SULUK SAJATINING SALAT SARENGAT TAREKAT KAKEKAT MAKRIPAT
Anggitanipun abdi-dalem Pangeran
Sastrawijaya.
Sekar tengahan Gambuh Ketawang : 9
pada.
- Kawruhana jenenge sa/lat kang nyata, kang
kariyin ing-aran salat Jumungah, iya iku bubuhaning sembah raga, salat
kajat iku sembahe tyasira.
- Salat daim sembah ing roh mring Pangeran, lawan
salat ismu ngalam kawruhana, iya iku bubuhaning sembah rasa,
sakalire jumeneng aneng manusa.
- Tertibipun kabeh iku kawruhana, jasadira
roholah den-kawruhana, sadayane puniku aneng nging sira, lapalipun puniki
ing-ucapena.
- Al ‘insanu siri wahana sirahu (?), nyataning
dat puniku nyataning sipat, nyatane roh asmane ati sejati, nyatanipun
apngallolah iku jasat.
- Apan sira dadya warananing suksma, poma-poma
aywa kerup sanak ing wang, sapa wonge angulati ing pangeran, nora liyan
aneng dhirine priyongga.
- Yen muhunga mring sariranya pan sasar, iya iku
sabdaning nabi kang nyata, lan sing sapa arsa wikan ing sarira, sanyatane
dadi wikan ing pangeran.
- Iya / iku kang ngarsa wruh dipun-nyata, lan
sing sapa kang wikan maring sarira, dadi wikan wong ngiku maring pangera,
kang satengah ana lapal kang mangkene.
- Al ‘insanu naskatu aki dalilnya, maknanipun
manusa tandhane ekak, tersandhane puniku patang prakara, ingkang dhihin
puniku tandhaning edat.
- Kaping kalih puniku tandhaning sipat, kang
kaping tri ya apengaling manusa, ping sakawan obah osik saking Ngallah,
rasaningsun iya rasaning manusa.
Kapethik saking Serat suluk jaman
karaton-dalem ing surakarta.
Posting Komentar untuk "SULUK SAJATINING SALAT SARENGAT TAREKAT KAKEKAT MAKRIPAT"