WECAN TUNJUNG SETA TUMEKA KAKI SEMAR
GINUBAH DENING : PANEMBAHAN
PRAMANA SETA ING GIRIMAYA
1. Kakang Semar
lan Antaga kaki
ingsun meling mring sira kalihnya
kang dadya sesenggemané
ngirida gung lelembut
bala siluman nusa Jawi
kabyantokna sang nata
Hèrucakra Prabu
nata tedhaking barata
wijilira ing Ketangga sonyaruri
sajroning Alas Pudhak
2.
duk timurnya babaran Surandhil
ingkang ibu tedhaking Mataram
kang rama trahing rasulé
ginaip miyosipun
Sang Tunjung Séta jejuluk nèki
duk sih kineker mring Hyang
kesampar kesandhung
jalma samya katambuhan
tan wikan mring Pudhak sinumpet sinandi
déwa mangéjawantah
3. wus pinasthi kang murbèng dumadi
Sang Tunjung Séta kinarya dhuta
jumeneng paranparané
ngadili nusanipu n
ngastha darmaning
umum’
kalis ing madyané doya
wus wineleg mukti wibawaning diri
ing Ketangga siluman
4. satru mungsuh samya angemasi
tumpes tapis kataman prabawa
kasektèn sabda ciptané
nggegirisi balanipun
wujud kalabang kalajengking
sirullah ajinipun
prajurit lelembut
iku kang wekas ingwang
sira ndhèrèk angemong ing tembé wuri
sang nata binathara
5. wong cilik
samya suka ing ati
gumuyu murah sandhang lan tedha
guyub rukun sesamané
samya madhep sumujud
ngarsèng Hyang Widhi lan Njeng Gusti
wedi wewalatira
wingiting sang ratu
minangka jaman kencana
kakang Semar gya tindakna weling mami
ngirida gung lelembut
6. manangka welingé sang aji
Sri Jayabaya nata binathara
mring sang pamong kalihé
kakang Semar umatur
pukulun Jayabaya aji
pun kakang wus anampa
kabèh sabdanipun
dadya paseksèning jangka
mangéjawantahira paduka aji
sang nata binathara
7. jumenengira
gusti pribadi
lamun jangkaning nusa tumeka
nora endhas lan buntuté
pun kakang wus sumagguh
ngemong Sang Tunjung Séta aji
lan ngirid byantokna
sagunging lelembut
sinigeg wawan sabdanya
Sri Jayabaya lan pamongnya kekalih
meca jangkaning nusa
Posting Komentar untuk "WECAN TUNJUNG SETA TUMEKA KAKI SEMAR "