SULUK PURWA DUKSINA
Anggita-dalem
Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
Sekar
Dhangdhang-gendhis; 64 pada.
- Sapangate kang sun tedha
singgih, sun amurwa Ki Purwa-duksina, apitutur ing rabine, sedalu
tanpa turu, garwanira den pituturi, pratingkah ing ngagesang, pacuwan ja
tungkul, den bisa ataken basa, waspadaa sira marang sarireki, pacuwan
tingalira.
- Baya iku yen tan den kawruhi,
sayektine akeh wong kasasar, dene akeh renca/nane, yen sira sampun weruh,
ing jatine sarira iki, saksat wruh ing Pangeran, iku jatenipun, aja ta
kang kaya sira, lamun ora kena rencananing ngiblis, mangkona Nabi Adam.
- Prandene neng jroning
swarga-di, pan kagodha dening belis laknat, prandene wus limpat reke, aja
kaya sireku, sira malih ta yayi mami, dene dereng uninga, jatining
pangawruh, prayoga atatakona, ariningsun tingal kang nyata ing ngurip, iku
pagurogena.
- Garwanipun anauri aris, inggih
nuwun pangandika tuwan, muga tulusena sihe, ing bodho katengsun, sapa
sinten kang ngamadhangi, yen dede karsa dika, atulung marga-yu,
Purwa-duksina angucap, pira bara yen ana sih ing Hyang Widdhi, atulung
marang sira.
- Pituturingsun mring sira yayi,
lamun ingsun yayi sampun [pejah], akramaa sira mangke, abektiya mring
kakung, aja kaya amba ta iki, den olih / kakung toma, miwah yen amaguru,
ngupaya kang ngutoma, ing jenenge tigang prakara ya kaki, iku den-ulatana.
- Kang kariyin pandhita wiladi,
kaping kalih aboja-kirana, ping tigane iku mangke, pandhita amarsantun,
iya iku pandhita aradin, lah iku gurokena, yayi mirah ingsun, garwane aris
aturnya, kadi pundi tuduhe pandhita singgih, miwah boja-kirana.
- Lawan pandhita amarsantuni,
padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, pandhita wiladiku,
ingkang sareh wuwusireki, tan wuruk sudi karya, barang lakon ingsun, tanpa
dudoh aranira, ing wuwuse raharja teka lestari, satuhune pandhita.
- Anadene amarsantun iki,
angatoken mulyaning sarira, kebag ing jagad pujine, sausike puniku, mapan
iku wus dadi siji, mangan turune ika, dadi pujinipun, tekan wulu/ne
salembar, karentege iya tansah dadi puji, iku pandhita mulya.
- Pandhita boja-kirana iki, tan
pegat reke amangun tapa, amadhangi sarirane, anyegah nepsunipun, datan
pegat amangun nepi, saciptane wus nyata, tan ana kadulu, sampun waluya
sadaya, pangistune tan ana kawula swasti, wus karem marang ngora.
- Kang ngaja sira guroni iki,
kang pandhita dadi kang mangkona, limang prakara kathahe, pandhita sipat
iku, kang rumiyin puniku dadi, pandhita olah kardha, kapindhone iku, aja
dursila ta ika, kaping pate kadanan pasungsung iki, iku aja mangkona.
- Tegese dadi sawiji-wiji, kang
pandhita sipat mangke ika, sondoyan paes gawene, ana macapat iku, doyan
sajen wawatekneki, ngucap daya mangana, mrih kacangcang iku, gawene sok
doyan uwang, genthong ngumus pandhita madya / puniki, iku den singgahana.
- Iku kang ngaja sira guroni, iya
iku cacade manusa, dene ta akeh dudune, nadyan sugiya ngilmu, yen mengkono
dudu wong singgih, iku wong kabelasar, tuhu yen wong kupur, pakaryane ora
ana, ngilmunipun den urupaken tan bunti, de karya pangasilan.
- Jamake akeh ngilmune pancing,
akeh wong guguru kasambitan, dene akeh panyawise, singa katon den jaluk,
arara mumundur tan keni, akeh wong anelasar, ing pangrungon ingsun, iku
silih salah mongsa, angguru anut tawon kambu pan iki, boya etung ing
temah.
