Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tari Jawa



 
Seni Tari Jawa kuwi awujud seni tari kang adi luhung, sakral lan relijius. Tari Jawa akèh jinisé, ing antarané Srimpi, Bedhaya, Gambyong, Wireng, Prawirayuda, Wayang-Purwa Mahabarata-Ramayana. Mligi ing Mangkunegaran kasebut Tari Langendriyan, kang njupuk saka crita Damarwulan.
Tari kang kawentar ing Kraton Solo antawisipun Bedhaya Ketawang lan Srimpi. Miturut Kitab Wredhapradhangga kang dianggep pangripta tari Bedhaya Ketawang iku panjenengané Sultan Agung (1613-1645) raja kapisan krajan Mataram. Tari Bedhaya Ketawang ora mung ditampilaké nalika jumenengan nata anyarananging uga saben taun sepisan ing dina jumenengan utawa Tingalan Dalem Jumenengan.
Jinis Tari Bedhaya
Bedhaya Ketawang suwéné (durasi) tarian 130
Bedhaya Pangkur suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Duradasih suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Mangunkarya suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Sinom suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Endhol-endhol suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Gandrungmanis suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Kabor suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Tejanata suwéné (durasi) tarian 60 menit
Bedhaya Ketawang
Kaistiméwan Tari Bedhaya Ketawang:
Pilihan dina latihan lan penampilan saben Selasa Kliwon (Anggara Kasih).
Lakuné para penari nalika metu lan mlebu menyang Dalem Ageng tansah ngiteri Sinuhun kanthi arah manengen.
Sandhangan para penari lan gendhing / tembang kudu manut paugeran kang ana.
Sandhangan penari
Dodot banguntulak.
Lapisan ngisor nganggo cindhé kembang, [werna]] ungu, lengkap nganggo pendhing bermata lan bunta.
Riasan pasuryan kaya riasan temanten putri.
Sanggul bokor mengkureb lengkap kanthi perhiasan-perhiasané, kang dumadi saka: centhung, garudha mungkur, sisir jeram saajar, cundhuk mentul lan ngango tiba dhadha (untaian rangkaian kembang kang digantungaké ing dada bagian tengen).
Tembang lan Gamelan
Tembang kang dialunaké para swarawati nggambaraké rayuan kang bisa nuwuhaké rasa birahi.
Gamelan kang dipigunakaké arupa gamelan laras pelog, tanpa keprak
Rakitan penari
Rakitan tari lan jeneng paragané béda-béda. Ing larikan ngarep para penari lungguh lan njogèd kanthi urutan kaya mangkéné:
Batak
Endhel ajeg
Endhel weton
Apit ngarep
Apit mburi
Apit meneg
Boncit
Jroning mbeksa mesthi waé urutané ora tet
Jroning mbeksa mesthi waé urutané ora tetep nanging owah-owah miturut adegané, nanging ana ing panutup tari banjur lungguh manèh jèjèr telu-telu. Sawisé kuwi iring-iringan mlebu menyang Dalem Ageng, uga kanthi ngiteri sakiwané Sinuhun.
Srimpi
Artikel utama: Srimpi
Saliyanén tarian kang sakral mau Kraton Kasunanan/Pakubuwono uga nyiptakaké tarian liya kayata Tari Srimpi, yaiku tarian kang nggambaraké perang tanding loro satria.
Jinis Tari Srimpi
Tari serimpi kanggo mangayubagya pèngetan dina wiyosan Pakubuwoono X (Foto kolèksi Troopenmuseum)
Srimpi padelori
Andong-andong
Arjuno Mangsah
Dhempel Sangopati
Elo-elo
Dempel
Gambir sawit
Muncar
Gandokusuma
Srimpi lobon
Tari Jawa Modhèrn
Tari Golèk
Tari Bondhan
Tari Kelana Topeng
Tari Gambiranom
Tari Gagrag anyar

Posting Komentar untuk "Tari Jawa"