus kalebon ing toya / pan wus kasaban warih / kang gunung kelem
sedaya / si Panahan nunten keli.
- Lawan rabine puniku / anut saparaning warih /
gandhengan lan rabenira / si Panahanan nulya eling / asambat-sambat maring
wang / sun turuni nugrahani.
- Mentas bang wetan puniku / ing pamenering sun nenggih
/ munggah wekasaning jagad / kang aran bumi masrik / enggene kang nata si
Panahan / alami ngasia uni.
- Mongkoa putusanipun / jajam lawan sepi mangkin
/ ingkang ingsun utus mreksa / abekteni Ngisa uni / yen jagadira wus sirna
/ paran karsanira maning.
- Malah mangkin teka durung / bayakekan sun
atawis / aneng jagad ingasiyan / tan kena balia maning / karana ngalih tan
kena / ya Muhammad kang sun tuding.
- Mangke kena jangjenipun / mangkana mulane
dhingin / kang amangan awowohan / kang satitah ngasia di / akaliban ing
toyanya / aran patijatha nenggih.
- Kang den pangan umatingsun / kang aneng ngasia
iki / sari-sari duk semana / munggah prapta dhateng langit / maring langit
kaping sapta / awak sepata tekaning.
- Pan aneng ngarsaningsun / si Ngisa gupuh
ngabekti / aturipun agudhilang / mangka ngaturaken tokid / ing rabil
ngalamin Allah / amba matur tuwan singgih.
- Amba takon doseku / punapa mergane iki / jaman
amba kinelema / punapa mangke dosaning / mangkana ta ujaring wang / pan
krana sun rusak iki.
- Sira lali marang ingsun / dene sira ngaku mami
/ iya iku dosanira / mongka Ngisa matur malih / mung punika dosa amba /
banggi wanten dosa malih.
- Pan mengkono ujaringsun / lah iku dosamu uni /
dene kerut marang bala / lali marang jeneng mami / angaku purba wisesa /
mangka Ngisa matur malih.
- Pralaba ing aturipun / ngasih-asih ngarsa mami
/ ature wonten narendra / putrane amung satunggal / tur jalu ta putranira
/ mangka surut ang nerpati.
- Kadya pundi karsaningsun / punapa tan wenang
iki / lamun putra gumantia / tuwan andika leresi / ingsun kendel datan
mujar / ya Muhammad tutur mami.
- Tetkala semana iku / Ngisa ature mring mami /
angadhangi marang ingwang / mangka si Ngisa matur aris / ing ature Nabi
Ngisa / sanget nuwun kula gusti.
- Punapa tan wenang ingsun / angangkena kasih
gusti / saboten wonene tuwan / Ngisa nuli sun ecani / iya bener aturira /
kaya mengkono abecik.
- Nora nane katengsun pan sira sun karya wakil /
tan ana ingkang prayoga / liyane sira pribadi / kang angemban rasaningwang
/ satitah ngasiya iki.
- Mung sira prayoganipun / sakeleme jagad iki /
dene sira lali mring wang / ingsun pan semana maning / asupe mring
pekenira / rasa purba anglimputi.
- Ana dene ing lalimu / sakehe mring jeneng mami
/ sira abarubuh sarak / kang sun gedhong kang sun kunci / iku ta
laranganingwang / aneng betal makmur kadi.
- Lah ya iku ing dosamu / mangke Ngisa matur aris
/ tumungkul nedha ngapura / mengkana ature iki / umat amba ta punika /
lamun tuwan sun cekeli.
- Umat tanya ing tabeku / dhumateng amba puniki /
punapa ta boten menga / yen nyebut pangestu singgih / dhumateng kekasih
tuwan / abener aturereki.
- Ngisa sah ing aturipun / iya sun tarima becik /
yen dene pangucapira / ki Muhammad matur aris / sarya mesem jroning nala /
kadi ta leresa.
- Ngisa ature puniku / nanging kasok ingkang
satunggil / nanging sak papane ika / purun ngemban sabda gusti / mengkana
ujare ika / Allah angandika aris.
- Ya Muhammad ujaringsun / ora yen ngasora iki /
menek daler ta Ngisa / mangke ta lagya sawarsi / aja matur marang ingwang
/ nuli sun jiyade uni.
- Nanging si Ngisa kepahung / dene nuli kumawani
/ kaya benera si Ngisa / nulya Ngisa sun kon bali / tumurun jagad ngangsia
/ Ngisa ature aririh.
- Nanging andhepok tan purun / aneng ing ayunan
mami / amba nanging anenedha / dhateng tuwan maha yekti / sanadyan mangke
kawula / anglampahana weweling.
- Antuka sabda Hyang Agung / lamun amba aningali
/ dhateng jagad ing ngasiyan / amba anedha mulyaning / ing ngasiya punika
/ waluyaa kadi uni.
- Anedha maring Hyang Agung / pan mengkana ujar
mami / teka sira abalia / dene manira ing mangkin / wus ta mulya kadya
lama / umat kang sun rusak dhingin.
- Kang ateguh marang ingsun / akeh kaliwat
nyanani / atanapi penira / ing sarira den aliling / iku wewekas manira /
Ngisa nulya atur bekti.
- Amba nedha pura ingsun / yen amba supea malih /
sakedhap wau punika / antuka kanugrahaning / apan wus cundhuk si Ngisa /
nulya amit mundur aglis.
Pupuh
X
D u r m a
D u r m a
- Yata Ngisa lengser sangking ngarsaningwang /
bali mring jagadneki / yata putranira / kang aran si Panahan / kang aneng
bang wetan masrik / lawan winayah / duwe putra sawiji.
- Nanging iku angaku purba wisesa / ya dene kang
wewangi / JUJAMAJUJA / iku kang ayun purba / pan angaku jeneng mami /
Allah wisesa / ambake wong puniki.
- Allah Ngisa dene putrane amursal / arsa
nglangkungi mami / dhingin Nabi Ngisa / abarubuh ing sarak / kang ginodhi
kang kinunci / sampune mangkya / angrubuh Allah kaki.
- Mangka ingsun kebat nulya aputusan / malekat
kang sun tuding / si Dulkarnen ika / ingsun ayektenana / marang si Majuja
iki / mangka Majuja / nyata yen ngaku mami.
- Kae Juja apan kupur awisesa / angrusak marang
mami / mangka binalenan / Juja ginodhi ika / lawe satus tukel iki / Juja
tan solah / pradene datan eling.
- Meksih ngaku purba kaya jenengingwang / durung
tobat mring mami / si Juja yen duka / kelangkung dene rosa / ing ngasia
lir ganiling / segara kocak / kathah rubuh kang wukir.
- Kayu watu samya kentas pernahira / nenggih bumi
masrik / mider lir kitiran / yen Juja lagi kurda / yen bumi angleliwati /
karosanira / genge meh kasundul ing nglangit.
- Yen andilat rante wesi musna ilang / apan ta
dadya warih / mapan lumuh sirna / tibeng bumi Juja / kaya sampurnaa iki /
pangrasaningwang / bumi kadya den linting.
- Rante waja puniku genting sedaya / meksih gubed
pribadi / mring awake Juja / ya dene umatira / ingkang eling marang mami /
ngabekti sira / rante kang tugel pulih.
- Kukuh kadya duk lagya ing maunira / yen kurda
punika nenggih / rante dinilatan / malih maring si Juja / warna ilang
kantun kedhik / kari sareme / pinara pitu iki.
- Ingkang gubed marang si JUJAMAJUJA / wesi dulur
sirna ting / mangka umatira / asru nebut maringwang / rangte tangkep gubel
malih / pulih gengira / Juja prakempa malih.
- Nulya rante dinilat lebur pan ilang / gawok
ingsun ningali / lah iya Muhammad / mirsaa mring si JuJa / bisa ageng bila
alit / yen kala kurda / gedhene leliwati.
- Yen angadeg luhure meh sundhul wiyat / yen mari
kurda iki / gedhene apan suda / sami lan linggihira / Muhammad
umatur aris / amba dhateng tuwan / Juja dene asekti.
- Lan punapa kang dadi kasektenira / dene bisa
geng alit / amba ayun mirsa / tuwan andika mujar / kawula arsa udani /
wartane Juja / pangetung tuwan uning.
- Nulya Allah anebda ku ya Muhammad / kawruhanira
iki / si Jujamajuja / karane sekti ika / duk lagya pakumpulneki / si nabi
Ngisa / apan duwe prajangji.
