Upacara Tingkeban
Upacara Tingkeban
Upacara Tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta tumeka saiki isih kerep ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang bobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake kang duweni ancas kepenginan kang digayuh dening kaluwarga, mligine ancas supaya bayi lahir kanthi gampang, slamet, lan ora ana alangan apa-apa. Kejaba iku muga-muga besuke bisa dadi anak kang Bekti marang wong tuwane.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak sumungkem ing ngarsane rama lan ibune. Sungkeman iki duweni teges muga-muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman. Ana ing acara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata bapak saha ibu saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa ta gga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjir sesuci (wudu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika "ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi."
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping Pitu, kang urut-urutane yaiku nyamping sidoluhur, sidomukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma, lan nyamping semen rama. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning. Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki duweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojolan tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing acara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora mokal menawa saben daerah beda tata-carane nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.
(http://3nurjanah.blogspot.com/2014/07/upacara-tingkeban.html?m=1)
Posting Komentar untuk "Upacara Tingkeban"