NGAMBAH ALAM SUNYA RURI
Merema
Sing Ndipet
Manawi
miturut pamanggih kula, ingkang tumindakipun sarwa-sarwi sruwat-sruwut,
srengkat-srengkot, rupak ing pangerti (manawi ginagas tansaya ngranuhi),
rungsit (rekaos marginipun), tur remit (bebasan madosi susuhing angin), werit
(tebih sarta awrat kajangka gegayuhanipun), wedharanipun rerumpakan “merema
(mripat) sing ndhipet” punika mengku suraos bilih nalika laku patrap semedi,
meleng cipta, manembah lan memuji asmaning Hyang Suksma Kawekas, tiyang kedah
resik ing pangangen-angenipun, nora kasisiban ing pangajeng-ajeng, ateges estu
kedah suwung tanpa paminta punapa-punapa.
Sanadyan
ta gelenging pikir namung angesthi kanugrahaning Gusti, punika sayegtosipun
teksih saged kinaran minangka salah satunggiling patrap ingkang taksih ngemu
pamrih. Manawi taksih jelalatan gicu, pamawasipun saged benten kaliyan
panggraitanipun, ingkang sami winejang meksa taksih badhe wonten bundhel
nalaripun, temahan sami salang-surup dereng saged hanampeni sasmitaning ngelmi
ingkang winedhar.
Patrap
mesubrata utawi mesuraga kedah estu-estu namung sumarah wasesane Hyang Kang
Akarya Jagad ngantos weninging jiwa karaos wus nyep ubaling napsu
kekajenganipun, sucining jiwa akarya nyawiji mring Hyang Widdhi, kawastanan
Loroning Atunggal. Tentreming batin dumunung ana ing sireping karep. Manawi
hardhaning karep wus kinekes, ing pangajab sageda manjing ing alam Sunya-ruri.
Wonten pepenget mrih samya waspadha kang dinulu, amargi jejering Suksma Murba,
inggih dzat ora kasad mata, ora sipat, ora asma, tan kena kinaya ngapa, punika
anglimputi sabarang kalir ingkang gumelar ing jagad raya.
Ngeremake
mripat sadhipet tamtu mboten ateges nglirwakaken kawaspadhan (kawaos: sureming
wawasan ingkang bener lan pener), amargi icaling kawaspadhan mahanani sirnaning
wawasan jroning batin. Hewadene wawasan ingkang sampurna pandulunipun mboten
mangro tingal, teguh tumuju arah sawiji tan mulad ing jiwa lan raga, kandheg
makartining karep kang bener, wus asikep kawaspadhan pamawase mring Hyang
Widdhi Wasa wonten ing salebeting alam Sunya Ruri. Kaserat ing Pustaka Centhini
VIII, rinakit ing salebeting pupuh 536:
Tinggal jati anirnakake liring,
Liring awas murciteng paningal,
Sun sinun ketingal mangke,
Tingal jati andeh tan liring,
Katingal kang sun tingal,
Muhung kang kadulu,
Inggih ugi awakira,
Kang kadulu yen dinulu tan kekasih,
Layap paraning tingal,
Tan mulad ing jiwa raga,
Tingale wus brasta kabeh,
Kebeh luyut tan emut,
Kandhek tingale karsa jati.
Liring awas murciteng paningal,
Sun sinun ketingal mangke,
Tingal jati andeh tan liring,
Katingal kang sun tingal,
Muhung kang kadulu,
Inggih ugi awakira,
Kang kadulu yen dinulu tan kekasih,
Layap paraning tingal,
Sampurnaning tingal tanpa pamrih,
Tan mulad ing jiwa raga,
Tingale wus brasta kabeh,
Kebeh luyut tan emut,
Kandhek tingale karsa jati.
Kawontenan
alam Sunya-ruri kasanepakaken kadya “urubing geni kang kinurung”–murub manther
tan obah, tan mosik, nanging urip. Kapratelakaken ing Bhagawad Gita VI sloka
19, kirang langkung jarwanipun mungel makaten: “Kaya uribing agni manther ora
obah ana ing papan kang wis samirana. Mangkono uga Sang Yogi, ubaling pikir
kanepakake patrap nyawijekake jiwa manunggal mring Atma.” Ing Pustaka Centhini
VII, rinakit ing salebting kidung pupuh 389-520, mungel: “Suksma datan adoh
saka dhiri, manggon ing kahenengan, ramening asamun, tebih yen tinebihna,
inggih celak yen cinelakna ugi.” Temen. Temenanan. Tinemu.
Posting Komentar untuk "NGAMBAH ALAM SUNYA RURI"