- Iya iku yayi den pakeling, aja
sira yayi ta mengkona, iku siya-siya bae, miwah yen anggeguru, takokena
ujar kang ngiki, ingkang wolung prakara, den-tetela iku, wiwitan mas kawin
Allah, lan Muhkama/d ping kalih aras lan kursi, iku den-takokena.
- Kaping tiga sri kawin ing
wengi, lan rahina ping sakawan ika, lintang kallawan ngilmune, kaping
limane iku, mas kawine jalu lan estri, iku lah takokena, kaping neme iku,
mas kawine wulan ika, lan srengenge bumi langit iya iki, iku yatakokena.
- Ping wolu mas kawin suwarga-di,
lan naraka iku takokena, den tetela ing lungguhe, mapan akeh katungkul,
ujar iku kang den kawruhi, yayi pagurokena, ing sapungkur ingsun, garwane
aris aturnya, inggih nuwun saking sih andika gusti, nuwun kawulakena.
- Kadi pundi padhange puniki,
ingkang ngaran mas kawin ing Ngallah, lan Muhkammad-di jatine, lintang lan
ngilmu iku, miwah ing Ngaras-kursi singgih, kawula padhangena, saking kula
tungkul, andika pajarwa/nana, sapuniki mas kawine rina wengi, tuwan
tetelakena.
- Purwa-duksina amuwus aris,
areningsun wong ngayu mas mirah, mas kawin Allah tegese, lawan Muhkammad
iku, patemone nur roh lan iki, lan uripira tunggal, tunggal rasa ningsun,
mas kawin Ngaras punika, tegesipun patemon nira sajati, lawan dat ya
Muhkammad.
- Anane mas kawine ing ngistri,
lawan priya patemon ing jasad, kalawan nyawa wajibe, iku pan tunggalipun,
wonteni mas ing kawineki, ya Aras-kursi ika, patemone iku, ing sungsum
babalungira, panunggale nur banyu rasa kang suci, ing sungsum amirasa.
- Pangandikane kang sampun luwih,
aja nembah lamun durung ngawas, tuwas kangilan temahe, saweneh sasar
susur, amangeran marang nging belis, nembah ing tawang tuwang, ingkang
tanpa wujud, kepaung amenek warsah, panyanane idhep woh/e aneng nginggil,
tur wohe aneng ngandhap.
- Pangandikane kang sampun licin,
lumaku turu ya asalat, menenge dadi bektine, pan nora wektu-wektu,
panembahe kang sampun luwih, kadi ilining toya, bengawan limintu, kang wus
awas ing panembah, nora pegat sambahira rina wengi, iku jatining sembah.
- Ana dene kang lintang puniki,
mas kawine ing ngilmu punika, garib mutaka jatine, patemon langit iku,
lawan dagingira puniki, tegese osikira, apa jroning jantung, mas kawine
bumi ika, lawan langit patemone uteg singgih, lawan sirolah ika.
- Anadene mas kawin ing wengi,
lan rahina patemone netra, puputih lawan irenge, lah iya tegesipun,
patemone kawula gusti, iku campuh ing rasa, ing misrane iku, /mas kawine
swarga iku, lan naraka patemone nepsu iki, kelawan budi ika.
- Panunggale angawruhi dhiri,
tingalane becik ala ika, iya sikune wektune, yen wus nyata ing ngriku,
prabedane lan tunggal neki, bongga basa walika, manira angrungu, garwane
aris aturnya, kados pundi panunggale dadi siji, rarasanta punika.
- Purwa-duksina amuwus aris,
panunggale ing suwung yayinta, ing kono tunggal tingale, sakehe wujud iku,
pan ing kono panunggal neki, iya waspadakena, ing wuwus puniku, garmane
aris aturnya, kadi pundi wonten wong ngatakon malih, patakonan mangkona.
- Kang ingaran iman kadi pundi,
kenyatahane tokit punika, makripat paran tegese, padhangena pukulun,
tetelane sawiji-wiji, kawula dereng wikan, padhang/e puniku, Purwa-duksina
angucap, ya samengko pamanggihira puniki, nora ngulati Allah.