- Duk putrane karma si Panahan ika / sinambi
Ngisa angling / yen abecik benjang / anakingsun punika / sun kudang
ngembani gusti / mangka tumeka ingkang becik puniki.
- Si Panahan nuli sida pala karma / lagya pasihan
nuli / angluwari sabda / putra nuli den emban / den sareng putrane kalih /
sarya den kudang / besuk putra ngong kalih.
- Duwe putu benjang sekti mahambara / sun
jujuluki benjing / si Jahatmajuja / kang kuwasa angrata / jagad ing
ngangsia benjing / purba wisesa / karsane putu mami.
- Besuk tembe saurana awakingwang / putu ngong
kang gumanti / nindhihi ngangsia / iku jangji manira / dadi prabu set
manik / dinunungan cahya / ing ngulu wiyat adi.
- Ingkang wonten ing badaningsun amba /
sawuse den kudangi / tinuruken ika / sangking ngembananira / cinekel
astane iki / kang munggeng kiwa / nenggih putrane estri.
- Ingkang munggeng astane tengen punika / putra
jalu anenggih / lir wong uluk salam / mongsa si Nabi Ngisa / nulya nebut
jeneng mami / salalahu salam / iku mulane sekti.
- Umat tuwan natkalanira semana / Ngisa tiba sebdaning
/ pan seneni cahya / anyepuhi mring Juja / duk lagya bane uni / wahyu
gumantya / Ngisa tetkala angling.
- Yen anaa sinebut ing kalihira / sareng turune
wangsit / temah ana ika / ya Muhammad sun pajar / saurana awak mami /
karsaning Ngisa / among putune iki.
- Kang kinudang anggenteni lungguhira / pan
tapaking Hyang Widi / neng jagad ngangsia / iku ujare Ngisa / ing
jenengingsun kaesthi / tinggal lir purba / ing dheweke pribadi.
- Karsanira ya Muhammad Nabi Ngisa / aja tumimbul
mangkin / aneng ing ngangsia / amit Juja den kudang / gumanti mring Ngisa
mangkin / jenengira / kaya yen den alingi.
- Nanging Ngisa kaya durung nurutana / karsane
Ngisa mangkin / nanging meksih sira / sun tingali kewala / kang sun
gedhong kang sun kunci / aneng ngasia / genteni Ngisa mangkin.
- Karanane si Nabi Ngisa punika / neng ngangsia /
nindhihi / lan jamane ika / nanging cacade ana / tan kewasa nata jalmi /
ngasia ika / meksih srem senening.
- Ing ngasia kaya lamun durung arja / kekasih
ingsun iki / Nabi Ngisa ika / lir anak pupon-pupon / mulane sun timbang
mangkin / kelawan sira / mung sira sun tingali.
- Karanane sariranira punika / iya sarira mami /
tingaling sun ika / iya paningalira / rasanira rasa mami / kang jati mulya
/ aneng syarga puniki.
- Pangucape iya Muhammad mangkya / pan wus
pangucapneki / ing pamiarsanira / iya pamirsaningwang / asiking raosing
mami / roh pekenira / pan iya eroh mami.
- Kalbuningwang iya mapan kalbunira / hananing ya
sun iki / iya ananira / ingsun kae tunggal / Muhammad nulya nebda ris /
nanging ta amba / umatur dhateng gusti.
- Nuwun pangestu mangke tuwan kawula / lamun amba
puniki / gumanti mring Ngisa / amba mangke tan suka inggih aneng asia
nguni / meksih lenggahan / lamun Ngisa puniki.
- Lamun antuk pangestu sih dhateng tuwan / yen
tuwan jiyat singgih / mangka Allah nebda / heh kun Muhammad sira / teka
lakonana mangkin / ing parentahingwang / lagi duk turun mami.
- Wekasingsun wanti-wanti marang Ngisa / yen sira
sun karya gati / genteni mring Ngisa / aneng jagad ngasia / nora nanane
puniki / si Nabi Ngisa / mung sira kang sun gandhing.
- Ki Muhammad aturipun melas arsa / pramilanipun
gusti amba sapunika / sapakon kekasihnya / anging pun Juja puniki /
ingkang kinudang / agentenana mangkin.
- Inggih dhateng kekasih tuwan punika / Juja
brawala nuli / lamun amba meksa / ajabela punika / menawi pun Ngisa
nenggih / sanget tan suka / Gusti Allah nebda ris.
- Ya Muhammad iya sira lakonana / sinambi Ngisa
mangkin / yen meksa tan suka / teka sembadanana / sira endhiha ing benjing
/ kedhatonira / yen Ngisa bengkalahi.
- Nuli enggal ingsun tulung marang sira / malekat
kang sun tuding / kaya tan lenggana / yen emut wekasingwang / sira jaluka
den wani / kadhaton ika / kayaa ngidhep mangkin.
- Nabi Ngisa kaya idhep jenengira / dhingin wekas
mami / yen sira sun kudang / agenteni / karatyan / karatone Ngisa iki /
sira duk nora / sira sun wekas malih.
- Ya Muhammad nanging sira den prayetna / yenta
sira kepanggih / lan si Nabi Ngisa / lah sira kramanana / den becik
tapsilaneki / den aris nebda / kawruhana den becik.
- Iku uga tetekone ya si Ngisa / langar tur kaduk
wani / adhapana karma / maknane ing wong ngadhap / Muhammad luhur wekasing
/ wong kang pugung ika / lemah adhap puniki.
- Ing bodhone angliwati ing wong kathah / alimuh
kasor kami / agunggung palenggah / dadi cela wong ngucap / nora idhep
jeneng mami / dadi wong sasar / pamrihisun puniki.
- Ya Muhammad karane sun kon ngadhepa / marang si
Ngisa iki / lejara kang manah / alengganaa ika / anuta karsaneki / emuta
mring wang / iku panjaluk mami.
- Ya Muhammad amba matur ing tuwan / nuwun
pangestu uni / punapa parentah / wuruk tuwan mring amba / amba matur ing
tuwan nenggih / kadi punapa / mangke karsaning gusti.
- Nabi Ngisa menawi sanget tan suka / nenggih
Juja puniki / kang ginadhang-gadhang / anggenteni karatyan / tuwan bilih
ta menawi / Allah ngandika / si Majuja puniki.
- Aja sira sumelang marang si Juja / pasang bae
puniki / ana dene benjang / jangjeningsun yen teka / ing kabar kiyamat iki
/ si Juja benjang / ucul tetalineki.
- Jagad ngasia punika apan keburan / papan
kelawan tulis / gunung ing Jabalkap / iya iku ginada / dening Jamajuja iki
/ lan bumenira / ing masrik puniki.
- Pun sinongga ing tangan tengen lan kiwa / bumi
ing masrik ing benjing / lan gunung Jabalkap / sinelehaken benjang / aneng
ing nglawang kekalih / syarga lan nraka / yen dene Juja iki.
- Iya iku angaku kekasihingwang / aci-acia
benjing / apan sumbar-sumbar / ngaku purba wisesa / tabete binuru benjing
/ kinuya-kiya / den kon angidhep sami.
- Tan angandel umatira iku samya / ya Muhammad
ing benjing / maring Jamajuja / yen amaido samya / sakehe umat puniki /
ing warnanira / den tiru warna mami.
- Pamrihira maring umatingsun ika / tunggil
rupane benjing / kayaa si Juja / bisa amilih rupa / anom tuwa gedhe cilik
/ ya mindha-mindha / ing rupanira iki.
- Ya Muhammad nora ingwang kaya sira / lalewane
ngeblegi / jumbuh tiningalan / pangucape lir sira / dalane luput ta iki /
kyeh umatira / meh kasamaran mami.
- Yen sun dulu ing warnane si Majuja / yen arupa
sireki / tambuh piniliha / yen mindha rupaningwang / kabeh umatira
pangling / akeh kang samara / den sidhep ingsun iki.
- Yen umatira iku wruh ing neraka / ya ing jamina
iki / wruh ing cirenira / lawan cirri manira / lancirane Juja iki / lamun
luputa / mengko umatereki.
- Umatira datan kena kumelamar / ingkang atambuh
iki / ing nraka jamina / umatira punika / ingkang kena dipun irid / dene
si JuJa / amik ta rupa mami.
