Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kenduren Basa Jawa Ngoko

 Kenduren

Adat utawa tradhisi kenduren yaiku tradhisi kang wis turun-temurun saka sesepuh ing jaman biyen. Tradhisi kenduren ana ing masarakat Jawa Tengah kang isih kerep dilaksanakake nganti saiki. Tradhisi kasebut duweni ancas nyuwun kaslametan dening Gusti Allah SWT. kanggo wong kang nganakake acara kasebut. Ing acara adat kasebut sing kudu dicawisake yaiku tumpeng jangkep lan lawuhe. Tumpeng lan lawuhe didongani bareng-bareng kaliyan para rawuh, kang dipimpin kaliyan pemuka adat utawi sesepuh adat. Sawise tumpeng mau didongani, tumpeng kasebut diubengake utawa kang asring disebut carikan utawi berkat.

Adat kenduren kasebut akeh maceme, ana kenduren wetonan (wedalan) diarani wetonan amarga ancase kanggo nyuwun kaslametan dina laire (weton, Jawa). Ana uga kenduren sabanah (Munggahan) kenduren kasebut dianakake ing sasi Syaban. Banjur ana kenduren likuran, kenduren kasebut dilaksanakake nalika tanggal 21 sasi Pasa, nduweni ancas mengeti Dina Nuzulul Qur'an. Sing pungkasan yaiku kenduren Badan (lebaran) dilaksanakake ing dina riyaya utawa Idul Fitri 1 Syawal, duweni ancas kanggo ngandhapake para leluhur. Sinaosa maceme akeh, nanging kenduren kasebut ancase padha, yaiku nyuwun kaslametan marang Gusti Allah SWT.

Posting Komentar untuk "Kenduren Basa Jawa Ngoko"