- Iya iku urip kang sajati, kang
ingaran reke tokit kita, adhep iku sajatine, nora nana kapupu, kang
angucap puniku singgih, ingkang ingaran Allah, tan roro tetelu, iya arane
sarira, tokit iku tingale roh kang sajati, nyatane yen kahanan.
- Anadene yayi sira iki, sejatine
Suksma urip ika, kang Suksma nyata awale, kabeh dudu roh iku, raga iki iku
ta yayi, yen wus wruh ing mangkona, sampurna puniku, ilang kalek mahkluk
ika, iya iku kang ngaran manusa jati, dene wus badan suksma.
- Anadene kang dereng ngudani,
wedi miyak tetebeng punika, dene akeh durakane, aran tetebeng ngiku,
pakumpulan sakeh riinicik, aling-aling punika, nabi wali iku miwah / kang
mukmin punika, garwanira wuwuse arum amanis, miwah tingal sakedhap.
- Lawan laku satindak puniki, miwah mangan
sakepel punika, anginum sacegok mangke, tedahena pukulun, lawan nyandhang
sasuwir iki, amba pan dereng wikan, padhange puniku, Purwa-duksina
angucap, mirah ingsun wong ayu juwita mami, pilih kang kaya sira.
- Anadene jaruman ing ngati,
kawruhira sampurnane ika, jenenge ati elinge, ujar sakecap iku, apan penet
jenenge iki, laku satindak ika, panarima iku, tingale pan cakep ika,
maring ekram tegese nginum satu tri, nyatane maring ngiman.
- Tegese mangan sakepel iki, iya
Al[l]ah kang kacipteng nala, nyandhang sasuwir jatine, pujinira puniku,
yen kawayang sajroning ngati, iiku jatine gesang, tan kanginan iku, dene
angrasa papadha, iya iku wong ayu ingaran supi, dene sampu/n/ makripat.
- Nora nana yayi amal iki, amung
siji amalira dhawak, saosik layarane, garwanira amatur, sedyanira arum
amanis, inggih kawula nedha, saking sih wong agung, andika wejang kawula,
aneng dunya ngakerat nuntuna singgih, tulus marga raharja.
- Kawula kakang ataken malih,
kados pundi wong lara punika, agampang pae kanane, kawula pan dereng wruh,
duk nalika ambayah uni, anglampahi kawula, dereng wruh puniku, duk lagya
pongah-pangiyan, lan punapa puniki westane singgih, miwah duk cengengira.
- Alam apan duk ana ta singgih,
padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, dhuh yayi mirah
ingsun, baya sira juwita mami, mirah kumala retna, gurune wong ayu, lah
kene karasa lara, alam tupet dene tembe angrasani, den eling maring
Suksma.
- Ana/dene lagi wayah iki, alam
tobat iku namanira, lagi pongah-pangih mangke, alami sanget iku, pakumpulan
rasa sakalir, nanging tanbuh karasa, duk samana iku, ingaranan gaibbollah,
lagi cengeng ingaranan alam sahir, jagad langgeng duk baka.
- Garwanira matur angabekti,
punapa katon wau semana, punapa reke tingale, ingkang dhateng rumuhun,
tetelane sawiji-wiji, lah kakang padhangena, amba guruningsun,
Purwa-duksina angucap, kang rumiyin Jabarail tompa wangsit, abang cahyane
ika.
- Kaping kalih cahyane Mingkail,
warnanira iko ilatira, ping tiga Israpil mangke, wedale putih iku, saking
cahya netra puniki, wedalipunpan abang, pitu watekipun, kang ngijo tengen
ingaran, ya Israpil kang cahya iku ya kuning, medal ing bathukira.
- Iya iku tingal ingkang pasthi,
na/dyan ana kang tigang prakara,yen nora nana sijine, lara kabeh tinemu,
durung teka ing patineki, yen wus uninga ika, denemut sireku, Ngijrahil
kang duwe ilat, mapan Muhkammad puniku Nabi singgih, dadya tumekeng pejah.