- Pan angaku si Juja kekasihingwang / si Juja
angling aris / maring umatira / lah padha marenea / lah enya syarganereki
/ kang luwih endah / tampanana den aglis.
- Bok manawa sira maido manira / tingalan rupaki
/ neraka dumilah / dhaube lulumbangan / endi aku syarga ening / lawan
neraka / yen maido sireki.
- Lamun sira benjing / kalebu neraka / ajaluk
lara apa / tan wande sun siksa benjing / yen maidoa / sila lir
dhandhanggendhis.
Pupuh
XI
Dhandhanggula
Dhandhanggula
- Yen angadhep marang jeneng mami / lah ta enya
iki syarganira / padha tampanana age / sakehe umatingsun / lah di enggal
munggaha syargi / ingsun pan nota tanya / Allah ingkang agung / kang murba
misesa jagad / kang anitih bumi langit kang amesthi / syarga lawan neraka.
- Anjiyada ing ngakerat iki / kang amurwa jagad
ing ngasiya / duk lagya mula-mulane / mengkana umat iku / padha ngidhep si
Juja iki / awedi ing neraka / mongka umat iku / pan samya munggah ing
syarga / wus angancik giniring si Juja iki / Juja kelangkung suka.
- Anadene umatira iki / ingkang weruh
marang cirenira / lawan cirenira mangke / lamun waspada iku / ing cirene
si Juja iki / weruh ing pasangatan / kenoa ta iku / lamun kalebu
neraka / mangka Juja ameksa mangke anggiring / kang ora idhep ika.
- Den lebokaken neraka jahmineki / umatira
ingkang mursal ika / kang ora angidhep mangke / marang si Juja iku / pan
siniksa pinukul nenggih / sambatira tan pegat / maring jenenganingsun /
nulya sun utusi enggal / Jabarail sun kon ngentosana sami / umat kalebu
neraka.
- Mongka sawuse mestas puniki / sun silehken
syargi mukarabah / selaka nenggih bumine / mapan sun ganjar iku / widadari
ingkang ngraketi / pan tigang ewu bara / kang ngreksa puniku / angambah
lawang jaleka / umatira kang emut marang sun iki / kaya meksih sun eman.
- Karaningsun duk akongkon mangkin / aneng syarga
Mukaranah ika / waspada ing sira mangke / weruh ing jenengingsun / lawan
Juja dipun kawruhi / arane ingsun ganjar / umatira iku / nanging ta meksih
sangah / dene lagi selam enget pusiriki / ukur idhep ing aka.
- Karsanira sang Juja puniki / syarganingsun kang
den telad-telad / den ambila wewayangane / apa sak isenipun / pan ketelad
warnane sami / arane umatira / kasamaran iku / nyanane tanpa ganjaran /
gupuh-gupuh aseba marang sun iki / tan wruh lamun si Juja.
- Karane umatira iki / marang sakeh kang sami
kabandhang / sangking samare tingale / den sidhep jenengingsun / mongka
Juja suka kepati / yen umat padha kena / wus angidhep iku / angaku purba
wisesa / ana dene neraka jamin den pesthi / wewayangane ika.
- Muhammad mangke anebda aris / amba matur
dhumateng karsa tuwan / pundit mangke titilane / cirine Juja iku /
prabedane kadya pun endi / kelawan ciri amba / ing wetawisipun / miwah
mangke cirri tuwan / prabedane amba mangke arsa uning / lah tuwan babara.
- Mongka Allah nebda kun malih / sarta miyak
tatebengira / Muhammad dulunen mangke / dipun waspada dulu / aja kilap
tingale bening / aja sira kumlamar / marang cirinipun / miwah cirenira
wadhak (dhawak) / atenapi cirene si Juja nenggih / Muhammad den waspada.
- Sira Muhammad cengeng tetiga pasange / sumineb
panonipun / mongka Allah dipun sungkemi / sarya auluk salam / Muhammad
umatur / amba matur dhateng tuwan / pundit mangke cirri tuwan kang sinelir
/ miwah ing cirine amba.
- Mongka Allah nebda iku malih / ya Muhammad iki
raningwa / iki carenira mangke / cirine Juja iku / mapan iku sun gawe
samir / sira wespadakena / aja ta kaliru / lumrahen umatira / lamun arsa
tetemu lan ingsun benjing / cirri kang den tengera.
- Ta Muhammad nulya anebda malih / amba mangke
matur dhateng tuwan / punapa mangke wastane / ciri tuwan puniku / dene
endah warnane singgih / nelahi ing bawana / lancur sorotipun / miwah
mangke ciri amba / atanapi cirine Juja uni / tuwan dika pajara.
- Mongka Allah angandika aris / ing laila heh
Muhammad ika / sun aranana ing mangke / atemu sira iku / nora kena lumaku
iki / marang jagad ngasia / ingsun buka iku / pan puniku dadi keblat /
kang den sembah dene untira iki / tapel kodrat ajerat.
- Muhammad ika meksa angungkih / anging amba
umatur ing tuwan / suka bendana mangke / amba dhateng anuwun / anging amba
tuwan pajari / ing wastane punika / amba ayun wruh / banggi tumekeng
ngasiya / Nabi Ngisa pan teksih maido singgih / antuka wisik tuwan.
- Mongka Allah kemengan jroning ati / yen kasiha
meksa tetanya / karo beda ing ciptane / Allah ngandika mring sun / ya
Muhammad aja ngrasani / temahan apa sira / sun waraha iku / saujar-ujaran
iya / pesthi sira sun poyanana puniki / bubar ingsining syarga.
- Nabi Muhammad netyane runtik / tumulya mangke
denira lenggah / aparipeksa ature / amba nabi anuwun / kaniaya tuwan
puniki / yen amba kelirana / ing wangsit puniku / atemah amba bingunga /
dene tuwan amici pawarta iki / pan kirang sagayuhan.
- Antenapi yen amba puniki / apanggiha lawan Nabi
Ngisa / pathine tan kendel mangke / yen tinakonan iku / kapaido amba
puniki / tan bisa sumaura / samara ing pamuwus / yen tan antuk wisik tuwan
/ pan lenggana amba tuwan anut singgih / dhateng jagad ngangsia.
- Mongka Allah ngandika aris / ya Muhammad
ampthah ing sabda / wus kabeneran tuture / ginendeng baonipun / talingane
dipun papetik / nulya winisik sira / sajroning pamuwus / cengeng lir
pendah pejaha / ana rasa tan ana kareseng ati / uripe tanpa polah.
- Ciptanira wus tunggal sang kapti / ya Muhammad
anglampahi pejah / sampun mulya reragane / ponca driya tan ketung / sirna
ilang musthika sari / wewayangan anarpa / duk rinancang iku / mati
sajroning ngagesang / wus katingal cirri tetiga wus pesthi / sarta
jejulukira.
- Sasampunira winisik iki / Muhammad ika nulya
anjola / kadya kasmaran polahe / manahipun gegetun / nulya Allah dipun
sungkemi / sarwi auluk salam / sarta bektenipun / nulya Allah angandika /
ya Muhammad engetana ingkang ening / wekasingsun mring sira.
- Lan usapen ramanira iki / tingalana mangke
jangjenira / den kongsi teka sukune / Muhammad nuli matur / sarya mesem
anebda aris / punapa sebda tuwan / amba dhateng nuhun / sangking ing
pamuruk tuwan / tan kuwasa tuwan lenggana puniki / sangking pituduh tuwan.
- Wonten malih atur kula gusti / ya
hirabilngalaihi ika / yen amba ingutus mangke / dhateng ngangsia iku / yen
kepanggih lan Ngisa benjing / banggi tan angandela / ing prasabenipun /
amba anedha gegaman / banggi Ngisa tumekeng sikara benjing /
ambanibangara.
- Mongka Allah anebda kun singgih / Ya Muhammad
ya gegamanira / saka prajurit tan mangke / iku meksih sun gantung / lamun
sira turun iki / marang jagad ngangsia / iku wekasingsun / aja sira
agegawa / sangkane enggala lakunereki / tekane ing ngangsia.
- Lamun sira agegawa iki / pesthi remben ing
lakonira / asuwe neng dalan bae / gegamanira iku / sun wotaken ing burat
jahmi / samngsane ta sira / tumekaa besuk / aneng jagad ing ngangsia /
Jabarail sun utus anggawa iki / marang panganggenira.
- Ana dene endhe purasani / pan wus kawot aneng
ing barak ika / pedhang ruwit ta rong wange / bendhe si sumyang iku / lan
parise malela sari / kaklebet sangsalaya / lelayu pan murub / kendhang
gong songgobuwana / umbul-umbul carancang mendhalagiri / kang anungsun ing
sastra.
- Canggah cap kop lan jungkat dumeling / lan
trisula si pamener muka / cis malige rowange / panatas purba iku /
pantarane wungkul sajati / pineteg natagama / landhene tuduh / cothene
pangayun wastra / sarungane mursahan pangestune pangayun wastra /
sarungane mursahan pangestu rahi / ukaran lumat laras.
- Lan tetopong kang panutup ening / lan bebadhong
sudama wisesa / rasukan sumarsa ngene / cetha laduning rukuk / udhet-udhet
camal dahwini / calan sarpa nata / songsongira iku / eksi marahar jumena /
lan tengeran tunggul paying den kiniti / sira wus sun cecadhang.
- Tetunggangan jaran ijo iki / pengarite sing
birahmat ika / weruh tanpa netra mangke / yen dene janjenipun / angakepi
karsanereki / tan apilih dedalan / yen kala lumaku / dhasare bumi den
jajah / sakluhure langit den osak-asik / weruh sakarsanira.
- anadene panggonane iki / akayangan syarga
pangurakan / apan wus pancen dheweke / saupacaranipun / iya iku ingkang
nimbangi / gegamane si Ngisa / ing sakathahipun / miwah gegamane JUJA /
mapan uwis sawarnine den timbangi / marang gegamanira.
- Mongka Juja gegamane iki / tebenere wewegig
punika / kumbala sato den nute / yata panunggulipun / iya panggog amawi
cirri / bala tanpa wilangan / kang angidhep iku / sarya kumelip ngangsiya
/ padha anut marang umat Juja iki / yen wus tekeng ubaya.
- Antarane pan nulya ginodhi / rante wesi
purosani ika / pan cakep badane kabeh / yen kala budi iku / ponang rante
dipun dilate / lebur tibeng pratala / pan kari sarambut / mangka ana
umatira / kang anebut marang jenengingsun iku / rante pulih sedaya.
- Malaekat Katamdumkarneki / sauwise agodhi si
Juja / annuli sun utus mangke / agegawean iku / kutha wesi sun dalih
langit / ing bumi nambar / prenahe puniku / besuk wis tekan ubaya / yen
wus Juja wudhar rantene nenggih / kutha wesi den ambah.
- Malah lebur ingkang kutha wesi / den anciki
mring si Juja ika / sirna tan ana labete / sakeh umating sireku / samya
idhep mring si Juja iki / tan ana kaliwatan / mongka umat iku / pan samya
suyud sedaya / saingsine jagad ngangsia puniku / wus sirna dening Juja.
- Kang arupa suket kayu iki / gegodhongan pan
sirna sedaya / den pangan marang balane / gunung ngangsia gempur / den
dhongkeli tan ana keri / malah segara asat / toyane den inum / samut tan
ana kaduman / ing Ngasia langit buwana lininting / sarya mungkur kewala.
Pupuh
XII
Pangkur
- Lintang tiba kadya udan / kang srengenge
nyulambrang aningaling / ngulati pengungsenipun / yen umat pisah ingkang /
apan ngungsi marang ing jenenganingsun / Malaekat padha bubar / samya
kaplayu ajrih.
- Angrasa kadya wong pejah / Jabrail Mingkail lan
Israpil / miwah Ngijrail puniku / sakedhap lali mring wang / lapak dene
kagegeran wayang wuyung / awedi marang si Juja / den tilar mring ngarsa
mami.
- Sasambat adhuh pejah / pan angungsi ing bale
ngaras kursi / malah kongsi jejel iku / sakehe malaekat / abusekan aneng
bale aras sudhung / pan iku kari ing gona / ana dene umatneki.
- kang atambuh marang ingwang / tan karuwan ing
prenahe puniki / apan samya liwang-liwung / datan ana kaetang / jagadira
ing Ngasia awang-uwung / amung Mekah lan Medinah / nora kongsi den gulungi.
- Kang gulung iku si Juja / pan sedyane iki den
linting / kaselak kadhangan iku / pan ingsun aputusan / kang tumurun wong
patang prakara iku / ya alip iku ta lawan / lan sadarsa kapat Ibrahim.
- Lan Umar sarowangira / lawan malih puniku
Begendha Kilir / puniku kang ingsun utus / lawan Dulkarnen ika / ingkang
amareg marang si Juja iku / kang ngrebut bumi ing Mekah / anulya samya
ajurit.
- Dadi pamuk Dulkarnen ika / Brahim Sadar kalawan
Begendha Kilir / lan Umar sarowangipun / amburu si Juja / mapan bubar sawiji
tan ana kantun / si Juja kesisan bala / kari ana pribadi.
- Nulya si Juja akurda / sigra nyandhak Gunung
Jabalkap aglis / binalangaken sumiyut / nulya malih ambalang / ntandhak
sela gedhene sagunung-gunung / bumi Mekah meh kasaban / dening watu gegilani.
- Dene balangane si Juja / bumi lemah datan ana
kaeksi / pan kasaban dening watu / mongka si Juja kurda / ingkang sela
bradongga sanongga asru / binalangaken seksama / marang si Ngali salipi.
- Si Ngali kena binalang / nulya rubuh kasaban
sela nenggih / si Ngali tan kena wungu / Ibrahim Sadar tandang / mongka
Juja anulya sinipat pan mampruh / ing senjata uda WARSA / Juja kena
lengeneki.
- Duk sinipatan kerasa / nulya Juja budi netrane
andik / anyandhak sela andarung / sela murub neng ngasta / sakelangkung
sela ageng-ageng luhur / Ibrahim Sadar binalang / sela daru kinardi.
- Nibastan bisa tangia / Ki Umarsah nulya
atandang aglis / senjata pracobdha iku / sigra ingagem mangsah / kang
sanjata dyan sinipataken mangpruh / mangka maju si Majuja / kena
dhadhanipun anjrit.
- Kelangkung kagyat si Juja / nulya nyandhak sela
simarcu sira aglis / Umarsah kagyat andulu / sigra menthang gandhewa / wus
anyipat Umarsah binalang watu / Umarsah meh kena indha / sambate dhuh
biyang mati.
- Asanget jinjaning nala / pan awedi majua malih
/ Bagendha Kilir umaju / sarta menthang senjata / ingkang anama pusya den
kekudang sampun / arsa sinipat si Juja / den prih kundura tumuli.
- Gawok ingsun mring si Juja / ya Muhammad dene
tan nriya iki / den gawe lama kapen purun / ayun wruh marang ingwang / ya
mulane angaku ing jenengingsun / semaka kendela ingwang / pamrih yen
puniku singgih.
- Karanane apa wirengka / bumi Mekah lawan
Madinah iki / den prih katono katengsun / Bagendha Kilir sigra / maju
ngrana senjata pusya sinambut / guruning anging binekta / dlajate
kagiri-giri.
- Prabawane kang senjata / bumi Mekah horeg kadya
giniling / senjata kinudang murub / mubyar kadya dahana / kinencangan
pucuking senjata mancur / linepasaken seksana / Juja awas aningali.
- Bagendha Kilir anyipat / sira Juja tranginas nulya
nangkis / gunung Jabalkap pinanggul / pan kinarya ampungan / mider kadya
rubuh duk sinipat wau / nanging datan kena ginggang / arekat Bagendha
Kilir.
- Kang senjata dinamonan / sira Juja langkung
angobrak-abrik / sarta nyandhak sela gung / aran sela grenita / pan
senjata gedhene lamun dinulu / murub mubyar pan sinongga / senjatane
kinarya tangkis.
- Juja sarwi petak-petak / ujub riya Juja denira
osik / marmane manhe kondur / suda kang pawasa / iya iku apan kena
jangjenipun / mulanira kena owah / sela kinarya saligi.
- Bagendha Kilir den balang / pan meh kena nulya
lumumpat aglis / apan trangginas lumayu / gennya lumayu giwar / si malekat
Dulkarnen anulya tulung / sela grenita sinongga / den sipat awor lan
angin.
- Sira Dulkarnen glis mara / wau Juja den siwo kanan
kering / sangking wuri sangking pungkur / glis nyandhak dela brama / luwih
gedhe kang sela sinongga murub / Dulkarnen binalang sigra / anulya
lumumpat aglis.