- Wus adungkap lawang iku yayi,
ing segara penyu wastanira, wis liwat sira ing kene, nulya mancat sireku,
ing segara istikar iki, sampun liwat punika, anulya puniku, karane den
kawruhana, gya andungkap sagara malih puniki, segara istigena.
- Sampun liwat kang cahya puniki,
duk angambah ing sagara kiyam, ing kono wus liwat mangke, segara rante
iku, wus andungkap ing Ngaras-kursi, miwah ing dhingdhing Jalal, iku duk
kadulu, ing ngalam kalih prakara, wus tumingal ing ngalam kait puniki,
alam kiyamah menga.
- / Ing ngriku nyawa kandhege
malih, duk tumingal ing segara cahya, ngaliwati ing weninge, garwanira
umatur, kang pundi tegese puniki, segara penyu ika, tuduhna pukulun, miwah
segara istikar, kakekate puniku sawiji-wiji, lah kakang padhangena.
- Purwa-duksina amuwus aris,
mirah ing wang kasumaning tilam, ingsun minongka sepuhe, ayunira anulus,
baya sira guruning ngistri, amartanana jiwa, kusumaning ayu, sira angling
lipur brongta, ing tegese sagara penyu puniki, iku wangsul manira.
- Anadene segara puniki, kang
ngistikar panjeneng ku nira, miwah istigena kiye, wudelira puniku, iya iku
segara dhiri, segara penyui ika, sikutira iku, segara rante punika, pan tegese
iya ususira iki, yen sira dereng wikan.
- Anadene sagara pu/niki, ingkang
ingaran segara cahya, tegese jajantung mangke, segara kiyam iku, iya
dhadhanira puniki, segara cahya ika, netranira iku, iku kathah ing segara,
ingkang tumrap puniku segara dhiri, nyatane ingkang raga.
- Garwanira apan matur malih,
kadi pundi wonten wong tatanya, Dhingdhing Jalal kakekate, punika Aras
iku, ingaran Kursi kang adi, yeku ta kawruhana, ing ngagesang iku, yen
nora weruha sira, durung weruh ingaranan badan iki, apa ta yen amora.
- Kang ngaran wot siratal
mustakim, padhangena amba dereng wikan, ing luhure iku mangke,
Purwa-duksina muwus, kang ingaran Aras puniki, iya pangambunira, kang
ngaran puniku, wong karana Allah ika, ilatira puniku mangke ta kaki,
tegese atenira.
- Anadene timbangan puniki,
baunira kang kuwat puni/ka, pamilihira ta mangke, gunung Tursina iku,
irungira iku ta yayi, ing kono enggonira, sang nyawa akumpul, ing gulune
siningsetan, nyawa iku angrasa lara sakalir, miwah paningalira.
- Sampun dhungkap lawange kaesthi,
nyawa ingkang nganeng ngalam dunya, ing kono iku ta mangke, alam miya
puniku, iya bathukira puniki, alam kaet punika, ing githok puniku, ing
kono kandheg ing nyawa, duk tumingal cahya Muhkammad puniki, ing kono
kandheg nyawa.
- Sawuse aneng kono ta yayi,
malekat utusan ingkang prapta, amundhut nyawa karsane, Ngijrail ta puniku,
maring langit paranireki, langit pipitu ika, dadalane iku, ingkono
amanggih rupa, cahyanira lir pendah purnama siddhi, surat ananing Suksma.
- Garwanipu/n atatanya aris, kadi
pundi kang langit punika, sal sahil ika jatine, Purwa-duksina muwus,
anadene kang ngaran langit, ya ing cacekak ira, kang bumi ya iku, sasore
ing langitira, anadene malekat Ngijrail iki, iku kakawahira.
- Anadene aruman puniki, sajatine
aren-aren ira, puniku mesthi tegese, runwanakirun iku, sejatine
wuwukuneki, iya den kawruhana, yayi ujar ingsun, kang rayi aris aturnya,
kadi pundi kang pinanggih jroning pati, duk lagine sekarat.
- Purwa-duksina amuwus aris, kang
pinanggih yayi duk sekarat, pasthi rupanira dhewe, ya wis angrasa iku,
panunggale pan dadi siji, anging amawi surat, kang rupa puniku, abane muji
Pangeran, iya iku kang nga/ran Muhkammad jati, tuladhaning Pangeran.