- Sela Bramani sinongga / kinarya lang sarya
giniling-giling / kinarya sepak maledug / pan awor lan bantala / dadya
curi lan wedang binasmi murub / si Juja ika tumingal / gawok denira
ningali.
- Ki Ngabdulkarnen tingkahnya / langkung sekti
mahambara nenggih / jayamaruta apunggung / mangkya juja kewuhan / yen
kesisan balane samya / lumayu / bebalange sampun telas / Jabalkap pan
sampun anting.
- Ingkang pan mangke dipun songga / kang ginawe
ampungan minudangi / Dulkarnen pinanah gupuh / arsinasaban arga /
binalangan Dulkarnen ralya lumayu / sarya giwar binalangan / gunung
Jabalkap kang kinardi.
- Tibane gunung Jabalkap / den ideki sadina awor
lan siti / dadya ara-ara agung / ara-araning Mekah / ingaranan tegal
bagiyar puniku / kang dadi pusering alam / ing Jabalkap ing alam kabir.
- Guwaning gunung Jabalkap / dadi sirah bangawah
ahar iki / pan oleh simpanganipun / amot sakehing baya / ingkang ireng
kang putih lan ijo iku / kang kuning lawan kang abang / kang adadu lan
biru nenggih.
- Atanapi ingkang rekta / pan sangkane sangking
sirah benawi / kawah mastahar puniku / terusane punika / kang nimbangi
terusane mesar wau / nimbanga sagara siya / kaya mangkono kang rakit.
- Ya dene si Juja ika / pan kajodhi kalanira
ajurit / pan wus tekeng darahipun / bala wus rinacutan / iya Gunung
Jabalkap wus ilang sampun / kang den gawe agem mring prang / sektine wus
den imbangi.
- Tan pegat nolih si Juja / mapan suda ingkang
suraning jurit / Dukarnen pan ngangseg purun / nulya Juja lumajar / pan
atilar gelanggang lumayu nusup / pan lolos saking paprangan / Dukarnen
amburu wani.
- Kalawan Ibrahim Sadar / lan Umarsah kalawan
Bagendha Kilir / Ali Salipin pan tumut / duk kaburu si Juja / pan angungsi
jagad bang wetan alaju / si Juja asru lumajar / Dulkarnen mandheg anolih.
- Sampun kendel pamburunya / nulya sami
pakumpulan malih / lawan sasanak kancanipun / ngancik ing bumi Pu’ad /
sawetane ing jagad Maserik iku / pan kinarya tetimbangan / malekat
Dulkarnen singgih.
- Pan lawas neng bumi Pu’ad / apan malah kongsi
dipun tuguri / lawan sanak wadyanipun / pan kakumpulan samya / pan malekat
Dulkarnen ciptanipun / sektine pan kaya tahan / tilase binangun iki.
- Apan nulya karya kutha / kutha wesi lan waja
purasani / kutha sanga lawangipun / pan ngatang maring Juja / kawruhana
ing satimbulipun / paran mangke karsanira / menawa rosa puniki.
- Purwane binangun ika / mulanipun Pu’ad dipun
tuguri / lamun Juja lali iku / yen ameksa ngrebuta / iya marang ing bumi
Mekah puniku / bumi ing Pu’ad den ambah / anadene Juja iki.
- Pan ngungsi trekis Muh Alan / apan iku bumi
nang jaba iki / jabane ngasia iku / tan kasangga ngakasa / prenahira ana
wang uwung-uwung / gumantung tanpa canthelan / kayangane pan gumilir.
- Kuthane anut ing barat / Nagri Ngima-imataka
puniki / kang kinarya kutha iku / selaka maduretna / luhurira pitungatus
gasa puniku / kandele semono uga / ing terkis mahalam iki.
- Pan kederan ubengira / dene ingkang kutha
selaka iki / maka ta si Juja iku / lagya ngumpulaken sela / sekathahe kang
wadya bala katawur / kinumpulaken sedaya / yeku antaraning benjing.
- Ya Muhammad wekasing wang / lamun sira wus
aneng Ngasia benjing / turune si Juja besuk / teka aneng Ngangsiya / mapan
sira ingkang den lurugi puniku / lakune tan gawa bala / anyamur laku
pribadi.
- Pan sasilih jenengira / pan wus ngalih Ajisaka
bameki / ya dene saturunipun / ka trekis Muh Alam / datan arsa ajurit
darmane namur / aja ana kang uninga / kalebua pamrihneki.
- Manjinga mring bumi Mekah / arep temen temu lan
sira benjing / yen wruha ing sira besuk / sasat weruh maringwang /
wekasingsun ya Muhammad mring sireku / nanging sira den prayetna / si Juja
angrasuk karni.
- Pan arsa ngandhap kewala / pan ing tembe puniku
arsa anyantri / ayun anyerong sireku / bangkitira den tandha / yen
katonton ing kahananira iku / heski kang sajati ika / pasthine dipun
timbangi.
- Pan dadi satru sumela / iku besuk ana sajroning
ati / aneng welakang ngalundhu / pan sira den cekalak / yen sira prih
sayektine pan aewuh / andhap asor / wakulanira / tan kena selam ngabekti.
- Satru asih dadi kadang / kadang amrih asih
abilaeni / Muhammad kawruhanamu / balunat umatira / kang den ucap santri
Ajisaka iku / gandhek laku ananira / andhap asor lamun angling.
- Sandhangane pating sarempal / endi sangkanira
tembe ningali / nenggih megatara tengsun / mila manjing ing Mekah / arsa
ngaji selam kawula / mangulun / karane ing umatira / Muhammad den yitna
benjing.
- Ing tembe mongsa luputa / pesthi kena marang si
Juja iki / sira kasmaran adulu / tan wruh yen diparewang / amrih samar si
Juja karsane tutug / pan sira kang tinimbangan / Muhammad mesem sarya
ngling.
- Kadi pundi karsanira / wau Juja pan mengkana
sedyaning / sayekti amba anuwun / tuwan darbe ubaya / kadi lamun samara
umat sedarum / lamun Juja malih warna / dening Juja malih warni.
- Apeparap Ajisaka / kadi kathah umat tuwan
kasliring / mongka Allah ngandika rum / Muhammad kawruhana / dene tata
maring umatira besuk / wangsitna pamgestuningwang / jangjenira lawan mami.
- Yen Juja anyakrabawa / salebune mring Mekah iku
benjing / andhustha mring sira iku / lamun prabandhanira / sun kasihi sira
ingsun gadhang besuk / aneng jagad ngasia / sira den tandhingi mangkin.
- Salir kabangkitanira / yen katonton atine kang
sejati / sira den tandha yen luhung / ing pamursalanira / puwarane lan
Ajisaka ingadu / yen kabuka ciptanira / arsa timbangan sekti.
- Yen wus tanya jenengira / aningdhihi jagad
Ngasiya iki / sira bareng sirnanipun / kalawan Ajisaka / sawurine lah iya
ing tembenipun / kalawan ing jenengira / lawan Ajisaka benjing.
Pupuh
XIII
Asmaradana
Asmaradana
- Kasmaran milya angawi / anutu warta pandhita /
tingkah polah napas mangko / napas kang kawan prakara / ingkang kinarya
tiga / pan antuking wong linuhung / angangge undhaking tingal.
- Napas puniku yen manjing / anrus pitung bumi
ika / iman puniku arane / napas yen medal punika / terus ing langit sapta
/ punika reke den ketung / enggone ingaran napas.
- Napas patang prakareki / yen medal anengen ika
/ dhateng sipat jalal mangke / yen medal angiwa ika / dhateng ing sipat
kamal / miwah yen anengen iku / mapan dhateng sipat jamal.
- Napas yen angiwa malih / ya dhateng sipat kahar
/ tegese napas ta mangke / midering jagad sedaya / datan ana ing jaba /
miwah ing jero puniku / tan ing ngasor luhur ika.
- tan ing ngarsa tan ing wuri / tegese puniku
samad / awake manungsa kabeh / sami ngalal ageng ika / iya iku manusya /
ingkang sayektine iku / iya enggoning manungsya.
- Iya samadaraneki / tegese iya tanapas / tan
manjing tan medal mangko / dununge ing atipuwan / iya iku ingaran /
juma’at reke puniku / enggone wong arip ika.
- Iku enggone wong arip / ing puwan arane ika /
kang aran sukma purbane / dennya nglimputi punika / sukma pirataha / iya
punika ranipun / sampurnane raga jiwa.
- Panjing wektune puniki / angawikani punika /
karsaning Pangeran mangko / napas yen medala ing ngiwa / datan lyan kang
utama / angawikani puniku / ing kahananing Pangeran.
- Tegese tanapas singgih / tan medal tan manjing
ika / angawikani ta mangke / maha sucine Pangeran / miwah nusup
punika / langgeng reke ananipun / weruh bakaling Pangeran.
- Napas ireng warnaneki / tegese langgeng punika
/ napas ijo ing warnane / tegese ijo punika / dhateng ing urip ika /
tegese urip puniku / kang urip tan kena pejah.
- Anapas warnane kuning / tegese kuning punika /
amimbuhi kahanane / napas putih warnanira / tegese putih ika / maha suci
jenengipun / kang tan kena kawoworan.
- Pan pujaning napas singgih / anebut namaning
Allah / miwah napas pamujine / anebut ing uripira / miwah napas punika /
panebute mangkya ingsun / nusup yahuk sebutira.
- Kalawan napasereki / yen medal ing grana ika /
asmara jawih arane / napas yen medal ing lesan / aran asmara marta / miwah
tnapas puniku / lamun medal sangking karna.
- Asmara tatra raneki / miwah tanapus punika / yen
medal ing netra mangke / asmara ulat punika / yen medal ing wedaya /
asmara nala ranipun / miwah yen medal ing grana (prana).
- Asmara tura raneki / yen andunung ing Pangeran
/ asmara jati arane / miwah ta kalamun pejah / pakumpulan asmara / akimpul
maring jejantung / sakartil maot ika.
- Jenenge puwan puniki / edal punika kang sirna /
ilang lakunya rasane / tumurun maring ing padang / emim punika kang sirna
/ ilang jeneng rasanipun / dene nora na kang ilang.
- Kang mungguh ing puser iki / kahe punika kang
sirna / ilang punika rasane / akumpul ing jantung ika / emim awal kang
sirna / wus ilang mangke puniku / mangunah lawan pangrasa.
- Jenenge mangke puniki / hakekating tulisira /
ing margane roh tegese / kang maring alam sampurna / den aselamet ika /
manjing maring marga luhung / alip punika kang sirna.
- Ilang kang tugalan iki / munggah maring alam
arwah / lam awal kang sirna mengko / lawan lam akir kang sirna / ehe
puniku sirha / te be tan ana kan kantun / kabehi ku padha sirna.
- Langit purasani singgih / tegese puniku marca /
lan langit tembaga mangko / tegese otot punika / miwah langit selaka /
tegese ika bebalung / kalawan langit kumala.
- Kang langit kumala singgih / tegese sesum
punika / langit mutyara arane / tegese puniku netra / jenenge enun ika /
tegese puniku tuduh / iya rasaning pangeran.
Pupuh
XIV
S i n o m
S i n o m
- Kapire atinggal salat / lawase nora nglakoni /
lawan amaido sarak / ageguyu ing wong mukmin / nora ngangge pakering /
sasat ageguyu rasul / dadi ratuning duraka / kaya kapir wong yahudi /
pesthi kupur kekel aneng ing neraka.
- Luhure atinggal salat / kaya priye lah ngawruhi
/ wajib kang tinggal salat / wajibe kadi pundi / atilar lahir batin / nora
liyan kang kaetung / miwah panggawenira / apan nora anduweni / nanging
alah polahe ingkang asalat.
- kang tumeka ing asalat / tinggal kasdu tanrul
takyin / iya iku kang sampurna / angawruhana ing budi / kalawan ati hening
/ anucekaken Hyang Agung / arep amarengena / kasdu takrul lawan takyin /
marengena wiwitan lahuk akebar.
- Aksara Tha marengena / wiwitan aksara alip / ya
alip iku wiwitan / lam awal lawan lam akir / parenge niyat iki / hu tibane
niyat iku / Allahu jenenging DZAT / tibane niyat sayekti / akebar sipat
jeneng sampurnaning niyat.
- Jeneng niyat tan ana / paleburaning kekalih /
tan ana gusti kawula / yen meksih kawula gusti / mapan dereng utami / kaya
pasalametipun / rorone dadi tunggal / tunggale dadi kekalih / nora ilang
kawula lawan Pangeran.
- Mapan kawruhing kawula / sareng lawan sihing
gusti / lamun tinggala kawula / sapa kang aran ing gusti / ingkang anebuta
gusti / tan liyan kawulanipun / dadi nyata ing Allah / kang anembah kang
amuji / pan kawula kinarya dadi lantaran.
Pupuh
XV
Asmarandana
Asmarandana
- Wyang teki milya angawi / arsa amanguna tembang
/ karagan saya nelamong / kirang langkung owahana / tan antuk wong utama /
angsale wong mudha puguh / datan wirang ingeseman.
- Kang kinarya gita singgih / kekasihira Hyang
Sukma / kang ana ing nusya mangke / sagunge wadya sedaya / tetkala
paguneman / ing ngarga puri genipun / sami ababar sasoca.
- Wali sasonga tinari / denira Prabu Setmata /
Pangeran Selarong mangke / Pangeran ing Pager Toya / Pangeran Ardi Liman /
Pangeran Muksagandeku / Pangeran ing Pasiraman.
- Seh Siti Jenar tan keri / Pangeran Toya
Tinambak / Pangeran Gergol mangke / Pangeran ing Pisang Tanah / angling Prabu
Stmata / sokur pepak sanakingsun / padha limutakaliman.
- Sampun sami salah tampi / manira matur sedaya /
kang samya siniyan mangke / sami ababar sasoca / samya miyak werana /
sampun sami pasang semu / dipun sami angalela.
- Pangeran Silarong angling / ambabar kang
pangawikan / teksising sarira mangke / kaping pat tingale ika / sucenira
Hyang Sukma / DaT mutelak kang purbeku / amisesa dhewekira.
- Pangeran ing Pager Warih / ambabar kang
pangawikan / teksising sarira mangke iya sadat jenengira / iya jenenging
purba ya Allah Sukma kang agung / jenenging urip sajagad.
- Pangeran ing Ngardi Esthi / ambabar kang
pangawikan / teksising sarira mangke / ya Allah padha Allah / uripira
Hyang Sukma / purba wisesa Hyang Agung / urip datan kena pejah.
- Pangeran Muksagan angling / ambabar kang
pangawikan / teksising sarira mangke / iman tokid mangaripat / budi uripe
ika / urip lawan ramalipun / anguripi lampahira.
- Pangeran Gerogol angling / ambabar kang
pangawikan / teksising sarira mangke / tegese ngalah punika / iya ing aranira
/ kang agung wasesa iku / amasesa dhewekira.
- Pisang Tanah amedali / ambabar kang pangawikan
/ kang aran nugrahan mangke / sebdane ing kun punika / tegese kun punika /
Nabiyolllah jatenipun / jinaten ing nama Allah.
- Prabu Setmata sira ngling / ambabar kang
pangawikan / sapisan ing tingal mangko / angawruhi nabiyollah / kaping
kalih ya Allah / kaping tiga rasul iku / kaping pat Datollah ika.
- Seh Siti Jenar medali / ambabar kang pangawikan
/ sembayange Allah mangko / sujud rukuk padha Allah / sembah sinembah
Allah / ingsun kang amurba iku / kang wisesa ingsun uga.
- Mulana Magribi angling / Siti Jenar kadariyah /
pan kajabariyah mangko / angling / sira Siti Jenar / adoh yen asasara /
kang aperak iku embuh / iki Allah supayaa.
- 15. Mulana
mahribi angling / iku jisim Siti Jenar / Siti Jenar angling mengko / raga
jiwa den wicara / paesane pan sirna / kang anglela Allah mengku /
sakarsanira kuwasa.
- Sekathahe wali angling / iya Siti Jenar sira /
ngaku Allah padha mengko jisim ing donya ta sira / Siti Jenar nglingira /
amba yen yen ngakua kupur / sembah mangkin sun miarsa.
- Pan wonten janjining nguni / sami ambabar kang
sasotya / sampun aling-aling mangko / sami amiyak werana / amba tan
taha-taha / Allah ing reke puniku / ambabar kang pangawikan.