- Iya iku ujar kang piningit, pan
puniku jatine sekarat, larangan kang luwih mangke, mulane wong kang
luhung, aling-aling kang den-kandeli, nora ambuka ujar, wau kang puniku,
dene medharken kekeran, ujar iku lir ngadu pucuk ing ngeri, patine tibeng
jurang.
- Garwanipun matur angabekti,
inggih nuwun saking sedya tuwan, muga tulusa esihe, wicanten kang puniku,
kadi pundi teges ing linggih, kang ngaran nyawa ika, kawula dereng wruh,
tuduhe satunggal-tunggal, nyawa iku akeh kang ngucap puniki, dereng wikan
ing nyawa.
- Purwa-duksina amuwus aris,
areningsun wong ayu mas mirah, kang ingaran nyawa mangke, limang prakara
iku ingaranan nyawa puniki, awiwitan nur ika, kaping kalihipun, kang
ngeroh mangke punika, ping tigane aka/le punika yayi, sakawan lan lekira.
- Ping limane kalam iku yayi, iya
iku sajatine nyawa, yen sira dereng wruh mangke, tegese kang nur iku, amadhangi
kahanan neki, tegesing ing roh ika, uripira iku, tegese kalam pujika,
pangandika sakehe kang den rasani, akal lan batinira.
- Ingkang ngelih jenengira iki,
iya iku kang ingaran nyawa, den jangkepi lima mangke, puniku
tuduhipun, dadya nora anut byung iki, wong saweneh angucap, maring nyawa
iku, boya wikan maring nyawa, garwanira matur sarya angabekti, singgih
kawula nedha.
- Dug gaibe apa wastaneki, nyawa
ika lagi ana wadhah, dhuh kakang paran jatine, Purwa-duksina muwus, duk
gaibe puniku yayi, sampun ta a/ran tunggal, neptu gaibipun, lagi nak
kudule cahya, tunggal lena kang ngaran nukat puniki, misih kumpul ing
nyawa.
- Ingaranan padhang mangke iki,
iya nyawa ing gantungan ika, seje lapal ku nyatane, tunggale ta puniku,
ulu iyah puniku tunggil, lintang johar punika, nyawa jatinipun, mulane
gumlar ing jagad, iya nyawa kang bisa anitis iki, oleh ajaning Suksma.
- Muhkammad ika datan kakalih,
sajatine yayah nyawanira, puniku yayi tunggale, mulane akeh tungkul, ujar
iku den walik-walik, mulane akeh aran, dene kiyas iku, pinatut lawan
pandhita, ya mulane akeh rarasan puniki, kabeh padha kanggenan.
- Kang wus nyata nora den
singgahi, ujar iku sampun anerawang, data/n ana wawangene, norana bastu
suwung, sampun manjing ing kupur kapir, ing sajatine gesang, lamun nora
iku, jatine manusa ika, reh kang kandheg tingale manusa sepi, dene dereng
uninga.
- Garwanipun gupuh anungkemi,
gusti ningsun ing dunya ngakerat, andika kang nga[s]ih mangke, sasampune
ing ngriku, pituduhe sawiji-wiji, kadi pundi ta tuwan, tetep ing
pangawruh, ing mangke terange ika, yen botena tuwan atuduhana margi, tuwan
panutan amba.
- Purwa-duksina amuwus aris,
ariningsun wong ayu ing swarga, mangkona gusti tegese, wus ilang
tingalipun, nepsunira wus leburen ning, pangucape wus ilang, dadya
liwang-liwung, ing swarga nora karasan, ing neraka tan arsa
panggih-pinanggih, dene sampurna purba.
- Sampun telas purwa kang /
tinulis, dipun sami antuk karaharja, nedha pangapura mangke, antuk ambisa
wuyung, datan patut amawi gendhing, wau kang anunurat, ing wong sisinau,
sakathahe ingkang maca, sampun wonten esak-esak ingkang ati, saking bodho
kawula.
Kapethik
saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.
Posting Komentar untuk "SULUK PURWA DUKSINA"