- Prabu Satmata sira ngling / Siti Jenar
kamanungsan / kabeh sanakira kiye / tan prabeda kadi sira / nanging sampun
anglela / menawi kathah kalarung / akeh kang wong agegampang.
- Akeh kang wong ngabekti / apilih wong agurua /
akeh kang wong gampang bae / wartaning wong katimbalan / jatenipun tan
wikan / wartining wong tanpa guru / awirang atetakona.
- Seksana Mulana prapti / kakanthen lan kaji
Cempa / pinarak ing masjid mangko / arsi denira angucap / angrasuk ing
agama / agegampang temahipun / apened andika solah.
- Seh Siti Jenar sira ngling / payo sampun
kelayatan / lawang syarga menga mangko / Siti Jenar binabayang / dening
kaun sekawan / Siti Jenar sampun kokum / sinulah tatas kang angga.
- Tetiga sanakereki / sami tumut pinejahan /
satunggil tan sirna mangko / kekalih sami angucap / anebut Sobanellah /
wonten lare angon wedhus / mangke samya mirsa warta.
- Yen Siti Jenar ngemasi / kokum yen angakua
Allah / rare angon wedhus age / lumayu asumbar-sumbar / samarga
gegancangan / wonten mangke allah kantun / katungkul atunggu menda.
Pupuh
XVI
M i j i l
M i j i l
- Kawruhana sadurunge dadi / salire sang katon /
awang-awang uwung-uwung mangke / pan tan liyan ananing kang purba jati /
tan ana ngawruhi / ananira iku.
- Tuhu ana ingkang ngawruhi / sukmane ginugong /
angawruhi sira ing dheweke / lawan weruh solahing dumadi / saderenge uning
/ wus katon kawengku.
- Silanipun dadekken sekalir / dening ngayun
tinon / sampun nyata kang jagad jatine / saking sabda iku.
- Lepat kang datan ana kirang luwih / dadine sang
katon / mantep wisesaning Hyang karsane / tan karuan solah dadineki / lan
nalikaneki / tan pegat lumintu.
- Wonten pangandikaning Hyang Widi / andadekken
mangko / nora sunat nora perlu mangke / andadekken manungsa lan ejim /
nanging karaneki / bektia maring sun.
- Ngandikaning Hyang angandikani / ingutus sang
kaot / sembahen Pangeranira mangke / sembahira den tekning sayekti /
awarna kala ngling / sembahira iku.
- Yen nembahden sedya ningali / kang sinembah
mangko / den kaya ngiloa wawayangane / den kawawang katon nupa sejatine /
kang katon jro carmi / iya rupa iku.
- Iya iku dudu iku kaki / prihen den wespaos /
ing iyane kelawan dudune / takoken ingkang sampun singgih / malar sira
kaki / amigiha tuduh.
- Adhepena ing rerainereki / mara ing sang katon
/ iya iku kabeh reraine / angalingi raining dumadi / rerai kang luwih /
kang katon sawagung.
- Wonten pangandikaning Hyang widi / amangsit ing
manon / ing ngendi idhepira ing mangke / ing kono wejahira liniring / tan
anelahi / idhepen satahun.
- Ayat-ayaten wangsitireki / sang duta di kaot /
sing mulat ing saneskara kabeh / yen tan katon Pangeraneki /
sapatingalneki / nir don dennya dulu.
- Yen wus weruh sireki / paran tan inganon
/ ulapana iku dhewe kabeh / iya iku ta ingkang ngalingi / lawan sampun
enting / mangke sira dulu.
- Iya iku mapan iya iki / iya iku mangko /
pan tan ana towong ing anane / anglimputi sakehing dumadi / datan kena
milih / ika iki iku.
- Pan tan ana ing jaba kalingling / wus awas ing
katos / nanging sangking datan wruha reke / sing adulu iku anglingi /
dening tan wruh jati / kabeh katon dulu.
- Yen sampun sira awas ing wangsit / tansah saya
katon / datan angel amet kasilane / apan wus nyata tumuli prapti / kagyat
aningali / tan wruh yen wus weruh.
- Pan tan ana ing ngarep ing wuri / aneng jaba
ing jro / tan ing ngandhap ngeringira kabeh / tan aneng melak tan ana sepi
/ tan ing sorireki / datan aneng ngluhur.
- Aneng ing ngarsa aneng ing wuri / aneng jaba
ing jro / aneng kering kananira kabeh / ana amelek ana anepi / aneng
sor ing wuri / miwah neng ngaluwur.
- Kaya ngapa denira ngalapi / rupane sang katon /
wruha yen tan ana ing supe / datan ana puniku ta kaki / mapan ora uning /
yen sira dereng wruh.
- Kang ora iku den ora iki / sampun sinung enggon
/ apan iya tan na salawase / ing anane puniku ta kaki / pan pinurbeng
nguni / nora nanipun.
- Ana iku den ana iki / pesthi datan katon /
puniku tan ana senggamane / saliringana nora kalingling / anging ananeki /
kang katon deningsun.
- Mengko ta ingsun awas ningali / sangking
kaspiningong / sun sengguh kahaningsun dhewe / iya iku tekanana gusti /
heneng osik mami / lawan gusteningsun.
- Taha yen parenga mulih mami / kalawan sang
katong / apan purba anane polahe / pan satingkah katon no0ra gusti / lawan
polah mami / tunggal yen dinulu.
- Tunggal tan tunggal lawan ing pesthi / roro lan
tan roro / lir jiwa tinon lawan ragane / katon kan katingal tunggal
kekalih / mangke hanan mami / lawan gusteningsun.
- Tan kena pisah siyang lan latri / tansah amor
winor / angembani ngemban salawase / amuruk ing meneng osik mami / amisik
winisik / kabeh bekti lulut.
- Saenggon-enggon ingsun rewangi / marmane maring
ngong / datan ana ing jaba jro purbane / den rowangi ngulari rekeki /
tekeng jro Hyang Mani / den rowangi tengsun.
Pupuh
XVII
Asmarandana
Asmarandana
- Wonten wangsit kang winarni / Ki Lulwahdad kang
kinarya / taken jatining kawruhe / Ki Manyurid tinakonan / kawula tuduhena
/ Manyurid akarya semu / ambawuraken paekan.
- Ki Manyurid mangkya angling / Ki Lulwahdad den
prayitna / ataklen jatining kawruh / akeh kang wong kena sasar / tanpa
laku den awas / sakeh waris dipun wengku / dadi atemahan wiyar.
- Waris karimun tinampik / lir ajar atapeng praja
/ amasang kala pulute / sang pandhita den wisaya / den ajak musyawarat /
sing kalah reke den aku / ing tembe dadi prasanak.
- Warising giri tinampik / angaku Prabu Setmata /
miwah Seh Kalijagane / sesiku angaku edat / pan iku durung nyata /
warising Ngampeldeteku / sesiku angaku Allah.
- Ki Lilwahdad matur aris / kawula anedha berkat
/ waris benang ing semune / Ki Manyurid lingnya mojar / pan ingsun boya
retna / waris benang kang sinemu / angaku sukma wisesa.
- Waris beregas gunupit / lah Manyurid boya rena
/ ing kawruh iku reke / pan atekat lintang johar / tetse kandil ika /
pesthine reke Hyang Agung / tetese kang den Pangeran.
- Waris Mekah tekatneki / sasar amengku negara /
warising guru ta mango / Seh Manyurid boya rena / mapan ngaku wisesa /
waris Seh Majagung iku / sasar angaku Pangeran.
- Waris kudus kang pinusthi / lir sarah anungsung
toya / waris Carebon ta mangko / Seh Manyurid boya rena / iman kang den
Pangeran / yata Seh Lemah Bang iku / tekade pancering surya.
- Ki Lulwahdad matur aris / kawula anedha berkat
/ waris Medhang iku reke / punapa ing karsa tuwan ? Seh Manyurid tan rena
/ pamedhang reke puniku / angaku ratu ngakerat.
- Ki manyurid mangkya angling / Ki Lulwahdad den
prayetna / ataken jatining kawruh / sasar yen anekadena / aja na
pinangeran / den awas jatining suwung / amarga ingkang sampurna.
Pupuh
XVIII
Maskumambang
Maskumambang
- Kawruhana ing lumaku dipun wedi / satingale iya
/ nora esak nora serik / nora ngulati Pangeran.
- Ingkang awas sasolahe dadi puji / tan ana bedanya
paningal pujinereki / sasolahe dadi sembah.
- Ingkang awan kang dinulu aneneki / kuntul iya
dhandhang / maido kan tan wruh mangkin / dene tekadipun wsak.
- Yen tan wruha ing tunggal pesthi sak serik /
tan bisa asadat / idhepe meksih kekalih / amangeran ingkang nora.
- Murid sarip den pangeran tan wruh neki /
kalurung kaliwat / den senggih ana kekalih / kadi mawas yen iki ya.
- iya iku dudu iku pesthineki / den kena tetanya
/ sampurna kawruheneki / yen tan wruha meksih esak.
- Pesthi esak tekade tan wruh mangkin / ingkang
sampun awas / nora beda ananeki / tingal kabeh tingale iya.
- iya iku rupane kang tokid mangkin / pesthi nora
roron / kahanane ingkang urip / kang urip Allah kewala.
- Ingkang awas sampun kidang amangsil / pajal
awuliyan / ginutuk lor kidul keni / anebut sinebut dhawak.
- Dhewekira ingkang amuji pinuji / yen sira
katunggal / kawimbuh kang maha suci / kang tul langgeng agesang.
- Ingkang urip datan nana malih-malih / Allah
ingkang gesang / kang den gunggung kang den puji / angestokken dhewekira.
- Dhewekira ingkang amuji pribadi / yen sira
katungkula / yen purba kang maha suci / pujine tanpa pegata.
- Ya pulekan pujine sajroning ati / tan pegat
pujinya / rahina kelawan wengi / amuji ing dhewekkira.
- Wong amuji sampun kasengsem ing puji / sembah
sanalika / sing awas ing urip mati / sembahe ingkang utama.
- Kang utama nora kocap sembah puji / esak yen
kocapa / dereng tumeka ing batin / sapa puji pinujia.
- Kang mengkana sampurna sembahireki / ingkang
sampun awas / tan na sembah kang kari / sebdane amurung dalan.
- Kang tan awas kangelan gennya ngabekti / yen
siyang puwasa / yen dalu agung amuji / eluhe urip kewala.
Pupuh
XIX
Asmarandana
Asmarandana
- Wonten pandhita kang luwih / awasta She Bondhan
Surat / sanget brangtine Hyang Manon / kekalih sahabatira / Nuriman lan
Budiman / sanget marak gustenipun / sarwi sira awot sekar.
- Pinarak ing sabat kalih / mangke sira Bondhan
Surat / sabat kalih pan ing mangke / pan ingaken badan tunggal / She
Nuriman Budiman / arerepa aneng ngayun / angaluku aneng pada.
- Ature angasih-asih / anedha sipangat tuwan /
lampah sawiji-wijine / amba mangke tuduhena / Bondhan Surat ngandika /
semana ta rahingingsun / tunggal wisma dina misan.
- Pepayon kang luwih adi / nora sun tolih semana
/ tundha pitu lelangsene / iya semana sun wiyak / lah iku lampahana / pan
iku lampah linuwung / kalampahana denira.
- She Budiman matur aris / kadi pundi guru amba /
dhihinira lampah mangke / Bondhan Surat angandika / duk ingsun lunga tapa
/ kesah saking wismaningsun / semana ing dina misak.
- Duk lindhu kabeh udani / sira Budiman semana /
umah padha rubuh mangko / gunung guntur kayu rebah / segara lir kinocok /
ombaking amara puhur / kaget kang aneng segara.
- Miwah kawulaning Widi / kang sami aneng
dharatan / sami kaget kabeh mangko / dene lindhu agung ika / ya Budiman
semana / ana iki sih pitulung / gunung guntur sami milya.
- Omah rubuh nulya malih / segara ubeken nulya /
kayu rubuh nulya mangko / sangking sih nugrahaning Hyang / yata kala
semana / ya Budiman sira weruh / semana milu kadonan.
- She Budiman matur aris / anut yen uga kodanan /
Bondhan Surat ngandika lon / iku lampah estokena / Nuriman lan Budhiman /
She Budiman nulya sujud / ing sira She Bondhan Surat.
- She Budiman matur aris / anut yen uga kodanan /
Bondhan Surat wecana lon / lampah ngestokena / She Budiman denira / sang
Budiman nulya sujud / ing sira She Bondhan Surat.
- She Budiman ngandika ris / sun barengi udan ika
/ rahina wengi udane / luwih derese semana / siyang dalu kodanan / annuli
ingsun lumayu / maring ara-ara jembar.
- Sun tingali awak mami / nyata teles duk semana
/ anulya ingsun apepe / lawase ana sawulan / nuli wakingsun ana / She
Budiman iya iku / kang aran lampah utama.
- Kang aran lampah kapilih / yogya yen
pagurokenan / kang sampun awas tingale / tan amuji tan anembah / tan ana
yektenira / ingkang aran lampah iku / She Budiman ngestokenan.
- Bondhan angandika aris / semana nuli sun lunga
/ sangking ara-ara mangko / wau kang ajembar ika / maring desa
Bragedat / ya ta ingsun duk kadulu / waringin satengah pasar.
- Kang ana ing pasar sepi / tumunjem ing sela /
pethak / anerus ing gunung pange / anerus gunung tresina / pange waringin
ika / ingkang sun atubi iku / waringine luwih mulya.
- She Bondhan Surat sir angling / duk semana si
Budiman / tambuh polahing mangko / ana pasar sepi ika / ingsun ngadeg
sawulan / sawulan / ingsun sitekur / lan meneng ingsun sawulan.
- Lan ingsun nutupi kuping / lawase ana sawulan /
merem sawulan lawase / sidhakep ingsun sawulan / nungsang ingsun sawulan /
ingsun adhikukul iku / iyeku kanga ran lampah.
- She Budiman iya iki / lah estokena denira / lampah
kang utama mangke / ya lampahana denira / She Budiman atompa / Budiman
anulya sujud / ing sira sang Bondhan Surat.
- Bondhan Surat ngandika ris / ya Budiman ana
coba / marang ingsun sesmitane / syara metik ing talingan / ingsun anuli
miyak / semana sangking geningsun / nuli runtuh tapaning yya.
- Nyataneyen rutuh iki / ya Budiman tapaning
yyang / pan ingsun andhingkul mangko / gening mulya bener ika / sidheku
ingsun wudhar / kupingsun angerungu / lan mataningsun tumingal.
- Lan cangkemingsun angumik / lan irungingsun
anggonda / lan ingsun tumingal mangke / kidul kulon lor lan wetan / tan
ana katingalan / syara ametek kupingku / wibuh ing kahananing Yyang.
- Bondhan Surat angling aris / ya Budiman
estokena / lampahingsun iku mangke / pan pilih ingkang wikana / lan paes
tukang samara / ginutuk lor kena kidul / angucap ing umat tunggal.
- She Budiman asung bekti / marang sira Bondhan
Surat / Bondhan Surat ngandika lon / ya Budiman duk semana / duwe ati
apadhang / baya ta waringin iku / sun aubi nora suka.
- Dupi ta mengkana malih / nyananingsun ya
Budiman / ana syara malih mangko / mengkana ujaring syara / ingku
kawulaning Hyang / kagunganing Hyang Agung / ujaring syara mengkana.
- Sun wiyak jroning waringin / ingsun aningali
bengawan / alega bengawane / anulingsun wulu begawan / duk lagi dina misan
/ katon baratnya aluhur / katingal lawang Bragedad.
- Rampungnya kala tinulis / ingkang Serat
Jesmaningrat / marengi ri Senen Kliwon / wanci jam sadasa siyang / kaping
selawe tanggal Rabingulakir sutengsu / warsa Dal sengkala ketang.
- Ponca wiku sabda aji / lambing langkir mangsa
astha / wuku wuye ing tanggale / walandi kaping rowelas / sewu walung atus
kawan / dosa mentaunipun / tri tus tri dasa nem marta.
C 65 = BH 277
Serat Jasmaningrat ditulis atas prakarsa Sri Sultan Hamengku Buwono V, pada tanggal 4 Rabiulawal 1775 J atau 21 Oebruari 11874 M.
Serat Jasmaningrat ditulis atas prakarsa Sri Sultan Hamengku Buwono V, pada tanggal 4 Rabiulawal 1775 J atau 21 Oebruari 11874 M.
Posting Komentar untuk "SERAT JASMANINGRAT"